A A A A A

Sins: [Envy]


1 KORINTA 13:4
Katresnan iku sabar; katresnan iku loma, ora kumeren, ora gumunggung lan kumenthus.

GALATI 5:26
lan kita aja mendem drajat, aja padha tantang-tantangan, sarta aja jejailan.

YAKOBUS 3:14-16
[14] Manawa sajroning atimu kowe padha nduweni rasa meri sarta mung mikir marang awakmu dhewe, kowe aja padha gumunggung sarta aja goroh nyulayani kayekten![15] Iku dudu kawicaksanan kang tumurun saka ing ngaluhur, nanging saka ing donya, saka ing hawa-nepsuning manungsa, saka setan-setan.[16] Sabab ing ngendi ana kameren sarta sipat mung mikir awake dhewe, ing kono ana rerusuh sarta sarupane panggawe ala.

RUM 1:29
kebak ing sarupane duraka, kadursilan, kethaha sarta piala, padha kebak drengki, gawe pati, tukar padu, culika sarta pikiran ala.

1 PETRUS 2:1
Marga saka iku padha mbirata sakehing piala sarta sarupane para-cidra, sarta lamis lan drengki, apadene sakehing pamitenah.

GALATI 5:19-21
[19] Dene pakartine daging wus cetha: laku jina, laku rusuh, nguja hawa nepsu,[20] nyembah brahala, sihir, sesatron, pasulayan, meri, brangasan, mung mikir awake dhewe, cidra, roh kang memecah,[21] drengki, mendem, jibar-jibur lan sapanunggalane. Tumrap sakabehe iku kowe dakelingake -- kaya kang wus daktindakake biyen -- manawa sapa kang nindakake bab-bab kang kaya mangkono iku, ora bakal oleh panduman Kratoning Gusti Allah.

TITUS 3:3
Amarga ing maune urip kita iya padha tanpa budi: wangkal, nasar, kawengku ing hawa-nepsu rupa-rupa lan kapencut, laku kita nuruti piala lan drengki, rusuh, sengit-sinengitan.

1 TIMOTEUS 6:4
iku wong kang kaya-kaya ngreti nanging lugune ora ngreti apa-apa, kepatuh dhemen golek-golek prakara lan bebantahan, kang njalari drengki, padu, pangala-ala, sujana,

YAKOBUS 3:14-16
[14] Manawa sajroning atimu kowe padha nduweni rasa meri sarta mung mikir marang awakmu dhewe, kowe aja padha gumunggung sarta aja goroh nyulayani kayekten![15] Iku dudu kawicaksanan kang tumurun saka ing ngaluhur, nanging saka ing donya, saka ing hawa-nepsuning manungsa, saka setan-setan.[16] Sabab ing ngendi ana kameren sarta sipat mung mikir awake dhewe, ing kono ana rerusuh sarta sarupane panggawe ala.

1 PETRUS 2:1-2
[1] Marga saka iku padha mbirata sakehing piala sarta sarupane para-cidra, sarta lamis lan drengki, apadene sakehing pamitenah.[2] Dikaya bayi kang nembe lair, kang tansah kapengin marang banyu susukang murni kang asipat rohani, supaya marga saka iku padha lestria tuwuhmu ing bab karahayon,

FILIPI 1:15
Ana wong martakake Sang Kristus amarga drengki lan dhemen pasulayan, nanging ana uga kang ngundhangake Panjenengane kalawan sedya kang becik.

1 TIMOTEUS 6:4-5
[४] iku wong kang kaya-kaya ngreti nanging lugune ora ngreti apa-apa, kepatuh dhemen golek-golek prakara lan bebantahan, kang njalari drengki, padu, pangala-ala, sujana,[५] regejegan ing antarane wong-wong kang pikirane ora waras maneh lan kang wis kelangan kayekten, kang ngira yen pangibadah iku sumbering kauntungan.

RUM 1:28-32
[28] Dadi sarehne rumangsane ora prelu ngakoni Gusti Allah, mulane Gusti Allah iya ngulungake wong-wong mau marang pangangen-angen kang nistha, temahan padha nindakake patrap kang ora patut,[29] kebak ing sarupane duraka, kadursilan, kethaha sarta piala, padha kebak drengki, gawe pati, tukar padu, culika sarta pikiran ala.[30] Padha dhemen wadul, mitenah, sengit marang Gusti Allah, kurang ajar, kumlungkung, umuk, sugih pangreka ala, ora mbangun-turut marang wong tuwa,[31] tanpa budi, ora setya, ambek kamitegan, ora welasan.[32] Sabab sanadyan ngreti marang pamundhute angger-anggere Gusti Allah, yaiku yen sadhengah wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kapatrapan ing paukuman pati, nanging ora ngamungake nglakoni dhewe bae, nanging iya ngrujuki marang kang padha nglakoni mangkono.

