A A A A A

Misteri: [Dinosaurus]


YESAYA 27:1
Ing nalika iku Pangeran Yehuwah bakal matrapi paukuman kalawan pedhange kang atos, gedhe lan kuwat marang Lewiatan, naga kang lumayu, marang Lewiatan, naga kang ngleker, sarta bakal mateni ula naga ing sagara.

PURWANING DUMADI 1:21
Gusti Allah nuli nitahake kewan segara kang gedhe-gedhe lan sawernaning makhluk urip kang pating krogel ana ing banyu, apadene sawernaning manuk kang mawa suwiwi. Sarta iku dipirsani Gusti Allah wus prayoga.

JABUR 104:26
Ing ngriku kapal-kapal sami lelayaran, saha Lewiyatan ingkang Paduka titahaken, Paduka damel lelangen.

RUM 1:18
Sabab bebendune Gusti Allah kalairake saka ing swarga marang sarupaning pamblasar lan durakaning manungsa kang nampik kayekten marga dening duraka.

PURWANING DUMADI 1:24-31
[24] Gusti Allah tumuli ngandika: “Bumi iki metokna makhluk kang urip warna-warna, kewan ingon-ingon, kewan kang rumangkang, lan gumremet sarta kewan alasan warna-warna.” Banjur iya kelakon kaya mangkono.[25] Gusti Allah akarya sato-kewan alasan warna-warna, kewan ingon warna-warna, kewan kang gumremet ana ing bumi warna-warna. Sarta iku dipirsani dening Gusti Allah wus prayoga.[26] Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.”[27] Gusti Allah tumuli nitahake manungsa miturut gambare, anggone nitahake mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggone nitahake.[28] Tumuli padha diberkahi lan dipangandikani: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna. Iwak ing segara lan manuk ing awang-awang sarta sakabehing sato-kewan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.”[29] Karomaneh pangandikane Gusti Allah: “Lah ta sira iku padha Sunparingi sarupane thethukulan ing salumahing bumi kang mawa wiji lan sarupane wit-witan kang metokake woh mawa wiji, iku dadia panganira.[30] Nanging sakehing sato-kewan ing bumi lan sakehing manuk ing awang-awang tuwin samubarang kang rumangkang ana ing bumi, kang kadunungan nyawa, iku Sunparingi tetuwuhan ijo kang dadi pakane.” Banjur iya kelakon mangkono.[31] Gusti Allah tumuli mirsani samubarang yeyasane, lan kabeh wus prayoga linuwih. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping nem.

AYUB 40:15-24
[15] gunung-gunung padha nuwuhake kang minangka pakane; kewan alasan padha seneng-seneng ana ing kono.[16] Jaran Nil mau anggone njerum ana ing sangisoring wit trate, ingaling-alingan ing glagah lan rawa.[17] Tetuwuhan trate padha ngayomi kalawan ayang-ayangane, sarta ingubengan ing wit truntum.[18] Sanadyan ilining banyu santer banget, kewan mau ora gumeter; sanadyan bengawan Yarden luber nempuh marang cangkeme, atine iya enak-enak bae.[19] Apa wong bisa nyekel saka ing ngarep lan bisa ngeluhi irunge?”[20] “Apa sira bisa nggered baya nganggo pancing, utawa njiret ilate nganggo tali?[21] Apa sira bisa ngetrapake tali penjalin ing irunge, utawa nyublesake gantholan ing uwange.[22] Apa kira-kira kewan mau bisa njaluk sih-piwelas marang sira, utawa bisa calathu alus marang sira?[23] Apa kira-kira bisa gawe prajanjian kalawan sira, temah banjur sira dadekake batur ing salawase?[24] Apa sira bisa dolanan karo kewan mau kayadene karo manuk, sarta apa bisa sira dadekake dolananing anak-anakira wadon?

AYUB 41:1-10
[1] Mangsa anaa wong kang sembranane nganti wani nenangi nepsune baya iku, lan sapa kang keconggah maju nglawan marang Ingsun?[2] Sapa kang methukake Ingsun, kang Sundamel lestari slamet? Samubarang kang ana sangisoring langit iku wus dadi kagunganingSun kabeh.[3] Ingsun ora bakal nyidem kaananing gegelitane baya iku, bab karosane lan endahing pawakane.[4] Sapa kang bisa mbukak jubahe? Sapa kang bisa nyuduk nganti tembus kerene kang rangkep iku?[5] Sapa kang bisa ngengakake inebing cangkeme? Ing sakubenging untune kaanane nggegirisi.[6] Gigire awujud tameng-tameng kang santosa, kang kraket rapet kaya segel.[7] Siji lan sijine gandheng rapet nganti ora bisa klebon angin;[8] kang siji kelet karo sijine cathok-cinathok ora kena kapisah.[9] Samangsa wahing metu sunare, matane kaya pletheking bangbang wetan.[10] Cangkeme metu obore, lan nyemburake geni kang pating pletik.

YUSAK 10:1-10
[1] Bareng Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem mindhanget pawarta manawa Senapati Yusak wus mbedhah lan nyirnakake kutha Ai, sarta apa kang katandhukake marang kutha Yerikho lan ratune, uga kaetrapake marang kutha Ai lan ratune lan manawa wong ing kutha Gibeon wus padha nganakake prajanjian memitran karo wong Israel lan manggon ana ing satengahe,[2] temah wong padha wedi banget, amarga Gibeon iku kutha kang gedhe, kaya salah sawijining kutha karajan, malah luwih gedhe katimbang kutha Ai, sarta wong kabeh padha prawira.[3] Mulane Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem mau utusan menyang ing ngarsane Prabu Hoham, ratu ing nagara Hebron, Prabu Piream, ratu ing Yarmut, Prabu Yafia, ratu ing Lakhis, lan Prabu Debir, ratu ing Eglon, pangandikane:[4] “Panjenengan sami kula aturi rawuh lan mbiyantu kula, sumangga sami nggecak Gibeon, amargi sampun memitran kaliyan Yusak lan bangsa Israel.”[5] Para ratune bangsa Amori lima mau tumuli padha ngempal lan majeng bareng: ratu Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing kutha Lakhis lan ratu ing kutha Eglon, dalah sabalane kabeh, padha ngadegake kemah ngepung kutha Gibeon lan nempuh perang.[6] Wong ing Gibeon banjur padha kongkonan menyang ing ngarsane Sang Senapati Yusak ana ing pakemahan ing kutha Gilgal, ature: “Mugi sampun ngantos negakaken para abdi panjenengan, enggal rawuha dhateng panggenan kula, ngluwari lan mitulungi kula, amargi sadaya ratunipun bangsa Amori ingkang wonten pareden sami sakuthon nglawan dhateng kula.”[7] Senapati Yusak banjur bidhal saka ing Gilgal, panjenengane lan wadya-bala kabeh, kabeh padha wong prawira lan gagah prakosa.[8] Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Yusak: “Sira aja wedi marang wong iku, uger iku wus padha Sunulungake ing tanganira, temah ora ana wong siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepira.”[9] Senapati Yusak banjur klawan ndadak nempuh marang mungsuhe, sawise sawengi muput bidhal saka ing Gilgal.[10] Sang Yehuwah banjur damel kisruhing mungsuh ana ing ngarepe wong Israel, temah Senapati Yusak njalari mungsuhe padha kasoran banget ana ing sacedhake Gibeon, tumuli padha dioyak ana ing dalan kang ngener marang ing unggah-unggahan ing Bet-Horon, panggecake nganti tumeka ing Azeka lan ing Makeda.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981