A A A A A

Sins: [Gluttony]


1 KORINTA 6:12
Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang maedahi. Tumraping aku samubarang kabeh iku kalal, nanging awakku dakjaga aja nganti kawasesa dening sadhengaha apa bae.

1 KORINTA 10:7
Kita aja padha laku jina, kaya kang padha katindakake dening sawenehing panunggalane, temahan ana wong telu likur ewu kang padha mati sadina.

1 KORINTA 15:32
Yen ta cara manungsa, nalika ana ing Efesus aku nganti tarung karo kewan galak, bab iku apa ta paedahe mungguhing aku? Manawa wong mati padha ora katangekake, “payo padha mangan lan ngombe, awit sesuk kita padha mati.”

PANGANDHARING TORET 21:20
banjur padha matura marang tuwa-tuwane kutha: Anak kula punika wangkal lan wangkot, boten ngrewes dhateng tembung-tembung kula, tansah mbruwah sarta remen endem-endeman.

YEHESKIEL 16:49
Lah ta mungguh kaluputane sadulurira wadon Sodom iku mangkene: gumunggung, bisa mangan nganti turah-turah sarta seneng uripe dalasan para anak-anake wadon, nanging ora tetulung marang para wong sangsara lan mlarat.

PURWANING DUMADI 3:6
Wong wadon mau nuli weruh yen wit iku becik kanggo pangan lan katon nengsemake, lan maneh wit iku menginake, awit bisa ngolehake kapinteran; tumuli methil wohe lan mangan, kang lanang kang uga ana ing kono iya diwenehi lan iya banjur mangan.

FILIPI 3:19
Wekasane wong-wong iku nemahi karusakan, kang dadi allahe wetenge, kang dadi kamulyane kanisthane, pangangen-angene mung tumuju marang prakara kadonyan.

WULANG BEBASAN 23:2
Manawa kowe pancen wong dremba, nempelna lading ing gulumu.

WULANG BEBASAN 23:21
awit wong karem ngombe lan seneng mangan iku bakal nemahi kamlaratan, lan ngantuk njalari nggombal.

WULANG BEBASAN 28:7
Sapa kang netepi angger-angger iku anak kang pinter, nanging kang srawungan karo wong kang murka iku gawe isine bapakne.

JABUR 119:70
Manahipun tiyang-tiyang wau sami kandel kados gajih, nanging kawula, angger-angger Paduka punika dados kabingahan kawula,

RUM 13:14
Nanging padha ngrasuka Gusti Yesus Kristus (minangka gegamaning pepadhang) lan aja mung ngopeni kadaginganmu kanggo kamaremaning pepenginane.

TITUS 1:12
Ana panunggalane, yaiku nabine dhewe, iku tau duwe ujar mangkene: “Wong Kreta iku salawase padha wong dora, kewan galak lan wong dremba kang kesed.”

WULANG BEBASAN 23:20-21
[20] Aja srawungan karo wong kang karem ngombe anggur, lan kang karem marang daging;[21] awit wong karem ngombe lan seneng mangan iku bakal nemahi kamlaratan, lan ngantuk njalari nggombal.

1 KORINTA 6:19-20
[19] Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi padalemane Sang Roh Suci kang ana ing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingake marang kowe dening Gusti Allah, sarta yen awakmu iku dudu awakmu dhewe?[20] Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah srana badanmu!

JABUR 115:4-8
[4] Brahalane para bangsa mau selaka lan mas, garapaning tangane manungsa;[5] padha duwe cangkem, nanging ora bisa celathu; padha duwe mata, nanging ora bisa ndeleng;[6] padha duwe kuping, nanging ora bisa ngrungokake; padha duwe irung, nanging ora bisa ngambu;[7] tangane ana, nanging ora bisa nggrayahi; sikile ana, nanging ora bisa lumaku, ora bisa nywara kalawan gurunge;[8] para wong kang gawe iku padha dadia pepadhane mangkono uga sarupane wong kang kumandel marang iku.

