A A A A A

Misteri: [Raksasa ing Alkitab]


PANGANDHARING TORET 1:28
Kita banjur arep menyang ing ngendi? Sadulur-sadulurku wus padha gawe remuking atiku srana ngucap mangkene: Bangsa ing kono iku cacahe akeh, dedege ngungkuli aku, kutha-kuthane gedhe-gedhe lan balowartine sundhul ing langit, karodene aku iya padha ndeleng wong bani Enak ana ing kono.

PANGANDHARING TORET 3:11
Mung Prabu Og, ratu ing Basan, iku kang isih sugeng saka ing antaraning kekarene wong Refaim; anadene pasareane iku pasarean wesi; iku rak isih ana ing Raba ing wewengkone bani Amon! Dawane sangang asta, lan ambane patang asta, miturut ukuran asta umum.”

PURWANING DUMADI 6:4
Ing nalika samana ing bumi ana bangsa kang wong-wonge gedhe dhuwur; ing sapungkure iku iya ana, ing nalikane para putraning Allah padha awor karo anake wadon para manungsa sarta iku padha duwe anak, iya iku para wong kang gagah prakosa ing jaman kuna kang jenenge misuwur.

YESAYA 40:22
Panjenengane kang lenggah ing dhampar ana ing sadhuwuring bunderan bumi kang pendhudhuke kaya walang; iya Panjenengane iku kang mbeber langit kaya lawon lan masang iku kaya tarub kang dienggoni!

YAKOBUS 2:24
Dadi kowe padha sumurup, manawa manungsa anggone kabenerake iku jalaran saka panggawe, ora mung saka pracaya bae.

YUSAK 11:21
Nalika samana Senapati Yusak rawuh numpes wong Enak ing pagunungan Hebron, ing Debir, ing Arab, ing sawratane pagunungan Yehuda, lan ing sawratane pagunungan Israel. Iku kabeh dalah kutha-kuthane padha katumpes dening Senapati Yusak.

YUDAS 1:6
Anadene Panjenengane nahan malaekat kang ora padha netepi wates-watesing panguwasane, nanging padha ninggal papan padunungane, srana blenggu kang langgeng ana ing pepeteng nganti tekaning pangadilan ing dina gedhe,

WILANGAN 13:23-33
[23] Satekane ing lebak Eskol, padha ngethok pange wit anggur dalah wohe sadhompol, banjur dipikul wong loro; mangkono uga padha nggawa woh delima lan woh anjir sawatara.[24] Panggonan mau kaaranan lebak Eskol, marga saka dhompolan woh anggur kang dikethok dening wong Israel ana ing kono.[25] Sawuse patang puluh dina anggone nelik tanah iku banjur padha bali,[26] tumuli terus sowan marang ngarsane Nabi Musa, Imam Harun lan sagolonganing pasamuwane wong Israel ana ing Kadesy ing pasamunan Paran, ngaturi pratela marang panjenengane lan marang wong sapasamuwan kabeh, klawan padha dituduhi pametune tanah.[27] Caritane mangkene: “Anggen kula sami panjenengan utus dhateng ing nagari punika inggih sampun kelampahan saged lumebet, mangka sayektos nagari wau luber puwan lan madu, lah punika angsal-angsalipun.[28] Amung kemawon bangsa ingkang ngenggeni nagari punika sami prakosa, saha kitha-kithanipun kiyat santosa saha langkung dening ageng, punapa malih wonten ing ngriku kula inggih sami sumerep turunipun Enak.[29] Tiyang Amalek ingkang ngenggeni tanah Negeb, tiyang Het, tiyang Yebus lan tiyang Amori sami manggen ing pareden, wondene tiyang Kanaan manggen ing sauruting pasisir lan sauruting benawi Yarden.”[30] Ing kono Kaleb banjur mbudi-daya nentremake atine wong sabangsa ana ing ngarsane Nabi Musa, pangucape: “Boten! Kula sadaya sami badhe majeng nglurug, ngejegi nagari punika, margi temtu badhe kita kawonaken!”[31] Nanging para kanca barengane mrana padha celathu mangkene: “Kita boten keconggah nempuh bangsa punika, margi langkung kiyat tinimbang kita.”[32] Wong-wong mau padha aweh pawarta kang ala marang wong Israel bab tanah kang wus ditelik mau, celathune: “Nagari ingkang sampun kula dlajahi lan kula telik punika nagari ingkang mangsa tiyang ingkang ngenggeni, sarta sakathahipun tiyang ingkang sampun sami kula tingali wonten ing ngrika punika dedeg-pangadegipun inggil-inggil.[33] Wonten ing ngriku kula inggih sami ningali tiyang-tiyang ingkang ageng inggil nggegirisi, tiyang Enak ingkang asalipun saking tiyang-tiyang pangawak redi, saha kula ningali badan kula piyambak sami kadosdene walang, sarta tiyang punika anggenipun ningali kula inggih makaten.”

