A A A A A

Life: [Parenting]


KOLOSE 3:21
He, para bapa, aja nglarakake atine anakmu, supaya aja nganti semplah.

EFESUS 6:4
Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.

PANGENTASAN 20:12
Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.

IBRANI 12:11
Sarupaning patrapan iku samangsa lagi kaparingake pancen ora mbungahake, malah nyedhihake. Nanging sateruse banjur metokake wohing kayekten kang njalari tentrem marang wong-wong kang wis padha kalantehake ing bab iku.

WULANG BEBASAN 13:24
Sapa kang ora migunakake gitik, iku sengit marang anake, mangka kang asih marang anake iku aweh pamerdi ing kalamangsane.

WULANG BEBASAN 22:6
Wong anom iku gulawenthahen manut dalan kang laras tumrap dheweke, samangsa wus tuwa ora bakal nyleweng saka dalan iku.

WULANG BEBASAN 29:15
Gebug lan pameleh ngolehake kawicaksanan, nanging anak kang ditogake bae iku gawe wirange biyunge.

WULANG BEBASAN 29:17
Anakmu gulawenthahen, temah bakal ndadekake ayeming atimu, malah aweh kabungahan marang nyawamu.

KIDUNG PANGADHUH 3:22-23
[22] Sih-kamirahane Pangeran Yehuwah iku tanpa pedhot, lan sih-kawelasane ora ana enteke.[23] Tansah lumintu, ganti-gumanti saben esuk. Saestu ageng kasetyan Paduka punika!

MATEUS 6:33-34
[33] Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.[34] Mulane aja padha sumelang ing bab dina sesuk, amarga dina sesuk iku kadunungan kasusahan dhewe. Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina.”

FILIPI 4:6-7
[6] Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.[7] Temahan tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Sang Kristus.

WULANG BEBASAN 1:8-9
[8] He anakku, ngrungokna marang pamerdine bapakmu, lan aja ninggal piwulange ibumu;[9] marga oncen-oncen kembang kang endah iku kanggo sirahmu, sarta kalung kanggo gulumu.

1 PETRUS 5:2-3
[2] Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi.[3] Kowe aja tumindak kaya-kaya nguwasani pasamuwan reksanmu, nanging dadia tuladha tumrap pepanthan iku.

LELAKONE PARA RASUL 2:38-39
[38] Wangsulane Rasul Petrus: “Kula aturi sami mratobat sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun Gusti Yesus Kristus, amrih angsala pangapuntening dosa panjenengan, satemah panjenengan sami badhe nampeni peparing Roh Suci.[39] Awitdene ingkang kaparingan prajanji punika panjenengan sadaya saha para putra panjenengan tuwin tiyang-tiyang ingkang taksih tebih sadaya, sapinten ingkang badhe tinimbalan dening Pangeran Allah kita.”

JABUR 127:3-5
[3] Lah anak-anak lanang iku pusaka peparinge Sang Yehuwah, wohing wetengan iku sawijining pituwas.[4] Kaya panah ana ing tangane wong prawira, kaya mangkono mungguh anak-anak nalika nome.[5] Begja wong kang endhonge dikebaki kalawan iku kabeh. Wong iku ora bakal nandhang wirang manawa rembugan karo mungsuh ana ing gapura.

2 TIMOTEUS 3:14-16
[14] Nanging kowe tetepa nggondheli ing kayekten kang wus koktampani lan kokyakini, kalawan tansah elinga marang wong kang wus mulangake bab iku marang kowe.[15] Elinga uga, yen wiwit cilik kowe wus wanuh karo Kitab Suci, kang bisa ngolehake kawicaksanan marang kowe lan nuntun kowe marang karahayon marga saka pracaya marang Gusti Kristus Yesus.[16] Sakehing tulisan kang diwangsitake dening Gusti Allah iku pancen migunani kanggo memulang, kanggo melehake, kanggo mbangun wewatekan tuwin kanggo nggulawenthah ing sajroning kayekten.

PANGANDHARING TORET 6:6-9
[6] Tembung-tembung kang diprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha gatekna,[7] lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu lan rembugen samangsa kowe lagi lungguhan ana ing omahmu, samangsa kowe pinuju lelungan lan samangsa lagi turon utawa samangsa kowe tangi.[8] Sarta maneh padha talenana ing tanganmu minangka pratandha, lan dadia tenger pangeling-eling ana ing bathukmu,[9] apadene padha tulisana ing pipining lawange omahmu lan ing gapuramu.

EFESUS 6:1-4
[1] He bocah-bocah, manut-mituruta marang wong tuwamu ana ing patunggilane Gusti, mangkono iku kang bener.[2] Sira ngajenana bapa-biyungira -- iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ana ing prasetya iki --[3] supaya sira slamet lan dawa umurira ana in donya.[4] Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.

YUSAK 4:20-24
[20] Sang Senapati Yusak nuli numpuk watu rolas kang kajupuk saka ing bengawan Yarden mau ana ing Gilgal,[21] lan banjur ngandika marang wong Israel: “Manawa besuk anak-anakmu padha takon marang bapakne, apa tegese watu-watu iki,[22] iku padha wenehana sumurup mangkene: Wong Israel wus nyabrang ing bengawan Yarden iki kalawan ngambah ing gasikan! --[23] amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngasatake bengawan Yarden ana ing ngarepmu, temah kowe padha bisa nyabrang, padha kaya kang ditindakake Sang Yehuwah Gusti Allahmu tumrap Segara Teberau, kang diasatake ana ing ngarepku kabeh, temah aku padha bisa nyabrang,[24] iku supaya sakehe bangsa ing sajagad ngawruhana yen astane Sang Yehuwah iku kuwasa, temah padha tansah eringa marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu!”

