A A A A A

Sins: [Divorce]


MATEUS 19:9
Malah Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat rabine, liyane jalaran saka laku jina lan banjur rabi liyane, iku dadi laku bandrek.”

MATEUS 5:32
Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat bojone ora jalaran saka laku jina, iku ndadekake bojone laku jina lan sing sapa ngrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.”

LUKAS 16:18
Saben wong kang megat rabine, banjur rabi liyane, iku dadi laku jina; lan sing sapa ngrabeni wong wadon kang dipegat dening sing lanang mau, iku iya laku jina.”

1 KORINTA 7:10-11
[10] Mungguh para wong kang padha sesomahan -- dudu aku, nanging Gusti kang ndhawuhi, -- supaya wong wadon aja nganti megat bojone.[11] Lan yen pegatan, tetepa anggone ora jejodhoan utawa rukuna maneh karo kang lanang. Lan wong lanang ora kena megat somahe.

MATEUS 5:31-32
[31] Uga ana pangandika mangkene: Sing sapa megat bojone, kudu menehi layang pegat.[32] Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat bojone ora jalaran saka laku jina, iku ndadekake bojone laku jina lan sing sapa ngrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.”

MATEUS 19:3-9
[3] Tumuli ana wong-wong Farisi kang sowan ing ngarsane, sumedya nyoba Panjenengane, ature: “Tiyang punapa dipun kengingaken megat semahipun awit saking sadhengaha sabab?”[4] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe ora maca, yen kang nitahake manungsa iku wiwit sakawit anggone ndadekake wis arupa lanang lan wadon?[5] Lan pangandikane: Mulane wong lanang iku kudu ninggal bapa biyunge sarta banjur manunggal karo rabine, temah loro-lorone dadi daging siji.[6] Mulane wis mari dadi loro, mung siji. Awit saka iku, apa kang wus katunggalake dening Allah, ora kena kapisah dening manungsa.”[7] Unjuke wong-wong Farisi mau: “Manawi makaten, punapaa dene Nabi Musa dhawuh supados nyukani serat pegat, manawi tiyang megat ingkang estri?”[8] Gusti Yesus ngandika: “Marga saka wangkoting atimu, Musa ngidini kowe megat bojomu, nanging wiwitan mula ora mangkono.[9] Malah Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat rabine, liyane jalaran saka laku jina lan banjur rabi liyane, iku dadi laku bandrek.”

MARKUS 10:2-12
[2] Banjur ana wong Farisi kang padha sowan, sedyane arep nyoba marang Gusti Yesus, unjuke: “Punapa tiyang jaler dipun kengingaken megat semahipun?”[3] nanging paring wangsulane: “Dhawuhe nabi Musa marang kowe kapriye?”[4] Atur wangsulane wong-wong mau: “Nabi Musa marengaken megat, nanging kedah nyukani serat pegat.”[5] Pangandikane Gusti Yesus: “Iya marga saka wangkoting atimu iku, mula Nabi Musa banjur macak pepakon iku tumrap ing kowe.[6] Amarga wiwit dumadining jagad Allah nitahake manungsa iku arupa lanang lan wadon.[7] Mulane wong lanang iku kudu ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang rabine,[8] sarta loro-lorone iku banjur dadi daging siji, temah wis ora ana loro maneh, nanging mung siji.[9] Kang iku apa kang wis didadekake siji dening Allah iku, ora kena dipisah dening manungsa.”[10] Bareng wis padha ana ing omah, para sakabat padha miterang bab iku maneh marang Gusti Yesus.[11] Banjur padha dipangandikani mangkene: “Sing sapa megat bojone banjur rabi oleh wong wadon liyane, iku dadi laku jina tumrap rabine mau.[12] Lan manawa bojone mau ninggal sing lanang, banjur omah-omah oleh wong lanang sejene, iku iya laku jina.”

