A A A A A

Misteri: [Wong Asing]


KOLOSE 1:16
marga dumadine samubarang kabeh iku dening Panjenengane, iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi, kang kasat mripat, lan kang ora kasat mripat, dadia awujud dhampar dadia kaprabon, apadene para pamarentah lan para panguwasa; samubarang kabeh katitahake dening Panjenengane lan lumadi marang Panjenengane;

PANGANDHARING TORET 4:19
lan supaya kowe aja nganti tumenga marang langit, satemah manawa kowe ndeleng srengenge, rembulan lan lintang-lintang lan sakehe wadya-bala ing langit, kowe banjur disasarake kelu sujud lan ngabekti marang iku kabeh; kang lugune malah diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sarupane para bangsa ing sangisore langit dadi pandumane.

PANGANDHARING TORET 17:3
yaiku lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, utawa marang srengenge, rembulan utawa marang sakehe wadya-bala ing langit, kang wus daklarang,

EFESUS 2:19
Marga saka iku, kowe dudu wong manca lan wong neneka maneh, nanging wus manjing dadi sagolongan karo para suci lan manjing dadi brayating Allah,

EFESUS 6:12
awit kang kita tandhingi iku dudu daging lan getih, nanging para pamarentah, para panguwasa, para panggedhening jagad kang peteng iki, para rohing kadursilan kang ana ing langit.

PANGENTASAN 12:49
Mung ana pranatan siji kanggo wong asli lan wong bangsa liya kang neneka ana ing tengahira.”

PANGENTASAN 22:21
“Sira aja nguya-uya utawa nindhes wong neneka, marga sira dhewe iya wus ngalami dadi wong neneka ana ing tanah Mesir.

PANGENTASAN 23:9
Wong neneka aja sira tindhes, awitdene sira rak wus padha ngerti marang rasaning atine wong neneka, marga sira wus padha ngalami dadi wong neneka ana ing tanah Mesir.

YEHESKIEL 1:4-7
[4] Aku banjur ndeleng, lah ana prahara saka ing lor, kang nggawa mendhung kandel lan geni mulad-mulad; mendhung mau kinubengan ing pepadhang kang sumorot; ing jerone kaprenah ing satengahing geni iku ana kang kaya swasa mencorong.[5] Ing tengah-tengahe kono uga ana kang rupane kaya makhluk papat kang urip, lan iku katone mangkene: rupane kaya manungsa,[6] nanging siji-sijine raine papat lan ana swiwine papat.[7] Sikile lenceng-lenceng, sarta tlapakane kaya tracak pedhet, mencorong kaya swasa kang mentas kagebeg.

PURWANING DUMADI 1:26
Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.”

PURWANING DUMADI 2:1
Kaya mangkono iku rampunging dumadine langit, bumi lan saisine kabeh.

IBRANI 11:13
Iku mau kabeh sedane sajroning pracaya, durung nganti nampani apa kang kaprasetyakake, mung mirsani saka kadohan lan ngawe-awe saka kadohan, sarta padha ngaken manawa dadi wong manca sarta wong neneka ana ing bumi iki.

IBRANI 13:2
Kowe aja padha lali aweh pamondhokan marang wong, jalaran saka mangkono iku ana sawenehing wong sing padha ora sumurup manawa wus ngaturi pasugatan marang para malaekat.

YESAYA 13:5
Iku padha teka saka ing nagara kang adoh, malah saka ing poncoting langit, yaiku Sang Yehuwah lan kang nibakake dedukane arep padha ngrusak saindenging bumi.

YESAYA 45:12
Iya Ingsun iki kang yasa bumi lan kang nitahake manungsa ana ing kono; iya astaningSun iki kang nggelar langit, lan iya Ingsun kang ngereh sakehing balane.

YESAYA 60:8
Sapa kang padha teka nglayang-nglayang kaya mega iki lan kaya manuk dara kang marani lawanging pagupone iki?

KAIMAMAN 24:22
Mung ana pranatan siji kanggo sira, dadia wong manca utawa wong Israel asli, marga Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”

NEHEMYA 9:6
“Namung Paduka ingkang jumeneng Sang Yehuwah! Paduka ingkang sampun nitahaken langit, malah langiting sadaya langit sabalatantranipun, saha bumi kaliyan sadaya ingkang dumunung ing salumahipun, punapa dene saganten saisen-isenipun sadaya. Punika sadaya Paduka ingkang nggesangi, saha balatantraning langit sami sujud nyembah dhumateng Paduka.

