1 TIMOTEUS 2:5 |
Amarga Gusti Allah iku asipat tunggal, samono uga Panjenengane kang dadi pantawis kiat ing antarane Gusti Allah lan manungsa iku uga mung siji, yaiku Sang Manungsa Kristus Yesus, |
|
2 TIMOTEUS 3:16 |
Sakehing tulisan kang diwangsitake dening Gusti Allah iku pancen migunani kanggo memulang, kanggo melehake, kanggo mbangun wewatekan tuwin kanggo nggulawenthah ing sajroning kayekten. |
|
LELAKONE PARA RASUL 17:28 |
Jalaran kita punika gesang wonten ing Panjenenganipun, kita ebah, kita wonten, kadosdene ingkang ugi sampun kapratelakaken dening para pujangga panjenengan: Sabab kita punika ugi sami trahipun Allah. |
|
KOLOSE 2:9 |
Panjenengane iku kadunungan Kaallahan sawetahe kang kasarira, |
|
PANGENTASAN 3:14 |
Pangandikane Gusti Allah marang Sang Musa: “INGSUN ANA KANG ANA.” Pangandikane maneh: “Tuturira marang wong Israel mangkene: INGSUN ANA iku kang ngutus aku nemoni kowe.” |
|
PURWANING DUMADI 1:26 |
Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.” |
|
IBRANI 4:12 |
Sabab pangandikane Gusti Allah iku gesang lan santosa sarta luwih landhep tinimbang sakabehing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Tumamane bebles nganti misahake nyawa lan roh, ros-rosan-ros-rosan lan sungsum; bisa mbedakake panimbang lan pangangen-angening ati kita. |
|
YOKANAN 4:24 |
Gusti Allah iku Roh, mulane kang padha sujud marang Gusti Allah, anggone sujud iku kudu ing sajroning roh lan kayekten.” |
|
KAIMAMAN 19:28 |
Sira aja nggaret-nggareti awakira marga kepaten lan sira aja gawe ciri-ciri ana ing badanira; Ingsun iki Yehuwah. |
|
MATEUS 12:40 |
Awit padha kaya Yunus anggone ana ing wetenge iwak telung dina telung bengi, mangkono uga Putraning Manungsa bakal ana ing jerone telenging bumi telung dina telung bengi. |
|
WAHYU 1:4 |
Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar, |
|
TITUS 1:12 |
Ana panunggalane, yaiku nabine dhewe, iku tau duwe ujar mangkene: “Wong Kreta iku salawase padha wong dora, kewan galak lan wong dremba kang kesed.” |
|
1 KORINTA 15:33 |
Kowe aja padha kasasar: Sesrawungan kang ala iku ngrusak padatan kang becik. |
|
1 YOKANAN 5:7-9 |
[7] Awit ana telu kang padha jumeneng dadi seksi (ana ing swarga: Sang Rama, Sang Sabda lan Roh Suci. Sarta katelune iku dadi siji.[8] Lan uga ana telu kang dadi seksi ana ing bumi). Roh, banyu lan getih lan telu-telune iku padha dadi siji.[9] Manawa kita padha nganggep marang paseksene manungsa, paseksene Gusti Allah iku ngluwihi, amarga iya mangkono iku paseksene Gusti Allah, kang diparingake ing ngatase Kang Putra. |
|
YOKANAN 3:16-18 |
[16] Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.[17] Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora supaya ngadili marang jagad, nanging supaya mitulungi rahayu marang jagad.[18] Sing sapa pracaya marang Panjenengane, iku ora bakal diukum, balik sing sapa ora pracaya, iku wus kapatrapan, amarga ora pracaya marang asmane Putraning Allah kang ontang-anting. |
|
Javanese Bible 1981 |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981 |