A A A A A

Dosa: [Zina]


1 KORINTA 6:18
Padha ngedohana laku jina! Sarupaning dosa liyane kang dilakoni ing wong iku tumindake sajabaning badane. Nanging wong kang laku jina iku ateges dosa marang badane dhewe.

PANGENTASAN 20:14
Sira aja laku jina.

IBRANI 13:4
Nikah iku ajenana sarta aja njemberake paturon, sabab wong kang padha laku jina lan bandrek iku bakal dipatrapi dening Gusti Allah.

YAKOBUS 4:17
Dadi sing sapa mangreti ing bab panggawe becik, mangka ora nglakoni, iku dadi lan dosane.

YEREMIA 13:27
Anggonira laku jina lan pangringikira, pamblunthahira kang rusuh ana ing gunung-gunung lan ing ara-ara, Ingsun wus nguningani polah-tingkahira kang nistha iku. He Yerusalem, cilaka sira iku, nganti pira suwene maneh anggonira dadi suci?

1 YOKANAN 1:9
Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita.

LUKAS 16:18
Saben wong kang megat rabine, banjur rabi liyane, iku dadi laku jina; lan sing sapa ngrabeni wong wadon kang dipegat dening sing lanang mau, iku iya laku jina.”

MATEUS 19:9
Malah Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat rabine, liyane jalaran saka laku jina lan banjur rabi liyane, iku dadi laku bandrek.”

WULANG BEBASAN 6:32
Sing sapa laku jina iku tanpa budi, kang nindakake mangkono iku ngrusak awake dhewe.

RUM 7:2-3
[2] Sabab wong wadon iku kecencang ing angger-angger marang sing lanang, sasuwene sing lanang iku isih urip, nanging manawa sing lanang wis mati, wong wadon mau uwal saka ing angger-angger kang nancang mau.[3] Dadi yen gelem diepek bojo wong lanang liyane sajrone kang lanang isih urip, wong wadon mau diarani laku bedhang. Nanging manawa kang lanang wus mati, wong wadon mau wus uwal saka angger-angger, satemah manawa diepek bojo wong lanang liya, ora diarani laku bedhang.

MARKUS 10:11-12
[11] Banjur padha dipangandikani mangkene: “Sing sapa megat bojone banjur rabi oleh wong wadon liyane, iku dadi laku jina tumrap rabine mau.[12] Lan manawa bojone mau ninggal sing lanang, banjur omah-omah oleh wong lanang sejene, iku iya laku jina.”

MATEUS 5:27-32
[27] “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Sira aja laku jina![28] Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduweni krenteg marang dheweke, iku wus laku jina sajroning atine.[29] Mulane manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.[30] Lan maneh manawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.[31] Uga ana pangandika mangkene: Sing sapa megat bojone, kudu menehi layang pegat.[32] Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat bojone ora jalaran saka laku jina, iku ndadekake bojone laku jina lan sing sapa ngrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.”

1 KORINTA 6:9-16
[9] Utawa kowe padha ora sumurup, yen wong kang padha ora adil iku bakal ora tampa panduman warisan Kratoning Allah? Aja padha kesasar. Wong kang laku jina, nyembah brahala, laku bedhang, dadi gemblak, laku jindik,[10] kang nyenyolong, cethil, seneng mendem, tukang mitenah lan tukang ngapusi, iku ora bakal tampa panduman warisan Kratoning Allah.[11] Lan sawenehing panunggalanmu biyen iya kaya mangkono iku, nanging kowe wus padha masrahake awakmu supaya diresiki, kowe wus padha kasucekake, wus padha kabenerake marga saka Asmane Gusti Yesus Kristus lan marga dening Rohe Allah kita.[12] Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang maedahi. Tumraping aku samubarang kabeh iku kalal, nanging awakku dakjaga aja nganti kawasesa dening sadhengaha apa bae.[13] Pangan iku kanggo ing weteng, lan weteng kanggo ing pangan: nanging sakarone bakal dilebur dening Gusti Allah. Badanmu iku ora kanggo laku jina, nanging kagem ing Gusti, lan Gusti kanggo ing badan.[14] Gusti Allah kang wus mungokake Gusti, iya bakal nangekake kita marga saka panguwaose.[15] Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi gegelitaning Sang Kristus? Kang iku gegelitaning Sang Kristus apa bakal dakjupuk, tuwin dakpasrahake marang laku jina? Babar pisan ora![16] Utawa, apa kowe ora sumurup, yen sing sapa rumaket marang wanita tunasusila, iku dadi nunggal sabadan? Rak ana pangandika mangkene: “Loro-lorone bakal dadi daging siji.”