GALATI 5:19-26
[19] Dene pakartine daging wus cetha: laku jina, laku rusuh, nguja hawa nepsu,[20] nyembah brahala, sihir, sesatron, pasulayan, meri, brangasan, mung mikir awake dhewe, cidra, roh kang memecah,[21] drengki, mendem, jibar-jibur lan sapanunggalane. Tumrap sakabehe iku kowe dakelingake -- kaya kang wus daktindakake biyen -- manawa sapa kang nindakake bab-bab kang kaya mangkono iku, ora bakal oleh panduman Kratoning Gusti Allah.[22] Dene wohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya,[23] alusing bebuden, bisa ngemudheni dhiri. Ora ana angger-angger kang nglawan bab-bab kang mangkono iku.[24] Lan sapa kang dadi kagungane Sang Kristus Yesus, iku wus nyalib daging dalah sakabehing hawa nepsu lan pepenginane.[25] Manawa kita urip marga saka Roh, urip kita uga katuntun dening Roh[26] lan kita aja mendem drajat, aja padha tantang-tantangan, sarta aja jejailan.

YAKOBUS ३:१४-१५
[१४] Manawa sajroning atimu kowe padha nduweni rasa meri sarta mung mikir marang awakmu dhewe, kowe aja padha gumunggung sarta aja goroh nyulayani kayekten![१५] Iku dudu kawicaksanan kang tumurun saka ing ngaluhur, nanging saka ing donya, saka ing hawa-nepsuning manungsa, saka setan-setan.

WULANG BEBASAN 14:30
Ati kang sareh iku nyegerake awak, nanging watak drengki iku ngroposake balung.

AYUB 5:2
Awit sanyatane wong bodho iku pinatenan dening kanepsone dhewe, sarta wong kang tanpa nalar iku kasirnakake dening kamerening atine dhewe.

KOHELET 4:4
Lan aku sumurup, manawa sakehing kangelan lan sakehing kabisan ing bab nindakake pagawean iku yaiku meri marang wong liya. Iku uga bab kang tanpa guna lan ateges mburu angin.

WULANG BEBASAN 3:31
Aja meri marang wong kang ambek siya, lan aja milih dalane, sanajan mung siji bae kang kokpilih;

WULANG BEBASAN 23:17
Atimu aja meri marang para wong dosa, nanging tansah mantepa anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah.

WULANG BEBASAN 24:1
Aja meri marang wong ala, lan aja srawungan karo wong iku;

AYUB 5:2-3
[2] Awit sanyatane wong bodho iku pinatenan dening kanepsone dhewe, sarta wong kang tanpa nalar iku kasirnakake dening kamerening atine dhewe.[3] Aku dhewe wus tau weruh wong bodho kang metu oyode, nanging enggal-enggal dakipat-ipati omahe.

WULANG BEBASAN 27:4
Panasing ati iku daksiya, lan nepsu iku ngamuk, nanging sapa kang kuwat nyangga butarepan?

1 KORINTA 3:3
Marga kowe isih wujud manungsa kadagingan. Sabab, manawa ing antaramu tinemu rasa kemeren sarta pasulayan, apa iku ora dadi tandha-yekti, yen kowe kabeh iku manungsa kadagingan tuwin lakumu apa ora cara manungsa?

RUM 13:13
Payo kita padha lumaku kang patut, kang sembada kalawan raina, aja padha nguja memangan sarta endem-endeman, aja laku jina sarta ngumbar hawa-nepsu, aja tukar padu lan kumeren.

MATEUS 27:18
Panjenengane pancen wis mirsa, yen anggone masrahake Gusti Yesus iku marga saka drengkine.

LELAKONE PARA RASUL 13:45
Nanging bareng wong Yahudi padha weruh wong akeh iku, banget panas atine lan padha madoni apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus kalawan ngala-ala.

