A A A A A

Sins: [Greed]


1 YOKANAN 2:16
Sabab samubarang kang ana ing donya, iku pepenginaning daging lan pepenginaning mripat tuwin digunging ngaurip, iku ora saka Sang Rama, nanging saka ing donya.

2 KORINTA 9:7
Saben wong pawewehe dikaya kang dadi rilaning atine, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawewehe kanthi suka-rila.

KOHELET 5:10
Manawa barang darbeke wuwuh, wong kang ngentekake uga wuwuh. Banjur apa kauntungane kang duwe kajaba mung ndeleng?

IBRANI 13:5
Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”

LUKAS 12:15
Banjur ngandika marang wong akeh: “Sing padha awas, wekanana sakabehing budi kethaha, sabab sanadyan wong duwe bandha nganti akeh banget, uripe wong iku ora gumantung marang kasugihane iku.”

MATEUS 6:24
“Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.

WULANG BEBASAN 11:28
Sing sapa ngandelake marang kasugihane bakal ambruk, nanging wong bener bakal semi kaya godhong enom.

WULANG BEBASAN 13:11
Bandha kang gampang olehe, mesthi bakal suda, nanging wong kang tlaten nglumpukake saka sathithik, bakal dadi sugih.

WULANG BEBASAN 14:31
Sing sapa nindhes wong apes, iku ngremehake marang Kang Nitahake, nanging sapa kang welas marang wong miskin, iku ngurmati Panjenengane.

WULANG BEBASAN 15:27
Sapa kang murka marang kauntungan peteng iku ngisruhake brayate dhewe, nanging kang sengit marang besel iku bakal urip.

WULANG BEBASAN 20:21
Raja-darbe kang anggone oleh klawan enggal ing wiwitane, wekasane ora diberkahi.

WULANG BEBASAN 22:1-9
[1] Pilih jeneng kang becik tinimbang karo kasugihan gedhe, luwih becik nampani katresnan katimbang oleh salaka lan mas.[2] Wong sugih lan wong mlarat padha papagan, sakaro-karone Pangeran Yehuwah kang nitahake.[3] Wong wicaksana manawa nyumurupi anane bilai, banjur ndhelik, balik wong ora duwe pangalaman terus bae lakune, temah ngalami kasangsaran.[4] Andhap-asor lan pangabekti marang Sang Yehuwah iku diganjar, kasugihan, kaluhuran lan urip.[5] Eri lan kala ana ing dalane wong kang atine culika, sing sapa kepengin njaga awake, iku ngedohi wong mau.[6] Wong anom iku gulawenthahen manut dalan kang laras tumrap dheweke, samangsa wus tuwa ora bakal nyleweng saka dalan iku.[7] Wong sugih nguwasani para wong miskin, lan sapa kang utang, dadi bature kang motangake.[8] Wong kang nyebar kaculikan bakal ngeneni pakewuh, temah gitiking nepsune bakal lebur.[9] Wong berbudi iku bakal binerkahan, awit wong mlarat padha dipandumi rejekine.

WULANG BEBASAN 28:22-25
[22] Wong kang cethil ngarah enggal sugih, lan ora ngawruhi yen bakal ngalami kacingkrangan.[23] Sing sapa melehake marang wong, iku wekasane luwih disenengi, tinimbang kang duwe ilat kanggo ngonggrong.[24] Sing sapa ngrampas darbeke bapa utawa biyunge, mangka duwe pangira, manawa iku dudu panerak, wong iku dhewe dadi mitrane juru pangrusak.[25] Wong murka iku njalari grejegan, nanging sing sapa pracaya marang Pangeran Yehuwah iku nampani kaluberan.

1 PETRUS 5:2-3
[2] Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi.[3] Kowe aja tumindak kaya-kaya nguwasani pasamuwan reksanmu, nanging dadia tuladha tumrap pepanthan iku.

1 KORINTA 4:11-13
[11] Nganti tumeka ing wektu iki aku padha nandhang luwe, ngelak, kawudan, digebugi sarta padha urip nglembara,[12] aku nglakoni pagawean kasar kang abot. Yen aku dipoyoki, aku padha mujekake becik; yen aku dikuya-kuya, aku padha sabar;[13] yen aku dipitenah, aku padha males sumeh; aku wis padha dadi leletheking jagad, padha karo kesede wong kabeh nganti tumeka saiki.

