A A A A A

Life: [Pain]


YEREMIA 29:11
Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing besuke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

JABUR 34:18
Manawa para wong mursid sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur dipiyarsakake, sarta padha diluwari saka ing sakehing rerubede.

JABUR 147:3
Panjenengane mulihake wong kang pepes atine, padha diblebedi tatune.

WAHYU 21:4
Sarta Panjenengane bakal ngusapi sakehe luh saka ing mripate, lan bakal ora ana pati maneh; kasusahan lan pasambat apadene karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.”

MATEUS 4:23-25
[23] Gusti Yesus tumuli ndlajahi satlatahe tanah Galilea kabeh, memulang ana ing papan-papan pangibadahe wong kono, sarta nggelarake Injiling Kraton, apadene nyarasake sarupane lelara lan sarupane memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono.[24] Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar ing tanah Siria kabeh; sakehe wong, kang nandhang lelara banjur padha disowanake menyang ing ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lan sangsarane, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake.[25] Wong akeh padha gumrudug ndherekake tindake, pinangkane saka ing tanah Galilea, ing Dekapolis, ing Yerusalem lan ing tanah Yudea tuwin ing sabrange bengawan Yarden.

JABUR 23:1-6
[1] Masmur anggitane Prabu Dawud. Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa.[2] Aku diplegungake ana ing pangonan kang akeh sukete, aku digiring menyang ing banyu ing panggonan kang tentrem;[3] nyawaku diayemake, sarta dituntun ing dalaning kabeneran marga saka asmane.[4] Malah sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati, aku ora wedi marang bilai, margi Paduka ingkang nganthi kawula; teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula.[5] Paduka nata pasegahan kangge kawula, wonten ing ngajengipun satru kawula; sirah kawula Paduka jebadi kaliyan lisah, tuwung kawula kebak mancep-mancep.[6] Amargi namung kabegjan lan kadarman thok ingkang badhe ngirid lampah kawula, salaminipun gesang, saha kawula badhe manggen wonten ing padalemaning Sang Yehuwah ing salaminipun.

2 KORINTA 1:3-8
[3] Pinujia Gusti Allah, kang Ramane Gusti kita Yesus Kristus, Rama kang kebak sih palimirma lan Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur,[4] kang nglipur aku kabeh ing sajroning kasusahanku, satemah aku bisa nglipur wong-wong kang nandhang sarupaning kasusahan kanthi panglipur peparinge Gusti Allah marangaku dhewe.[5] Sabab kaya anggonku padha nampani panduman ing sangsarane Sang Kristus kalawan luber, samono uga marga saka Sang Kristus aku padha kaparingan panglipur nganti luber.[6] Yen aku padha nemu kasusaha, iku dadi panglipur lan karahyonmu; dene yen aku padha kalipur, iku iya dadi panglipurmu, satemah kowe padha oleh kakuwatan kang njalari kowe padha sabar ing sajroning kasangsaran kang padha kaya kang daksandhang.[7] Lan pangarep-arepku tumrap kowe iku tetep, awit aku padha sumurup, manawa padha kaya anggonmu melu kapanduman kasangsaranku kabeh, kowe iya padha melu kapanduman in panglipur.[8] Sabab karepku para sadulur, supaya kowe padha sumurupa mungguhing sangsara kang dakalami ana ing tanah Asia-Cilik; aku padha nandhang sangsara kang samono gedhene lan abote, ngantiaku padha ora duwe pangarep-arep yen bisa urip.

1 PETRUS 4:12-19
[12] He para kekasih, aja padha gumun marang panasing geni siksan kang nekani kowe minangka pandadaran, kaya-kaya ana bab kang ora lumrah kang namani kowe.[13] Malah padha bungaha, iku tampanana minangka panduman ing bab sangsarane Gusti Kristus, supaya kowe uga kepareng bungah sarta sukarena besuk samangsa Panjenengane mbabar kamulyane.[14] Rahayu kowe, manawa kowe padha diwewada marga saka asmane Gusti Kristus, amarga Rohing kamulyan yaiku Rohing Allah dumunung ana ing kowe.[15] Aja ana panunggalanmu kang nandhang sangsara marga mateni wong, utawa dadi maling, utawa wong ala, utawa wong dakwen.[16] Nanging manawa nandhang sangsara marga dadi wong Kristen, iku aja isin, malah ngluhurna Gusti Allah atas asmane Gusti Kristus iku.[17] Jalaran saiki wis tumeka ing titi-mangsane pangadilan kawiwitan lan bakal kawiwitan saka ing padalemaning Allah. Mangka manawa kawiwitan saka kita, kapriye bakal wekasane wong kang padha ora pracaya marang Injiling Allah?[18] Sarta manawa wong mursid iku meh bae ora kaslametake, wong duraka lan wong dosa iku bakal kapriye kadadeane?[19] Kang iku para kang nandhang sangsara marga saka karsaning Allah, iku padha masrahna nyawane, kalawan tansah nglakoni kabecikan, marang kang nitahake kang setya tuhu.

