PANGENTASAN 20:14 |
Sira aja laku jina. |
|
JABUR 101:3 |
Kawula boten badhe manah dhateng prakawis ingkang awon, pandamelipun tiyang murtad punika kawula sengiti, boten badhe wonten ingkang lumengket dhateng kawula. |
|
MATEUS 5:28 |
Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduweni krenteg marang dheweke, iku wus laku jina sajroning atine. |
|
1 KORINTA 6:13 |
Pangan iku kanggo ing weteng, lan weteng kanggo ing pangan: nanging sakarone bakal dilebur dening Gusti Allah. Badanmu iku ora kanggo laku jina, nanging kagem ing Gusti, lan Gusti kanggo ing badan. |
|
2 TIMOTEUS 2:22 |
Mulane ngedohana pepenginaning wong anom, ngudia marang kaadilan, kasetyan, katresnan lan karukunan bebarengan karo wong-wong kang padha nyebut marang Pangeran kalawan ati kang resik. |
|
1 YOKANAN 2:16 |
Sabab samubarang kang ana ing donya, iku pepenginaning daging lan pepenginaning mripat tuwin digunging ngaurip, iku ora saka Sang Rama, nanging saka ing donya. |
|
WULANG BEBASAN 6:25 |
Aja kayungyun marang ayune ing sajroning atimu, aja nganti ketarik dening idepe. |
|
GALATI 5:16 |
Karepku yaiku: Lakumu padha manuta marang Roh, lan aja nuruti kapencuting daging. |
|
RUM 8:6 |
Awitdene pangangen-angene daging iku pati, balik pangangen-angene Sang Roh iku urip lan tentrem-rahayu. |
|
YAKOBUS 1:14-15 |
[14] Nanging saben wong digodha dening pepenginane dhewe, jalaran disered sarta dibujuk dening pepenginane dhewe.[15] Sarta manawa pepenginan iku wus ngandhut, mbanjur manak dosa, sarta manawa dosa iku wus mateng bakal nglairake pati. |
|
Javanese Bible 1981 |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981 |