A A A A A

Misteri: [Naga]


YEHESKIEL 29:3
Sira celathua lan tutura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Pringon, raja Mesir, baya gedhe kang ngglongsor ana ing satengahe cawangan-cawanganing bengawanira, yaiku bengawan Nil sarta kang celathu: Bengawan Nil iku kagunganingsun, ingsun kang gawe.

YEHESKIEL 32:2
“He, anaking manungsa, sira ngucapna pangadhuh tumrap Pringon, raja Mesir lan tuturana mangkene: Sira iku madhakake awakira kaya singa nom ing antarane para bangsa. Nanging sira iku kaya baya ing sagara; kali-kalinira padha sira gawe munthuk, sira mbuthekake banyune kalawan sikil lan jempalikan ana ing bladhere.

YESAYA 27:1
Ing nalika iku Pangeran Yehuwah bakal matrapi paukuman kalawan pedhange kang atos, gedhe lan kuwat marang Lewiatan, naga kang lumayu, marang Lewiatan, naga kang ngleker, sarta bakal mateni ula naga ing sagara.

YESAYA 51:9
Kawula aturi wungu, kawula aturi wungu! Kawula aturi ngagem kakiyatan, dhuh astanipun Pangeran Yehuwah! Mugi karsaa wungu kados ing jaman kina, ing jamanipun para leluhur kala rumiyin! Punapa sanes Paduka ingkang ngremuk Rahab, ingkang nyuduk naga ngantos pejah?

AYUB 7:12
Punapa kawula punika saganten utawi naga, dene Paduka ngantos ngawontenaken pajagen tumrap kawula?

AYUB 41:18-21
[18] Wesi dirasa kaya dami, tembaga kaya kayu gapuk.[19] Panah ora bisa nglungakake, bebanggal watu kaya-kaya malih dadi damen.[20] Gada dianggep merang sarta sumiyuting towok digeguyu.[21] Ing kurebe ana kang kaya wingka lincip-lincip, manawa mengkureb ing endhutan kaya piranti pangruntuhan.

JABUR 18:8
Ing kono bumi banjur horeg gonjang-ganjing, sarta dhasar-dhasaring gunung padha horeg lan gumeter, amarga saka mulad-mulading bebendune.

JABUR 44:19
Manah kawula sami boten mbangkang, saha lampah kawula sami boten nyleweng saking margi Paduka,

JABUR 74:13
Inggih Paduka punika ingkang miyak saganten klayan kakiyatan Paduka, ingkang ngremuki endhasipun naga-naga wonten ing sanginggiling toya.

WAHYU 1:7
Kawruhana, Panjenengane rawuh nitih mega lan saben mripat bakal ndeleng Panjenengane, dalah wong kang wus padha nyubles Panjenengane. Sarta sakehing bangsa ing salumahing bumi bakal sambat-sambat marga saka Panjenengane. Iya, Amin.

WAHYU 11:7
Anadene samangsa wus rampung anggone padha nglairake paseksene, tumuli kewan kang muncul saka ing teleng bakal nempuh perang marang seksi-seksi mau, sarta bakal padha dikalahake lan dipateni.

PANGANDHARING TORET 32:33
Duduhe anggure iku wisaning ula, lan wisaning ula bedhudhak kang mandi banget.

WAHYU 13:8
Lan kabeh wong kang manggon ing bumi bakal padha sujud marang si kewan, yaiku saben wong kang jenenge wiwit nalika jagad tinalesan ora katulisan ing buku kauripan kagungane Sang Cempe kang wus kasembeleh.

WAHYU 16:13
Aku banjur weruh saka ing cangkeme si naga lan ing cangkeme si kewan tuwin ing cangkeme kang ngaku-aku nabi iku ana roh reged telu padha metu kaya kodhok.

