A A A A A

Life: [Wealth]


1 TIMOTEUS 6:17-19
[17] Para wong sugih ing donya iki padha elingna, supaya aja padha gumunggung lan aja padha kadunungan pangarep-arep marang samubarang kang ora tetep kaanane, kayata kasugihan, nanging marang Gusti Allah, kang marga saka sugihe, maringi marang kita samubarang kabeh, supaya kita rasakake nikmate.[18] Padha elingna, supaya padha nglakoni panggawe becik, dadi sugih ing bab kabecikan, dhangan weweh lan memandumi[19] temah padha nandho amal kang minangka pawitan kang prayoga kanggo ing tembe, supaya padha oleha urip kang sanyata.

LUKAS 19:1-10
[1] Gusti Yesus banjur lumebet ing kutha Yerikho lan tindak nratas ing kutha kono.[2] Ing kono ana wong aran Zakheus, juru-mupu-beya kang sugih.[3] Iku ngudi bisane ndeleng Gusti Yesus iku kaya apa, nanging ora bisa marga saka cendheke dedege, kaling-kalingan wong akeh.[4] Mulane banjur lumayu ndhisiki wong akeh, nuli menek ing wit anjir supaya bisa ndeleng Gusti Yesus, kang bakal langkung ing kono.[5] Nalika Gusti Yesus rawuh ing panggonan kono, banjur tumenga lan ngandika: “Zakheus, enggal mudhuna, amarga dina iki Aku prelu leren ana ing omahmu.”[6] Zakheus enggal-enggal mudhun lan nampani Gusti Yesus kalawan bungah.[7] Nanging kabeh wong kang weruh padha pating kadumel, pangucape: “Kok karsa lereb ana ing omahe wong dosa.”[8] Nanging Zakheus banjur ngadeg lan munjuk marang Gusti: “Gusti, sabarang gadhahan kawula, sapalih badhe kawula sukakaken dhateng tiyang miskin sarta manawi wonten tiyang ingkang sakinten kawula pendheti punapa-punapanipun kanthi patrap ingkang boten sae, badhe kawula wangsulaken tikel sakawan.”[9] Pangandikane Gusti Yesus: “Ing dina iki omah iki katekan karahayon, amarga wong iki iya tedhake Rama Abraham.[10] Sabab Putraning Manungsa iku rawuhe prelu nggoleki lan mitulungi rahayu marang wong kang katriwal.”

MARKUS 4:19
nanging banjur kasusahaning donya iki lan panasaraning kasugihan apadene kamelikan-kamelikan marang bab liya-liyane iku padha sumusup ing ati lan ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe.

LUKAS 18:18-30
[18] Kacarita ana sawijining panggedhe matur pitakon marang Gusti Yesus mangkene: “Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih angsal gesang langgeng?”[19] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Yagene kowe ngarani Aku utama? Ora ana wong siji bae kang utama kajaba mung Gusti Allah piyambak.[20] Mesthine kowe wis nyumurupi kabeh pepakone Gusti Allah: Sira aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, ngajenana bapa biyungira.”[21] Unjuke wong mau: “Punika sadaya sampun kula lampahi wiwit anem mila.”[22] Mireng kang mangkono iku Gusti Yesus banjur ngandika: “Isih ana siji kang kudu koklakoni: kabeh barang darbekmu edolana lan edum-edumna marang wong-wong miskin, temah kowe bakal duwe bandha ana ing swarga, nuli mrenea, melua Aku.”[23] Bareng wong mau krungu pangandika iku, banjur sedhih banget, amarga kaliwat sugihe.[24] Banjur dipandeng dening Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Pancen angel banget tumraping wong sugih dhuwit, bisane lumebu ing Kratoning Allah.[25] Amarga gampang unta nlusup ing bolonganing dom, katimbang karo wong sugih lumebu ing Kratoning Allah.”[26] Wong-wong kang pada krungu padha calathu: “Yen mangkono, sapa kang bisa oleh karahayon?”[27] Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kang mokal tumraping manungsa, iku ora mokal tumraping Allah.”[28] Petrus munjuk: “Kawula punika smapun sami nilar sadaya gadhahan kawula lajeng ndherek Paduka.”[29] Pangandikane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe, satemene saben wong kang marga saka Kratoning Allah ninggal omahe, bojone utawa sadulure, wong tuwane utawa anak-anake,[30] iku bakal tampa piwales tikel-matikel, ing jaman saiki uga, lan ing jaman kang bakal kalakon bakal tampa urip langgeng.”