JABUR 37:1
Anggitane Prabu Dawud. Aja nepsu marga saka wong kang nglakoni piala, aja meri marang wong kang culika;

LELAKONE PARA RASUL 7:9
Margi saking drengkinipun, para bapa-lajer kita wau lajeng nyade Yusuf dhateng ing tanah Mesir, nanging Gusti Allah nunggil kaliyan piyambakipun,

MARKUS 15:10
Jalaran pancen mirsa, yen para pangarepe imam anggone ngulungake Gusti Yesus iku marga saka drengkine.

LELAKONE PARA RASUL 17:5
Nanging wong-wong Yahudi iku padha panas atine lan kalawan dibiyantu dening wong ala panunggalane wong rucah sawatara, padha gawe geger sarta ngisruhake kutha kono. Wong-wong iku padha nempuh ing omahe Yason, arep ngladekake Rasul Paulus lan Silas marang parepataning rakyat.

YAKOBUS 4:5
Aja duwe pangira, manawa Kitab Suci iku tanpa sabab anggone ngandika: “Roh kang wis kadunungake Gusti Allah ana ing kita, dikarsakake kanthi butajengan.”

PURWANING DUMADI 26:14
kagungan pepanthan wedhus lan pepanthan sapi, brayate akeh, nganti wong-wong Filisti padha meri.

YOKANAN 8:32
sarta bakal padha mangreti ing kayekten, lan kayekten iku bakal mardikakake kowe.”

JABUR 73:3
Amarga panas atiku marang para wong kang gumunggung, manawa aku meruhi kabegjane wong duraka.

YESAYA 26:11
Dhuh Yehuwah, asta Paduka kaayataken, nanging sami boten sumerep. Kajengipun sami nyumerepi butajengan Paduka margi saking umat Paduka tuwin kajengipun sami nandhang wirang! Kajengipun sami kamangsa ngantos telas dening latu ingkang nyirnakaken mengsah Paduka!

YEHESKIEL 35:11
mulane, demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- Ingsun bakal nandukake marang sira kaya kang wus sira tandukake marang turune Israel ing sajrone kanepsonira lan kamerenira, kang marga saka sengitira marang wong-wong mau; sarta Ingsun bakal ngrawuhi sira samangsa Ingsun ngadili sira.

PANGENTASAN 20:17
Sira aja melik marang omahe pepadhanira; sira aja melik marang somahe pepadhanira, utawa bature lanang lan wadon, sapine utawa kuldine, lan apa bae kang dadi duweke pepadhanira.”

1 TIMOTEUS 3:15
Dadi yen ana kasepku kowe bisa nyumurupi, uripe brayating Allah iku kudune kapriye, yaiku pasamuwane Gusti Allah kang asipat gesang, sesaka pikukuh lan dhasaring kayekten.

ESTER 5:13
Ewasamono iku kabeh ora maedahi tumraping aku, sasuwene aku isih ndeleng si Yahudi Mordekhai kang lungguh ana ing gapuraning kadhaton.”

GALATI 5:1
Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan.

YUDAS 1:24
Panjenengane kang kuwasa ngreksa marang kowe kabeh, supaya padha ora kesandhung sarta mrenahake kowe kalawan tanpa cacad ana ing ngarsaning kamulyane kanthi sukarena.

JABUR 73:17-20
[17] nganti aku lumebu marang pasucening Allah, banjur nggatekake wekasane para wong mau.[18] Inggih, tiyang punika sami Paduka papanaken wonten ing panggenan ingkang lunyu, lajeng Paduka dhawahaken temah remuk.[19] Saestu sanget sangsaranipun ing sakedhap netra punika, sami sirna, tumpes margi saking pagiris.[20] Sami kados impenipun tiyang satanginipun tilem, dhuh Pangeran, samangsa tangi, rupinipun Paduka galih asor.

PURWANING DUMADI 31:1
Yakub krungu tembunge anak-anake Pak Laban kang lanang, rasanane: “Yakub iku wus njupuki darbeke bapakku lan marga saka barang darbeke mau kasugihane saya mundhak-mundhak.”

WILANGAN 16:3
iku padha nglumpuk ngrubung Nabi Musa lan Imam Harun, sarta matur: “Sapunika sampun cekap! Tiyang saumat sadaya punika suci, sarta Pangeran Yehuwah wonten ing tengahipun; ingkang punika kadospundi, dene panjenengan kok sami ngluhuraken sarira ngungkuli pasamuwanipun Sang Yehuwah?”

JABUR 106:16
Sawuse mangkono padha meri marang Nabi Musa ana ing pakemahan, tuwin marang Imam Harun, abdining Pangeran Yehuwah kang suci.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981