A A A A A

Sins: [Gossip]


2 KORINTA 12:20
Awit aku sumelang, manawa besuk samasa aku teka, kowe ora padha tinemu kaya kang dakkarepake lan kowe ketemu aku oa kaya kang padha kokkarepake. Aku sumelang ing bab anane pasulayan, kamerenan, brangasan, mung mikir awake dhewe, pitenah, panyatur ala, kumenthus, lan rerusuh.

EFESUS 4:29
Aja nganti ana tembung reged kawetu saka ing tutukmu, nanging munga tembung kang becik kanggo mbangun, yen prelu, supaya kang krungu, oleha sih-rahmat.

PANGENTASAN 23:1
“Sira aja nyebar kabar goroh. Aja mbiyantu wong kang luput lan gelem dadi seksi rerekan.

YAKOBUS 1:26
Saupama ana wong kang rumangsa ngibadah, mangka ora mekak ilate, iku ngapusi awake dhewe, lan pangibadahe tanpa guna.

YAKOBUS 4:11
He para sadulurku, aja padha catur-cinatur ala! Sing sapa nyatur ala utawa ngadili sadulure, iku nacad sarta ngadili angger-angger, sarta manawa kowe ngadili angger-angger, dadine kowe dudu kang nglakoni angger-angger, nanging dadi hakime.

KAIMAMAN 19:16
Sira aja nyebar pitenah mrana-mrene ana ing antarane bangsanira, lan aja ngancam kaslametane pepadhanira; Ingsun iki Yehuwah.

WULANG BEBASAN 10:18-19
[18] Sing sapa ndhelikake sengite iku cidra lambene, sarta kang ngucapake pangala-ala iku wong gemblung.[19] Kang akeh guneme iku mesthi ana panerake, nanging kang mekak lambene iku kadunungan akal-budi.

WULANG BEBASAN 11:9-13
[9] Wong duraka ngrusak pepadhane srana cangkeme, nanging wong bener kapitulungan dening kawruhe.[10] Kabegjane wong mursid, ndadekake kabungahane wong sakutha, lan samangsa wong duraka tumpes, wong padha rame surak-surak.[11] Berkahe wong jujur ndadekake mekaring kutha, nanging cangkeme wong duraka njalari gempure.[12] Sing sapa ngremehake pepadhane iku tanpa budi, nanging wong kang pinter iku meneng bae.[13] Sing sapa nenacad, iku ngeler wewadi, nanging wong setya nutupi prakara.

WULANG BEBASAN 16:28
Wong kang culika marakake grejegan, sarta wong kang mitenah iku misahake mitra kenthel.

WULANG BEBASAN 17:9
Wong kang nasabi kaluputan iku ngupaya sih, nanging sing sapa ngudhal-udhal prakara iku misahake pamitran.

WULANG BEBASAN 18:8-21
[8] Tembunge wong mitenah iku kaya panganan kang enak-enak, kang lumebu ing sajroning ati.[9] Wong kang kesed sajroning nindakake pagaweane, iku wus dadi sadulure juru pangrusak.[10] Asmane Pangeran Yehuwah iku menara kang santosa, wong bener padha ngungsi mrono temah slamet.[11] Tumrape wong sugih kutha kang santosa iku raja-darbeke, dirasa kaya balowarti kang dhuwur.[12] Lumuhur-luhur pepucuking karusakan, nanging andhap-asor iku margane kajen.[13] Manawa wong mangsuli sadurunge ngrungokake, iku bodho sarta cacad.[14] Kencenging ati marakake tahan nandhang sangsara, nanging sapa kang bisa mulihake semplahing ati?[15] Atine wong pinter ngolehake kawasisan, lan kupinge wong wicaksana ngupaya kapinteran.[16] Ganjaran ngomberake dalane wong, lan nglantarake marang ing ngarsane para wong luhur.[17] Kang guneman dhisik ing sajrone para padu, kaya-kaya iku kang bener, nanging bareng ana wong liya kang teka, prakarane banjur dititipriksa.[18] Tibane undhi mungkasi pepadon, sarta ngrampungake prakara ing antarane wong-wong kang nduweni pangwasa.[19] Sadulur kang diserikake atine, luwih angel dicedhaki katimbang karo nyedhaki kutha kang santosa, lan crah iku kayadene slaraking gapurane beteng.[20] Wetenge wong iku diwaregi klawan asile cangkeme, lan diwaregi dening pametune lambene.[21] Pati lan urip padha kawengku ing ilat, sapa kang seneng mratak-mratakake, iku mesthi mangan wohe.

WULANG BEBASAN 20:19
Sapa kang nenacad iku ngeler wadi, mulane kowe aja srawungan karo wong kang cangkeme bocor.