JABUR 3:6
Aku leyeh-leyeh banjur turu; aku tangi, amarga disantosakake dening Sang Yehuwah.

WAHYU 17:8
Kewan kang kokdeleng iku maune ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedhul saka ing teleng, sarta marani ing karusakan. Anadene para kang manggon ana ing bumi, kang jenenge ora katulisan ing buku kauripan wiwit jagad tinalesan, iku bakal padha kaeraman, samangsa padha weruh si kewan, dene maune ana saiki ora ana, mangka bakal ana maneh.

RUM 6:23
Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.

AMOS 2:9-10
[9] Mangka Ingsun kang wus numpes saka ing ngarepe bangsa Amori, bangsa Amori kang dedege kaya wit eres lan kang santosa kaya wit elon, padha Suntumpes wohe ing dhuwur lan oyode ing ngisor.[10] Mangka Ingsun kang ngirid lakunira metu saka ing tanah Mesir, lan lakunira Sunkanthi ana ing pasamunan lawase patang puluh taun, supaya sira bisa ngejegi nagarane wongn Amori.

PANGANDHARING TORET 2:10-21
[10] Maune tanah iku dienggoni dening bangsa Emim, iku bangsa kang gedhe lan akeh cacah-jiwane, sarta dedege dhuwur kaya bangsa Enak;[11] bangsa iku dikira bangsa Refaim kaya bangsa Enak mau, nanging wong Moab ngarani bangsa Emim.[12] Dhek biyen pagunungan Seir iku dienggoni dening bangsa Hori, nanging bani Esap wus ngejegi wilayahe, sarta bangsa iku ditumpes lan kasirnakake, bani Esap iku banjur padha ngenggoni tilas panggonane nggenteni wong-wong iku, padha kaya kang wus ditandukake dening wong Israel tumrap tanah-pusakane kang kaparingake dening Sang Yehuwah.[13] Mulane saiki sira padha mangkata, nyabranga ing kali Zered. Tumuli kita iya padha nyabrang ing kali Zered.[14] Anadene lawase anggon kita padha nglembara saka ing Kadesy-Barnea nganti tekan ing sabrange kali Zered mau, telung puluh wolu taun, nganti sagolonganing para prajurit iku wus padha sirna kabeh saka ing pakemahan, kaya anggone wus padha kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos;[15] sarta astane Sang Yehuwah uga nglawan wong-wong mau, padha ditumpes lan kasirnakake saka ing pakemahan nganti entek kabeh.[16] Bareng bangsa iku para prajurite wus padha entek mati kabeh,[17] Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang aku mangkene:[18] Ing dina iki lakunira bakal ngliwati tapel-watese tanah Moab, yaiku Ing Ar;[19] sarta nyedhaki tlatahe wong bani Amon. Sira aja nglawan lan aja nempuh bangsa iku, awitdene sira bakal ora Sunparingi apa-apa saka nagarane bani Amon dadi darbekira, marga iku wus Sunparingake marang turune Lut dadi darbeke.[20] Tanah iku iya dikira nagarane bangsa Refaim; pancen maune bangsa Refaim kang ngenggoni, nanging wong Amon padha ngarani bangsa Zamzumim;[21] iku bangsa kang gedhe lan akeh cacahe, dedege kayadene bangsa Enak, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadekake tumpese bangsa mau ana ing ngarepe bangsa Amon, temah bangsa iki banjur padha ngendhih tanahe sarta nggenteni manggon ana ing kono;

