A A A A A

Tandha Matematika: [Nomer 5]


WAHYU 13:5-18
[5] Si kewan banjur kaparingan cangkem, kang kebak kumlungkung lan panyenyamah; sarta uga kaparingan panguwasa nglakoni mangkono iku lawase patang puluh loro sasi.[6] Kewan iku nuli ngangapake cangkeme nyenyamah marang Gusti Allah, iya nyenyamah marang asmane lan padalemane sarta marang kabeh kang padha manggon ana ing swarga.[7] Sarta maneh kalilan nempuh perang lan ngalahake marang para suci; tuwin kaparingan panguwasa misesa marang angger taler lan umat tuwin basa sarta bangsa.[8] Lan kabeh wong kang manggon ing bumi bakal padha sujud marang si kewan, yaiku saben wong kang jenenge wiwit nalika jagad tinalesan ora katulisan ing buku kauripan kagungane Sang Cempe kang wus kasembeleh.[9] Sapa kang duwe kuping, ngrungokna![10] Sapa kang pinesthi ditawan, iku bakal ditawan; sapa kang pinesthi kapatenan sarana pedhang, iku bakal kapatenan sarana pedhang. Kang prelu ing kene iya iku sabar mantep lan pracayane wong-wong suci.[11] Aku tumuli weruh kewan liyane njedhul saka sajroning bumi, sungune loro kaya Sang Cempe lan calathune kaya si naga.[12] Sarta nindakake sakehe panguwasane kewan kang kapisan ana ing ngarepe. Iku marakake bumi lan sakabehe kang ngenggoni padha sujud marang kewan kang kapisan, kang wus waras tatune kang mbebayani mau.[13] Sarta maneh nganakake mukjijat-mukjijat kang nggegirisi, malah nganti ngudhunake geni saka ing langit marang bumi ana ing ngarepe wong.[14] Kewan mau nasarake wong kang manggon ing bumi sarana kaelokan-kaelokan, kang wus diwenehake supaya ditindakake ana ing ngarepe si kewan kapisan mau. Wong-wong kang manggon ing bumi dikon dening kewan mau, supaya padha nganakake reca kanggo ngurmati si kewan kang kataton dening pedhang, nanging kang tetep isih urip iku.[15] Apamaneh si kewan dikuwasakake nganjingi nyawa marang reca iku mau, temah reca kewan iku uga bisa calathu, lan banjur tumandang, saben wong kang ora sujud marang reca kewan iku banjur kapatenan.[16] Karodene si kewan mau marakake wong kabeh, gedhe cilik, sugih miskin, mardika lan batur tukon, tangane tengen utawa bathuke padha dicireni,[17] sarta ora ana wong bisa tetuku utawa dodolan kajaba mung kang kanggonan ciri mau, yaiku jenenge si kewan utawa cacahe wilanganing jenenge.[18] Kang prelu ing kene yaiku kawicaksanan; sapa kang wicaksana iku ngetunga cacahing wilangane si kewan iku, awit iku wilangane sawijining manungsa, lan cacahe yaiku nem atus sawidak nenem.

MATEUS 19:9
Malah Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat rabine, liyane jalaran saka laku jina lan banjur rabi liyane, iku dadi laku bandrek.”

WAHYU 11:2-3
[2] Mung platarane sajabane Padaleman Suci iku aja sira ukur, marga iku wus kapasrahake marang para bangsa-bangsa liya kang bakal padha ngidak-idak Kutha Suci lawase patang puluh loro sasi.[3] Anadene seksiningSun loro bakal Sundhawuhi medhar wangsit lawase sewu rong atus sawidak dina kalawan manganggo bagor.”

MATEUS 5:32
Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat bojone ora jalaran saka laku jina, iku ndadekake bojone laku jina lan sing sapa ngrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.”

2 TIMOTEUS 3:16
Sakehing tulisan kang diwangsitake dening Gusti Allah iku pancen migunani kanggo memulang, kanggo melehake, kanggo mbangun wewatekan tuwin kanggo nggulawenthah ing sajroning kayekten.

