A A A A A

Misteri: [Dina / Masa Depan Terakhir]


1 KORINTA 4:5
Mulane kowe aja ngadili sadurunge tekan ing wektune, yaiku sadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kang bakal medharake samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairake ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal oleh pangalem saka Gusti Allah.

1 YOKANAN 2:18
He, bocah-bocah, iki wektu kang wekasan. Lan kaya anggonmu wus padha krungu warta yen si Anti-Kristus bakal teka, mangkono uga ing samengko iya wus akeh Anti-Kristus kang padha jumedhul. Kang mangkono iku dadi pratandha yen iki nyata-nyata wektu kang wekasan.

DHANIEL 12:4
Nanging kowe, Dhaniel, kabeh pangandika iku simpenen, sarta Kitab iku segelen nganti tumeka ing wekasaning jaman; akeh wong kang bakal niti-priksa, apadene kawruh bakal saya wuwuh.”

YESAYA 46:10
kang paring sumurup wiwit ing sakawit prakara kang ing tembe bakal kelakon lan wiwit ing jaman kuna apa kang durung kelakon, kang ngandika: PutusaningSun bakal tumindak, tuwin sakehe karsaningSun bakal kelakon,

YOKANAN 6:39
Dene karsane Sang Rama kang ngutus Aku iku mangkene: Kabeh kang wus kaparingake marang Aku iku aja nganti ana kang ilang, nanging supaya Daktangekna besuk ing wekasaning jaman.

YUDAS 1:7
iya kayadene Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing saubenge, kang carane laku jina padha kaya mangkono iku sarta padha mburu kamareman kang ora lumrah, anggone wus padha kasiksa ing geni langgeng, minangka pepeling tumrap sakabehing manungsa.

LUKAS 18:8
Aku pitutur marang kowe: Panjenengane bakal enggal maringi adil. Nanging manawa Putraning Manungsa rawuh, apa bakal manggih pangandel ana ing bumi?”

WAHYU 21:8
Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”

RUM 10:13
Awitdene sapa kang nyebut Asmaning Pangeran bakal kapitulungan rahayu.

IBRANI 1:1-2
[1] Sawise nalika jaman biyen Gusti Allah ngandika marang para leluhur kita nganti marambah-rambah sarta kalawan patrap warna-warna lumantar para nabi,[2] ing jaman wekasan iki Panjenengane wus ngandika marang kita lumantar Kang Putra, kang wus ditetepake dadi ahli-warise tumrap samubarang kabeh; iya lumantar Panjenengane Gusti Allah anggone wus nitahake alam jembar.

2 PETRUS 3:3-4
[3] Kang luwih dhisik kudu koksumurupi, yaiku manawa besuk ing dina-dina wekasan bakal ana juru-juru pamoyok kang jumedhul memoyoki, yaiku wong kang lakune padha nuruti hawa-nepsune,[4] sarta kang padha duwe uni mangkene: “Endi prasetya bakal rawuhe iku? Jalaran wiwit nalika ngajale para leluhurkita samubarang kabeh ajeg bae kaya nalika donya dititahake.”

1 TIMOTEUS 4:1-3
[1] Ananging ana pangandikaning Roh kang cetha, yen ing tembe bakal ana wong kang padha murtad banjur ngeloni roh-roh panasaran lan piwulanging setan-setan[2] marga saka kena pambujuking wong doracara, kang swaraning batine nganggo cape wong-wong mau,[3] kang menging jejodhoan, akon nyirik bangsane pangan, kang katitahake dening Gusti Allah, supaya dipangan kalawan saos sokur dening para wong kang pracaya lan kang wus wanuh marang kayekten.

WAHYU 13:16-18
[16] Karodene si kewan mau marakake wong kabeh, gedhe cilik, sugih miskin, mardika lan batur tukon, tangane tengen utawa bathuke padha dicireni,[17] sarta ora ana wong bisa tetuku utawa dodolan kajaba mung kang kanggonan ciri mau, yaiku jenenge si kewan utawa cacahe wilanganing jenenge.[18] Kang prelu ing kene yaiku kawicaksanan; sapa kang wicaksana iku ngetunga cacahing wilangane si kewan iku, awit iku wilangane sawijining manungsa, lan cacahe yaiku nem atus sawidak nenem.

