A A A A A

Sins: [Hate]


1 YOKANAN 1:6
Saupama kita padha ngaku tetunggalan karo Panjenengane, mangka laku kita ana ing pepeteng, dadi kita goroh lan ora nglakoni ing kayekten.

1 YOKANAN 2:9-17
[9] Sing sapa duwe ujar yen dumunung ana ing pepadhang, mangka sengit marang sadulure, iku isih dumunung ana ing pepeteng kongsi saprene.[10] Sing sapa tresna marang sadulure iku kang lestari ana ing pepadhang, sarta ora kanggonan sesandhungan.[11] Balik sing sapa sengit marang sadulure, iku dumunung ana ing pepeteng, sarta urip ana ing pepeteng, wong iku ora weruh menyang ngendi parane, amarga mripate diwutakake dening pepeteng mau.[12] He, anak-anak, mulane aku nulis layang marang kowe, marga dosamu wus padha kaapura marga saka Kang Asma.[13] He, para bapa, mulane aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh marang Panjenengane kang ing purwa mula wus ana. He, para wong anom, mulane aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha ngalahake si pangawak dursila.[14] He, bocah-bocah, anggonku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh karo Sang Rama. He, para bapa, aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh karo Panjenengane kang ing purwa mula wus ana. He, para wong anom, aku nuis layang marang kowe, amarga kowe padha santosa, sarta pangandikane Gusti Allah dumunung ana ing kowe, lan kowe wus padha ngalahake si pangawak dursila.[15] Kowe kabeh aja padha rumaket marang donya lan marang samubarang kang ana ing kono. Manawa wong rumaket marang donya, iku ora kadunungan katresnan marang Sang Rama.[16] Sabab samubarang kang ana ing donya, iku pepenginaning daging lan pepenginaning mripat tuwin digunging ngaurip, iku ora saka Sang Rama, nanging saka ing donya.[17] Anadene donya iki lan kamelikane nedhenge sirna, nanging sapa kang nglakoni karsane Gusti Allah iku tetep urip ing salawas-lawase.

EFESUS 4:31
Sadhengahing rasa serik, brangasan, gampang nepsu, tukar-padu lan panyatur ala buwangen saka ing antaramu, samono uga sadhengahing piala.

WULANG BEBASAN 8:13-25
[13] Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sengit marang piala, Ingsun sengit marang piangkuh, ambek kumlungkung, sarta polah-tingkah kang ala, apadene cangkem kang kebak cidra.[14] Pitutur sarta panglimbang iku kagunganingSun, Ingsun kang kagungan pangreten, lan Ingsun kang kagungan kakiyatan.[15] Para raja anggone mrentah marga saka Ingsun, mangkono uga para panggedhe anggone nindakake pangadilan.[16] Para panggedhe anggone kadunungan pangwasa iku marga saka Ingsun, mangkono uga para luhur lan sakehe hakim ing sajagad.[17] Ingsun ngasihi marang wong kang tresna marang Ingsun lan wong kang tlaten anggone ngupaya Ingsun, mesthi bakal ketemu.[18] Kasugihan lan kaluhuran iku ana ing pamengkuningSun, uga bandha kang tetep lan kaadilan.[19] WohingSun iku ngungkuli emas, malah ngluwihi mas tulen, pametuningSun iku ngluwihi salaka pilihan.[20] Ingsun tindak ana ing dalaning kabeneran, ing tengah-tengahe lurung kaadilan,[21] supaya wong kang tresna marang Ingsun padha Sunparingi warisan bandha, sarta papan pasimpenane bakal Sunkebaki.[22] Ingsun wus katitahake dening Pangeran Yehuwah dadi wiwitaning pakaryane, minangka pandamele kang kawitan ing jaman kuna.[23] Ingsun wus kaanakake nalika jaman purwa, iya ing wiwitan mula, sadurunge bumi ana.[24] WiyosingSun sadurunge banyu samodra agung ana, sadurunge ana sumber-sumber kang luber banyune.[25] Sadurunge gunung-gunung tumanceb lan sadurunge ana punthuk-punthuk Ingsun wus miyos.