LUKAS 18:18-20
[18] Kacarita ana sawijining panggedhe matur pitakon marang Gusti Yesus mangkene: “Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih angsal gesang langgeng?”[19] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Yagene kowe ngarani Aku utama? Ora ana wong siji bae kang utama kajaba mung Gusti Allah piyambak.[20] Mesthine kowe wis nyumurupi kabeh pepakone Gusti Allah: Sira aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, ngajenana bapa biyungira.”

1 TESALONIKA 4:3-5
[3] Amarga kang dadi karsane Gusti Allah iku: kasucenmu, yaiku supaya kowe padha nyingkiri laku jina;[4] saben wong panunggalanmu ngalapa wong wadon siji dadi bojone dhewe sarta urip ing sajroning kasucen lan kasusilan,[5] ora marga saka derenging hawa-nepsu, kayadene tumindaking won kang ora wanuh marang Gusti Allah,

MARKUS 7:20-23
[20] Banjur nyambeti pangandika: “Apa sing metu saka ing manungsa, iku sing marakake najis,[21] sabab saka ing jero, saka ing sajroning atine manungsa, thukul sakabehing pikiran sing ala, kang lekoh, kadurjanan, gawe pati,[22] laku bandrek, srakah, piala, akal palsu, hawa-nepsu, meri, panyatur ala, gumedhe, tanpa budi.[23] Sakehe piala iki thukul saka ing jero lan marakake najis marang manungsa.”

MATEUS 15:17-20
[17] Apa kowe padha ora mangreti, yen samubarang kang lumebu ing cangkem, iku parane menyang ing weteng banjur dibuwang menyang ing pakiwan?[18] Nanging samubarang kang metu saka ing cangkem iku asale saka ing ati sarta iya iku kang njemberi marang wong.[19] Amarga kang thukule saka ing ati iku kayata: pikiran kang ala, gawe pepati, laku jina, cabul, nyenyolong, sumpah palsu lan pitenah.[20] Yaiku kang gawe jembering wong. Nanging mangan ora nganggo wisuh iku ora njemberi.”

WULANG BEBASAN 5:18-23
[18] Sendhangmu muga diberkahana, bungaha karo somahmu jaka-lara.[19] Menjangan kang manis, kidang kang ayu muga susune iku tansah maremake kowe, muga katresnane iku kang ngenyutake kowe.[20] He anakku, yagene kowe nganti kepencut marang wong wadon tuna-susila, lan ngrangkul dhadhane wong wadon liya?[21] Amarga Pangeran Yehuwah ora kasamaran marang sakehe tumindake wong, sarta mirsani sakehing pratingkahe manungsa.[22] Wong duraka ketangkep ing sajroning pialane, lan kejiret ing talining dosane dhewe.[23] Wong iku mati, marga ora oleh pamerdi, lan kesasar marga saka bangeting bodhone.

YOKANAN 8:4-11
[4] Wong-wong iku sawuse mapanake wong wadon mau ing tengah, banjur padha munjuk marang Gusti Yesus: “Rabbi, tiyang estri punika kacepeng nalika saweg lampah bandrek.[5] Wonten ing angger-anggering Toret Nabi Musa ndhawuhaken dhateng kita, supados tiyang-tiyang estri ingkang makaten punika dipun benturana ing sela. Ingkang punika menggah pamanggih Panjenengan kadospundi?”[6] Unjuke kang mangkono iku mung kanggo nyoba marang Panjenengane, supaya oleha jalaran anggone arep nggugat. Nanging Gusti Yesus tumungkul banjur nyerat ing lemah kalawan racikane.[7] Bareng olehe padha takon para wong Farisi iku ora uwis-uwis, Panjenengane tumuli jumeneng sarta ngandika: “Sapa bae panunggalanmu kang tanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu wong wadon iku.”[8] Panjenengane banjur tumungkul maneh sarta nyerat ing lemah.[9] Ananging sawuse kang padha munjuk mau krungu pangandika kang kaya mangkono, tumuli padha lunga baka siji, wiwit saka kang tuwa dhewe. Wekasan mung kari Gusti Yesus piyambak karo wong wadon kang isih tetep ana ing kono iku.[10] Gusti Yesus tumuli jumeneng, sarta ngandika: “He, wong wadon, ana ngendi wong-wong mau? Apa ora ana kang ngukum kowe?”[11] Unjuke wong wadon mau: “Boten wonten, Gusti.” Pangandikane Gusti Yesus: “Aku uga ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!”

