A A A A A

Life: [Verse For Men]


1 KORINTA 15:58
Mulane para sadulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah di sregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi ora muspra.

1 KORINTA 16:13
Padha meleka! Dibakuh ing pangandel! Dipadha lanang, disantosa!

1 PETRUS 5:5
Samono uga kowe, heh para wong anom, padha sumuyuda marang para wong tuwa, sarta siji lan sijine sing padha andhap-asor, amarga: “Gusti Allah nglawan marang wong kang kumalungkung, nanging paring sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”

1 TIMOTEUS 4:8
Nggegulang ing kajasmanen iku paedahe mung sathithik, nanging pangibadah iku maedahi tumrap samubarang kabeh, awit iku ngemot prajanjian kanggo urip ing saiki lan ing tembe.

1 TIMOTEUS 4:12
Aja nganti ana wong kang nyepelekake kowe, marga kowe isih enom. Kowe dadia tuladha tumrap para wong kang pracaya ing bab tembung-tembungmu, tindak-tandukmu, katresnanmu, kasetyanmu tuwin ing bab kasucenmu.

2 KORINTA 4:16
Marga saka iku aku ora rumangsa semplah, malah sanadyan ta kamanungsanku kang lair sangsaya rusak, nanging kamanungsanku kang batin kaanyarake saben dina.

PANGANDHARING TORET 8:3
Mulane atimu diesorake, kowe ditegakake keluwen, sarta kowe diparingi mangan man, kang durung tau kokweruhi lan para leluhurmu iya durung tau weruh, supaya kowe ngerti yen uripe manungsa iku ora mung marga saka roti bae, nanging manungsa iku uripe marga saka samubarang kang dipangandikakake dening Sang Yehuwah.

GALATI 1:10
Dadi kapriye saikine: kang dakgoleki iku karepe manungsa apa karsane Gusti Allah? Apa aku ngudi gawe senenge manungsa? Saupama aku isih kapengin gawe senenge manungsa, dadi aku dudu abdine Sang Kristus.

IBRANI 4:12
Sabab pangandikane Gusti Allah iku gesang lan santosa sarta luwih landhep tinimbang sakabehing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Tumamane bebles nganti misahake nyawa lan roh, ros-rosan-ros-rosan lan sungsum; bisa mbedakake panimbang lan pangangen-angening ati kita.

YAKOBUS 5:16
Kang iku padha akon-ingakonana dosamu sarta padha donga-dinongakna supaya kowe padha waluya. Pandongane wong mursid, kang kaaturake kalawan kayakinan iku gedhe banget dayane.

YUSAK 1:9
Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.”

LUKAS 10:27
Atur wangsulane wong iku: “Kowe tresnaa marang Pangeran, Allahmu, kalawan gumolonging nyawamu sarta kalawan sakabehing kakuwatanmu apadene kalawan gumolonging budimu. Lan marang sapepadhamu dikaya marang awakmu dhewe.”

MIKHA 6:8
He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik, lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe: kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apamaneh andhap-asor ana ing ngarsane Allahmu!”

WULANG BEBASAN 20:7
Wong bener kang lakune jujur, iku turune padha rahayu.

WULANG BEBASAN 27:17
Wesi nglandhepake wesi, wong nglandhepake pepadhane.

WULANG BEBASAN 24:5-6
[5] Wong wicaksana iku luwih wibawa tinimbang wong santosa, semono uga wong kang duwe kawruh iya luwih wibawa tinimbang wong gagah prakosa.[6] Awit mung srana siasat anggonmu bisa nglurug perang, sarta kaunggulan iku gumantung kehe wong kang dadi juru pirembug.

1 KORINTA 10:12-13
[12] Kang padha kokalami iku pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kakuwataning manungsa. Sabab Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakal negakake kowe kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu. Manawa kowe kena ing coba, Panjenengane bakal maringi marganing luwar, satemah kowe padha bisa mbetahake.[13] Mulane para kekasihku, padha nyingkirana panyembahing brahala.