WAHYU 4:6-8
[6] Karodene ing ngarepe dhampar ana sagara kaca kristal; ing satengahe dhampar lan ing saubenge ana makluk papat padha kebak mripat ana ing ngarep lan ing buri.[7] Dene makluk mau kang kapisan kaya singa, kang kapindho kaya pedhet, kang katelu iku raine kaya manungsa, lan kang kapate kaya manuk garudha mabur.[8] Makluk papat mau siji-sijine ana suwiwine ngenem, ing saubenge lan ing jerone padha kebak mripat, lan rina-wengi tanpa leren anggone ngucap mangkene: “Suci, suci, suci Pangeran Allah, ingkang Mahakuwasa, ingkang rumiyin wonten, ing samangke wonten, saha ingkang badhe rawuh.”

WILANGAN 5:11-31
[11] Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:[12] “Sira kandhaa marang wong Israel, padha tuturana: Manawa ana somahe wong kang laku ngiwa dadi ora setya marang kang lanang,[13] marga wong wadon iku ditunggal turu wong lanang liya, mangka bojone ora ngreti, awit anggone gawe kuceming awake iku digawe wadi, ora ana seksine, satemah ora konangan;[14] saupama kang lanang banjur kadunungan rohing kasujanan, nganti ndakwa marang kang wadon, mangka wong wadon mau dhasar nyata wus gawe kuceme awake, utawa manawa kang lanang katuwuhan rasa sujana, nganti ndakwa kang wadon, sanadyan kang wadon mau ora gawe kuceming awake,[15] ing kono wong lanang mau tumuli ngladekna somahe marang ngarepe imam. Lan wong iku kudu nggawa kurban marga saka kang wadon iku, arupa glepung sair saprasepuluh efa, aja nganggo diesoki lenga lan aja ditumpangi menyan, awitdene iku kurban dhaharan kasujanan, iya kurban pangeling-eling marang kaluputan.[16] Imam tumuli ngakona wong wadon iku maju, disebakna ing ngarsane Sang Yehuwah.[17] Imam tumuli nggawaa banyu suci diwadhahi genthong lemah, sarta njupuka lebu kang ana ing jrambahe Tarub Suci, dicemplungna ing banyu mau.[18] Sawuse wong wadon iku disebakake ing ngarsane Pangeran Yehuwah, rambute banjur diudharana, epek-epeke ditumpangana kurban pangeling-eling, yaiku kurban dhaharan kasujanan, dene tangane imam didokokana banyu pait kang malati.[19] Wong wadon mau disumpaha dening imam kalawan ngucapna: Manawa nyata kowe ora ditunggal turu dening wong lanang liya, lan ora laku ngiwa, -- awit kowe iku kawengku dening bojomu, -- kowe kalisa ing banyu pait kang malati iki;[20] balik manawa kowe nyata laku sedheng, temah ndadekake jembermu, marga ditunggal turu dening wong lanang liya; -- mangka kowe iku kawengku ing bojomu --[21] ing kono imam nyumpaha wong wadon mau klawan sumpah ipat-ipat, sarta ngucapa marang wong wadon mau, mangkene: Kowe didadekna tadhahing-sumpah ipat-ipat dening Pangeran Yehuwah ana ing tengahe bangsamu, pupumu bakal dadi cilik sarta wetengmu dadi busung,[22] marga banyu kang malati iki bakal manjing ing awakmu, ndadekake busunge wetengmu lan cilike pupumu. Wong wadon mau banjur ngucapa: Amin, amin.[23] Imam banjur nulisa ipat-ipat iku mau ana ing dluwang lan banjur ngilangana tulisan iku klawan banyu pait iku,[24] banyu pait kang nekakake walat iku banjur diombekna marang wong wadon mau, sarta banyu iku bakal lumebu ing awake lan njalari wong mau banjur lara banget.[25] Imam banjur njupuka kurbane dhaharan kasujanan saka ing tangane wong wadon mau, sarta kagoyanga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan kagawaa menyang ing misbyah.[26] Kurban dhaharan mau dijupuka sagegem dening imam minangka pisungsung pangeling-eling lan diobonga ana ing misbyah, sawuse mangkono banyune tumuli kaombekna marang wong wadon iku.[27] Sawuse mangkono, manawa wong wadon iku nyata jember lan ora setya marang bojone, mesthi banjur kelakon banyu kang malati mau bakal manjing ing awake, sarta njalari lara banget, temah wetenge dadi busung lan pupune dadi cilik. Sabanjure wong wadon iku bakal nandhang ipat-ipat ana ing satengahing bangsane.[28] Balik manawa wong wadon iku ora gawe kuceming awake, nanging resik, mesthi bakal kalis lan bakal duwe anak.”[29] Kaya mangkono angger-angger tumrap kasujanan, manawa ana wong wadon kang laku sedheng lan gawe jembering awake, mangka kawengku ing bojone,[30] utawa manawa wong lanang kadunungan rohing kasujanan, nganti ndakwa somahe laku sedheng, kang wadon nuli kasebakna marang ngarsane Pangeran Yehuwah sarta imam nindakna pranatan iku kabeh marang wong wadon mau.[31] Kang lanang bakal ora kaluputan, nanging kang wadon kang nanggung wohing kaluputane. edit 1: fajar 8.3.01