WAHYU 3:17
Sarehne sira duwe ujar: Aku iki sugih lan aku wus ngudi kasugihan sarta ora kekurangan apa-apa, apa maneh marga sira ora sumurup, yen sira iku mlarat, lan memelas, wuta lan kawudan,

LUKAS 16:1-3
[1] Ana maneh pangandikane Gusti Yesus marang para sakabate: “Ana wong sugih duwe juru-gedhong. Iku diwaduli, manawa juru-gedhong mau ngawut-awut barang darbeke.[2] Mulane banjur diundang lan dicalathoni mangkene: Kapriye, dene aku nganti krungu bab tumindakmu kang mangkono iku? Mara, aku wenehana palapuran tumrap rereksanmu, amarga kowe wis ora kena mbanjurake pagaweanmu dadi juru-gedhong.[3] Juru-gedhong mau nuli mikir: Gek aku arep nyambut-gawe apa? Aku dipocot anggonku dadi juru-gedhong. Macul aku ora bisa, ngemis aku isin.

MARKUS 12:43-44
[43] Para sakabat banjur padha ditimbali lan dipangandikani: “Aku pitutur marang kowe: sanyatane pisungsunge randha miskin iku luwih akeh katimbang sakabehing wong kang padha nyemplungake dhuwit ing pethi pisungsung,[44] amarga kabeh padha misungsung saka ing kaluwihane, dene randha iki nyaosake saka ing kakurangane, malah kabeh kang dadi duweke, yaiku kabeh kang minangka panguripane.”