PANGENTASAN 7:10-12
[10] Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sarta nindakake kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah. Rama Harun nguncalake tekene ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, tekene banjur malih dadi ula.[11] Sang Prabu Pringon tumuli nimbali para sarjana lan juru sihir, lan para ahli Mesir mau iya padha tumindak mangkono uga srana japa-mantrane.[12] Siji-sijine padha nguncalake tekene, lan teken-teken iku padha dadi ula, nanging tekene Rama Harun nguntali teken-tekene wong-wong mau.

AYUB 40:15-20
[15] gunung-gunung padha nuwuhake kang minangka pakane; kewan alasan padha seneng-seneng ana ing kono.[16] Jaran Nil mau anggone njerum ana ing sangisoring wit trate, ingaling-alingan ing glagah lan rawa.[17] Tetuwuhan trate padha ngayomi kalawan ayang-ayangane, sarta ingubengan ing wit truntum.[18] Sanadyan ilining banyu santer banget, kewan mau ora gumeter; sanadyan bengawan Yarden luber nempuh marang cangkeme, atine iya enak-enak bae.[19] Apa wong bisa nyekel saka ing ngarep lan bisa ngeluhi irunge?”[20] “Apa sira bisa nggered baya nganggo pancing, utawa njiret ilate nganggo tali?

WAHYU 12:1-17
[1] Ing langit tumuli katon tengeran gedhe: Ana wanita kang sinandhangan srengenge, lan rembulan ana ing sangisore tlapakane sarta nganggo makuthane lintang rolas ana ing sirahe.[2] Wanita mau lagi ngandheg sarta sajrone sesambat nglarani arep nglairake iku njerit marga kelaran.[3] Lan ing langit katon ana tengeran liyane: Lah ana naga gedhe abang mbranang, endhase pitu, lan ana sungune sapuluh, sarta ing endhase ana jamange pitu.[4] Pethite nyered sapratelone lintang-lintang ing langit, banjur ditibakake marang bumi. Naga mau mapan ana ing ngarepe wanita kang arep nglairake iku, sedyane arep nguntal Putrane sang wanita, samangsa miyos.[5] Sang wanita mau banjur mbabar Putra kakung, kang bakal ngengen para bangsa kalawan lantaran wesi; dumadakan Sang Putra mau karebut lan diplayokake menyang ing ngarsaning Allah lan ing dhampare.[6] Dene sang wanita mau mlayu menyang pasamunan, ing panggonan kang wus dicawisake dening Gusti Allah, supaya diopeni ana ing kono lawase sewu rong atus sawidak dina.[7] Ing swarga tumuli ana paperangan. Sang Mikhael lan para malaekate padha perang nglawan naga mau, sarta si naga iku kabantu dening para malaekate,[8] nanging padha ora kuwat nanggulangi; temah padha ora oleh papan maneh ana ing swarga.[9] Si naga gedhe banjur diuncalake mangisor, si ula kuna, kang kaaranan Iblis lan Setan, kang nasarake saisining jagad, iku kauncalake menyang ing bumi, dalah para malaekate.[10] Nuli aku krungu swara kang banter ana ing swarga, mangkene: “Samengko karahayon lan panguwasa tuwin paprentahaning Allah kita, lan panguwasane Sang Jebadane, wus kababar, marga si panggugat, kang rina-wengi nggugat para sadulur kita ana ing ngarsaning Allah kita, iku wus kauncalake mangisor.[11] Lan anggone padha ngalahake srana rahe Sang Cempe, lan srana tembunge paseksene. Sabab padha ora ngeman marang nyawane dhewe nganti tumeka ing pati.[12] Mulane padha sukarenaa, he, swarga lan he, sira kabeh kang padha ngenggoni, bilai kowe, he, bumi lan sagara! marga Iblis wus ngudhuni sira, kalawan nepsu banget, marga weruh, yen wektune mung kari sathithik.”[13] Anadene bareng si naga eling, yen wus kauncalake menyang ing bumi banjur ngoyak sang wanita kang wus mbabar Putra kakung mau.[14] Sang wanita tumuli kaparingan suwiwi garudha gedhe sapasang, supaya mabur menyang ing panggonane, iya iku ing pasamunan, ana ing kono wanita iku diopeni, adoh saka papane si ula, lawase samangsa lan rong mangsa tuwin satengah mangsa.[15] Si ula banjur nyemburake banyu kaya kali saka ing cangkeme, disusulake marang wanita mau, supaya kelia ing kali kono.[16] Nanging sang wanita ditulungi dening bumi. Bumi iku ngangapake cangkeme, lan nguntal kali kang disemburake dening cangkeme naga mau.[17] Si naga tumuli nepsu banget marang sang wanita, banjur lunga merangi turune liyane, kang padha netepi pepakoning Allah lan ngantepi ing paseksene Gusti Yesus,