WULANG BEBASAN 10:12-18
[12] Sengit marakake grejegan, katresnan nasabi sakehe panerak.[13] Lambene wong wasis iku ana kawicaksanane, nanging gegere wong tanpa budi iku kacawisan penthung.[14] Wong wicaksana iku tetandho kawruh, nanging cangkeme wong bodho iku karusakan kang ngancam.[15] Raja-darbene wong sugih iku minangka kuthane kang santosa, nanging kang njalari karusakane wong miskin iku kamlaratan.[16] Pituwas panggawene wong bener iku nuntun marang urip, oleh-olehane wong duraka iku nuntun marang dosa.[17] Sapa kang nampani pamerdi iku ngener marang ing dalaning urip, nanging kang nglirwakake marang pameleh iku kesasar.[18] Sing sapa ndhelikake sengite iku cidra lambene, sarta kang ngucapake pangala-ala iku wong gemblung.

JABUR 5:5
Amargi Paduka punika Allah ingkang boten remen dhateng duraka, tiyang awon boten badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.

JABUR 31:6
Nyawa kawula, kawula pasrahaken wonten ing asta Paduka; dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu, Paduka ingkang ngluwari kawula.

JABUR 36:2
Dosa iku celathu marang wong duraka ana ing sajroning atine; ing batine ora tinemu rasa wedi-asih marang Allah,

JABUR 45:7
Dhampar punika kagunganipun Gusti Allah, kangge ing salajengipun saha salaminipun, jungkatipun kaprabon dalem punika jungkating kaleresan.

JABUR 97:10
He wong kang padha tresna marang Sang Yehuwah padha sengita marang piala! Panjenengane kang ngreksa nyawane para wong kang kinasihan, bakal ngluwari wong-wong iku saka ing tangane para wong duraka.

JABUR 119:163
Kawula gething saha rumaos eneg dhateng para-cidra, nanging remen dhateng angger-angger Paduka.

RUM 12:9
Tresna iku ditanpa lamis! Padha gethinga ing piala sarta nglakonana panggawe becik.

KAIMAMAN 19:17-18
[17] Sira aja ngendhem sengit marang sadulurira, pepadhanira elingna klawan ngeblak, sarta sira aja njalari dosanira dhewe marga saka wong iku.[18] Sira aja males ala lan aja ngigit-igit marang padha bangsanira; malah sira tresnaa marang pepadhanira dikaya marang awakira dhewe; Ingsun iki Yehuwah.

LUKAS 6:27-28
[27] “Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha Dakpituturi: Padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana.[28] Wong kang nyupatani kowe, padha suwunna berkah; wong kang sawenang-wenang marang kowe, padha dongakna becik.

MATEUS 5:23-24
[23] Mulane manawa kowe nggawa pisungusng menyang misbyah, mangka banjur kelingan yen sadulurmu lagi sengit karo kowe,[24] pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepe misbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik, sawuse banjur balia, nyaosna pisungsungmu.

1 YOKANAN 3:14-15
[14] Kita padha sumurup, yen kita wus padha ngalih saka ing pati marang urip, iya iku marga kita padha tresna marang para sadulur kita. Sapa kang ora nresnani sadulure, iku tetep dumunung ana ing pati.[15] Sok wonga kang sengit marang sadulure iku dadi juru mateni wong. Lan kowe padha sumurup, manawa ora ana juru mateni kang tetep kadunungan urip langgeng.

1 YOKANAN 4:19-20
[19] Anggon kita padha tresna iku, amarga Gusti Allah wus ngasihi marang kita luwih dhisik.[20] Manawa ana wong kang muni: “Aku tresna marang Gusti Allah,” mangka sengit marang sadulure, iku wong goroh. Awit wong kang ora tresna marang sadulure kang kasat mripat, kapriye anggone bisa tresna marang Gusti Allah kang ora katon?

KOHELET 3:1-8
[1] Samubarang kabeh iku ana wayahe, apa bae ing sangisore langit iki ana wayahe.[2] Ana wayahe lair, ana wayahe mati, ana wayahe nenandur, ana wayahe mbedholi kang ditandur.[3] Ana wayahe mateni, ana wayahe marasake; ana wayahe mbubrah, ana wayahe mbangun.[4] Ana wayahe nangis, ana wayahe ngguyu; ana wayahe sesambat, ana wayahe jejogedan.[5] Ana wayahe mbuwang watu, ana wayahe nglumpukake watu; ana wayahe ngrangkul, ana wayahe cegah ngrangkul.[6] Ana wayahe nggoleki, ana wayahe ngeklasake ilanging barang; ana wayahe nyimpen, ana wayahe mbuwang.[7] Ana wayahe nyuwek, ana wayahe ndondomi; ana wayahe meneng, ana wayahe caturan.[8] Ana wayahe nresnani, ana wayahe nyengiti; ana wayahe perang, ana wayahe rukun.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981