A A A A A

Mysteries: [Dreams]


1 SAMUEL 28:15
Sawuse iku Nabi Samuel ngandika marang Sang Prabu Saul: “Geneya kowe ngregoni aku lan nekakake aku?” Wangsulane Sang Prabu Saul: “Kula kepepet sanget, bangsa Filisti nglurugi perang nglawan kula lan Gusti Allah sampun linggar saking kula. Panjenenganipun sampun boten miyarsakaken pandonga kula malih, inggih dadosa lumantar para nabi, dadosa sarana impen. Milanipun kula ngaturi panjenengan, supados maringi pitedah dhateng kula, punapa ingkang wajib kula lampahi.”

LELAKONE PARA RASUL 2:17
Besuk ing dina-dina kang wekasan -- mangkono pangandikaning Allah -- Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang sakabehing manungsa; anak-anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit, lan wong nom-nomanira bakal padha ndeleng wahyu, sarta wong-wongira kang wis tuwa bakal padha oleh impen.

DHANIEL 1:17
Nonoman papat mau padha diparingi dening Gusti Allah kawruh lan kapinteran bab tulisan lan kawicaksanan warna-warna, dene Dhaniel uga kadunungan pangreten bab wahyu lan impen rupa-rupa.

KOHELET 5:7
Manawa ana ing sawijining dhaerah kowe nyumurupi wong miskin ditindhes lan angger-angger tuwin kaadilan katerak, kowe aja gumun, amarga kang pangkat dhuwur kang siji ngulat-ulatake sijine, mangkono uga kang luwih dhuwur pangkate padha ngulat-ulatake wong-wong mau.

PURWANING DUMADI 20:3
Nanging Gusti Allah ngetingali marang Sang Prabu Abimelekh ing sajroning pasupenan lan ngandika: “Lah sira mesthi bakal mati marga saka wong wadon kang sira jupuk iku, sabab iku wus duwe bojo.”

PURWANING DUMADI 40:8
Wangsulane lurah sakarone: “Aku padha ngimpi, nanging ora ana wong kang bisa nerangake tegese.” Ature Yusuf marang wong-wong mau: “Ingkang nerangaken impen punika rak namung Gusti Allah” Sumangga, impen wau kula aturi nyariyosaken dhateng kula!”

PURWANING DUMADI 42:9
Sang Yusuf tumuli kengetan marang supenane ing bab para sadhereke. Bajur ngandika maneh: “Kowe iku mesthi telik, tekamu mrene arep nitik-nitik ngendi panggonan kang ora dijaga.”

YEREMIA 23:32
Lah, Ingsun bakal nglawan para nabi, kang medharake impene kang goroh, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah; -- lan kang padha ngandhakake iku lan nasarake umatingSun kalawan anggone goroh lan umuk. Ingsun iki ora tau ngutus lan dhawuh marang para wong iku. Wong-wong iku ora ana gunane babar pisan tumrap bangsa iki. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

MATEUS 2:13
Sapungkure para pandhita mau lah tumuli ana malaekating Pangeran, kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning pangimpen lan dhawuh:“Tangia, Sang Timur lan kang ibu ungsekna menyang ing tanah Mesir, sarta manggona ing kana nganti Ingsun paring pangandika marang sira; mulane mangkono awit Herodhes bakal nggoleki Sang Timur arep disedani.”

MATEUS 2:19
Bareng Sang Prabu Herodhes wus seda, ana malaekating Pangeran kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning pangimpen ana ing tanah Mesir, kang dhawuh:

WILANGAN 12:6
Panjenengane nuli ngandika: “Samengko sira padha ngrungokna pangandikaningSun iki: Manawa ing satengahira ana nabi, anggoningSun ngatingal marang wong iku sarana wahyu, lan anggoningSun maringi pangandika sarana impen:

ZAKHARIA 10:2
Sabab apa kang diucapake dening terafim iku ala, lan para juru tenung iku wahyune goroh, dene impen-impen kang dikandhakake iku kothong, tuwin tanpa paedah panglipure. Mulane bangsa iku nglembara kaya pepanthan wedhus, lan nandhang sangsara marga ora ana pangone.

YOEL 2:28
“Sawuse mangkono bakal kelakon, Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang manungsa kabeh, temahan anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit; para pinituwanira bakal padha oleh pangimpen, lan nom-nomanira padha ndeleng wahyu.