WAHYU 13:1-18
[1] Sabanjure aku weruh ana kewan njedhul saka sajroning sagara, sungune sapuluh lan endhase pitu; pucuking sungune ana makuthane sapuluh, lan ing endhase ana cirine jeneng panyenyamah.[2] Kewan kang dakdeleng iku rupane kaya macan tutul, sikile kaya sikil bruwang lan cangkeme kaya cangkem singa. Iku banjur diwenehi kasekten dening naga mau, lan dhampar tuwin panguwasane kang gedhe.[3] Aku nuli ndeleng endhase kang siji iku kaya ana tatune kang mbebayani tumrap uripe, nanging tatune banjur waras. Temah wong sadonya padha kaeraman, banjur ngetut buri kewan iku.[4] Wong-wong mau padha sujud marang naga mau, awit wus menehake panguwasane marang kewan iku. Karodene wong-wong mau padha sujud marang si kewan kalawan pangucape: “Sapa kang madhani kewan iki? Lan sapa kang bisa nandhingi perang?”[5] Si kewan banjur kaparingan cangkem, kang kebak kumlungkung lan panyenyamah; sarta uga kaparingan panguwasa nglakoni mangkono iku lawase patang puluh loro sasi.[6] Kewan iku nuli ngangapake cangkeme nyenyamah marang Gusti Allah, iya nyenyamah marang asmane lan padalemane sarta marang kabeh kang padha manggon ana ing swarga.[7] Sarta maneh kalilan nempuh perang lan ngalahake marang para suci; tuwin kaparingan panguwasa misesa marang angger taler lan umat tuwin basa sarta bangsa.[8] Lan kabeh wong kang manggon ing bumi bakal padha sujud marang si kewan, yaiku saben wong kang jenenge wiwit nalika jagad tinalesan ora katulisan ing buku kauripan kagungane Sang Cempe kang wus kasembeleh.[9] Sapa kang duwe kuping, ngrungokna![10] Sapa kang pinesthi ditawan, iku bakal ditawan; sapa kang pinesthi kapatenan sarana pedhang, iku bakal kapatenan sarana pedhang. Kang prelu ing kene iya iku sabar mantep lan pracayane wong-wong suci.[11] Aku tumuli weruh kewan liyane njedhul saka sajroning bumi, sungune loro kaya Sang Cempe lan calathune kaya si naga.[12] Sarta nindakake sakehe panguwasane kewan kang kapisan ana ing ngarepe. Iku marakake bumi lan sakabehe kang ngenggoni padha sujud marang kewan kang kapisan, kang wus waras tatune kang mbebayani mau.[13] Sarta maneh nganakake mukjijat-mukjijat kang nggegirisi, malah nganti ngudhunake geni saka ing langit marang bumi ana ing ngarepe wong.[14] Kewan mau nasarake wong kang manggon ing bumi sarana kaelokan-kaelokan, kang wus diwenehake supaya ditindakake ana ing ngarepe si kewan kapisan mau. Wong-wong kang manggon ing bumi dikon dening kewan mau, supaya padha nganakake reca kanggo ngurmati si kewan kang kataton dening pedhang, nanging kang tetep isih urip iku.[15] Apamaneh si kewan dikuwasakake nganjingi nyawa marang reca iku mau, temah reca kewan iku uga bisa calathu, lan banjur tumandang, saben wong kang ora sujud marang reca kewan iku banjur kapatenan.[16] Karodene si kewan mau marakake wong kabeh, gedhe cilik, sugih miskin, mardika lan batur tukon, tangane tengen utawa bathuke padha dicireni,[17] sarta ora ana wong bisa tetuku utawa dodolan kajaba mung kang kanggonan ciri mau, yaiku jenenge si kewan utawa cacahe wilanganing jenenge.[18] Kang prelu ing kene yaiku kawicaksanan; sapa kang wicaksana iku ngetunga cacahing wilangane si kewan iku, awit iku wilangane sawijining manungsa, lan cacahe yaiku nem atus sawidak nenem.