WULANG BEBASAN 6:20-35
[20] He anakku, pepakone bapakmu estokna, lan aja ninggal piwulange ibumu.[21] Iku kabeh tansah kumanthila ana ing atimu, lan kalungna ing gulumu.[22] Samangsa kowe lumaku, kowe bakal dipimpin, lan samangsa kowe turu, ditunggu, yen kowe tangi, bakal diajak guneman.[23] Dene pepakon iku minangka damar, lan piwulang iku minangka pepadhang, sarta pameleh kang isi pamerdi iku dalaning urip,[24] bakal ngayomi kowe saka wong wadon tuna-susila, lan ilate wong wadon liya kang lunyu.[25] Aja kayungyun marang ayune ing sajroning atimu, aja nganti ketarik dening idepe.[26] Marga kanggone wong wadon tuna-susila, kang diprelokake iku anggone bisa oleh rejeki, nanging bojoning liyan mburu nyawa kang adi.[27] Apa bisa wong nggembol geni ana ing klambine lan ora kobong sandhangane?[28] Utawa apa iya wong mlaku ing sandhuwure mawa, kok ora gosong sikile?[29] Mangkono uga wong kang nyedhaki somahe pepadhane; ora ana wong siji-sijia kang nggepok wong wadon iku, kok luput ing paukuman.[30] Maling apa ora bakal diremehake, yen anggone maling iku mung marga arep nuruti pepenginane, marga saka keluwen?[31] Sarta manawa kecekel, kudu nglironi tikel pitu, apa saisining omahe ditombokake.[32] Sing sapa laku jina iku tanpa budi, kang nindakake mangkono iku ngrusak awake dhewe.[33] Siksa lan wirang dadi pituwase, kawirangane ora bisa ilang.[34] Marga butarepan iku panasing atine wong lanang, samangsa males tanpa duwe rasa welas.[35] Wong iku ora gelem nampani tebusan apa bae, sanadyan pira bae pawewehmu, tetep ora bakal ditampani.

WULANG BEBASAN 5:3-22
[3] Awit lambene wong wadon tunasusila netesake madu, lan cethake lunyu ngungkuli lenga;[4] nanging wekasane pait kaya rempelu, lan landhepe kaya pedhang kang mempan kiwa-tengen,[5] tumapaking dlamakane mudhun menyang pati, jangkahe anjong marang jagading wong mati.[6] Lakune ora metu ing dalaning urip, lakune nasar ora kanthi disumurupi.[7] Awit saka iku, he bocah-bocah, padha ngrungokna tembung-tembungku, aja nyimpang saka pituture cangkemku.[8] Lakumu ngedohana wong wadon mau, lan aja nyedhaki lawanging omahe,[9] supaya kanomanmu aja kokpasrahake marang wong liya, lan umurmu marang kang ambek siya;[10] supaya wong liya aja nganti maregi awake srana kasugihanmu, lan pituwasing kangelanmu aja nganti tumiba marang wong kang ora kokwanuhi,[11] lan ing wekasane kowe bakal sambat-sambat, yen daging lan awakmu padha rusak kabeh;[12] sarta pangucapmu: “Yagene aku kok gething marang pamerdi, lan atiku kok nampik pameleh,[13] yagene aku ora ngrungokake pituture para guruku, lan ora nilingake marang tembunge kang padha mulang aku?[14] Meh bae aku kejlungup ing sawernaning bilai ana ing satengahing pasamuwan lan pakumpulan.”[15] Kowe ngombea banyu ing kulahmu dhewe, ngombea saka ing sumurmu kang ngumbul.[16] Apa pantes manawa sumbermu luber kaya kalen-kalen menyang ing ara-ara.[17] Iku mung dadia duwekmu dhewe, aja nganti ana wong kang melu nduweni.[18] Sendhangmu muga diberkahana, bungaha karo somahmu jaka-lara.[19] Menjangan kang manis, kidang kang ayu muga susune iku tansah maremake kowe, muga katresnane iku kang ngenyutake kowe.[20] He anakku, yagene kowe nganti kepencut marang wong wadon tuna-susila, lan ngrangkul dhadhane wong wadon liya?[21] Amarga Pangeran Yehuwah ora kasamaran marang sakehe tumindake wong, sarta mirsani sakehing pratingkahe manungsa.[22] Wong duraka ketangkep ing sajroning pialane, lan kejiret ing talining dosane dhewe.