YESAYA 29:7-8
[7] Sakehing wadya-balane para bangsa kang perang nglawan Ariel, lan sakehe wong kang merangi kutha iku dalah baluwartine tuwin para wong kang ngrupeki bakal kaya impen lan kaya wahyu ing wanci bengi;[8] kayadene wong luwe kang ngimpi lagi mangan, bareng tangi wetenge isih kothong, utawa kayadene wong ngelak kang ngimpi lagi ngombe, bareng tangi nyatane isih sayah, gorokane isih ngelak, kaya mangkono bakal kadadeane sakehe wadya-balane para bangsa kang perang nglawan gunung Sion.

DHANIEL 7:1-3
[1] Ing taun kang kapisane paprentahane Sang Prabu Belsyazar, ratu ing Babil, Sang Dhaniel ing sajroning supena tampa wahyu ana ing pasareane. Supena iku banjur kaseratan, anadene wosing supenane iku mangkene:[2] Pangandikane Sang Dhaniel mangkene: “Ing nalika bengi aku tampa wahyu, angin papat ing langit katon ngocakake sagara gedhe,[3] nuli ana kewan gedhe papat muncul jumedhul saka ing sajroning sagara, kang siji beda karo sijine.

PANGANDHARING TORET 13:1-3
[1] Saupama ing tengahmu ana nabi utawa wong olah impen kang muncul lan aweh pratandha utawa mukjijat,[2] mangka pratandha utawa mukjijat kang dikandhakake marang kowe iku kelakon temenan, sarta wong mau ngucap: Payo padha ngenut marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan payo padha ngabekti marang allah iku,[3] pangajake nabi utawa wong olah inpen mau aja kokturuti; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nyoba marang kowe, supaya katitika apa kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.

PURWANING DUMADI 41:25-27
[25] Yusuf tumuli munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Supenan dalem kekalih punika tegesipun sami. Gusti Allah paring uninga dhateng panjenengan dalem Sang Prabu Pringon, punapa ingkang badhe dipun tindakaken.[26] Menggah lembu pitu ingkang sae punika ibaratipun pitung taun, saha wulen gandum pitu ingkang sae punika inggih ugi pitung taun; supenan kekalih punika sami.[27] Dene lembu pitu ingkang kera lan awon ingkang sami mentas kantun, ibaratipun inggih pitung taun, sarta wulen gandum pitu ingkang gabug saha geseng dening angin wetan punika, ngibarati badhe wontenipun pailan pitung taun.

MATEUS 1:20-23
[20] Nanging bareng lagi duwe gagasan mangkono iku, tumuli ana malaekating Pangeran ngatingali sajroning pangimpen, dhawuhe: “He, Yusuf, tedhake Dawud, aja sumelang anggonmu ngepek Maryam dadi bojomu, awit Putra kang kabobotake iku marga saka Roh Suci,[21] sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yesus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsane saka ing dosane.”[22] Bab iku anggone kalakon supaya kayektenana apa kang kapangandikakake dening Pangeran lumantar nabi mangkene:[23] “Lah, sang kenya bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung, kang asmane bakal sinebut Emanuel, tegese: Gusti Allah nunggil kalawan kita.”

PURWANING DUMADI 41:8-12
[8] Bareng wayah esuk panggalihe judheg, banjur utusan nimbali para sarjana lan para wasis satanah Mesir, iku tumuli padha dipangandikani bab supenane, nanging siji bae ora ana kang bisa nerangake tegese.[9] Ing kono lurah pangunjukan banjur munjuk marag Sang Prabu Pringon, unjuke: “Ing dinten punika kawula kengetan kalepatan kawula.[10] Nalika samanten Sang Prabu Pringon duka dhateng para abdi, ngantos kawula katahan wonten ing griyanipun pangageng prajurit tamtama sesarengan kaliyan lurah among dhaharan.[11] Ing satunggaling dalu kawula kekalih ngimpi, inggih kawula dalah lurah among dhaharan; impen lan tegesipun piyambak-piyambak.[12] Wonten ing ngriku kawula sesarengan kaliyan tiyang nem-neman bangsa Ibrani, rencangipun pangageng prajurit tamtama wau; punika kawula cariyosi impen kawula, lajeng sampi dipun terangaken tegesipun impen kawula piyambak-piyambak.

AYUB 33:14-18
[14] Amarga Gusti Allah anggone paring pangandika sarana patrap siji loro, nanging wong ora nggatekake.[15] Sajroning pangimpen, sajroning wahyu ing wayah bengi, manawa wong turu kepati, manawa leyeh-leyeh ing paturon;[16] ing kono Panjenengane mbikak kupinging manungsa lan nggatekake wong-wong mau kalawan panyaruwe-panyaruwe,[17] minangka pepalang tumrap pratingkahe lan kanggo ngilangi gumunggunge,[18] temah nyawane kasingkirna saka ing kubur lan uripe saka ing penempuhing tumbak.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981