A A A A A

Life: [Verses For Women]


JABUR 46:5
Ana bengawan kang iline mbungahake kuthaning Allah, padalemane Kang Mahaluhur.

JABUR 139:14
Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kadadosan kawula. Pakaryan Paduka punika elok, nyawa kawula sanget anggenipun ngraosaken bab punika.

1 TIMOTEUS 3:11
Kang wadon mangkono uga kudu kang kajen, kang ora dhemen mitenah, bisa ngendhaleni dhiri sarta kena dipracaya ing samubarang kabeh.

1 KORINTA 11:12
Awit kayadene anane wong wadon iku saka wong lanang, mangkono uga anane wong lanang iku lantaran wong wadon; lan samubarang kabeh iku pinangkane saka Gusti Allah.

1 KORINTA 15:10
Nanging marga saka sih-rahmate Gusti Allah, aku dadi kaya ing sadadiku saiki iki, lan sih-rahmat kang kaparingake marang aku iku ora muspra. Sabab, aku wus nglakoni pagawean luwih akeh katimbang karo kancaku kabeh; mung bae dudu aku, nanging sih-rahmate Gusti Allah kang nunggil kalawan aku.

LUKAS 1:45
Lah rahayu, kang wis pracaya iku, salam apa kang dipangandikakake dening Pangeran marang wong iku, mesthi bakal kalakon.”

WULANG BEBASAN 11:16
Wong wadon kang becik atine bakal kajen, dene wong kang nindhes iku oleh kasugihan.

WULANG BEBASAN 14:1
Wong wadon kang wicaksana iku mbangun omahe, nanging kang bodho ngrubuhake omahe klawan tangane dhewe.

WULANG BEBASAN 19:13
Anak kang gemblung iku dadi cilakane bapakne, padune wong wadon iku kaya trocohing payon kang tanpa kendhat.

WULANG BEBASAN 21:9
Pilih manggon ana ing pojoking payon, tinimbang karo manggon saomah karo wong wadon kang dhemen padu.

WULANG BEBASAN 21:19
Luwih becik manggon ana ing segara wedhi, katimbang karo manggon klawan wong wadon kang seneng padu lan seneng nepsu.

1 PETRUS 3:1-2
[1] Mangkono uga kowe para wong wadon, padha sumuyuda marang bojomu, supaya manawa ana wong lanang kang padha ora mituhu ing pangandika, padha kagendenga dening tingkah-lakune kang wadon tanpa tetembungan,[2] manawa padha nyawang ing tindakmu kang murni sarta mursid iku.

EFESUS 5:22-23
[22] He para wong wadon, manut mituruta marang bojomu dhewe kayadene marang Gusti,[23] awit kang lanang iku sesirahe kang wadon, kayadene Sang Kristus iya sesirahing pasamuwan. Iya Panjenengane kang jumeneng Pamartane sarirane.

WULANG BEBASAN 31:16-17
[16] Bisa tuku pategalan, kang dikarepake, pituwasing tangane kanggo wragad nanduri pakebonan anggur.[17] Bangkekane disabuki karosan, lengene dikuwatake.

TITUS 2:3-5
[3] Mangkono uga para wong wadon kang wus tuwa, iku padha nelakna anggone dadi wong ngibadah, aja dhemen mitenah, aja karem ngombe anggur, nanging dibisa aweh piwulang kang becik[4] lan bisa merdi wong-wong wadon kang isih enom, supaya padha tresna marang kang lanang tuwin marang anak-anake,[5] wicaksana, alaku suci, sregep ngatur baleomahe, becik pambekane sarta sumuyud marang kang lanang, supaya Pangandikaning Allah aja nganti dialakake.

PURWANING DUMADI 2:18-24
[18] Karomaneh ana pangandikane Sang Yehuwah Allah mangkene: “Ora prayoga manungsa iku yen ijen bae; Sunkaryakne rowang kang sembada dadi jodhone.”[19] Nalika Sang Yehuwah Allah wus karya sarupane sato-kewan ing ara-ara lan sarupane manuk ing awang-awang saka lemah, banjur padha ditekakake ana ing sangarepe manungsa, karsane supaya pirsa kapriye anggone bakal njenengake, lan jeneng kang diwenehake manungsa marang sadhengah kang urip mau, iya iku dadia jenenge.[20] Mangkono dadine manungsa menehi jeneng marang sarupane sato-kewan lan manuk ing awang-awang apadene marang sarupane sato ing ara-ara; mung manungsa kang durung duwe rowang kang sembada dadi jodhone.[21] Nuli Sang Yehuwah Allah ndadekake manungsa turu kepati, lan sajrone turu dipundhut igane siji, dene tilas panggonane balung iga mau diiseni daging.[22] Iga kang kapundhut saka ing manungsa mau banjur diwangun dening Sang Yehuwah Allah dadi wong wadon, banjur diajokake marang ing ngarepe manungsa.[23] Ing kono pangucape manungsa: “Yaiki balung saka balungku lan daging saka dagingku, iku kaaranana wadon, awit kajupuk saka kang lanang.”[24] Mulane wong lanang bakal ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang bojone, sarta sakarone iku bakal dadi daging siji.