1 TIMOTEUS 6:6-19
[6] Pancen pangibadah iku manawa dikantheni pamarem, aweh kauntungan gedhe.[7] Sabab kita ora nggawa apa-apa menyang ing donya lan uga ora bisa nggawa apa-apa lunga.[8] Angger wis ana pangan lan sandhang, wis cukup.[9] Anadene wong-wong kang padha kapengin sugih padha tumiba ing panggodha lan ing kala tuwin kadunungan pepenginan warna-warna kang tanpa guna lan gawe cilaka kang ngeremake manungsa marang bilai tuwin karusakan.[10] Amarga kang dadi witing sakehing piala iku ambek karem bandha. Sabab marga saka anggone mburu dhuwit sawenehing wong padha nyimpang saka ing pracaya sarta nyiksa awake dhewe kalawan kasusahan warna-warna.[11] Nanging kowe, heh, manungsaning Allah, ngedohana iku kabeh, ngaraha marang kaadilan, kamursidan, kasetyan, katresnan, kasabaran lan budi sareh.[12] Nglakonana tarunging pracaya kang utama, nggayuha urip langgeng, kang dadi underane anggonmu katimbalan sarta anggonmu nglairake sahadat kang bener ana ing ngarepe seksi akeh.[13] Kowe dakprentah ana ing ngarsane Gusti Allah kang paring urip marang samubarang kabeh lan ana ing ngarsane Sang Kristus Yesus kang wus nglairake sahadat kang utama iku uga ana ing ngajengane Sang Pontius Pilatus:[14] Pakon iki tetepana ditanpa cacad lan tanpa sisip, kongsi tumekaning titimangsane Gusti kita Yesus Kristus ngatingal[15] yaiku ing titimangsa kang bakal katamtokake dening Sang Panguwaos kang ora ana tunggale lan kang kebak karahayon, Ratune para ratu sarta Gustine para gusti.[16] Iya mung Panjenengane iku kang ora kena ing pati, kang akadhaton ana ing pepadhang, kang ora kena pinerakan, kang ora tau dineleng ing wong, jalaran pancen ora ana wong kang bisa ndeleng ing Panjenengane. Iya Panjenengane iku kang sayogya kagungan kaluhuran lan panguwaos kang langgeng! Amin.[17] Para wong sugih ing donya iki padha elingna, supaya aja padha gumunggung lan aja padha kadunungan pangarep-arep marang samubarang kang ora tetep kaanane, kayata kasugihan, nanging marang Gusti Allah, kang marga saka sugihe, maringi marang kita samubarang kabeh, supaya kita rasakake nikmate.[18] Padha elingna, supaya padha nglakoni panggawe becik, dadi sugih ing bab kabecikan, dhangan weweh lan memandumi[19] temah padha nandho amal kang minangka pawitan kang prayoga kanggo ing tembe, supaya padha oleha urip kang sanyata.

YAKOBUS 5:1-6
[1] Ing saikine, he para wong sugih, nangisa sarta sesambata marga saka anane sangsara kang bakal tumempuh ing kowe![2] Kasugihanmu wis bosok sarta sandhanganmu padha kamangsa ing renget.[3] Mas sarta salakamu kapangan ing timbrah lan timbrahe bakal dadi paseksen tumrap ing kowe kabeh, sarta bakal memangsa dagingmu kayadene geni. Kowe wus numpuk bandha ing dina-dina wekasan iki.[4] Sajatine wus kaprungu panguwuh-uwuh, amarga opahing buruh kang wis padha ngeneni pametuning tegalmu koktahan, pangresulane wong kang padha derep wis kapireng ing talingane Pangeraning sakabehe tumitah.[5] Ana ing bumi iki kowe wus urip mukti sarta seneng-seneng. Kowe wus padha nyeneng-nyenengake atimu, kaya ing dina pasembelehan.[6] Wong bener kokukum malah kokpateni, lan ora bisa nglawan marang kowe.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981