IBRANI 12:7-11
[7] Manawa kowe padha ngalami dipatrapi, dadi kowe karengkuh putrane Gusti Allah. Endi ta ana anak kang ora tau dipatrapi dening bapakne?[8] Nanging manawa kowe ora tau dipatrapi, kang kudu kasandhang ing saben wong, dadi kowe dudu putra, nanging anak jadah.[9] Sabanjure; saka bapa kita kang sabenere, kita wus kapatrapan, mangka iku padha kita eringi, mendahane maneh manawa kita oraa kudu sumuyud marang Ramane sakabehing roh, supaya kita kepareng urip?[10] Bapa kita matrapi kita mung sawatara mangsa miturut apa bae kang kaanggep becik, nanging Panjenengane anggone matrapi kita iku murih becike, supaya kita kapanduman kasucene.[11] Sarupaning patrapan iku samangsa lagi kaparingake pancen ora mbungahake, malah nyedhihake. Nanging sateruse banjur metokake wohing kayekten kang njalari tentrem marang wong-wong kang wis padha kalantehake ing bab iku.

JABUR 78:1-7
[1] Kidung piwulang anggitane Asaf. Dhuh bangsaku, piwulangku padha rungokna, pamicarane cangkemku padha tilingna.[2] Aku arep mbukak cangkemku prelu medharake bebasan, aku arep ngucapake cangkriman jaman kuna,[3] Apa kang wus padha kita rungu, sarta kita sumurupi, lan kang dicritakake dening para leluhur kita marang kita,[4] ora bakal daksidhem tumrap anak-putune; nanging kita bakal nyaritakake marang para turun ing tembe pepujian marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane, sarta kaelokan-kaelokan kang wus katindakake.[5] Pangeran wus ndhawuhake pepenget marang trahe Rama Yakub, lan angger-anggering Toret marang Banisrael; para leluhur kita padha kadhawuhan ngluntakake iku marang para anak putune,[6] supaya disumurupana dening para turune ing sapungkure, supaya anak-putu kang ing tembe bakal padha lair, padha gumregah lan nyaritakake marang anak-anake,[7] supaya padha kumandela marang Gusti Allah, lan aja lali marang sakabehing pakaryane, nanging padha netepana dhawuh-dhawuhe;

TITUS 2:2-8
[2] Para wong lanang kang tuwa iku padha diwaras ing budi, kajen, wicaksana sarta kadunungan pracaya, katresnan lan budi tumemen kang waras.[3] Mangkono uga para wong wadon kang wus tuwa, iku padha nelakna anggone dadi wong ngibadah, aja dhemen mitenah, aja karem ngombe anggur, nanging dibisa aweh piwulang kang becik[4] lan bisa merdi wong-wong wadon kang isih enom, supaya padha tresna marang kang lanang tuwin marang anak-anake,[5] wicaksana, alaku suci, sregep ngatur baleomahe, becik pambekane sarta sumuyud marang kang lanang, supaya Pangandikaning Allah aja nganti dialakake.[6] Mangkono uga para wong nonoman, padha pituturana, supaya padha bisa ngendhaleni awake dhewe ing sadhengah prakara[7] lan kowe dhewe dadia tuladha ing bab nindakake panggawe becik. Anggonmu memulang dikalawan jujur sarta tumemen.[8] Pamulangmu disalugu lan tanpa cacad, supaya wong kang nglawan dadia wirang, amarga ora ana kang tinemu kang kena digawe ngalakake marang kita.

WULANG BEBASAN 3:1-12
[1] He anakku, aja lali marang piwulangku, sarta atimu ngopenana sakehing pepakonku,[2] amarga umur dawa lan urip nganti tuwa, apadene katentreman bakal kawuwuhake marang kowe.[3] Katresnan lan kasetyan muga aja nganti ninggal kowe, iku kalungna ing gulumu, catheten ana ing papaning atimu;[4] temah kowe bakal oleh sih lan dadi kajen ana ing ngarsane Gusti Allah lan ana ing ngarepe manungsa.[5] Kumandela marang Pangeran Yehuwah klawan gumolonging atimu, lan aja sumendhe marang pangretenmu dhewe.[6] Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengane, temah Panjenengane bakal nglencengake dalanmu.[7] Aja rumangsa pinter dhewe, wedi lan asiha marang Sang Yehuwah lan ngedohana piala,[8] iku kang bakal marasake awakmu, sarta nyegerake balung-balungmu.[9] Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu;[10] temah lumbungmu bakal dikebaki nganti luber, lan pamipitanmu luber anggure.[11] He anakku, aja nampik marang pamerdine Sang Yehuwah, lan aja bosen marang pepengete,[12] awitdene Pangeran Yehuwah iku matrapi sapa wong kang disihi, iya kaya bapa anggone matrapi marang anak kang ditresnani.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981