1 TIMOTEUS 2:9-15
[9] Mangkono uga wong wadon prayoga manganggoa kang pantes, susila lan prasaja, rambute aja diklabang, aja nganggo mas-masan, mutiara utawa sandhangan kang larang-larang,[10] nanging manganggoa sandhangan panggawe becik, dikaya sapatute wong wadon kang ngabekti ing Allah.[11] Wong wadon iku kudune jatmika lan nampanana piwulang kalawan mbangun-turut.[12] Wong wadon ora dakwenangake memulang sarta mengku marang kang lanang, nanging sing jatmika.[13] Awitdene Bapa Adam kang katitahake dhisik, tumuli Ibu Kawa.[14] Lan maneh dudu Bapa Adam kang kena ing panggodha, nanging wong wadon iku kang kena ing panggodha lan tumiba ing dosa.[15] Nanging wong wadon bakal kapitulungan rahayu marga saka anggone anak-anak, angger ngantepi ing pracaya lan katresnan sarta kasucen kalawan jatmika.

WULANG BEBASAN 31:1-31
[1] Iki pangandikane Sang Prabu Lemuel, ratu ing Masa, kang diwulangake dening kang ibu marang panjenengane.[2] He anakku, anak kang daklairake, anaking punagiku, apa kang bakal daktuturake marang kowe?[3] Kekuwatanmu aja kokwenehake marang wong wadon, mangkono uga lakumu, marang para wong wadon kang ndadekake rusake para ratu.[4] He Lemuel, ora pantes kanggone para ratu, ora patut para ratu manawa ngunjuk anggur, utawa para panggedhe manawa mundhut minuman keras.[5] Aja nganti marga saka anggone ngunjuk mau, banjur nglirwakake apa kang wus katetepake, lan ndhoyongake wewenange wong-wong kang katindhes.[6] Minuman keras iku wenehna marang wong kang arep sangsara, lan anggure marang wong kang prihatin;[7] iku kareben padha ngombe supaya lali marang kamlaratane, lan ora kelingan marang kasusahane maneh.[8] Cangkemmu angapna kanggo wong bisu, lan kanggo wewenange wong kang nglayung.[9] Cangkemmu angapna, lan gawea putusan kang adil. Wong kang katindhes lan kang miskin padha wenehana wewenange.[10] Rabi kang cakep sapa kang bisa nemu? Dene ajine ngungkuli mutiara.[11] Atine kang lanang pracaya marang kang wadon iku, kang lanang ora tau kekurangan kauntungan.[12] Tansah gawe becik marang kang lanang, ora tau ditanduki ala, ing sajege uripe.[13] Ngupaya wulu wedhus gembel lan rami, lan seneng nggarap pagawean klawan tangane.[14] Kayadene prau-praune sudagar, nekakake rejekine saka ing papan kang adoh.[15] Anggone tangi isih peteng, banjur nyadhiyakake pangan kanggo wong saomah lan mbage-mbage gawean marang sakehe pembantune wadon.[16] Bisa tuku pategalan, kang dikarepake, pituwasing tangane kanggo wragad nanduri pakebonan anggur.[17] Bangkekane disabuki karosan, lengene dikuwatake.[18] Dheweke sumurup, manawa pametune nguntungake, yen bengi damare ora mati.[19] Tangane ditumpangake ing jantra, drijine nyekel onthelane.[20] Tangane diulungake marang wong kang katindhes, ngulurake tangane marang wong mlarat.[21] Ora nyumelangake wong saomah kabeh ing mangsa tibaning salju, marga wong saomah padha manganggo rangkep.[22] Gawe babut kanggo awake dhewe, pangganggone arupa lena alus lan kain wungu.[23] Kang lanang kondhang ana ing gapuraning kutha, samangsa lelungguhan karo para tuwa-tuwane nagara.[24] Kang wadon gawe sandhangan lena, banjur diedol, sarta masrahake sabuk marang para wong dagang.[25] Panganggone kekuwatan lan kaluhuran, tumrap dina buri mung gumuyu bae.[26] Anggone ngangapake cangkeme kalawan kawicaksanan, lan ilate kadunungan piwulang kang alus.[27] Tansah ngulat-ulatake samobah-mosiking brayate, lan ora tau mangan rejeki wohing tindak kesed.[28] Anak-anake padha tangi sarta ngarani biyunge rahayu, dalah bojone iya ngalembana marang kang wadon, pangucape:[29] Akeh wong wadon kang nindakake kautaman, nanging kowe ngungkuli iku kabeh.[30] Warna endah iku goroh lan ayune rupa iku tanpa guna, nanging wong wadon kang wedi asih marang Pangeran Yehuwah iku kaalembana.[31] Iku wenehana panduman saka wohing tangane panggawene iku kareben ngalembana dheweke ana ing gapura!

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981