1 KORINTA 7:1-40
[1] Mungguh prakara-prakara kang kamot ing layangmu marang aku iku, becik tumrape wong lanang, yen ora sesomahan,[2] nanging ngelingi anane bebaya laku jina, becike saben wong lanang duwea somah dhewe lan wong wadon duwea bojo dhewe.[3] Kang lanang netepana kawajibane marang somahe, mangkono uga kang wadon marang bojone.[4] Kang wadon ora nguwasani badane dhewe, nanging kang lanang. Mangkono uga kang lanang iya ora nguwasani badane dhewe, nanging kang wadon.[5] Kowe aja padha cegah-cinegah, kajaba kalawan padha sarujuke kanggo ing sawatara mangsa, supaya kowe bisa mligekake wektu kanggo ndedonga. Nanging sawise iku padha kumpula maneh, supaya Iblis aja nganti nggodha kowe, awit saka anggonmu ora kuwat nyegah.[6] Bab iki daktuturake marang kowe minangka palilah, ora minangka prentah.[7] Sanadyan mangkono saiba becike manawa wong kabeh padha nglakoni kaya aku; nanging saben wong kaparingan ganjaran dhewe-dhewe dening Gusti Allah, kang siji ganjaran mangkene, sijine ganjarane mangkono.[8] Dene wong kang ora sesomahan lan para randha, dakprayogakake, supaya padha tetepa kaya aku iki.[9] Nanging manawa ora kuwat nyegah, kareben padha omah-omah. Awit luwih becik bebojoan tinimbang ngangah-angah marga dening hawa-nepsu.[10] Mungguh para wong kang padha sesomahan -- dudu aku, nanging Gusti kang ndhawuhi, -- supaya wong wadon aja nganti megat bojone.[11] Lan yen pegatan, tetepa anggone ora jejodhoan utawa rukuna maneh karo kang lanang. Lan wong lanang ora kena megat somahe.[12] Nanging marang wong liyan aku, dudu Gusti, mituturi mangkene: Yen ana sadulur duwe somah kang ora pracaya, mangka wong wadon iku gelem manggon tetunggalan, sadulur mau aja nganti megat kang wadon iku.[13] Lan wong wadon manawa duwe bojo kang ora pracaya, mangka wong lanang iku gelem manggon tetunggalan, wong wadon mau aja nganti megat kang lanang iku.[14] Amarga wong lanang kang ora pracaya iku, wus kasucekake marga saka kang wadon, lan wong wadon kang ora pracaya mau wus kasucekake marga saka kang lanang. Saupama ora mangkono, anak-anakmu iku rak banjur dadi anak-anak kang najis, mangka saiki padha suci.[15] Nanging manawa kang ora pracaya iku kepengin pegatan, iya kareben megat; manawa mangkono iku sadulur lanang utawa wadon mau padha ora kacencang ing wajib. Nanging anggone Gusti Allah nimbali kowe iku, supaya kowe padha olaha atut-rukun.[16] Sabab kapriye anggonmu bisa sumurup, heh wong wadon, manawa kowe bakal nylametake bojomu? Utawa kapriye anggonmu sumurup, heh wong lanang, manawa kowe bakal nylametake somahmu?[17] Sateruse, saben wong iku lestari tumindaka kaya kang wus katetepake dening Gusti, lan ing sajroning kaanan kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah. Iya iki pranatan kang dakwenehake marang sakehe pasamuwan.[18] Manawa ana wong kang katimbalan wus tetakan, aja mbudidaya ngilangi labeting tetak iku. Lan manawa ana wong kang katimbalan ora tetakan, aja banjur nglakoni tetak.[19] Sabab tetak utawa ora tetak iku dudu apa-apa. Kang prelu netepi angger-anggere Gusti Allah.[20] Saben wong iku tetepa kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah.[21] Manawa nalikane kowe katimbalan dadi batur tukon, iku aja kokgrantesake! Nanging manawa kowe bisa dimerdikakake iya gelema.