1 KORINTA 7:10-16
[10] Mungguh para wong kang padha sesomahan -- dudu aku, nanging Gusti kang ndhawuhi, -- supaya wong wadon aja nganti megat bojone.[11] Lan yen pegatan, tetepa anggone ora jejodhoan utawa rukuna maneh karo kang lanang. Lan wong lanang ora kena megat somahe.[12] Nanging marang wong liyan aku, dudu Gusti, mituturi mangkene: Yen ana sadulur duwe somah kang ora pracaya, mangka wong wadon iku gelem manggon tetunggalan, sadulur mau aja nganti megat kang wadon iku.[13] Lan wong wadon manawa duwe bojo kang ora pracaya, mangka wong lanang iku gelem manggon tetunggalan, wong wadon mau aja nganti megat kang lanang iku.[14] Amarga wong lanang kang ora pracaya iku, wus kasucekake marga saka kang wadon, lan wong wadon kang ora pracaya mau wus kasucekake marga saka kang lanang. Saupama ora mangkono, anak-anakmu iku rak banjur dadi anak-anak kang najis, mangka saiki padha suci.[15] Nanging manawa kang ora pracaya iku kepengin pegatan, iya kareben megat; manawa mangkono iku sadulur lanang utawa wadon mau padha ora kacencang ing wajib. Nanging anggone Gusti Allah nimbali kowe iku, supaya kowe padha olaha atut-rukun.[16] Sabab kapriye anggonmu bisa sumurup, heh wong wadon, manawa kowe bakal nylametake bojomu? Utawa kapriye anggonmu sumurup, heh wong lanang, manawa kowe bakal nylametake somahmu?

MATEUS 19:3-12
[3] Tumuli ana wong-wong Farisi kang sowan ing ngarsane, sumedya nyoba Panjenengane, ature: “Tiyang punapa dipun kengingaken megat semahipun awit saking sadhengaha sabab?”[4] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe ora maca, yen kang nitahake manungsa iku wiwit sakawit anggone ndadekake wis arupa lanang lan wadon?[5] Lan pangandikane: Mulane wong lanang iku kudu ninggal bapa biyunge sarta banjur manunggal karo rabine, temah loro-lorone dadi daging siji.[6] Mulane wis mari dadi loro, mung siji. Awit saka iku, apa kang wus katunggalake dening Allah, ora kena kapisah dening manungsa.”[7] Unjuke wong-wong Farisi mau: “Manawi makaten, punapaa dene Nabi Musa dhawuh supados nyukani serat pegat, manawi tiyang megat ingkang estri?”[8] Gusti Yesus ngandika: “Marga saka wangkoting atimu, Musa ngidini kowe megat bojomu, nanging wiwitan mula ora mangkono.[9] Malah Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat rabine, liyane jalaran saka laku jina lan banjur rabi liyane, iku dadi laku bandrek.”[10] Para sakabat tumuli padha munjuk: “Manawi makaten kawontenanipun tiyang sesemahan, langkung sae boten emah-emah.”[11] Nanging pangandikane: “Ora kabeh wong ngreti marang kandhaKu, mung kang wus kaparingan kanugrahan.[12] Ana wong kang ora bisa omah-omah, awit wiwit lair saka ing guwa-garbane ibune, kaanane wis kaya mangkono lan ana wong kang didadekake mangkono dening wong liya lan ana maneh kang gawe awake dhewe mangkono saka karepe dhewe marga saka Kratoning Swarga. Sing sapa bisa ngreti, supaya mangretia.”

MARKUS 10:12
Lan manawa bojone mau ninggal sing lanang, banjur omah-omah oleh wong lanang sejene, iku iya laku jina.”

PANGANDHARING TORET 24:1-4
[1] “Manawa ana wong njupuk wong wadon sarta wus dadi bojone, mangka sawuse iku wong wadon mau ora ndadekake senenging atine maneh, sabab kabukten ana tindake kang ora pantes, wong mau banjur nulisa layang pegat lan diwenehna marang wong wadon iku, nuli dilungakna saka ing omahe.[2] Anadene samangsa wus kelakon lunga saka ing omahe, banjur diepek somah dening wong liya,[3] mangka bojone kang kari iku iya ngemohi, banjur iya digawekake layang pegat lan dipasrahake marang wong wadon mau, tumuli dilungakake saka ing omahe, utawa manawa bojone kang kari kang ngepek wong wadon mau mati,[4] ing kono bojone kang dhisik kang wus megat iku ora kena balen karo wong wadon iku, sawuse wong wadon iku kelakon dirusuhi; awitdene patrap mangkono iku dadi jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu iku aja kokdadekake nandhang dosa.

MALEAKHI 2:16
Awit Ingsun sengit marang pegatan, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel -- uga wong kang nutupi panganggone klawan pangroda-peksa -- mangkono dhawuhe Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. Mulane dingati-ati lan aja nindakake kaculikan.

1 KORINTA 7:39
Wong wadon somahan iku kecencang salawase bojone isih urip. Nanging yen bojone wus tinggal-donya, wong wadon mau wenang neningkahan maneh karo sapa bae kang dikarepake, anggere wong kang pracaya.

