A A A A A

Misteri: [Takdir]


KOHELET 6:10
Apa bae kang ana, iku wus suwe anggone kapratelakake jenenge lan wus kasumurupan manungsa iku sapa, yaiku anggone ora bisa prakaran karo kang kasantosane ngungkuli dheweke.

HABAKUK 2:3
Dene wahyu iku isih ngenteni mangsa kang kapesthekake, nanging enggal tumuju marang ing wekasane lan ora bakal nyidrani manawa randhat, etenana, marga iku mesthi bakal teka, ora bakal sumene.

YESAYA 46:10
kang paring sumurup wiwit ing sakawit prakara kang ing tembe bakal kelakon lan wiwit ing jaman kuna apa kang durung kelakon, kang ngandika: PutusaningSun bakal tumindak, tuwin sakehe karsaningSun bakal kelakon,

YESAYA 55:11
iya mangkono pangandikaningSun kang miyos saka ing tutukingSun: ora bakal bali marang Ingsun kanthi nglaha, nanging iku bakal nindakake apa kang Sunkarsakake, sarta bakal oleh gawe tumrap apa bae kang Sundhawuhake.

YEREMIA 1:5
“Sadurunge Ingsun nggatra sira ana ing guwa-garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira, lan sadurunge sira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira, Ingsun wus netepake sira dadi nabine sakehing bangsa.”

YEREMIA 17:10
Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati, kang ndadar batining manungsa, lan banjur males marang saben wong, kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.”

YOKANAN 16:33
AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem-rayahu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.”

WILANGAN 23:19
Gusti Allah punika sanes manungsa, kok ngantosa dora, inggih sanes anaking manungsa, kok ngantosa keduwung. Punapa inggih Panjenenganipun ngandika lajeng boten katindakaken, utawi ngandika lajeng boten dipun tetepi?

WULANG BEBASAN 16:3
Sakehing panggawemu pasrahna marang Pangeran Yehuwah, temah sakehe rancanganmu bakal kelakon.

WULANG BEBASAN 19:20-24
[20] Nilingna pitutur lan nampanana pamerdi, supaya kowe ing tembe bisa dadi wicaksana.[21] Atine wong ngrancang-ngrancang prakara akeh, nanging putusane Sang Yehuwah iku kang bakal kelakon.[22] Wewatekan kang dikepengini tumraping wong iku kasetyan, luwih becik wong miskin tinimbang karo wong kang ngapusi.[23] Wedi-asih marang Pangeran Yehuwah ngolehake urip, wong banjur bakal nginep klawan seneng ora bakal katempuh ing bilai.[24] Wong kesed nyelupake tangane ing pinggan, nanging ora bakal bisa ngemplok.

JABUR 37:37
Mara titenana mungguh wong mursid, lan delengen wong kang temen, awit wong kang ambek rukun iku kaanane bakal nyenengake ing tembe burine;

JABUR 138:8
Yehuwah badhe ngrampungaken samukawis tumrap ing kawula! Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka punika langgeng ing salaminipun. Paduka mugi sampun ngantos nilar pakaryaning asta Paduka.

WAHYU 20:12
Aku tumuli weruh wong mati, gedhe cilik, padha ana ing ngarep dhampar, banjur ana kitab-kitab kang padha kabukak. Lan ana kitab liyane maneh kang kabukak, yaiku kitabing kauripan. Wong-wong mati mau tumuli padha diadili miturut panggawene adhedhasar apa kang katulis ing kitab-kitab mau.

RUM 12:2
Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.

RUM 8:28-29
[28] Saiki kita padha sumurup, yen Gusti Allah uga makarya ana ing samubarang kabeh, njalari becike wong kang padha tresna marang Panjenengane, yaiku para kang tinimbalan miturut ing pepesthening Allah.[29] Marga kabeh wong kang wus kapilih wiwit ing sakawit dening Panjenengane, iku iya katamtokake wiwit ing sakawit dadi madha rupa citrane Kang Putra, supaya Kang Putra iku dadi pembayun ana ing antarane sadulur akeh.

EFESUS 2:8-9
[8] Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahamat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah,[9] iku dudu wohing panggawemu: aja ana wong kang gumunggung.

1 PETRUS 2:8-9
[8] Anggone padha kasandhung iku marga ora mituhu marang pangandikaning Allah; sarta wong-wong iku kacadhangake tumrap bab iku.[9] Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.

1 KORINTA 2:7-9
[7] Nanging kang daklairake iku kawicaksanane Gusti Allah kang kineker sarta winadi, kang wus kacawisake dening Gusti Allah ing sadurunge jagad dumadi, kanggo kamulyan kita.[8] Lan panguwasaning jagad iki ora ana kang nyumurupi bab iki, awit manawa padha nyumurupi mesthi ora nganti padha nyalib Gustining kamulyan.[9] Nanging kaya kang katulisan, wiraose: “Kang ora tau kadeleng ing mripat, lan ora tau rinungu ing kuping, sarta kang ora tau tuwuh ing atining manungsa: kabeh kang wus kacawisake dening Gusti Allah marang kang padha nresnani Panjenengane iku.”

YEREMIA 29:11-14
[11] Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing besuke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.[12] Lan samangsa sira sesambat lan sowan kanthi panyuwun marang Ingsun, Ingsun iya bakal nyembadani panyuwunira iku.[13] Samangsa sira ngupaya marang Ingsun, bakal ketemu lawan Ingsun; manawa sira nakokake marang Ingsun kalawan gumolonging atinira,[14] Ingsun bakal marengake sira ketemu kalawan Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, lan Ingsun bakal mulihake kaananira lan ngempalake sira saka ing antarane para bangsa lan saka sadhengaha panggonan anggoningSun mbuyarake sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- lan Ingsun bakal ngulihake sira menyang ing panggonan, saka nggoningSun mbucal sira.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981