1 PARA RAJA 7:23
Sawuse mangkono Hiram banjur gawe “segaran” cithakan, kang saka pinggiran kang siji marang sijine sapuluh asta, wangune bunder kepleng, dhuwure limang asta, sarta kang kubenge padha karo tali kang dawane telung puluh asta.

PANGANDHARING TORET 6:4
He Israel, ngrungokna, Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kita, Pangeran Yehuwah iku siji.

MALEAKHI 3:10
Sira padha nggawaa pisungsung prasepuluhan kabeh menyang ing gedhong parawatan, supaya ing padalemaningSun anaa tandhon pangan; tumuli Ingsun titi-priksanen, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- apa sira ora Sunwengani inebe langit, sarta apa Ingsun ora ngesoki berkah marang sira nganti luber?

JABUR 104:9
Watesipun Paduka tetepaken, boten badhe dipun langkahi, boten badhe wangsul ngelebi bumi.

PURWANING DUMADI 6:12
Bareng Gusti Allah mirsani bumi, nyata-nyata yen iku wus rusak banget, awit sarupane titah wus padha mblasar lakune ana ing bumi.

PURWANING DUMADI 7:20
Gunung-gunung mau kungkulan banyu kang saya wuwuh iku nganti limalas asta, temahan padha kasasaban,

PURWANING DUMADI 8:5-9
[5] Banyune tansah saya suda-suda nganti tekan sasi sapuluh. Bareng sasi sapuluh tanggal sapisan, pucake gunung-gunung wiwit padha katon.[6] Kacarita bareng wus kelakon patang puluh dina, Rama Nuh ngengakake cendhelaning prau yasane,[7] sarta nguculake manuk gagak, iku mabur bola-bali nganti tekan asate banyu saka ing bumi.[8] Sawuse mangkono banjur ngeculake manuk dara, karsane ngyektosi apa banyune wus surud saka ing lumahing bumi,[9] nanging sarehne dara mau ora oleh pencokan kanggo tlapakane sikile, mulane bali marang ing ngarsane Rama Nuh menyang ing prau maneh, marga salumahing bumi isih warata katutupan banyu. Rama Nuh banjur mulung astane, ngasta manuk dara mau dilebetake ing prau.

PURWANING DUMADI 9:11
Ingsun nganakake prasetyaningSun karo sira, yen sabanjure bakal ora kelakon maneh makhluk kang urip katumpes dening banjir, lan bakal ora ana banjir gedhe maneh kang nyirnakake bumi.”

PURWANING DUMADI 1:31
Gusti Allah tumuli mirsani samubarang yeyasane, lan kabeh wus prayoga linuwih. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping nem.

PURWANING DUMADI 3:15
Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”

1 KORINTA 10:13
Kang padha kokalami iku pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kakuwataning manungsa. Sabab Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakal negakake kowe kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu. Manawa kowe kena ing coba, Panjenengane bakal maringi marganing luwar, satemah kowe padha bisa mbetahake.

PANGENTASAN 20:13
Sira aja memateni.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981