YOKANAN 16:16-24
[16] “Mung kari sadhela kowe nuli bakal ora padha ndeleng marang Aku. Lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh.”[17] Krungu kang kaya mangkono iku sakabate ana sawatara kang tumuli padha rasanan: “Apa ta tegese pangandikane marang aku: Kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng marang Aku, sadhela engkas banjur padha ndeleng Aku maneh? Lan maneh: Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama?”[18] Pangucape: “Apa ta tegese pangandika: Mung kari sadhela? Aku padha ora ngreti apa kang dipangandikakake iku.”[19] Gusti Yesus mirsa, yen para sakabate padha sumedya munjuk miterang marang Panjenengane, banjur ngandika: “Kowe apa padha rasanan bab pituturKu mau: Mung kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng Aku lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh?[20] Satemen-temene Aku pitutur ing kowe: Kowe bakal padha nangis lan sesambat, nanging jagad bakal bungah; kowe bakal padha nandhang susah, nanging kasusahanmu bakal salin dadi kabungahan.[21] Mungguh wong wadon samasa lagi nglarani, iku ngrasakake susah, nanging samasa wus nglairake bayine, wus ora kelingan maneh marang larane, marga saka bungahe dene ana manungsa kalairake ing donya.[22] Mangkono uga kowe samengko iya padha nandhang susah, nanging Aku bakal nemoni kowe maneh temahan bakal padha bungah atimu lan ora ana wong siji-sijia kang bisa ngilangake kabungahnmu iku.[23] Lan ing dina iku kowe ora bakal padha miterang apa-apa marang Aku. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sabarang kang koksuwun marang Sang Rama, iku bakal kaparingake atas jenengKu.[24] Nganti saprene kowe durung tau nyuwun apa-apa atas saka jenengKu. Padha nyenyuwuna, kowe mesthi bakal padha kaparingan supaya sampurnaa kabungahanmu.

IBRANI 12:1-11
[1] Sarehne kita duwe seksi akeh banget, kayadene mega kang ngupengi kita, mulane payo padha mbuwang sakabehing momotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawe kita, sarta kalawan mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibake marang kita.[2] Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Gusti Yesus, kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah.[3] Padha tansah elinga marang Panjenengane kang mantep anggone nahanake pambantahe para wong dosa kang nganti samono iku marang Panjenengane, supaya kowe aja nganti padha lesu sarta semplah.[4] Anggonmu perang nanggulangi dosa iku durung nganti padha ngwutahake getih.[5] Sarta apa kowe wus padha lali marang pitutur kang kadhawuhake marang kowe kaya marang para putra: “He anakku, aja nyepelekake panggulawenthahe Gusti Allah, sarta aja padha nglokro manawa kowe dielingake;[6] amarga Gusti Allah matrapi marang kang ditresnani, sarta nggebagi kang kaanggep putra.”[7] Manawa kowe padha ngalami dipatrapi, dadi kowe karengkuh putrane Gusti Allah. Endi ta ana anak kang ora tau dipatrapi dening bapakne?[8] Nanging manawa kowe ora tau dipatrapi, kang kudu kasandhang ing saben wong, dadi kowe dudu putra, nanging anak jadah.[9] Sabanjure; saka bapa kita kang sabenere, kita wus kapatrapan, mangka iku padha kita eringi, mendahane maneh manawa kita oraa kudu sumuyud marang Ramane sakabehing roh, supaya kita kepareng urip?[10] Bapa kita matrapi kita mung sawatara mangsa miturut apa bae kang kaanggep becik, nanging Panjenengane anggone matrapi kita iku murih becike, supaya kita kapanduman kasucene.[11] Sarupaning patrapan iku samangsa lagi kaparingake pancen ora mbungahake, malah nyedhihake. Nanging sateruse banjur metokake wohing kayekten kang njalari tentrem marang wong-wong kang wis padha kalantehake ing bab iku.