MATEUS 6:19-20
[19] “Aja padha nglumpukake bandha ana ing donya; ana ing donya bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak, sarta bisa katekan maling kang mbabah lan nyolong.[20] Nanging padha nglumpukna bandha ing swarga, kang ora bakal kena ing renget lan tiyeng kang ngrusak lan ora bakal katekan maling kang mbabah lan nyolong.

RUM 12:1-2
[1] Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang sajati.[2] Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.

IBRANI 10:24-25
[24] Sarta mara padha engon-ingengon, supaya padha atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawe utama.[25] Kita aja ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinane sawenehing wong, ananging payo padha eling-ingelingake, sarta ngarepake dinaning Gusti kang saya cedhak iki disaya mempeng anggon kita tumindak ing gawe.

YAKOBUS 1:19-20
[19] He para sadulur kang daktresnani, elinga marang bab iki: saben wong dienggal manawa ngrungokake, nanging disareh manawa calathu, mangkono uga ditamban manawa nepsu;[20] jalaran nepsune manungsa iku ora ndadekake kang bener ana ing ngarsane Allah.

2 TIMOTEUS 3:16-17
[16] Sakehing tulisan kang diwangsitake dening Gusti Allah iku pancen migunani kanggo memulang, kanggo melehake, kanggo mbangun wewatekan tuwin kanggo nggulawenthah ing sajroning kayekten.[17] Marga saka mangkono saben wong kagungane Gusti Allah iku disamektani kanggo nindakake samubarang kang becik.

1 TIMOTEUS 6:11-12
[11] Nanging kowe, heh, manungsaning Allah, ngedohana iku kabeh, ngaraha marang kaadilan, kamursidan, kasetyan, katresnan, kasabaran lan budi sareh.[12] Nglakonana tarunging pracaya kang utama, nggayuha urip langgeng, kang dadi underane anggonmu katimbalan sarta anggonmu nglairake sahadat kang bener ana ing ngarepe seksi akeh.

1 PETRUS 5:8-9
[8] Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa.[9] Tanggulangana kalawan pracaya kang santosa, jalaran kowe padha sumurup yen kabeh sadulrmu kang ana ing saindenging jagad iya padha ketaman ing sangsara kaya mangkono.

MARKUS 10:43-45
[43] Nanging ana ing antaramu ora mangkono. Sing sapa kapengin dadi gedhe ana ing antaramu, iku dadia paladenmu,[44] sarta sing sapa kapengin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia bature wong akeh.[45] Amarga Putraning manungsa iku rawuhe ora supaya diladeni, nanging sumedya ngladosi lan masrahake nyawane minangka panebuse wong akeh.”

JABUR 1:1-3
[1] Rahayu wong kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka, lan ora ngambah dalane wong dosa sarta ora awor lungguh ing pajagongane wong memoyok,[2] nanging kang karem marang angger-anggere Sang Yehuwah, lan digilut-gilut rina wengi.[3] Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing sapinggiring kali, kang metokake woh ing kalamangsane, lan ora alum godhonge, apa bae kang ditandangi mesthi lestari.

JABUR 118:6-8
[6] Pangeran Yehuwah nunggil karo aku, aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku?[7] Pangeran Yehuwah nunggil karo aku sarta mitulungi aku, aku bakal nganggep sepele marang wong kang padha sengit marang aku.[8] Becik ngungsi marang Pangeran Yehuwah katimbang karo ngandelake manungsa;

JABUR 119:9-11
[9] Tiyang nem-neman sagedipun tetep sae lampahipun punika isaratipun punapa? Manawi netepi ing pangandika Paduka.[10] Paduka kawula upadosi klayan gumolonging manah kawula, sampun ngantos Paduka uja nyimpang saking pepaken Paduka.[11] Janji Paduka kawula simpen ing salebeting manah, supados kawula sampun ngantos damel dosa dhumateng Paduka.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981