A A A A A

Life: [War]


KOHELET 3:8
Ana wayahe nresnani, ana wayahe nyengiti; ana wayahe perang, ana wayahe rukun.

EFESUS 6:11
Padha sikepa praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa ndhahi gelar kajuligane Iblis;

YESAYA 2:4
Panjenengane bakal dadi hakim ana ing antarane para bangsa lan bakal ngadili suku bangsa akeh; iku banjur bakal padha nggembleng pedhang-pedhange kadadekake kejen sarta tumbak-tumbake kadadekake arit. Bangsa kang siji ora bakal ngangkat pedhange maneh nglawan bangsa sijine tuwin ora bakal nggladhi perang maneh.

YESAYA 19:2
Ingsun bakal damel wong Mesir nglawan padha wong Mesir, supaya padha perang, saben wong nglawan sadulure lan saben wong nglawan mitrane, kutha nglawan kutha, karajan nglawan karajan;

YEREMIA 46:16
Saka ing antaranira akeh kang kejengklok lan ambruk, kang siji kandha marang sijine: Payo padha ngulihi bangsa kita, tanah kalairan kita, prelu ngendhani pedhang kang ngamuk iki!

YEREMIA 51:20
Sira iku maune dadi gada tumrap Ingsun, gegamaning perang: Kalawan sira Ingsun ngremuk para bangsa, kalawan sira Ingsun nyirnakake krajan-krajan.

YOEL 3:9
Prakara iki undhangna ana ing satengahe para bangsa: padha samektaa ing perang, para pahlawan padha sira angkatna, sakehe prajurit padha sira prentahana supaya ngetoni perang.

MIKHA 7:8
He mungsuhku, aja bungah-bungah ing ngatase aku! Sanadyan aku tiba, mesthi bakal ngadeg maneh, dadia linggih ana ing pepeteng pisan, Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhangku.

MATEUS 24:6
Kowe bakal krungu swaraning perang utawa kabar-kabar bab perang. Nanging diawas, aja padha kaget, sabab iki kudu kalakon, ewadene iku durung wekasane.

JABUR 68:30
Para raja sami ngaturaken pisungsung dhumateng Paduka, margi saking padaleman Paduka ing Yerusalem.

WAHYU 21:7
Sing sapa unggul, bakal tampa iki kabeh, sarta Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal dadi PutraningSun.

RUM 8:37
Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita.

RUM 12:19
Para sadulurku kang kinasih, aja nganti kowe dhewe padha nandukake piwales, nanging iku pasrahna marang bebendune Gusti Allah, sabab ana tulisan mangkene: “Pamales iku wewenangingSun. Ingsun kang bakal malesake,” mangkono pangandikaning Pangeran.

1 TIMOTEUS 6:12
Nglakonana tarunging pracaya kang utama, nggayuha urip langgeng, kang dadi underane anggonmu katimbalan sarta anggonmu nglairake sahadat kang bener ana ing ngarepe seksi akeh.

2 KORINTA 10:4
awit gegamaning perangku iku dudu gegaman kadonyan, nanging gegaman kang kadunungan panguwaosing Allah, kang bisa njugrugake baluwarti.

RUM 13:4
Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah, murih becikmu. Nanging manawa kowe nindakake piala, iya wedia. Marga ora tanpa gawe anggone ngasta pedhang. Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah kang malesake paukuman marang wong kang nglakoni piala.

ZAKHARIA 10:5
Iku bakal padha kaya pahlawan, kang ngidak-idak mungsuh kaya blethok ing dalan, bakal padha maju perang, marga tinunggil dening Sang Yehuwah lan para prajurit jaranan bakal padha kagawe wirang.

ZAKHARIA 14:2
Ingsun bakal nglumpukake sakehe bangsa, kang bakal padha nglurugi perang marang Yerusalem, kutha iku nuli bakal direbut, omah-omahe padha dijarah-rayah, wonge wadon padha dirusuhi. Wong isine nagara separo kagawa metu menyang pambuwangan, nanging kekarene umat ora bakal katumpes saka ing kutha kono.

YAKOBUS 4:1-2
[1] Saka ing ngendi tekane kekerengan sarta cecongkrahan ing antaramu iku? Apa ora saka hawa-nepsu kang tansah paprangan ana ing sajroning badanmu?[2] Kowe padha melik marang sawijining barang, nanging ora kalakon, kowe banjur memateni; kowe meri, mangka ora bisa katurutan, kowe banjur padha padu sarta kerengan. Kowe ora oleh apa-apa, amarga padha ora ndedonga.

