A A A A A

Misteri: [Kanker]


2 KORINTA 4:16-19
[16] Marga saka iku aku ora rumangsa semplah, malah sanadyan ta kamanungsanku kang lair sangsaya rusak, nanging kamanungsanku kang batin kaanyarake saben dina.[17] Awitdene sangsaraku kang entheng saiki iki, iku ngolehake kamulyan marang aku kang ngluwihi samubarang kabeh, banget anggone ngungkuli kasangsaranku.[18] Marga kang dakgatekake dudu kang katon, nanging kang ora katon, awit kang katon iku anane sawatara mangsa, mangka kang ora katon iku langgeng.[19] Awit aku padha sumurup, manawa omah kita tarub ing bumi iki kabongkar, Gusti Allah wus nyawisake panggonan ing swarga kanggo kita, kang langgeng, kang ora kagawe dening tanganing manungsa.

JABUR 107:20
Pangeran paring pangandika sarta tumuli padha diwaluyakake, padha oncat saka ing luwenging kubur.

YESAYA 40:31
nanging wong kang padha nganti-anti marang Pangeran Yehuwah kaparingan kakuwatan anyar: padha mabur mumbul kaya manuk garudha kalawan kakuwataning swiwine; padha lumayu lan ora nganti lesu, padha lumaku nanging ora sayah.

PANGANDHARING TORET 31:6
Disantosa lan ditatag atimu, aja wedi lan aja giris ana ing ngarepe, marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang nunggil ing salaku-lakumu. Panjenengane ora bakal negakake kowe lan kowe ora bakal ditilar.”

MATEUS 11:28-29
[28] He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.[29] PasanganKU padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu.

JABUR 18:6
Aku digubed ing jireting teleng palimengan, kalajireting pati ngadhang-adhangi aku.

KOHELET 3:1
Samubarang kabeh iku ana wayahe, apa bae ing sangisore langit iki ana wayahe.

YEREMIA 29:11
Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing besuke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

YOKANAN 14:1-4
[1] “Atimu aja melang-melang; padha kumandela ing Allah; iya kumandela ing Aku uga.[2] Ing daleme RamaKu akeh panggonan. Manawa ora mangkono, kowe rak mesthi wis padha Dakkandhani. Awit Aku mrana prelu nyawisake papan marang kowe.[3] Dene manawa Aku wus mrana lan wus nyawisake papan kanggo kowe, tumuli Aku bakal bali lan ngajak kowe menyang ing papan padununganKu, supaya ing ngendi padununganKu, kowe iya padha anaa ing kono uga.[4] Lan menyang ngendi paranKu, kowe iya padha sumurup dalane mrana.”

RUM 8:16-25
[16] Sang Roh iku anekseni bebarengan karo roh kita, yen kita iku para putrane Gusti Allah.[17] Dene manawa kita iki dadi putra, dadi iya ahli waris, tegese wong kang padha nduweni wewenang nampani prasetyane Gusti Allah, kang bakal nampani iku bebarengan karo Sang Kristus, yaiku yen pancen kita padha ndherek nandhang sangsara, supaya iya ndhereka kamulyakake kalawan Panjenengane.[18] Sabab aku yakin, yen sangsara ing jaman saiki iku ora paja-paja timbang yen katandhing karo kamulyan kang bakal kalairake marang kita.[19] Sabab kanthi cecengklungen sakehing tumitah anggone padha nganti-anti marang wektu kababare para putrane Gusti Allah.[20] Awit sakehing tumitah wus katelukake marang kaapesan, ora saka karepe dhewe, nanging marga saka karsane Panjenengane kang nelukake,[21] ananging sajroning pangarep-arep, marga kang tumitah iku dhewe uga bakal kaluwaran saka ing pangawulaning karusakan, lan lumebu marang ing kamardikaning kamulyane para putrane Gusti Allah.[22] Sabab kita padha sumurup, yen nganti saprene sakehing tumitah iku iya padha sesambat lan iya padha ngrasakake larane wong nglarani arep nglairake jabang bayi.[23] Lan ora ngamungake iku bae, dalasan kita dhewe kang wus kaparingan Sang Roh minangka ganjaran wiwitan, uga padha sesambat sajroning ati kalawan nganti-anti marang kaputran, yaiku pangluwaraning badan kita.[24] Sabab kita padha kapitulungan rahayu ana ing pangarep-arep. Nanging pangarep-arep kang kasat mripat iku dudu pangarep-arep maneh, marga kapriye bisane isih ngarep-arep tumrap barang kang wis katon?[25] Nanging manawa kita ngarep-arep marang apa kang ora kita deleng, dadi anggon kita padha ngarep-arep iku kalawan sabar mantep.

1 PETRUS 1:3
Pinujia Gusti Allah Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati,

2 KORINTA 1:3-6
[3] Pinujia Gusti Allah, kang Ramane Gusti kita Yesus Kristus, Rama kang kebak sih palimirma lan Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur,[4] kang nglipur aku kabeh ing sajroning kasusahanku, satemah aku bisa nglipur wong-wong kang nandhang sarupaning kasusahan kanthi panglipur peparinge Gusti Allah marangaku dhewe.[5] Sabab kaya anggonku padha nampani panduman ing sangsarane Sang Kristus kalawan luber, samono uga marga saka Sang Kristus aku padha kaparingan panglipur nganti luber.[6] Yen aku padha nemu kasusaha, iku dadi panglipur lan karahyonmu; dene yen aku padha kalipur, iku iya dadi panglipurmu, satemah kowe padha oleh kakuwatan kang njalari kowe padha sabar ing sajroning kasangsaran kang padha kaya kang daksandhang.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981