JABUR 97:6
Langit martakake kaadilane, lan sakehing bangsa padha nyawang kaluhurane.

1 PETRUS 2:11
He, para kekasih, kowe kang kaya wong mondhok lan wong neneka, padha dakpituturi supaya padha ngedohana kapencuting daging kang padha perang nglawan nyawamu.

LELAKONE PARA RASUL 19:35
Nanging tumuli disirep dening panitraning kutha, pangucape: “Heh, wong-wong Efesus! Sapa ta kang ora ngreti, yen kutha Efesus iku kang rumeksa marang kabuyutane Dewi Artemis, kang mahaagung, sarta recane kang tumurun saka ing langit?

WAHYU 12:12
Mulane padha sukarenaa, he, swarga lan he, sira kabeh kang padha ngenggoni, bilai kowe, he, bumi lan sagara! marga Iblis wus ngudhuni sira, kalawan nepsu banget, marga weruh, yen wektune mung kari sathithik.”

WAHYU 13:1
Sabanjure aku weruh ana kewan njedhul saka sajroning sagara, sungune sapuluh lan endhase pitu; pucuking sungune ana makuthane sapuluh, lan ing endhase ana cirine jeneng panyenyamah.

AMOS 9:2-3
[2] Sanadyan padha nembus tekan ing jagading wong mati, astaningSun mesthi mundhut wong-wong iku saka ing kono; utawa saupama munggaha menyang ing langit, iya bakal Sunandhapake saka ing kono.[3] Sanadyan padha umpetan ana ing pucake gunung Karmel, mesthi bakal Sunlari lan Sunglandhang saka ing kono; utawa sanadyan arep nilapake tingalingSun lan ndhelik ana ing dhasaring sagara, Ingsun bakal dhawuh marang ula supaya nyakot wong-wong iku ana ing kono.

KAIMAMAN 19:33-34
[33] Manawa ana wong manca kang manggon tetunggalan karo sira ana ing nagaranira, iku aja padha sira tindhes.[34] Wong seje bangsa kang manggon awor karo sira, iku ana ing antaranira dadia kaya wong Israel asli, iku sira tresnanana kaya dene awakira dhewe, awitdene biyen sira iya padha dadi wong neneka ana ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

WAHYU 9:7-11
[7] Anadene mungguh rupane walang-walang mau kaya jaran kang samekta ing perang, ing endhase ana kang saemper makutha emas, raine kaya raine manungsa,[8] lan rambute kaya rambute wong wadon, lan untune kaya untune singa,[9] lan dhadhane kaya nganggo kere wesi, kumrasaking elare kaya gumrubyuging kareta kang digered ing jaran akeh, kang padha mlayu menyang ing paperangan.[10] Buntute kaya kalajengking, lan uga ana entupe, dene buntute iku gunane kanggo milara manungsa lawase limang sasi.[11] Anadene kang dadi ratune iya iku malaekat panggedhening teleng palimenganing pati, jenenge ing basa Ibrani Abadon, lan ing basa Yunani Apolion.