PANGANDHARING TORET 20:1-4
[1] “Manawa kowe nglurug perang nglawan mungsuhmu, mangka kowe weruh ana jaran lan kreta, yaiku wadya-bala kang kehe ngungkuli kowe, kowe aja wedi, amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir iku nunggil karo kowe.[2] Anadene samangsa kowe arep padha mangsah perang, salah sijine imam banjur majua mituturana marang wadya-bala,[3] iku dikandhanana mangkene: He wong Israel, padha ngrungokna, kowe saiki arep perang nglawan mungsuhmu, atimu aja lembek, aja wedi, iya aja miris lan aja gumeter,[4] marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang tindak nyarengi lakumu lan nyarirani perangmu nglawan mungsuhmu, awit karsane arep maringi kaunggulan marang kowe.

RUM 13:1-5
[1] Saben wong sumuyuda marang panguwasa kang mbawahake, sabab ora ana panguwasa kang asale ora saka Gusti Allah; lan para panguwasa kang ana iku padha katetepake dening Gusti Allah.[2] Mulane sing sapa mbalela marang pamarentah, ateges mbangkang marang pranatane Gusti Allah, lan sapa bae kang mbangkang, bakal nekakake paukuman marang awake dhewe.[3] Awit sing sapa tumindak becik, ora usah wedi marang pamarentah, kajaba yen nglakoni panggawe ala. Apa kowe kapengin padha urip tanpa nduweni rasa wedi marang panguwasa? Nglakonana apa kang becik, temah kowe bakal oleh pangaleme.[4] Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah, murih becikmu. Nanging manawa kowe nindakake piala, iya wedia. Marga ora tanpa gawe anggone ngasta pedhang. Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah kang malesake paukuman marang wong kang nglakoni piala.[5] Mulane kita prelu padha sumuyud, ora mung marga bebendune Gusti Allah bae, nanging iya marga saka rumangsaning ati kita uga.

JABUR 144:1-15
[1] Anggitane Prabu Dawud. Pinujia Pangeran Yehuwah peparangku, kang mulang perang tanganku, nggladhi tarung drijiku,[2] kang dadi pangaubanku lan bebetengku, kuthaku kang santosa lan kang ngluwari aku tetamengku sarta papan pangungsenku, kang nelukake bangsa-bangsa marang ing pangwasaku![3] Dhuh Yehuwah, manungsa punika punapa ta, dene kok Paduka gatosaken, punapadene anaking manungsa, dene kok Paduka galih?[4] Manungsa punika sami kados angin, dinten-dintenipun kados wewayangan ingkang lumampah.[5] Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mentiyungaken langit Paduka, saha lajeng karsaa tumedhak. Paduka mugi karsaa ndumuki redi-redi supados sami ngedalaken kukus.[6] Paduka mugi karsaa mbabitaken kilat sami kabuyarna. Paduka mugi karsaa nglepasaken jemparing Paduka, temahan sami pating bilulung.[7] Paduka mugi karsaa mulungaken asta Paduka saking ing ngaluhur, kawula mugi kauwalna saha kaluwarana saking bena saking tanganipun para tiyang ngamanca,[8] ingkang cangkemipun ngucapaken dora, sarta ingkang tanganipun tengen punika tangan tengening cidra.[9] Dhuh Allah, kawula badhe memuji dhumateng Paduka klayan kekidungan enggal, kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka mawi slukat kawat sadasa.[10] Paduka ingkang paring kaunggulan dhumateng para raja, sarta ngluwari Dawud, abdi Paduka.[11] Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking pedhanging bilai, kauwalna saking tanganipun para tiyang ngamanca, ingkang cangkemipun sami ngucapaken dora, tuwin tanganipun tengen punika tangan tengening cidra.[12] Mugi-mugi anak-anak kawula jaler sami dadosa tetaneman, ingkang thukul dados ageng ing nalika enemipun, sarta anak-anak kawula estri sami dadosa saka-saka pojokan, ingkang dipun tatahi kangge yeyasan kraton.[13] Gudhang-gudhang pasimpenan kawula mugi sami kebaka, ngedalaken barang rupi-rupi, menda kawula sami bebranahana dados ewon, dasanan ewon wonten ing pangenan kawula![14] Lembu-lembu kawula sami sageda wreden, sarta sampun ngantos wonten ingkang boten dados lan kluron, punapadene boten wonten panjerit ing ara-ara kawula![15] Rahayu bangsa kang tinemu kaya mangkono! Rahayu bangsa kang Gusti Allahe Pangeran Yehuwah!

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981