RUM 14:13-17
[13] Mulane kita aja padha adil-ingadilan maneh! Nanging luwih becik kowe padha manuta wawasan iki: Kita aja gawe sesandhungan utawa serike sadulur kita.[14] Aku sumurup lan nemtokake ana ing Gusti Yesus, yen ora ana barang kang najis saka dhasare dhewe. Ya mung kanggo wong kang duwe panganggep, manawa ana barang kang najis, iku banjur dadi najis tumrap wong mau.[15] Awit yen kowe nglarakake atine sadulurmu marga saka apa kang kokpangan, lakumu wus ora awewaton katresnan maneh. Kowe aja gawe rusake sadulurmu marga saka panganmu, sabab Sang Kristus wus seda kanggo wong iku.[16] Apa kang becik, kang dadi duwekmu iku, aja nganti dadi jalaraning pangala-ala.[17] Sabab Kratone Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe, nanging bab kabeneran, tentrem-rahayu sarta suka-pirena marga dening Sang Roh Suci.

JABUR 78:26-31
[26] Pangeran ngididake angin wetan ana ing awang-awang lan nggiring angin kidul kalawan kakiyatane;[27] umate banjur diudani daging kehe kaya bledug, tuwin diudani manuk kang mawa swiwi cacahe kaya wedhining segara;[28] padha katibakake ing satengahing tarub-tarube, ing sakubenging papan panggonane mau.[29] Tumuli padha mangan nganti wareg banget; Panjenengane maringi apa kang padha dikarepake.[30] Nalika isih padha rumangsa durung wareg, sarta pangane isih ana ing cangkeme;[31] Gusti Allah banjur duka marang wong-wong iku, gembong-gembonge padha dipateni, lan para nonomane Israel padha disirnakake.

2 TIMOTEUS 3:1-9
[1] Sumurupa, yen ing dina-dina wekasan bakal ana mangsa kang rekasa.[2] Wong akal padha mung mikir marang awake dhewe lan karem bandha. Bakal padha gumunggung, lan mamerake dhiri pribadi, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora duwe panarima, ora mreduli marang agama,[3] ora bisa atindak tresna, ora gelem rukun, seneng ngala-ala wong, ora bisa ngendhaleni dhiri, ambek siya, ora dhemen marang kang becik,[4] seneng cidra, ora mulur budine, kumenthus, milaur nuruti pakareman katimbang karo manut marang Gusti Allah.[5] Anggone padha nindakake pangibadah mung laire bae, nanging lugune padha ora nganggep marang sawabe. Dohana wong-wong kang kaya mangkono iku![6] Sabab ing antarane wong-wong iku ana kang padha nylinthut lumebu ing omahe wong liya lan mbebujuk wong-wong wadon kang ringkih kang kabotan dosa sarta kang kawengku ing pepenginan marupa-rupa,[7] kang ora tau sumurup maran kayekten sanadyan tansah kapengin kawulang.[8] Padha kaya Yanes lan Yambres anggone nglawan marang Nabi Musa, mangkono uga wong-wong mau padha nglawan marang kayekten. Pikirane bobrok, lan pracayane ora tahan suwe.[9] Nanging wis mesthi yen wong-wong mau ora bakal padha bisa tulus, amarga kayadene Yanes lan Yambres, samono uga kabodhoane wong-wong mau bakal luwih dening cetha tumrap wong kabeh.