WULANG BEBASAN 26:20
Manawa kayune entek, genine mati, manawa si tukang mitenah ora ana, tukar-padu sirep.

JABUR 34:13
Sapa kang seneng urip, kang kepengin umur dawa supaya bisa ngrasakake kang becik?

JABUR 41:7
Wong kang tilik aku, rembuge goroh: atine kebak piala, bareng metu iku diwartak-wartakake.

JABUR 141:3
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngawat-awati cangkem kawula, korining lambe kawula mugi Paduka jagi.

WULANG BEBASAN 18:6-7
[6] Lambene wong gemblung njalari pasulayan, sarta cangkeme bengak-bengok njaluk digitiki.[7] Wong gemblung nemahi karusakan marga saka cangkeme, sarta lambene dadi kala tumrap nyawane.

1 TIMOTEUS 5:13-14
[13] Sarta maneh padha kulina mlebu metu ing omahing wong kalawan nganggur, lan malah ora mung nganggur bae, nanging iya karo ngoceh lan nyampuri prakarane wong liya sarta ngandhak-ngandhakake bab-bab kang ora pantes.[14] Awit saka iku karepku randha-randha kang isih enom iku padha omah-omaha maneh, padha anak-anaka, nuntun brayate sarta aja padha aweh dhadhakaning pangala-ala marang satru, kang katujokake marang kita.

1 TIMOTEUS 3:9-11
[9] nanging wong kang bisa nyimpen wewadining pracaya ing sajroning swaraning batine kang suci.[10] Apamaneh sadurunge kudu iya diteter dhisik. Sawise mangkono lagi padha ditetepake ing bubuhan leladi, iku sawise kacihna yen tanpa cacad.[11] Kang wadon mangkono uga kudu kang kajen, kang ora dhemen mitenah, bisa ngendhaleni dhiri sarta kena dipracaya ing samubarang kabeh.

WULANG BEBASAN 26:20-22
[20] Manawa kayune entek, genine mati, manawa si tukang mitenah ora ana, tukar-padu sirep.[21] Kayadene areng kanggo ing mawa lan kayu kanggo ing geni, mangkono uga kanggone wong dhemen padu, mung ndadekake ndadraning pasulayan.[22] Tembunge si tukang mitenah iku kaya panganan kang enak-enak, kang banjur lumebu ing telenging ati.

RUM 1:29-32
[29] kebak ing sarupane duraka, kadursilan, kethaha sarta piala, padha kebak drengki, gawe pati, tukar padu, culika sarta pikiran ala.[30] Padha dhemen wadul, mitenah, sengit marang Gusti Allah, kurang ajar, kumlungkung, umuk, sugih pangreka ala, ora mbangun-turut marang wong tuwa,[31] tanpa budi, ora setya, ambek kamitegan, ora welasan.[32] Sabab sanadyan ngreti marang pamundhute angger-anggere Gusti Allah, yaiku yen sadhengah wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kapatrapan ing paukuman pati, nanging ora ngamungake nglakoni dhewe bae, nanging iya ngrujuki marang kang padha nglakoni mangkono.

TITUS 2:2-5
[2] Para wong lanang kang tuwa iku padha diwaras ing budi, kajen, wicaksana sarta kadunungan pracaya, katresnan lan budi tumemen kang waras.[3] Mangkono uga para wong wadon kang wus tuwa, iku padha nelakna anggone dadi wong ngibadah, aja dhemen mitenah, aja karem ngombe anggur, nanging dibisa aweh piwulang kang becik[4] lan bisa merdi wong-wong wadon kang isih enom, supaya padha tresna marang kang lanang tuwin marang anak-anake,[5] wicaksana, alaku suci, sregep ngatur baleomahe, becik pambekane sarta sumuyud marang kang lanang, supaya Pangandikaning Allah aja nganti dialakake.

RUM 1:28-32
[28] Dadi sarehne rumangsane ora prelu ngakoni Gusti Allah, mulane Gusti Allah iya ngulungake wong-wong mau marang pangangen-angen kang nistha, temahan padha nindakake patrap kang ora patut,[29] kebak ing sarupane duraka, kadursilan, kethaha sarta piala, padha kebak drengki, gawe pati, tukar padu, culika sarta pikiran ala.[30] Padha dhemen wadul, mitenah, sengit marang Gusti Allah, kurang ajar, kumlungkung, umuk, sugih pangreka ala, ora mbangun-turut marang wong tuwa,[31] tanpa budi, ora setya, ambek kamitegan, ora welasan.[32] Sabab sanadyan ngreti marang pamundhute angger-anggere Gusti Allah, yaiku yen sadhengah wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kapatrapan ing paukuman pati, nanging ora ngamungake nglakoni dhewe bae, nanging iya ngrujuki marang kang padha nglakoni mangkono.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981