RUM 8:18-28
[18] Sabab aku yakin, yen sangsara ing jaman saiki iku ora paja-paja timbang yen katandhing karo kamulyan kang bakal kalairake marang kita.[19] Sabab kanthi cecengklungen sakehing tumitah anggone padha nganti-anti marang wektu kababare para putrane Gusti Allah.[20] Awit sakehing tumitah wus katelukake marang kaapesan, ora saka karepe dhewe, nanging marga saka karsane Panjenengane kang nelukake,[21] ananging sajroning pangarep-arep, marga kang tumitah iku dhewe uga bakal kaluwaran saka ing pangawulaning karusakan, lan lumebu marang ing kamardikaning kamulyane para putrane Gusti Allah.[22] Sabab kita padha sumurup, yen nganti saprene sakehing tumitah iku iya padha sesambat lan iya padha ngrasakake larane wong nglarani arep nglairake jabang bayi.[23] Lan ora ngamungake iku bae, dalasan kita dhewe kang wus kaparingan Sang Roh minangka ganjaran wiwitan, uga padha sesambat sajroning ati kalawan nganti-anti marang kaputran, yaiku pangluwaraning badan kita.[24] Sabab kita padha kapitulungan rahayu ana ing pangarep-arep. Nanging pangarep-arep kang kasat mripat iku dudu pangarep-arep maneh, marga kapriye bisane isih ngarep-arep tumrap barang kang wis katon?[25] Nanging manawa kita ngarep-arep marang apa kang ora kita deleng, dadi anggon kita padha ngarep-arep iku kalawan sabar mantep.[26] Mangkono uga Sang Roh iya mbiyantu kita ing sajroning kaapesan kita; awit kita padha ora sumurup apa kang sabenere kita suwun ana ing pandonga; nanging Sang Roh piyambak kang ndedonga kanggo kita marang Gusti Allah, kanthi pasambat kang ora kena winirasa.[27] Sarta Gusti Allah kang nitipriksa sajroning ati, mirsa karsane Sang Roh yaiku manawa anggone ndedonga kanggo para suci nyondhongi karsane Gusti Allah.[28] Saiki kita padha sumurup, yen Gusti Allah uga makarya ana ing samubarang kabeh, njalari becike wong kang padha tresna marang Panjenengane, yaiku para kang tinimbalan miturut ing pepesthening Allah.

JABUR 91:1-16
[1] Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa,[2] iku bakal nyebut marang Yehuwah mangkene: “Pangungsen saha beteng kawula, Gusti Allah kawula ingkang kawula andelaken.”[3] Sanyata Panjenengane iku kang bakal nguwalake kowe saka ing jirete juru pikat, lan saka pageblug kang mbilaeni.[4] kowe bakal dikemuli kalawan elare, bakal diayomi ing sangisoring siwiwine, kasetyane iku minangka tameng lan pager tembok.[5] Kowe ora usah wedi marang pagiris ing wayah bengi, marang panah kang lumepes ing wayah awan,[6] marang pageblug kang lumaku ana ing pepeteng, tuwin marang lelara pes kang ngamuk ing wayah sore.[7] Sanadyan ing sandhingmu ana wong kang ambruk sewu, sarta sepuluh ewu ana ing tengenmu, ewadene kowe dhewe ora bakal ketaman;[8] iku mung koksawang kalawan mripatmu dhewe bae, lan ndeleng piwales marang para wong duraka.[9] Amarga Pangeran Yehuwah iku dadi pangayomanmu, Kang Mahaluhur iku wus kokdadekake pangaubanmu,[10] Kowe ora bakal katempuh ing bilai, sarta ora ana wewelak kang nyedhaki tarubmu;[11] awit Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate ing ngatase kowe, supaya rumeksa marang kowe ana ing sakehing dalanmu.[12] Kowe bakal ditadhahi ing tangane, supaya kowe aja nganti kesandhung ing watu.[13] Singa lan ula bedhudhak bakal padha koklangkahi, singa nom lan ula naga bakal kokidak-idak.[14] “Sanyata, sarehne rumaket marang Ingsun, mulane bakal Sunluwari, bakal Sunpageri santosa awit wanuh marang asmaningSun.[15] Yen sesambat marang Ingsun bakal Sunsembadani, ing sajroning karubedan bakal Sunkanthi, bakal Sunentasake lan Sunluhurake,[16] bakal Sunwaregi kalawan umur dawa, lan karahayoningSun bakal Suntedahake marang dheweke.”

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981