LUKAS 19:1-27
[1] Gusti Yesus banjur lumebet ing kutha Yerikho lan tindak nratas ing kutha kono.[2] Ing kono ana wong aran Zakheus, juru-mupu-beya kang sugih.[3] Iku ngudi bisane ndeleng Gusti Yesus iku kaya apa, nanging ora bisa marga saka cendheke dedege, kaling-kalingan wong akeh.[4] Mulane banjur lumayu ndhisiki wong akeh, nuli menek ing wit anjir supaya bisa ndeleng Gusti Yesus, kang bakal langkung ing kono.[5] Nalika Gusti Yesus rawuh ing panggonan kono, banjur tumenga lan ngandika: “Zakheus, enggal mudhuna, amarga dina iki Aku prelu leren ana ing omahmu.”[6] Zakheus enggal-enggal mudhun lan nampani Gusti Yesus kalawan bungah.[7] Nanging kabeh wong kang weruh padha pating kadumel, pangucape: “Kok karsa lereb ana ing omahe wong dosa.”[8] Nanging Zakheus banjur ngadeg lan munjuk marang Gusti: “Gusti, sabarang gadhahan kawula, sapalih badhe kawula sukakaken dhateng tiyang miskin sarta manawi wonten tiyang ingkang sakinten kawula pendheti punapa-punapanipun kanthi patrap ingkang boten sae, badhe kawula wangsulaken tikel sakawan.”[9] Pangandikane Gusti Yesus: “Ing dina iki omah iki katekan karahayon, amarga wong iki iya tedhake Rama Abraham.[10] Sabab Putraning Manungsa iku rawuhe prelu nggoleki lan mitulungi rahayu marang wong kang katriwal.”[11] Gusti Yesus banjur paring pasemon marang wong kang padha ngrungokake pangandikane, sabab tindake wis cedhak kutha Yerusalem sarta panyanane wong-wong mau yen Kratoning Allah bakal enggal kababar.[12] Panjenengane banjur ngandika: “Ana sawijining priyagung tindak menyang ing tanah adoh bakal kajumenengake ratu ana ing kana, nuli kondur.[13] Banjur nimbali abdine sapuluh, padha kapasrahan dhuwit sapuluh mina, pangandikane: Dhuwit iki anggonen dagang nganti tumeka sakondurku.[14] Nanging panjenengane iku disengiti ing wong-wong ing nagarane, mulane tumuli padha nusuli kongkonan, padha dikon munjuk: Kawula sami boten trimah, manawi tiyang punika jumeneng ratu, ngereh kawula sadaya.[15] Kacarita nalika panjenengane kondur, sawise kajumenengake dadi ratu, banjur dhawuh nimbali para abdine, kang padha dipasrahi dhuwit, awit kapengin nguningani bebathene siji-sijine anggone laku dagang.[16] Wong kang kapisan seba lan munjuk: Gusti, kagungan dalem arta samina angsal bathi sadasa mina.[17] Pangandikane Gustine: Apik banget pagaweanira, heh, abdi kang becik. Sarehne sira tumemen ing bab kang sapele, mulane sira sunparengake nguwasani kutha sapuluh.[18] Nuli kang kapindho seba sarta munjuk: Gusti, kagungan dalem arta samina angsal bathi gangsal mina.[19] Pangandikane marang wong iku: Dene sira nguwasanana kutha lima.[20] Abdi kang katelu seba lan munjuk: Gusti, lah punika kagungan dalem arta samina, kawula simpen, kawula bundheli ing kacu.[21] Awit kula ajrih dhumateng panjenengan dalem. Amargi panjenengan dalem punika kereng, karsa mundhut ingkang sanes panjenengan dalem lampahaken, punapa dene ngundhuh ingkang sanes sebaran dalem.[22] Pangandikane marang wong mau: Heh, abdi kang ala, sira bakal sunadili manut ujarira dhewe. Sira wus mangreti, manawa ingsun iki wong kang kereng, kang mundhut kang ora sunlakokake, sarta ngundhuh kang dudu sebaraningsun.[23] Yen mangkono, yagene dhuwitingsun ora sira pasrahake marang wong kang nglakokake dhuwit, supaya sarawuhingsun kenaa sunpundhut dalah saanakane.[24] Banjur ngandika marang wong-wong kang ana ing kono: Jupuken dhuwit samina iku, wenehna marang kang nggawa sapuluh mina.[25] Unjuke wong-wong mau: Gusti, piyambakipun sampun mbekta sadasa mina.[26] Paring wangsulane: Ingsun pitutur marang sira, saben wong kang duwe, iku bakal kaparingan, nanging kang ora duwe, iku bakal kapundhutan, iya dalah kang kaduwe.[27] Nanging kabeh satruningsun iki, kang padha ora seneng manawa ingsun jumeneng dadi ratune, iku padha sira ladekna mrene, padha patenana ana ing ngarsaningsun.”

LUKAS 18:22-23
[22] Mireng kang mangkono iku Gusti Yesus banjur ngandika: “Isih ana siji kang kudu koklakoni: kabeh barang darbekmu edolana lan edum-edumna marang wong-wong miskin, temah kowe bakal duwe bandha ana ing swarga, nuli mrenea, melua Aku.”[23] Bareng wong mau krungu pangandika iku, banjur sedhih banget, amarga kaliwat sugihe.

MARKUS 12:41-44
[41] Nalika Gusti Yesus lenggah ing ngarep pethi pisungsung, mirsani wong akeh anggone padha nglebokake dhuwit ing pethi mau. Wong kang sugih-sugih akeh kang padha nyemplungake pisungsung akeh.[42] Banjur ana sawijining randha miskin kang iya nglebokake pisungsung, kehe rong igar, yaiku sadhuwit.[43] Para sakabat banjur padha ditimbali lan dipangandikani: “Aku pitutur marang kowe: sanyatane pisungsunge randha miskin iku luwih akeh katimbang sakabehing wong kang padha nyemplungake dhuwit ing pethi pisungsung,[44] amarga kabeh padha misungsung saka ing kaluwihane, dene randha iki nyaosake saka ing kakurangane, malah kabeh kang dadi duweke, yaiku kabeh kang minangka panguripane.”