PURWANING DUMADI 6:1-22
[1] Kacarita nalika manungsa wus wiwit ngambra-ambra ana ing bumi lan padha duwe anak wadon,[2] para putraning Allah bareng weruh anake wadon para manungsa iku padha ayu-ayu, temah padha ngalap somah marang iku, milih endi kang disenengi.[3] Ing kono pangandikane Sang Yehuwah: “RohingSun ora bakal salawase tetunggalan karo manungsa, amarga mung awujud daging, mulane ing sabanjure umure mung bakal kari satus rong puluh taun.”[4] Ing nalika samana ing bumi ana bangsa kang wong-wonge gedhe dhuwur; ing sapungkure iku iya ana, ing nalikane para putraning Allah padha awor karo anake wadon para manungsa sarta iku padha duwe anak, iya iku para wong kang gagah prakosa ing jaman kuna kang jenenge misuwur.[5] Bareng Sang Yehuwah mirsa yen gedhe durakane para manungsa ana ing bumi, lan saobah-osiking atine sajege mung ala bae,[6] ing kono Sang Yehuwah piduwung dene akarya manungsa ana ing bumi lan sekel galihe.[7] Pangandikane Sang Yehuwah: “Manungsa kang wus Suntitahake iku bakal Sunsirnakake saka ing lumahe bumi, manungsa dalah kewan ingon-ingon, apadene kewan rumangkang, sarta manuk ing awang-awang pisan; sabab Ingsun piduwung anggoningSun karya.”[8] Nanging Rama Nuh iku manggih sih ana ing pangayunane Sang Yehuwah.[9] Iki sejarahe Rama Nuh. Rama Nuh iku wong mursid tanpa cacad ana ing antarane para barakane. Salampah tindake ana ing patunggilane Gusti Allah.[10] Rama Nuh kagungan putra kakung telu: Sem, Kham lan Yafet.[11] Anadene bumi iku ana ing ngarsane Gusti Allah katon wus rusak lan kebak panganiaya.[12] Bareng Gusti Allah mirsani bumi, nyata-nyata yen iku wus rusak banget, awit sarupane titah wus padha mblasar lakune ana ing bumi.[13] Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama Nuh: “Ingsun wus mutus bakal mungkasi uripe makhluk kabeh, marga bumi wus padha dikebaki panganiaya; mulane bakal Sunsirnakake bareng karo bumi.[14] Sira gawea prau kanggo sira, kang kagawe kayu gofir, panggawene sira singget-singgeta, sarta ing jaba lan jerone sira usara nganggo aspal kang kenthel.[15] Dene anggonira gawe iku mangkene: dawane prau telung atus asta, ambane seket asta, dhuwure telung puluh asta.[16] Praune sira wenehana cendhela mubeng, lete saasta saka payon, lawange prenahna ana ing awake prau. Anggonira gawe prau sungsun-sungsun, ngisor, tengah lan dhuwur.[17] Awit dene Ingsun bakal nekakake banjir kang nglimputi bumi, kanggo nyirnakake sarupaning jinis kang urip lan kadunungan nyawa ing sangisore langit; sakabehe kang ana ing bumi bakal mati.[18] Nanging karo sira Ingsun karsa damel prasetyaningSun, sira bakal lumebu ing prau iku, sira lan anak-anakira, somahira lan somahe anak-anakira.[19] Apamaneh samubarang kang urip, sarupane makhluk, iku sira nggawaa mlebu ing prau sajodho-sajodho, supaya padha kapitulungana urip bareng karo sira; saben jinis lanang lan wadon.[20] Sawernaning manuk lan kewan nusoni, apadene sawernaning kewan kang rumangkang nlosor lan gumremet ana ing bumi, iku saben jinis ana sajodho kang bakal nekani sira supaya kapitulungana urip.[21] Sabanjure sira nglumpukna samubarang kang kena dipangan, kagawe tandhon kanggo panganira lan pakane kewan iku mau kabeh.”[22] Rama Nuh tumuli nglampahi, ngestokake apa sadhawuhe Gusti Allah mau kabeh.