2 TIMOTEUS 3:1-5
[1] Sumurupa, yen ing dina-dina wekasan bakal ana mangsa kang rekasa.[2] Wong akal padha mung mikir marang awake dhewe lan karem bandha. Bakal padha gumunggung, lan mamerake dhiri pribadi, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora duwe panarima, ora mreduli marang agama,[3] ora bisa atindak tresna, ora gelem rukun, seneng ngala-ala wong, ora bisa ngendhaleni dhiri, ambek siya, ora dhemen marang kang becik,[4] seneng cidra, ora mulur budine, kumenthus, milaur nuruti pakareman katimbang karo manut marang Gusti Allah.[5] Anggone padha nindakake pangibadah mung laire bae, nanging lugune padha ora nganggep marang sawabe. Dohana wong-wong kang kaya mangkono iku!

WAHYU 1:1-7
[1] Iki wahyune Gusti Yesus Kristus, kang kaparingake dening Gusti Allah marang Panjenengane, supaya katedahake marang para abdine bab apa kang pinasthi bakal enggal kalakon. Sarta Panjenengane wus medharake bab iku marang Yokanan abdine, lumantar malaekat utusane.[2] Yokanan wus nekseni bab pangandikane Gusti Allah lan bab paseksen kang kaparingake dening Gusti Yesus Kristus, yaiku sabarang apa kang wus dideleng.[3] Rahayu wong kang macakake lan para wong kang ngrungokake pangandika pamedhar wangsit iki sarta kang netepi apa kang katulisan ing jerone, awit wektune wis cedhak.[4] Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,[5] sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhewe wungu saka ing antarane wong mati lan kang nguwaosi sakehing ratu ing bumi iki. Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang wus mbirat dosa kita kalawan rahe, --[6] lan kang wus ngangkat kita dadi sawijining karajan, padha dadi imam sumaos marang Gusti Allah, kang Rama, -- iya kagem Panjenengane iku kamulyan lan panguwasa nganti ing salawas-lawase. Amin.[7] Kawruhana, Panjenengane rawuh nitih mega lan saben mripat bakal ndeleng Panjenengane, dalah wong kang wus padha nyubles Panjenengane. Sarta sakehing bangsa ing salumahing bumi bakal sambat-sambat marga saka Panjenengane. Iya, Amin.

MATEUS 24:36-44
[36] Mung bae, mungguh dina lan wayahe iku, ora ana wong siji-sijia kang sumurup, para malaekat ing swarga ora, Sang Putra iya ora, kajaba mung Sang Rama piyambak.”[37] Sabab kayadene nalika jamane Nabi Nuh, iya mangkono besuk bakal rawuhe Putraning Manungsa.[38] Marga padha kaya dhek jaman sadurunge banjir patopan, wong-wong padha mangan lan ngombe, omah-omah lan ngomah-omahake, nganti dina anggone Nabi Nuh lumebet ing prau,[39] lan padha ora nglegewa nganti tekane banjir kang nyirnakake wong-wong mau kabeh, mangkono uga besuk ing dina rawuhe Putraning Manungsa.[40] Ing wektu iku manawa ana wong loro ana ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katinggal.[41] Manawa ana wong wadon loro kang padha siji bakal kapulung sijine katinggal.[42] Mulane padha rumantia, amarga kowe ora ngreti dina rawuhe Gustimu.[43] Nanging iki kawruhana: Saupama kang duwe omah iku ngreti wayahe tekane maling ing wayah bengi, mesthi banjur jaga-jaga, ora bakal aweh omahe dibabah.[44] Awit saka iku, kowe uga padha rumantia. amarga rawuhe Putraning Manungsa iku ing wayah kang ora koknyana.”

MATEUS 24:1-14
[1] Sawise iku Gusti Yesus banjur miyos saka ing Padaleman Suci lan tindak saka ing kono. Para sakabate tumuli padha nyelaki Panjenengane, diaturi mirsani yeyasan-yeyasaning Padaleman Suci.[2] Banjur padha dipangandikani: “Apa kowe padha ndeleng iku kabeh? Satemene Aku pitutur marang kowe, bakale ing kene ora ana watu siji bae kang lestari tumumpang ing watu liyane, kabeh bakal dijugrugi.”[3] Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunung Zaitun, para sakabat padha ngadhep ing ngarsane piyambakan lan matur: “Guru, mugi karsaa paring sumerep dhateng kawula sadaya, benjing punapa badhe kalampahanipun punika, sarta punapa tandha-tandhanipun rawuh Paduka saha dinten wekasan?”[4] Paring wangsulane Gusti: “Padha diawas, aja nganti kowe disasarake ing wong![5] Amarga akeh wong kang bakal teka nganggo jenengKu lan calathu: Aku iki Sang Kristua, sarta bakal nasarake wong akeh.[6] Kowe bakal krungu swaraning perang utawa kabar-kabar bab perang. Nanging diawas, aja padha kaget, sabab iki kudu kalakon, ewadene iku durung wekasane.[7] Sabab bangsa bakal nglawan bangsa, krajan nglawan krajan. Bakal ana pailan lan lindhu ing pirang-pirang panggonan.[8] Nanging iku kabeh mung lagi wiwitaning sangsara ngarepake jaman anyar.[9] Ing nalika iku kowe bakal dipasrahake supaya disiksa lan kowe bakal dipateni sarta bakal disengiti dening sakabehing bangsa marga saka jenengKu.[10] Ing kono bakal akeh wong kang murtad sarta padha ulung-ingulungake lan sengit-sinengitan.[11] Lan maneh bakal akeh nabi palsu kang muncul lan nasarake wong pirang-pirang.[12] Apamaneh marga saka saya wuwuhe duraka, temahan wong kang akeh-akeh padha suda katresnane.[13] Nanging sing sapa mantep tekan ing wekasan, iku bakal rahayu.[14] Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakake ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabehing bangsa. Sawise iku lagi dina wekasan.”

