A A A A A

Dosa: [Aborsi]


1 KORINTA 1:27
Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake para wong wicaksana, apadene kang kaanggep ringkih mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake kang rosa,

PANGANDHARING TORET 24:16
Aja nganti ana bapa kang diukum pati marga saka anake, lan uga aja nganti ana anak kang diukum pati marga saka bapakne; saben wong kaukuma pati mung marga saka dosane dhewe.

PANGANDHARING TORET 30:19
Langit lan bumi padha dakgawe seksi lawananmu ing dina iki; urip lan pati wus dakgelar ana ing ngarepmu, apadene berkah lan laknat. Kang iku kowe miliha urip, supaya lestaria urip, iya kowe dalah turunmu,

GALATI 1:15
Nanging bareng Panjenengane, kang wus miji aku wiwit aku isih ana ing guwagarbaning ibuku, lan nimbali aku marga saka sih-rahmate,

YESAYA 43:25
Ingsun, iya Ingsun iku Panjenengane kang ngicali dosaning pambalelanira marga saka Ingsun piyambak, lan Ingsun ora ngenget-enget marang dosanira.

YESAYA ४४:२४
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu, kang mangun kowe wiwit saka ing wetengan: “Ingsun iki Yehuwah, kang nitahake samubarang kabeh, kang njereng langit piyambakan, kang nggelar bumi -- sapa kang mbiyantu Ingsun? --

EFESUS 1:7
Sabab iya ana ing Panjenengane marga saka rahe, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmate,

PANGENTASAN 4:11
Nanging Sang Yehuwah ngandika: “Sapa kang nitahake ilate manungsa, lan sapa kang nitahake wong bisu utawa budheg, wong melek utawa wong wuta? Apa dudu Ingsun, Yehuwah?

YESAYA 64:8
Nanging sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka punika Rama kawula sadaya! Kawula sadaya punika lempung dene Paduka ingkang mangun kawula, sarta kawula sadaya punika yasaning asta Paduka.

YEREMIA 1:5
“Sadurunge Ingsun nggatra sira ana ing guwa-garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira, lan sadurunge sira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira, Ingsun wus netepake sira dadi nabine sakehing bangsa.”

JABUR 100:3
Padha sumurupa manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, Panjenengane iku kang nitahake kita lan kita dadi kagungane, umate lan pepanthan wedhus ngenngenane.

JABUR १२७:३
Lah anak-anak lanang iku pusaka peparinge Sang Yehuwah, wohing wetengan iku sawijining pituwas.

LUKAS 2:6-7
[6] Bareng wis tekan kono, Maryam anggone ngandheg wis tekan ing leke,[7] banjur mbabar Putra kakung, kang pambajeng, nuli digedhong lan diselehake ing pemakanan, sabab ana ing papan panginepan padha ora komanan panggonan.

EFESUS 1:3-4
[3] Pinujia Gusti Allah lan Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang wus mberkahi kita ana ing Sang Kristus kalawan sarupane berkah kasukman kang ana ing swarga.[4] Awit sadurunge jagad katitahake iya ana ing Panjenengane iku Gusti Allah wus milihi kita, supaya kita padha suci tanpa cacad ana ing ngarsane.

1 KORINTA 6:19-20
[19] Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi padalemane Sang Roh Suci kang ana ing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingake marang kowe dening Gusti Allah, sarta yen awakmu iku dudu awakmu dhewe?[20] Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah srana badanmu!

YESAYA 45:9-11
[9] Bilai wong kang padu kalawan Kang Nitahake; ora liya iku mung wingka pecahan kendhil! Apa lempung bakal celathu marang kundhi: “Apa kang kokgawe?” utawa marang apa kang wus digawe: “Kowe iku ora duwe tangan!”[10] Bilai wong kang celathu marang bapakne: “Apa kang kokanakake?” lan marang ibune: “Apa kang koklairake?”[11] Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Kang Mahasuci, Gusti Allah kang nitahake Israel: “Apa sira kang matur pitakon marang Ingsun bab putra-putraningSun, utawa kang prentah marang Ingsun bab apa kang kadamel dening astaningSun?

PANGENTASAN 21:22-25
[22] Yen ana wong kang lagi kerengan, mangka salah siji ana kang numbuk wong wadon kang lagi meteng, nganti runtuh wetengane, nanging kacilakan mau ora ndadekake patine, wong kang numbuk mau kadhendha kaya sapanjaluke bojone wong wadon mau, miturut putusane hakim.[23] Nanging manawa wong wadon kang kacilakan iku nganti mati, sira kudu menehi nyawa lirune nyawa,[24] mata lirune mata, untu lirune untu, tangan lirune tangan, sikil lirune sikil,[25] mlicet lirune mlicet, tatu lirune tatu, abuh lirune abuh.

JABUR 139:13-16
[13] Awit Paduka piyambak ingkang mangun ginjel kawula, Paduka ingkang nenun kawula wonten ing guwagarbanipun biyung kawula.[14] Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kadadosan kawula. Pakaryan Paduka punika elok, nyawa kawula sanget anggenipun ngraosaken bab punika.[15] Paduka boten kasamaran dhateng balung-balung kawula, nalika kawula katitahaken wonten ing pasingidan, saha kawangun wonten ing telenging bumi.[16] Tingal Paduka nguningani dhateng kawula, nalika kawula taksih dhapur gatra, sadaya punika sampun sami kaserat wonten ing kitab Paduka, dinten-dinten ingkang badhe kawontenaken, nalika satunggal kemawon dereng wonten.

LUKAS 1:41-44
[41] Kocapa nalika Elisabet krungu uluk-salame Maryam, bayi kandhutane nggronjal, wasana Elisabet banjur kapenuhan ing Roh Suci[42] sarta kalawan sora calathu: “Kowe iku binarkahan ana ing antarane wong wadon kabeh, apamaneh binarkahana wohing kandhutanmu.[43] Sapa ta aku iki, dene nganti karawuhan ibune Gustiku?[44] Amarga sanyatane, bareng uluk-salammu umama ing kupingku, bayi kandhutanku nggronjal, marga saka senenge.

PANGENTASAN 20:1-13
[1] Gusti Allah banjur ndhawuhake sakehe pangandika iki:[2] “Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, ing tanah pangawulan.[3] Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.[4] Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi.[5] Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,[6] nanging kang nandukake sih palimirma marang wong pirang-pirang ewu, yaiku kang padha tresna marang Ingsun lan netepi pepakeningSun.[7] Sira aja nyebut nyawiyah asmaning Yehuwah Gusti Allahira, awitdene Pangeran Yehuwah mesthi mastani luput marang sadhengah wong kang nyawiyah marang asmane.[8] Sira elinga marang ing dina Sabat, sarta sira sucekna,[9] nem dina sira nyambuta gawe lan nglakonana sapagaweanira kabeh,[10] nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira; ing dina iku sira aja nyambut gawe, iya sira iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan kewanira, apadene wong liya kang ana ing papan panggonanira.[11] Awitdene sajrone nem dina anggone Pangeran Yehuwah nitahake langit lan bumi sagara lan saisine kabeh, sarta banjur kendel ing dina kapitu, mulane dina Sabat iku diberkahi lan disucekake dening Pangeran Yehuwah.[12] Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.[13] Sira aja memateni.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981