WILANGAN 11:18-34
[18] Nanging wong sabangsa mau padha sira dhawuhana mangkene: Padha sesucia kanggo ing dina sesuk, nuli kowe bakal padha mangan daging; marga kowe wus padha nangis ana ing ngarsaning Yehuwah, kanthi pangucapmu: Sapa kang bakal aweh daging marang aku? Ana ing tanah Mesir kaananku kabeh rak becik banget ta? Kang iku Sang Yehuwah bakal maringi daging marang kowe, kang bakal kokpangan.[19] Ora mung sadina anggonmu padha mangan, ora mung rong dina, ora limang dina, ora sepuluh dina, ora rong puluh dina,[20] nanging nganti sesasi muput, nganti metu saka ing irungmu lan nganti kowe padha unek-uneken, marga kowe wus padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah kang ana ing tengahmu sarta padha nangis ana ing ngarsane kanthi pangucapmu: Apa ta prelune aku padha metu saka ing tanah Mesir?”[21] Nanging unjuke Nabi Musa: “Bangsa ingkang kawula tunggil punika cacahipun nem atus ewu sami lumampah dharat, mangka kok wonten dhawuh Paduka: Bakal padha Sunparingi daging kang dipangan nganti sesasi muput.[22] Punapa badhe sami kapragataken menda utawi lembu ingkang cekap kangge tiang samanten punika? Utawi punapa badhe kapendhetaken sakathahipun ulam ing saganten ngantos nyekapi?”[23] Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Apa ta pangwasane Pangeran Yehuwah iku kurang kanggo nindakake kang mangkono iku? Ing samengko sira bakal sumurup apa kang Sundhawuhake iku bakal kelakon tumrap sira kabeh!”[24] Nabi Musa tumuli miyos sarta ndhawuhake pangandikane Pangeran Yehuwah marang wong sabangsa, karomaneh nglumpukake wong pitung puluh panunggalane para pinituwane umat, padha didhawuhi ngadeg ing saubenge tarub.[25] Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ing sajroning mega sarta ngandika marang Nabi Musa; karomaneh Roh kang dumunung ing Nabi Musa iku salong kapundhut, kaparingake marang para pinituwa pitung puluh iku. Kacarita bareng padha kadunungan Roh, tumuli padha medhar wangsit kaya nabi, nanging sawuse iku wus ora maneh.[26] Anadene ing palereban isih ana wong loro kang kari, kang siji jenenge Eldad, sijine Medad, kang iya padha kapanjingan ing Roh, iku iya kalebu panunggalane kang kacathetan, nanging padha ora melu metu menyang tarub, mulane iya banjur padha medhar wangsit kaya nabi ana ing palereban.[27] Banjur ana sawijining wong nom lumayu ngaturi uninga marang Nabi Musa, ature: “Eldad kaliyan Medad sami medhar wangsit wonten ing palereban.”[28] Yusak bin Nun, kang wiwit nom mula dadi abdine Nabi Musa, tumuli matur: “Dhuh bendara kula Musa, mugi panjenengan pambengi!”[29] Nanging banjur dipangandikani dening Nabi Musa: “Yagene nganti samono anggonmu mbelani aku? Sokur manawa umate Sang Yehuwah kabeh padha dadi nabi, marga padha kaparingan Rohe Pangeran Yehuwah!”[30] Nabi Musa banjur tindak wangsul menyang ing pakemahan kadherekake dening para pinituwane Israel mau.[31] Tumuli ana angin midid kang asale saka Pangeran Yehuwah, kang nggawa manuk gemak saka ing pinggire segara banjur kasebar ana ing sadhuwure palereban sarta ing saubenge, ing keblat papat, nganti watara lakon sadina, dhuwure saka ing lemah watara rong asta.[32] Wong-wong banjur padha tumandang nglumpukake manuk gemak mau nganti sadina muput lan sawengi natas, dalah esuke iya sadina muput maneh; saben wong siji anggone nglumpukake sathithik-sathithike sapuluh homer, tumuli padha didhendheng disebar ana ing saubenge palereban.[33] Nalika daginge iku isih ana ing cangkem, durung nganti kamamah, banjur mulad-mulad bebendune Pangeran Yehuwah marang wong sabangsa, padha kagebag ing wewelak kang abot banget dening Sang Yehuwah.[34] Awit saka iku panggonan kono katelah aran: Kibrot-Taawa, marga ana ing kono anggone padha ngubur wong-wong kang srakah.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981