YEHESKIEL 1:1-28
[1] Ing taun kang kaping telung puluh, tanggal kaping lima sasi papat, nalika aku ana ing pinggir kali Kebar bebarengan karo para wong buwangan, nuli langit piyak lan aku sumurup wahyu saka ing Allah.[2] Ing tanggal kaping lima sasi iku, yaiku ing taun kalimane sawuse Sang Prabu Yoyakhin kakendhangake,[3] ana pangandikane Pangeran Yehuwah tumuju marang Imam Yeheskiel, putrane Sang Busi, ana ing nagarane wong Kasdim ing pinggir kali Kebar, sarta ana ing kono panjenengane kalimputan ing pangwaose Sang Yehuwah.[4] Aku banjur ndeleng, lah ana prahara saka ing lor, kang nggawa mendhung kandel lan geni mulad-mulad; mendhung mau kinubengan ing pepadhang kang sumorot; ing jerone kaprenah ing satengahing geni iku ana kang kaya swasa mencorong.[5] Ing tengah-tengahe kono uga ana kang rupane kaya makhluk papat kang urip, lan iku katone mangkene: rupane kaya manungsa,[6] nanging siji-sijine raine papat lan ana swiwine papat.[7] Sikile lenceng-lenceng, sarta tlapakane kaya tracak pedhet, mencorong kaya swasa kang mentas kagebeg.[8] Ing sangisoring swiwi ana tangan manungsa kaprenah ing sisih papate pisan. Dene rai lan swiwine mau mangkene:[9] swiwine padha gathuk; manawa lumaku ora nganggo mingar-minger, nanging ing sapenering adhepe.[10] Raine katone mangkene: Kapat pisan raine kang ngarep rai manungsa, kang sisih tengen rai singa, kang sisih kiwa rai sapi, kang ana ing buri rai manuk garudha.[11] Swiwine padha kaegarake mandhuwur, sarta adu pucuk ngloro-ngloro, dene swiwi liyane nutupi awake.[12] Kabeh lakune ing sapenere adhepe, menyang ngendi panuntuning roh, iya mrono parane; anggone lumaku ora nganggo mingar-minger.[13] Ing satengahing makhluk-makhluk mau ana kang katon kaya mawa geni mengangah, kayadene obor kang obah mrana-mrene ana ing antarane makhluk-makhluk kang urip iku; geni mau mubyar sarta metu kilate kang padha sesamberan.[14] Makhluk-makhluk kang urip iku padha mabur mrana-mrene kaya thathit.[15] Aku ndeleng, lah ing bumi ana rodha ngadeg sandhing makhluk-makhluk papat mau ing iringane ana rodhane siji,[16] rupane mencorong kaya sesotya pirus, kapate kembar lan katone ing tengahing rodha kaya ana rodhane.[17] Manawa padha lumaku, bisa ngener menyang ing keblat papat, ora nganggo mingar-minger.[18] Rodha-rodha mau ana wengkune lan aku ndeleng wengku kapat pisan iku padha kebak mata mubeng.[19] Manawa makhluk kang urip iku padha lumaku, rodhane uga lumaku ing sandhinge; lan manawa makhluk kang urip iku padha kaumbulake saka ing bumi, rodhane iya padha katut kaumbulake.[20] Menyang ngendi panuntuning roh, iya mrono paraning para makhluk mau tuwin rodha-rodhane padha kaangkat bebarengan karo makhluk-makhluk iku, amarga rohing makhluk-makhluk kang urip iku dumunung ana ing rodhane.[21] Manawa makhluk kang urip iku padha lumaku, rodhane uga padha lumaku, manawa makhluk mau padha mandheg, rodhane iya padha mandheg, sarta manawa makhluk mau padha kaumbulake saka ing bumi, rodhane iya padha katut kaangkat bebarengan karo makhluk-makhluk iku, amarga rohing para makhluk iku dumunung ana ing rodhane.[22] Ing sadhuwure sirahe makhluk-makhluk kang urip iku ana rerupan kang saemper langit, kang katon kaya kristal es kang nggegirisi, kagelar ing sadhuwure sirahe.[23] Lan ana ing sangisoring langit iku swiwine kabeber jejeg, kang siji gathuk karo sijine, kabeh padha duwe swiwi loro kang nutupi awake.[24] Manawa padha lumaku, aku krungu swara kumebeting swiwine kumrasak, kayadene swaraning grojogan, kaya swarane Kang Mahakwasa, gumuruh kaya swarane wadya bala akeh; manawa padha mandheg, swiwine diingkupake.[25] Aku banjur krungu swara saka ing sadhuwure langit kang mayungi sirahe; manawa makhluk mau padha mandheg, swiwine diingkupake.[26] Ing sadhuwuring langit kang mayungi para makhluk mau ana rerupan kang katon kaya dhampar, memper karo sesotya manila; lan ing sadhuwure kang rupane kaya dhampar iku ana kang katone kaya manungsa.[27] Wiwit kang kaya bangkekan iku nganti tekan ing dhuwur, aku ndeleng kang mencorong kaya swasa lan kaya geni kang ing sakubenge katutupan; lan saka kang kaya bangkekan tumeka ing ngisor aku ndeleng kang kaya geni kang kinubengan ing sunar.[28] Kayadene kluwung kang ing mangsa udan katon ana ing mendhung, iya kaya mangkono iku katone sunar kang ngubengi. Kaya mangkono katone gambaring kamulyane Pangeran Yehuwah. Bareng aku ndeleng iku aku banjur nyembah sujud, sarta krungu swaraning Panjenengane kang medhar pangandika.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981