JABUR 91:1-16
[1] Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa,[2] iku bakal nyebut marang Yehuwah mangkene: “Pangungsen saha beteng kawula, Gusti Allah kawula ingkang kawula andelaken.”[3] Sanyata Panjenengane iku kang bakal nguwalake kowe saka ing jirete juru pikat, lan saka pageblug kang mbilaeni.[4] kowe bakal dikemuli kalawan elare, bakal diayomi ing sangisoring siwiwine, kasetyane iku minangka tameng lan pager tembok.[5] Kowe ora usah wedi marang pagiris ing wayah bengi, marang panah kang lumepes ing wayah awan,[6] marang pageblug kang lumaku ana ing pepeteng, tuwin marang lelara pes kang ngamuk ing wayah sore.[7] Sanadyan ing sandhingmu ana wong kang ambruk sewu, sarta sepuluh ewu ana ing tengenmu, ewadene kowe dhewe ora bakal ketaman;[8] iku mung koksawang kalawan mripatmu dhewe bae, lan ndeleng piwales marang para wong duraka.[9] Amarga Pangeran Yehuwah iku dadi pangayomanmu, Kang Mahaluhur iku wus kokdadekake pangaubanmu,[10] Kowe ora bakal katempuh ing bilai, sarta ora ana wewelak kang nyedhaki tarubmu;[11] awit Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate ing ngatase kowe, supaya rumeksa marang kowe ana ing sakehing dalanmu.[12] Kowe bakal ditadhahi ing tangane, supaya kowe aja nganti kesandhung ing watu.[13] Singa lan ula bedhudhak bakal padha koklangkahi, singa nom lan ula naga bakal kokidak-idak.[14] “Sanyata, sarehne rumaket marang Ingsun, mulane bakal Sunluwari, bakal Sunpageri santosa awit wanuh marang asmaningSun.[15] Yen sesambat marang Ingsun bakal Sunsembadani, ing sajroning karubedan bakal Sunkanthi, bakal Sunentasake lan Sunluhurake,[16] bakal Sunwaregi kalawan umur dawa, lan karahayoningSun bakal Suntedahake marang dheweke.”