MATEUS 25:14-30
[14] “Awit bab iku kayadene wong kang arep lelungan banjur ngundangi batur-bature, padha dipasrahi barang darbeke,[15] kang siji diwenehi limang talenta, sijine rong talenta, lan sijine maneh satalenta, undha-usuk, tumuli mangkat.[16] Kang tampa limang talenta banjur lunga, dhuwite dilakokake, temah oleh bathi limang talenta.[17] Batur kang tampa rong talenta iya nindakake kang mangkono lan oleh bathi rong talenta.[18] Nanging batur kang tampa satalenta iku lunga ndhudhuk lemah gawe luwangan, dhuwite bandarane dipendhem.[19] Sawise antara lawas bandarane batur-batur mau mulih, banjur etung-etungan.[20] Kang tampa limang talenta ngaturake bebathen limang talenta, ature: Bandara, kula panjenengan cepengi gangsal talenta; lah punika kula angsal bathi inggih gangsal talenta.[21] Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindhakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.[22] Kang tampa rong talenta banjur matur: Bandara, kula panjenengan pasrahi kalih talenta; lah kula angsal bathi kalih talenta.[23] Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.[24] Wasana kang tampa satalenta uga teka lan matur: Bandara, kula sampun sumerep, bilih panjenengan punika tiyang ingkang dakwenang, dene ngeneni ingkang sanes sebaran panjenengan, saha mendheti ingkang sanes taneman panjenengan.[25] Milanipun kula ajrih, kula lajeng kesah, arta panjenengan satalenta kula pendhem ing siti. Mangga, kula aturi nampeni kagungan panjenengan![26] Bandarane banjur mangsuli: Heh, batur kang ala lan kesed, kowe wis ngreti, yen aku ngeneni kang dudu sebaranku lan njupuk kang dudu tanduranku.[27] Mulane benere dhuwitku koktitipake marang wong kang nglakokake dhuwit, supaya saulihku bisa tampa dhuwit iku saanakane.[28] Mulane padha jupuken dhuwit satalenta iku, banjur wenehna kang duwe sapuluh talenta iku.[29] Sabab sing sapa duwe, bakal kaparingan, nganti luber. Nanging sing sapa ora duwe, bakal kapundhutan sabarang darbeke kabeh.[30] Anadene batur kang tanpa guna iku uncalna menyang ing pepeteng kang banget petenge. Ing kono kang ana mung tangis lan keroting untu.”

MATEUS 13:22
Sabanjure kang kasebar ing eren, yaiku wong kang ngrungokake pangandika, banjur sumelanging donya lan daya pamblithuking kasugihan padha ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe.

WULANG BEBASAN 13:22
Wong becik ninggali warisan marang anak-putune, nanging barang darbeke wong dosa iku dicadhangake kanggo wong bener.

WULANG BEBASAN 3:9-10
[9] Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu;[10] temah lumbungmu bakal dikebaki nganti luber, lan pamipitanmu luber anggure.

WULANG BEBASAN 10:4
Tangan kang kendho marakake mlarat, nanging tangane wong sregep iku ndadekake sugih.

WULANG BEBASAN 18:11
Tumrape wong sugih kutha kang santosa iku raja-darbeke, dirasa kaya balowarti kang dhuwur.

HOSEA 12:8
Padha kaya Kanaan, kang nyekel traju kang cidra, lan kang seneng memeres,

ZAKHARIA 14:14
Yehuda uga bakal melu perang nglawan Yerusalem, kasugihane sakehe bangsa kang ana ing sakubenge bakal kaklumpukake, yaiku mas lan salaka sarta sandhangan kang cacahe luwih dening akeh.

KOHELET 5:19
Wong mau arang-arang ngeling-eling marang uripe, amarga Gusti Allah marengake tansah ngrasakake kasenenganing atine.

KOHELET 6:2
wong kang kaganjar dening Gusti Allah kasugihan, raja-brana lan kamulyan, satemah ora kakurangan apa-apa tumrap kang dadi pepenginane, nanging wong iku ora diparengake dening Gusti Allah ngrasakake iku kabeh, nanging wong liya kang ngrasakake! Iki kaanan kang tanpa guna lan kasangsaran kang pait.

PANGANDHARING TORET 8:18
Nanging kowe elinga marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit iya Panjenengane iku kang maringi kakuwatan marang kowe nganti kowe bisa oleh kasugihan, karsane ngiyatake prasetyane kang wus didhawuhake marang para leluhurmu kalawan supaos, kaya dene ing dina iki.