WAHYU 20:1-15
[1] Aku tumuli weruh ana malaekat tumedhak saka ing swarga ngasta kuncine jurang lan rante gedhe ing astane;[2] malaekat mau nyepeng si naga, si ula tuwa iku, yaiku si Iblis lan si Setan. Tumuli dirante sewu taun lawase,[3] banjur diuncalake menyang ing teleng, ditutup lan ing dhuwure disegel, supaya si Iblis lan si Setan iku aja nasarake para umat maneh sadurunge pundhat sewu taun mau; sawise mangkono bakal kauculake sawatara mangsa.[4] Aku banjur weruh dhampar-dhampar lan kang padha nglenggahi; sarta tumuli padha kaampilan pangadilan. Aku uga weruh nyawane wong-wong kang wus katigas gulune marga saka paseksene marang Gusti Yesus lan marga saka pangandikane Gusti Allah; kang ora padha sujud marang si kewan utawa marang recane, sarta ora nampani ciri ing bathuke lan ing tangane, iku kabeh padha urip maneh ing ndherek jumeneng ratu kalawan Sang Kristus lawase sewu taun.[5] Nanging wong-wong mati liyane iku ora padha urip maneh sadurunge pundhat sewu taun mau. Iya iku patangen kan kapisan.[6] Rahayu lan suci wong kang kaparingan panduman ing patangen kang kapisan iku. Wong iku padha ora kawasesa maneh dening pati kang kapindho, nanging bakal padha dadi imame Gusti Allah lan Sang Kristus, sarta bakal ndherek jumeneng ratu kalawan Panjenengane nganti sewu taun lawase.[7] Anadene sawuse genep sewu taun iku mau, Iblis tumuli bakal kaluwaran saka ing pakunjarane,[8] sarta bakal metu nasarake para bangsa kang ana ing pojoking bumi papat, yaiku Gog lan si Magog, pada diklumpukake kaajak perang, cacahe kaya wedhi ing sagara.[9] Tumuli padha nglurug mratani saindenging jagad, sarta ngepung pakuwone para wong suci lan kutha kang kinasih iku. Nanging banjur ana geni tumurun saka ing langit, mangsa wong-wong iku mau,[10] dene Iblis, kang nasarake wong-wong mau, tumuli kacemplungake ing sagara geni lan welirang, yaiku kang wus kaenggonan si kewan lan nabi palsu, lan iku bakal padha kasiksa rina-wengi langgeng ing salawas-lawase.[11] Aku banjur weruh dhampar gedhe putih lan Panjenengane, kang nglenggahi. Bumi lan langit padha sirna saka ing pangayunane lan wus ora ketemu maneh papane.[12] Aku tumuli weruh wong mati, gedhe cilik, padha ana ing ngarep dhampar, banjur ana kitab-kitab kang padha kabukak. Lan ana kitab liyane maneh kang kabukak, yaiku kitabing kauripan. Wong-wong mati mau tumuli padha diadili miturut panggawene adhedhasar apa kang katulis ing kitab-kitab mau.[13] Anadene sagara masrahake wong-wong mati kang ana ing jerone, lan iku diadili miturut sapanggawene dhewe-dhewe.[14] Sarta pati lan karajaning pati padha kacegurake ing sagara geni. Yaiku pati kang kapindho: sagara geni.[15] Dene saben wong kang jenenge ora katulis ana ing kitab kauripan iku, iku kacemplungake ing sagara geni.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981