RUM 7:2-5
[2] Sabab wong wadon iku kecencang ing angger-angger marang sing lanang, sasuwene sing lanang iku isih urip, nanging manawa sing lanang wis mati, wong wadon mau uwal saka ing angger-angger kang nancang mau.[3] Dadi yen gelem diepek bojo wong lanang liyane sajrone kang lanang isih urip, wong wadon mau diarani laku bedhang. Nanging manawa kang lanang wus mati, wong wadon mau wus uwal saka angger-angger, satemah manawa diepek bojo wong lanang liya, ora diarani laku bedhang.[4] Yen mangkono, para sadulurku, kowe iya wis padha mati tumrap ing angger-anggering Toret, jalaran saka sarirane Sang Kristus, supaya kowe dadia kagunganing liyan, yaiku kagungane Panjenengane, kang wus kawungokake saka ing antarane wong mati, amrih kita padha metokna woh, sumaos kagem Gusti Allah.[5] Awit nalika kita isih padha urip ana ing daging, hawa-nepsuning dosa kang kagugah dening angger-anggering Toret, iku ndayani ana ing gegelitaning badan kita, satemah kita padha metokake woh kanggo si pati,

IBRANI 13:4
Nikah iku ajenana sarta aja njemberake paturon, sabab wong kang padha laku jina lan bandrek iku bakal dipatrapi dening Gusti Allah.

PANGANDHARING TORET 24:1
“Manawa ana wong njupuk wong wadon sarta wus dadi bojone, mangka sawuse iku wong wadon mau ora ndadekake senenging atine maneh, sabab kabukten ana tindake kang ora pantes, wong mau banjur nulisa layang pegat lan diwenehna marang wong wadon iku, nuli dilungakna saka ing omahe.

MATEUS 19:4-6
[4] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe ora maca, yen kang nitahake manungsa iku wiwit sakawit anggone ndadekake wis arupa lanang lan wadon?[5] Lan pangandikane: Mulane wong lanang iku kudu ninggal bapa biyunge sarta banjur manunggal karo rabine, temah loro-lorone dadi daging siji.[6] Mulane wis mari dadi loro, mung siji. Awit saka iku, apa kang wus katunggalake dening Allah, ora kena kapisah dening manungsa.”

MATEUS 18:15-17
[15] “Manawa sadulurmu duwe kaluputan, elingna dhedhewekan. Manawa nggugu marang kandhamu, tegese kowe wis ngentas sadulurmu.[16] Dene yen ora nggugu, kowe ngajaka wong siji utawa loro engkas, supaya marga saka anane katrangane seksi loro utawa telu, prakarane banjur rampung.[17] Ewadene yen ora gelem manut, aturna marang pasamuwan. Lan yen meksa ora manut karo pasamuwan, anggepen wong kapir utawa juru-mupu-beya.

MALEAKHI 2:14-16
[14] Kowe banjur padha takon: “Apa sababe?” Awit Pangeran Yehuwah wus jumeneng dadi seksi ing antarane kowe lan somahmu jaka-lara kang kokcidrani, mangka iya iku mitramu, lan somahmu tunggal saprajanjian.[15] Apa dudu Gusti Allah kang asipat sawiji kang nitahake wong-wong iku dadi daging lan roh? Sarta apa kang dikarsakake ing patunggalan mau? Turun kang saka Gusti Allah! Mulane jaganen awakmu, aja pisan-pisan nyidrani marang somahmu jaka-lara![16] Awit Ingsun sengit marang pegatan, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel -- uga wong kang nutupi panganggone klawan pangroda-peksa -- mangkono dhawuhe Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. Mulane dingati-ati lan aja nindakake kaculikan.

EFESUS 5:22-23
[22] He para wong wadon, manut mituruta marang bojomu dhewe kayadene marang Gusti,[23] awit kang lanang iku sesirahe kang wadon, kayadene Sang Kristus iya sesirahing pasamuwan. Iya Panjenengane kang jumeneng Pamartane sarirane.

1 TIMOTEUS 5:8
Dene manawa ana wong kang ora mikir marang kulawangsane, apamaneh brayate, iku wis nyingkur pracayane lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.