2 TIMOTEUS 3:1-17
[1] Sumurupa, yen ing dina-dina wekasan bakal ana mangsa kang rekasa.[2] Wong akal padha mung mikir marang awake dhewe lan karem bandha. Bakal padha gumunggung, lan mamerake dhiri pribadi, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora duwe panarima, ora mreduli marang agama,[3] ora bisa atindak tresna, ora gelem rukun, seneng ngala-ala wong, ora bisa ngendhaleni dhiri, ambek siya, ora dhemen marang kang becik,[4] seneng cidra, ora mulur budine, kumenthus, milaur nuruti pakareman katimbang karo manut marang Gusti Allah.[5] Anggone padha nindakake pangibadah mung laire bae, nanging lugune padha ora nganggep marang sawabe. Dohana wong-wong kang kaya mangkono iku![6] Sabab ing antarane wong-wong iku ana kang padha nylinthut lumebu ing omahe wong liya lan mbebujuk wong-wong wadon kang ringkih kang kabotan dosa sarta kang kawengku ing pepenginan marupa-rupa,[7] kang ora tau sumurup maran kayekten sanadyan tansah kapengin kawulang.[8] Padha kaya Yanes lan Yambres anggone nglawan marang Nabi Musa, mangkono uga wong-wong mau padha nglawan marang kayekten. Pikirane bobrok, lan pracayane ora tahan suwe.[9] Nanging wis mesthi yen wong-wong mau ora bakal padha bisa tulus, amarga kayadene Yanes lan Yambres, samono uga kabodhoane wong-wong mau bakal luwih dening cetha tumrap wong kabeh.[10] Nanging kowe wis ngandhemi piwulangku, caraku urip, panemu-panemuku, pracayaku, kasabaranku, katresnanku lan tumemenku.[11] Kowe wis melu nandhang panganiaya lan sangsara kaya kang wis dakrasakake ana ing kutha Antiokhia, ing Ikonium lan ing Listra. Sakehing panganiaya iku daklakoni lan Gusti wis ngluwari saka iku kabeh.[12] Pancen saben wong kang nedya urip kalawan nindakake pangibadah ing sajroning Sang Kristus Yesus, iku bakal nandhang panganiaya.[13] Dene wong ala lan culika iku bakal saya wuwuh alane, padha disasarake lan nasarake.[14] Nanging kowe tetepa nggondheli ing kayekten kang wus koktampani lan kokyakini, kalawan tansah elinga marang wong kang wus mulangake bab iku marang kowe.[15] Elinga uga, yen wiwit cilik kowe wus wanuh karo Kitab Suci, kang bisa ngolehake kawicaksanan marang kowe lan nuntun kowe marang karahayon marga saka pracaya marang Gusti Kristus Yesus.[16] Sakehing tulisan kang diwangsitake dening Gusti Allah iku pancen migunani kanggo memulang, kanggo melehake, kanggo mbangun wewatekan tuwin kanggo nggulawenthah ing sajroning kayekten.[17] Marga saka mangkono saben wong kagungane Gusti Allah iku disamektani kanggo nindakake samubarang kang becik.

LELAKONE PARA RASUL 2:1-17
[1] Bareng ing dina riyaya Pentekosta, kabeh wong padha nglumpuk.[2] Dumadakan ana swara saka ing langit, saemper sumiyuting angin gedhe, kang ngebeki saomah kang kanggo lelungguhan,[3] banjur padha ndeleng ilat-ilatan kaya urubing geni, kang ambyar lan nibani sawiji-wijining wong mau kabeh.[4] Tumuli kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci sarta banjur padha wiwit guneman nganggo basa-basa liya, bab kang kawisikake dening Roh supaya kalairake.[5] Nalika samana ing Yerusalem ana wong-wong Yahudi kang saleh saka sarupaning bangsa ing sangisoring langit.[6] Bareng ana swara mangkono mau, tumuli wong akeh padha teka kumrubut sarta padha kuwur atine, amarga saben wong krungu para rasul padha ngandika ngagem basane wong-wong mau.[7] Kabeh padha njenger kaeraman, banjur padha calathu: “Apa sing padha caturan iku dudu wong Galilea?[8] Kapriye dene kita dhewe-dhewe padha krungu anggone caturan nganggo basa kita dhewe, yaiku basa kang kita anggo ana ing nagara asal kita:[9] kita iki wong Partia, Media, Elam, kang padha manggon ing Mesopotamia, Yudea lan Kapadhokia, Pontus lan Asia,[10] Frigia lan Pamfilia, Mesir lan ing wewengkone tanah Libia kang cedhak karo Kirene, wong-wong neneka saka ing nagara Rum,[11] iya wong Yahudi iya wong kang manjing agama Yahudi, wong Kreta lan wong Arab, kita krungu wong-wong iku padha calathu nganggo basa kita dhewe-dhewe bab pakaryan-pakaryan agung kang katindakake dening Gusti Allah.”[12] Kabeh padha kaeraman sarta bingung lan padha sapocapan mangkene:[13] “Apa ta tegese iki?” Nanging wong liyane ana kang ngece, calathune: “Wong iku rak padha mendem anggur manis.”[14] Rasul Petrus tumuli jumeneng dalah para kanthine sawelas, sarta ngandika kalawan swara sora marang wong-wong mau: “Para sadherek Yahudi saha panjenengan sadaya ingkang sami dedalem ing kitha Yerusalem, mugi sami nguninganana saha kula aturi midhangetaken atur kula.[15] Tiyang-tiyang punika boten sami mendem, kados panginten panjenengan, amargi sapunika saweg jam sanga.[16] Nanging inggih punika ingkang kapangandikakaken dening Gusti Allah lumantar Nabi Yoel makaten:[17] Besuk ing dina-dina kang wekasan -- mangkono pangandikaning Allah -- Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang sakabehing manungsa; anak-anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit, lan wong nom-nomanira bakal padha ndeleng wahyu, sarta wong-wongira kang wis tuwa bakal padha oleh impen.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981