WULANG BEBASAN 10:22
Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake, ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.

JABUR 37:16-17
[16] Sathithika kae barang darbeke wong mursid iku luwih becik katimbang karo mubra-mubrune wong duraka.[17] Amarga tangane wong duraka bakal padha ditugel, nanging wong mursid iku dikukuhake dening Pangeran Yehuwah.

WULANG BEBASAN 15:16-17
[16] Luwih becik barang sathithik kang dikantheni wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, tinimbang karo kasugihan akeh kang dikantheni sumelang.[17] Luwih becik jangan sapiring kanthi katresnan, tinimbang karo sapi lemu kang klawan sesengitan.

PANGANDHARING TORET 8:17-18
[17] Mulane kowe aja nganti padha duwe osik ing atimu: Pangwasaku lan karosanku kang njalari aku oleh kasugihan iki.[18] Nanging kowe elinga marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit iya Panjenengane iku kang maringi kakuwatan marang kowe nganti kowe bisa oleh kasugihan, karsane ngiyatake prasetyane kang wus didhawuhake marang para leluhurmu kalawan supaos, kaya dene ing dina iki.

WULANG BEBASAN 10:15
Raja-darbene wong sugih iku minangka kuthane kang santosa, nanging kang njalari karusakane wong miskin iku kamlaratan.

JABUR 39:4-6
[4] Atiku panas ana ing jeroku, murub kaya geni nalika aku sesambat; aku munjuk kalawan ilatku:[5] “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa paring sumerep bab ngajal kawula, punapadene bab watesing umur kawula, supados kawula mangretos bilih kawula punika boten langgeng![6] Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah; saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka, pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)

KOHELET 5:8-17
[8] Ing sajroning kaanan mangkono iku, begja nagara kang ratune ingajenan ana ing dhaerah kono.[9] Sing sapa nresnani dhuwit ora bakal wareg dhuwit lan sing sapa tresna marang kasugihan ora bakal marem marang pametune. Iki iya tanpa paedah.[10] Manawa barang darbeke wuwuh, wong kang ngentekake uga wuwuh. Banjur apa kauntungane kang duwe kajaba mung ndeleng?[11] Wong kang nyambut gawe iku turune kepenak, sanadyan mangane sathithik utawa akeh; nanging mubra-mubruning wong sugih marakake ora bisa turu.[12] Aku weruh kaanan kang nyedhihake banget ana ing sangisoring langit: kasugihan kang kasimpen dening kang duwe njalari kacilakane dhewe.[13] Lan kasugihan iku sirna marga saka kojure, satemah ora duwe apa-apa kanggo anake.[14] Kayadene anggone metu saka ing guwa-garbane ibune, mangkono uga anggone bakal lunga, iya wuda kaya nalikane teka lan ora oleh apa-apa saka ing kangelane kang kena digawa.[15] Iki uga kaanan kang nyedhihake. Kayadene anggone teka, mangkono uga anggone bakal lunga. Banjur apa kauntungane wong kang wus kangelan mburu angin iku?[16] Malah salawase uripe ngrasakake gela lan sedhih; akeh kasusahane, kasangsarane lan kang marakake anyel.[17] Lah kang dakanggep becik lan prayoga iku: mangan ngombe lan seneng-seneng ing sajroning pagaweane kang dilakoni kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit ing salawase uripe kang cendhak, kang diparingake dening Gusti Allah, awit yaiku pandumane.