1 KORINTA 7:17-24
[17] Sateruse, saben wong iku lestari tumindaka kaya kang wus katetepake dening Gusti, lan ing sajroning kaanan kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah. Iya iki pranatan kang dakwenehake marang sakehe pasamuwan.[18] Manawa ana wong kang katimbalan wus tetakan, aja mbudidaya ngilangi labeting tetak iku. Lan manawa ana wong kang katimbalan ora tetakan, aja banjur nglakoni tetak.[19] Sabab tetak utawa ora tetak iku dudu apa-apa. Kang prelu netepi angger-anggere Gusti Allah.[20] Saben wong iku tetepa kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah.[21] Manawa nalikane kowe katimbalan dadi batur tukon, iku aja kokgrantesake! Nanging manawa kowe bisa dimerdikakake iya gelema.[22] Sabab batur tukon kang katimbalan ing Gusti iku dadi wong merdika, kagungane Gusti. Mangkono uga wong merdika, kang katimbalan dening Sang Kristus, iku dadi abdine Sang Kristus.[23] Kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas. Mulane kowe aja padha dadi batur-tukoning manungsa.[24] Para sadulur, saben wong iku ana ing ngarsane Gusti Allah, lestaria kaya ing nalikane katimbalan.

MATEUS 23:23
Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para wong Farisi, heh wong-wong lamis jalaran dalah godhong mardinah, adas tuwin jinten bae kokbayar prasapuluhane, nanging kang wigati dhewe tumrap angger-anggering Toret koklirwakake, yaiku: kaadilan, kawelasan lan katemenan. Sing siji kudu ditindakake, sijine aja dilirwakake.

RUM 7:1-3
[1] Para sadulur, apa kowe padha ora sumurup, -- awit aku pitutur marang kang padha paham ing bab angger-angger, -- yen ta angger-angger iku anggone mengku wong ing sajege urip?[2] Sabab wong wadon iku kecencang ing angger-angger marang sing lanang, sasuwene sing lanang iku isih urip, nanging manawa sing lanang wis mati, wong wadon mau uwal saka ing angger-angger kang nancang mau.[3] Dadi yen gelem diepek bojo wong lanang liyane sajrone kang lanang isih urip, wong wadon mau diarani laku bedhang. Nanging manawa kang lanang wus mati, wong wadon mau wus uwal saka angger-angger, satemah manawa diepek bojo wong lanang liya, ora diarani laku bedhang.

LUKAS 6:30
Wong kang njejaluk marang kowe, wenehana, lan aja njaluk baline marang darbekmu kang wis dijupuk ing wong.

MATEUS 19:6-12
[6] Mulane wis mari dadi loro, mung siji. Awit saka iku, apa kang wus katunggalake dening Allah, ora kena kapisah dening manungsa.”[7] Unjuke wong-wong Farisi mau: “Manawi makaten, punapaa dene Nabi Musa dhawuh supados nyukani serat pegat, manawi tiyang megat ingkang estri?”[8] Gusti Yesus ngandika: “Marga saka wangkoting atimu, Musa ngidini kowe megat bojomu, nanging wiwitan mula ora mangkono.[9] Malah Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat rabine, liyane jalaran saka laku jina lan banjur rabi liyane, iku dadi laku bandrek.”[10] Para sakabat tumuli padha munjuk: “Manawi makaten kawontenanipun tiyang sesemahan, langkung sae boten emah-emah.”[11] Nanging pangandikane: “Ora kabeh wong ngreti marang kandhaKu, mung kang wus kaparingan kanugrahan.[12] Ana wong kang ora bisa omah-omah, awit wiwit lair saka ing guwa-garbane ibune, kaanane wis kaya mangkono lan ana wong kang didadekake mangkono dening wong liya lan ana maneh kang gawe awake dhewe mangkono saka karepe dhewe marga saka Kratoning Swarga. Sing sapa bisa ngreti, supaya mangretia.”

EFESUS 5:31
Marga saka iku wong lanang kapesthi ninggal bapa lan biyunge lan rumaket marang bojone, temahan sakarone iku dadi daging siji.

YEREMIA 3:8
Disumurupi, manawa marga saka anggone laku jina Ingsun wus megat Israel, kang murtad iku lan Sunparingi layang pegat; sanadyan mangkono Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora wedi, nanging malah uga banjur laku jina.

LELAKONE PARA RASUL 2:38
Wangsulane Rasul Petrus: “Kula aturi sami mratobat sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun Gusti Yesus Kristus, amrih angsala pangapuntening dosa panjenengan, satemah panjenengan sami badhe nampeni peparing Roh Suci.

RUM 4:15
Amarga angger-anggering Toret iku nekakake bebendu, nanging ing ngendi ora ana angger-anggering Toret, ing kono iya ora ana panerak.

1 KORINTA 7:14-15
[14] Amarga wong lanang kang ora pracaya iku, wus kasucekake marga saka kang wadon, lan wong wadon kang ora pracaya mau wus kasucekake marga saka kang lanang. Saupama ora mangkono, anak-anakmu iku rak banjur dadi anak-anak kang najis, mangka saiki padha suci.[15] Nanging manawa kang ora pracaya iku kepengin pegatan, iya kareben megat; manawa mangkono iku sadulur lanang utawa wadon mau padha ora kacencang ing wajib. Nanging anggone Gusti Allah nimbali kowe iku, supaya kowe padha olaha atut-rukun.

