A A A A A

Sins: [Procrastination]


1 KORINTA 14:40
Nanging samubarang kabeh iku tumindaka kalawan patut lan tumata.

KOHELET 9:10
Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.

KOHELET 11:4
Sing sapa tansah nggatekake angin ora bakal nyebar lan sing sapa tansah mandeng marang mendhung ora bakal ngundhuh-undhuh.

GALATI 6:9
Aja nganti kita kemba anggon kita gawe kabecikan, awit manawa wus tekan ing kalamangsane, kita bakal ngeneni, anggere kita ora nganti kendho.

IBRANI 12:11
Sarupaning patrapan iku samangsa lagi kaparingake pancen ora mbungahake, malah nyedhihake. Nanging sateruse banjur metokake wohing kayekten kang njalari tentrem marang wong-wong kang wis padha kalantehake ing bab iku.

IBRANI 10:12
Nanging Panjenengane, sawuse misungsungake kurban siji bae marga saka dosa, banjur lenggah ana ing tengene Gusti Allah salawas-lawase,

YAKOBUS 4:17
Dadi sing sapa mangreti ing bab panggawe becik, mangka ora nglakoni, iku dadi lan dosane.

YOKANAN 9:4
Aku kudu padha nglakoni ayahane Panjenengane kang ngutus Aku mumpung isih awan. Wayah bengi bakal teka, wayahe wong ora bisa nglakoni pagawean.

LUKAS 12:35
“Lambungmu ajeg sabukana lan damarmu ajeg muruba.

LUKAS 12:40
Mulane kowe kabeh padha tansah rumantia, awit rawuhe Putraning Manungsa iku ing wektu kang ora koknyana.”

MATEUS 6:33
Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.

FILIPI 4:13
Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku.

WULANG BEBASAN 10:4
Tangan kang kendho marakake mlarat, nanging tangane wong sregep iku ndadekake sugih.

WULANG BEBASAN 12:24-25
[24] Tangane wong sregep iku nyekel pangwasa, nanging kang kesed kena ing pagawean peksan.[25] Sumelanging ati ndadekake wungkuking wong, nanging pitembungan kang becik iku ndadekake senenge atine.

WULANG BEBASAN 13:4
Atine wong kesed iku kebak pepenginan, nanging tanpa guna, balik atine wong sregep iku kaparingan kaluberan.

WULANG BEBASAN 14:23
Angger kangelan mesthi ana pituwase, nanging tembung kang kothong iku mung nuntun marang kacingkrangan thok.

WULANG BEBASAN 18:9
Wong kang kesed sajroning nindakake pagaweane, iku wus dadi sadulure juru pangrusak.

WULANG BEBASAN 20:4
Ing mangsa bedhidhing wong kesed ora gelem mluku, manawa ing mangsa panen tanpa gawe anggone golek pametune lemah.

WULANG BEBASAN 21:17
Wong kang dhemen sukan-sukan bakal nandhang kacingkrangan, sarta kang karem anggur lan lenga ora bakal bisa sugih.

WULANG BEBASAN 27:1
Aja ngalembana awakmu dhewe marga saka dina sesuk, awit kowe ora sumurup apa kang bakal kelakon ing dina iku.

RUM 7:20-21
[20] Dadi yen aku nglakoni bab kang ora dakkarepake, ateges wis dudu aku maneh kang nglakoni, nanging si dosa kang dumunung ana ing aku.[21] Kang iku, aku nemu wewaton mangkene: Manawa aku kepengin nindakake kang becik, kang ala wis cumawis ana ing aku.

EFESUS 5:15-17
[15] Marga saka iku, padha diawas marang lakumu, aja kaya wong kang bodho, nanging dikaya wong kang pinter,[16] lan gunakna wektu kang ana, awit jaman iki ala.[17] Mulane aja padha tanpa budi, nanging udinen supaya kowe ngreti, mungguh apa kang dadi karsaning Gusti.

LUKAS 9:59-62
[59] Banjur ngandika marang wong liyane: “Melua Aku.” Ature wong mau: “Keparenga kawula kesah ngubur bapak kawula rumiyin.”[60] Nanging pangandikane Gusti Yesus: “Cikben wong mati padha ngubur wong mati, nanging kowe iku lungaa, ngundhangna Kratoning Allah ana ing ngendi-endi.”[61] Lan ana liyane maneh kang matur: “Kawula badhe ngetut wingking Paduka, Gusti, nanging keparenga kawula pamitan rumiyin dhateng brayat kawula.”[62] Nanging Gusti Yesus ngandika: “Saben wong kang wis nyekel waluku, mangka banjur tumoleh marang kang ana ing buri, iku ora pantes tumrap Kratoning Allah.”

WULANG BEBASAN 24:30-34
[30] Aku ngliwati pategalane wong kesed, lan ing pakebonane anggur wong kang tanpa budi.[31] Lah kabeh iku kebak kathukulan bondhot, lemahe katuwuhan ing lateng, sarta temboke wus rubuh.[32] Aku ndeleng lan banjur njupuk piwulange, aku ndeleng nuli oleh wulangan.[33] “Turu sadhela engkas, ngantuk sadhela engkas, nekuk tangan sadhela engkas arep nerusake leyeh-leyeh,”[34] banjur katekan kamlaratan, kaya wong kang nempuh, katekan kacingkrangan, kaya wong kang sikep gegaman.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981