JABUR 49:10-20
[10] supaya lestari urip ing sateruse, lan ora ndeleng luwanganing kuburan.[11] Sanyatane, bakal kinawruhan: para wong kang wicaksana padha mati, para wong bodho lan tanpa budi padha mati bareng, lan bandhane ditinggalake marang wong liya.[12] Kubure iku dadi omahe ing salawase, dienggoni nganti turun-tumurun, pategalan-pategalan dianggep dadi duweke.[13] Nanging wong iku gedhea kaluhurane, iya ora lestari uripe, mung padha kaya kewan kang dipateni.[14] Kaya mangkono iku kaanane wong kang ngendelake awake dhewe, sarta patine wong kang seneng marang tembunge dhewe. (Selah)[15] Kaya wedhus anggone padha lumebu marang ing jagading wong mati, pati kang dadi pangone; padha terus tumurun marang ing kuburan, awake ajur mumur, jagading wong mati kang dadi papan padunungane.[16] Nanging nyawaku bakal diluwari dening Gusti Allah, saka ing cengkeremaning jagade wong mati, amarga Panjenengane bakal mundhut aku. (Selah)[17] Aja sumelang, manawa ana wong sangsaya sugih, sarta sangsaya wuwuh kamuktene ana ing omahe,[18] amarga rikala matine kabeh iku ora bakal digawa, kamuktene ora bakal ngetutake dheweke.[19] Sanadyan sajroning uripe ngarani awake dhewe iku begja, lan dialem dening wong marga anggone mbeciki awake dhewe,[20] ewadene bakal padha marani para leluhure, kang ora bakal ndeleng pepadang ing sateruse.

JABUR 52:7
Nanging kowe iku ing satemene bakal dibrukake dening Gusti Allah ing sateruse bakal direbat lan dilarak saka ing tarub bakal kabethot saka ing tanahe wong ngaurip. (Selah)

KOHELET 5:10
Manawa barang darbeke wuwuh, wong kang ngentekake uga wuwuh. Banjur apa kauntungane kang duwe kajaba mung ndeleng?

2 BABAD 1:11-12
[11] Paring pangandikaning Allah marang Sang Prabu Suleman: “Ing sarehne iku kang sira karepake, lan sira ora nyuwun kasugihan, raja-brana, kamulyan utawa patining wong kang sengit marang sira, lan uga ora nyuwun umur dawa, nanging kosok baline sira nyuwun kawicaksanan lan kawasisan supaya bisa ngakimi umatingSun, kang wus Sunpitayakake marang sira minangka ratune,[12] mulane kawicaksanan lan kawasisan iku kaparingake marang sira; kajaba saka iku sira Sunparingi kasugihan, raja-brana lan kamulyan, kang durung tau kadarbe dening para ratu sadurunge sira sarta ora bakal ana ratu sawuse sira kang ndarbeni iku.”

1 PARA RAJA 3:11-13
[11] Mulane Gusti Allah nuli ngandika marang panjenengane: “Ing sarehne iku kang dadi panyuwunira lan ora nyuwun umur dawa utawa kasugihan apa nyawaning mungsuhira, nanging kalimpadan aweh putusan ing sajroning pangadilan,[12] mulane lah Ingsun bakal nindakake kang laras karo panyuwunira iku, lah Ingsun maringi marang sira ati kang kebak kawicaksanan lan kalimpadan, nganti sadurunge sira ora ana wong siji-sijia kang kaya sira, lan sawuse sira ora bakal ana wong siji-sijia kang kaya sira.[13] Sarta kang ora sira suwun iya Sunparingake, yaiku kasugihan lan kaluhuran, satemah sajege uripira ora bakal ana wong siji-sijia kang kaya sira ing antarane para raja.

WULANG BEBASAN 28:8
Sing sapa ngundhakake barang-darbeke srana dibathekake lan dianakake, iku nglumpukake kanggo wong-wong kang melasi para wong sekeng.

JABUR 112:1-3
[1] Haleluya! Rahayu wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, kang banget kasengsem marang sakehing pepakone,[2] anak-putune bakal santosa ana ing bumi, turune wong bener bakal diberkahi,[3] omahe kanggonan bandha lan kasugihan, sarta kautamane iku tetep ing salawas-lawase.

MATEUS 6:33
Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.

MATEUS 6:24
“Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.

WULANG BEBASAN 21:5
Rancangane wong sregep iku nekakake kaluberan, nanging saben wong kang gugupan iku mung bakal ngalami kacingkrangan.

PANGANDHARING TORET 15:11
Awitdene mungguh wong miskin iku salawase bakal tansah ana bae ing nagara kono; mulane kowe dakprentahi mangkene: Tanganmu egarna kang amba marang sadulurmu kang kacingkrangan lan kang miskin ana ing nagaramu.”