PURWANING DUMADI 6:1-4
[1] Kacarita nalika manungsa wus wiwit ngambra-ambra ana ing bumi lan padha duwe anak wadon,[2] para putraning Allah bareng weruh anake wadon para manungsa iku padha ayu-ayu, temah padha ngalap somah marang iku, milih endi kang disenengi.[3] Ing kono pangandikane Sang Yehuwah: “RohingSun ora bakal salawase tetunggalan karo manungsa, amarga mung awujud daging, mulane ing sabanjure umure mung bakal kari satus rong puluh taun.”[4] Ing nalika samana ing bumi ana bangsa kang wong-wonge gedhe dhuwur; ing sapungkure iku iya ana, ing nalikane para putraning Allah padha awor karo anake wadon para manungsa sarta iku padha duwe anak, iya iku para wong kang gagah prakosa ing jaman kuna kang jenenge misuwur.

1 BABAD 20:4-8
[4] Sawuse mangkono tuwuh peperangan nglawan wong Filisti ana ing Gezer; ing nalika iku Sibkhai, wong ing Husa, mateni Sipai, panunggalane wong turuning wong gedhe dhuwur ngedab-edabi, iku padha ditelukake.[5] Nuli ana peperangan maneh nglawan wong Filisti; nalika iku Elhanan bin Yair mateni Lakhmi, sadulure Goliat, wong Gat, lan landheyaning tumbake gedhene sangilinganing tukang tenun.[6] Banjur ana peperangan maneh ing Gat; ing kono ana wong kang gedhe dhuwur, tangan lan sikile drijine ngenem, dadi gunggunge patlikur; iki uga kagolong turuning wong gedhe-dhuwur ngedab-edabi.[7] Wong mau ngala-ala marang wong Israel, wasana banjur dipateni dening Sang Yonatan bin Simea, rakane Sang Prabu Dawud.[8] Wong iku padha kagolong turuning wong gedhe dhuwur ngedab-edabi ing Gat, sarta padha mati dening astane Sang Prabu Dawud lan dening tangane para abdine.

2 SAMUEL 21:15-22
[15] Nalika kelakon ana perang maneh antarane wong Filisti lan wong Israel, Sang Prabu Dawud kadherekake wadyabalane, banjur perang nglawan wong Filisti, nganti Sang Prabu Dawud sayah banget.[16] Yisbi-Benob, kang kagolong turune wong kang ngedab-edabi gedhe dhuwure -- boboting tumbake telung atus sekel tembaga lan nyengkelit pedhang kang anyar -- ngira bisa nyedani Prabu Dawud.[17] Nanging Sang Abisai bin Zeruya banjur mbiyantu Sang Prabu Dawud, nuli ngebrukake lan mateni wong Filisti iku. Ing wektu iku wadyabalane Prabu Dawud nyuwun kalawan banget marang panjenengane, unjuke: “Panjenengan dalem sampun ngantos nyarirani perang sesarengan kaliyan kawula, supados turunipun Israel sampun ngantos tumpes sareng kaliyan panjenengan dalem.”[18] Sawuse iku kelakon ana perang maneh nglawan bala Filisti ana ing Gob; ing nalika samana Sibkhai wong ing Husa, ngasorake Saf, kang kagolong turune wong kang gedhe dhuwur ngeram-eramake.[19] Banjur ana perang maneh nglawan bala Filisti ana ing Gob; Elhanan bin Yaare-Oregim, wong ing Betlehem, ngalahake Goliat, wong ing Gat, kang landheyaning tumbake kaya guluning abah-abah tenunan.[20] Nuli ana perang maneh ing Gat; ing kono ana wong kang dhuwur dedege, drijining tangane lan sikile nenem: gunggunge cacah patlikur; wong iku uga kagolong turune wong kang ngedab-edabi gedhe dhuwure.[21] Wong iku nyampahi bangsa Israel; iku nuli dipateni dening Yonatan bin Simea, kang raka Sang Prabu Dawud.[22] Wong papat iku kagolong turune wong kang gedhe dhuwur ing Gat, iku padha tiwas dening astane Sang Prabu Dawud lan tangane para balane.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981