[22] Sabab batur tukon kang katimbalan ing Gusti iku dadi wong merdika, kagungane Gusti. Mangkono uga wong merdika, kang katimbalan dening Sang Kristus, iku dadi abdine Sang Kristus.[23] Kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas. Mulane kowe aja padha dadi batur-tukoning manungsa.[24] Para sadulur, saben wong iku ana ing ngarsane Gusti Allah, lestaria kaya ing nalikane katimbalan.[25] Saiki bab para prawan. Aku ora oleh dhawuh saka Gusti tumrap iki. Nanging aku nglairake panemuku kayadene wong kang kena dipracaya, awit saka palimirmane Gusti Allah kang daktampa.[26] Kang iku panimbangku, ngelingi kaanan ing wektu saiki, becik manawa wong iku kaanane ora owah.[27] Manawa kowe wus katalenan ing wong wadon, aja ngarah pegate! Manawa kowe ora katalenan ing wong wadon, aja rabi![28] Ewadene manawa kowe oma-omah, iku kowe ora dosa. Lan yen ana prawan omah-omah, iku iya ora dosa. Nanging wong kang mangkono iku bakal nandhang kasusahan mungguh ing daging, mangka karepku kowe aja nganti ketaman ing kasusahan iku.[29] Para sadulur, kang dakkarepake mangkene: Wektune wus kari sathithik! Mulane ing wektu kang mung kari sathithik iki, wong lanang kang padha sesomahan tumindaka kaya-kaya ora sesomahan;[30] lan wong kang padha nangis, dikaya ora nangis; lan kang bungah dikaya ora bungah; sarta para wong kang tetuku, dikaya ora nduweni kang dituku;[31] ringkese, wong kang padha nganggo barang-barang kadonyan iki, dikaya ora nganggo. Sabab donya kang kita sumurupi saiki iki, bakal sirna.[32] Kang dakkarepake, supaya kowe padha urip tanpa was-sumelang. Wong lanang kang ora sesomahan, ngelengake kang mungguh ing Gusti, kapriye murih dadi keparenge Gusti.[33] Dene wong lanang kang sesomahan, ngelengake kang mungguh ing kadonyan, kapriye bisane gawe senenge kang wadon,[34] lan marga saka mangkono pikirane banjur kabage-bage. Wong wadon kang ora bebojoan, sarta para prawan, padha ngelengake kang mungguh ing Gusti, supaya jiwa-ragane dadi suci. Nanging wong wadon kang bebojoan ngelengake prakara kadonyan, kapriye bisane gawe senenge kang lanang.[35] Kabeh iki mau daktuturake kanggo kabutuhanmu dhewe, ora nedya ngalang-alangi kekarepanmu, nanging malah supaya kowe padha nglakonana samubarang kang bener lan becik sarta supaya anggonmu leladi marang Gusti tanpa alangan.[36] Dene manawa ana wong duwe pangira, yen anggone ngrengkuh marang prawane kurang samesthine, manawa prawan mau sangsaya tuwa, mangka duwe rasa adreng kudu neningkahan, manawa pancen karepe mangkono, kareben neningkahan. Iku ora dosa.[37] Dene manawa ana wong kang atine yakin, ora kapeksa lan bisa ngereh kekarepane, sarta wus kenceng sedyane ora arep omah-omah karo prawane, iku tumindak becik.[38] Dadi wong kang omah-omah karo prawane, iku tumindak becik, dene kang ora omah-omah karo prawane, iku tumindak luwih becik.[39] Wong wadon somahan iku kecencang salawase bojone isih urip. Nanging yen bojone wus tinggal-donya, wong wadon mau wenang neningkahan maneh karo sapa bae kang dikarepake, anggere wong kang pracaya.[40] Nanging mungguhing panemuku, luwih begja, manawa wong mau tetap kaya mangkono. Lan pangrasaku, aku iya kadunungan Rohe Gusti Allah.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981