MATEUS 19:1
Bareng Gusti Yesus wis mungkasi piwulange mau banjur tindak saka ing Galilea menyang ing tlatahe tanah Yudea ing sabrange bengawan Yarden.

1 KORINTA 7:8-9
[8] Dene wong kang ora sesomahan lan para randha, dakprayogakake, supaya padha tetepa kaya aku iki.[9] Nanging manawa ora kuwat nyegah, kareben padha omah-omah. Awit luwih becik bebojoan tinimbang ngangah-angah marga dening hawa-nepsu.

MALEAKHI 2:13-16
[13] Kaping pindhone iki kang padha koklakoni: Misbyahe Sang Yehuwah koktutupi luh kanthi panangis lan pasambat, marga Panjenengane wus ora karsa noleh maneh marang pisungsungmu, sarta ora karsa nampeni iku saka ing tanganmu.[14] Kowe banjur padha takon: “Apa sababe?” Awit Pangeran Yehuwah wus jumeneng dadi seksi ing antarane kowe lan somahmu jaka-lara kang kokcidrani, mangka iya iku mitramu, lan somahmu tunggal saprajanjian.[15] Apa dudu Gusti Allah kang asipat sawiji kang nitahake wong-wong iku dadi daging lan roh? Sarta apa kang dikarsakake ing patunggalan mau? Turun kang saka Gusti Allah! Mulane jaganen awakmu, aja pisan-pisan nyidrani marang somahmu jaka-lara![16] Awit Ingsun sengit marang pegatan, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel -- uga wong kang nutupi panganggone klawan pangroda-peksa -- mangkono dhawuhe Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. Mulane dingati-ati lan aja nindakake kaculikan.

RUM 7:2
Sabab wong wadon iku kecencang ing angger-angger marang sing lanang, sasuwene sing lanang iku isih urip, nanging manawa sing lanang wis mati, wong wadon mau uwal saka ing angger-angger kang nancang mau.

MATEUS 9:13
Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”

RUM 7:3
Dadi yen gelem diepek bojo wong lanang liyane sajrone kang lanang isih urip, wong wadon mau diarani laku bedhang. Nanging manawa kang lanang wus mati, wong wadon mau wus uwal saka angger-angger, satemah manawa diepek bojo wong lanang liya, ora diarani laku bedhang.

1 KORINTA 7:27-28
[27] Manawa kowe wus katalenan ing wong wadon, aja ngarah pegate! Manawa kowe ora katalenan ing wong wadon, aja rabi![28] Ewadene manawa kowe oma-omah, iku kowe ora dosa. Lan yen ana prawan omah-omah, iku iya ora dosa. Nanging wong kang mangkono iku bakal nandhang kasusahan mungguh ing daging, mangka karepku kowe aja nganti ketaman ing kasusahan iku.

PURWANING DUMADI 2:18-24
[18] Karomaneh ana pangandikane Sang Yehuwah Allah mangkene: “Ora prayoga manungsa iku yen ijen bae; Sunkaryakne rowang kang sembada dadi jodhone.”[19] Nalika Sang Yehuwah Allah wus karya sarupane sato-kewan ing ara-ara lan sarupane manuk ing awang-awang saka lemah, banjur padha ditekakake ana ing sangarepe manungsa, karsane supaya pirsa kapriye anggone bakal njenengake, lan jeneng kang diwenehake manungsa marang sadhengah kang urip mau, iya iku dadia jenenge.[20] Mangkono dadine manungsa menehi jeneng marang sarupane sato-kewan lan manuk ing awang-awang apadene marang sarupane sato ing ara-ara; mung manungsa kang durung duwe rowang kang sembada dadi jodhone.[21] Nuli Sang Yehuwah Allah ndadekake manungsa turu kepati, lan sajrone turu dipundhut igane siji, dene tilas panggonane balung iga mau diiseni daging.[22] Iga kang kapundhut saka ing manungsa mau banjur diwangun dening Sang Yehuwah Allah dadi wong wadon, banjur diajokake marang ing ngarepe manungsa.[23] Ing kono pangucape manungsa: “Yaiki balung saka balungku lan daging saka dagingku, iku kaaranana wadon, awit kajupuk saka kang lanang.”[24] Mulane wong lanang bakal ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang bojone, sarta sakarone iku bakal dadi daging siji.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981