1 KORINTA 16:2
Ing dina kapisan ing saben minggu, sawiji-wijining panunggalanmu -- adhedhasar apa kang padha koktampa -- padha nisihna sawatara lan simpenen ana ing omah, supaya anggonmu padha nglumpukake iku aja nganti lagi koktindakake samangsa aku teka.

1 PETRUS 5:2
Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi.

LUKAS 16:19-31
[19] “Ana wong sugih kang tansah manganggo jubah wungu lan kain kang alus, sarta saben dina mangun suka ngeram-eramake.[20] Lan ana wong ngemis jenenge Lazarus, awake sakojur gudhigen; ngglungsar ana ing sacedhake regoling omahe wong sugih mau[21] sarta banget kapengin ngilangake luwene kalawan gogrogan saka ing mejane wong sugih iku. Nanging malah diparani asu-asu sing padha ndilati gudhige.[22] Kacarita wong miskin mau mati, banjur digawa dening para malaekat menyang ing pangkone Rama Abraham.[23] Wong sugih mau iya mati lan banjur dikubur. Lan nalika dheweke ana ing sajroning teleng-palimengan sarta nandhang sangsara iku tumenga, nuli sumurup Rama Abraham ana ing kadohan mangku Lazarus.[24] Banjur nguwuh-uwuh, ature: Dhuh, Rama Abraham, mugi karsaa paring kawelasan dhateng kula. Lazarus mugi kadhawuhana nyelupaken pucuking drijinipun wonten ing toya, kangge ngasrepaken ilat kula, amargi kula nandhang sangsara sanget wonten ing latu murub punika.[25] Nanging Rama Abraham mangsuli, pangandikane: Angger, elinga, yen kowe wis tampa samubarang kang becik salawase uripmu, nanging Lazarus tampa samubarang kang ora apik. Saiki dheweke tampa panglipur, dene kowe nandhang sangsara banget.[26] Kajaba saka iku ing antarane aku lan kowe ana jurang kang ora kena diliwati, supaya wong ing kene kang arep menyang ing panggonanmu utawa wong kang ana ing panggonanmu arep mrene ora bisa.[27] Ature wong mau: Manawi makaten, panyuwun kula, dhuh Rama, Lazarus mugi kadhawuhana dhateng ing griyanipun bapa kula,[28] awit sadherek kula taksih gangsal, supados sami kaengetna kanthi saestu, amrih ing benjingipun sampun sami lumebet ing papan ingkang sangsara punika.[29] Nanging pangandikane Rama Abraham: Iku wis duwe paseksene Nabi Musa lan para nabi liyane. Iya iku kang kudu padha dirungokake.[30] Ature wong mau: Boten, Rama Abraham, nanging manawi wonten patunggilanipun tiyang pejah ingkang ndhatengi, tamtu sami badhe mratobat.[31] Pangandikane Rama Abraham: Manawa ora padha ngrungokake paseksene Nabi Musa lan para nabi liyane, mesthi iya ora kena dikandhani, sanadyan ana wong kang tangi saka ing antarane wong mati.”

1 TIMOTEUS 6:10
Amarga kang dadi witing sakehing piala iku ambek karem bandha. Sabab marga saka anggone mburu dhuwit sawenehing wong padha nyimpang saka ing pracaya sarta nyiksa awake dhewe kalawan kasusahan warna-warna.

LUKAS 6:20
Gusti Yesus banjur mirsani para sakabate lan ngandika: “Rahayu kowe kang padha mlarat, amarga kowe kang padha nduweni Kratoning Allah.

WULANG BEBASAN 22:7
Wong sugih nguwasani para wong miskin, lan sapa kang utang, dadi bature kang motangake.

MATEUS 6:19-21
[19] “Aja padha nglumpukake bandha ana ing donya; ana ing donya bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak, sarta bisa katekan maling kang mbabah lan nyolong.[20] Nanging padha nglumpukna bandha ing swarga, kang ora bakal kena ing renget lan tiyeng kang ngrusak lan ora bakal katekan maling kang mbabah lan nyolong.[21] Amarga ing ngendi dununge bandhanmu, iya ana ing kono dununge atimu.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981