1 YOKANAN 4:18 |
Katresnan iku ora kadunungan rasa wedi, katresnan kang sampurna iku malah mbengkas rasa wedi, amarga wedi iku ngandhut paukuman, lan wong kang wedi iku ora sampurna katresnane. |
|
GALATI ౫:౨౨-౨౩ |
[౨౨] Dene wohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya,[౨౩] alusing bebuden, bisa ngemudheni dhiri. Ora ana angger-angger kang nglawan bab-bab kang mangkono iku. |
|
KOHELET 12:13 |
Wasana minangka pungkasane kang kapireng yaiku: wedia marang Gusti Allah lan netepana pepaken-pepakene, awit iki kuwajibane saben wong. |
|
2 TIMOTEUS ౧:౭ |
Awit kang diparingake dening Gusti Allah marang kita iku dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulake kakuwatan, katresnan lan katertiban. |
|
FILIPI 4:6-7 |
[6] Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.[7] Temahan tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Sang Kristus. |
|
YESAYA 41:10 |
sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang. |
|
PANGANDHARING TORET 28:27-29 |
[27] Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan memala wudun ing Mesir, kalawan plentung, bengkoyok lan kadhas-kudhis, kang nganti ora bisa mari.[28] Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan lelara edan, wuta sarta bubrah ing nalar,[29] temah ing wayah awan kowe nganti grayah-grayah, kaya wong wuta ana ing pepeteng. Salaku-lakumu bakal ora begja, mung bakal tansah dikaniaya lan dirampog, mangka ora ana kang mitulungi. |
|
1 PETRUS ౫:౭ |
Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane, sabab Panjenengane kang ngopeni kowe kabeh. |
|
FILIPI ౪:౧౩ |
Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku. |
|
MATEUS ౧౧:౨౮-౩౦ |
[౨౮] He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.[౨౯] PasanganKU padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu.[౩౦] Amarga pasanganKu iku kapenak lan momotanKu iku entheng.” |
|
RUM ౧౫:౧౩ |
Muga-muga Gusti Allah, etuking pangarep-arep, maringana ganjaran marang kowe kabeh sagunging kabungahan sarta tentrem-rahayu ing sajroning pracayamu, supaya kowe padha sugiha pangarep-arep marga saka sawabe Sang Roh Suci. |
|
1 YOKANAN ౪:౮ |
Sapa kang ora nindakake katresnan, iku ora wanuh karo Gusti Allah, ujer Gusti Allah iku katresnan. |
|
2 TESALONIKA ౨:౧౧ |
Yaiku sababe Gusti Allah anggone banjur ndhatengake panasaran, kang njalari wong-wong mau padha pracaya marang kang goroh, |
|
YEREMIA 25:16 |
supaya iku padha ngombea, nganti sempoyongan lan bingung marga saka pedhang, kang bakal Suntamakake ana ing satengahe. |
|
YEREMIA 51:7 |
Maune Babil iku kaya tuwung kencana ana ing astane Sang Yehuwah, kang ngendemi wong salumahing bumi. Para bangsa padha ngombe anggure, yaiku jalarane padha dadi edan. |
|
MATEUS 4:24 |
Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar ing tanah Siria kabeh; sakehe wong, kang nandhang lelara banjur padha disowanake menyang ing ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lan sangsarane, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake. |
|
RUM 8:28 |
Saiki kita padha sumurup, yen Gusti Allah uga makarya ana ing samubarang kabeh, njalari becike wong kang padha tresna marang Panjenengane, yaiku para kang tinimbalan miturut ing pepesthening Allah. |
|
2 TIMOTEUS 3:16-17 |
[16] Sakehing tulisan kang diwangsitake dening Gusti Allah iku pancen migunani kanggo memulang, kanggo melehake, kanggo mbangun wewatekan tuwin kanggo nggulawenthah ing sajroning kayekten.[17] Marga saka mangkono saben wong kagungane Gusti Allah iku disamektani kanggo nindakake samubarang kang becik. |
|
1 PETRUS 5:10 |
Dene Gusti Allah sumbering sakehe sih-rahmat, kang wis nimbali kowe kabeh ana in Sang Kristus marang kamulyane kang langgeng, bakal nyampurnakake, neguhake, nyantosakake sarta ngukuhake kowe, sawise kowe padha nandhang sangsara sawatara mangsa. |
|
FILIPI 1:6 |
Tumraping iku aku yakin banget, manawa Panjenengane, kang miwiti pakaryan becik ana ing antaramu, iku bakal mbacutake nganti tumeka ing wekasane ing dinane Sang Kristus Yesus. |
|
JABUR 34:17 |
wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala, supaya pangenget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi. |
|
IBRANI 12:1 |
Sarehne kita duwe seksi akeh banget, kayadene mega kang ngupengi kita, mulane payo padha mbuwang sakabehing momotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawe kita, sarta kalawan mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibake marang kita. |
|
EFESUS 4:23 |
supaya kowe padha dianyarake ing roh lan pikiranmu, |
|
1 TIMOTEUS 1:5 |
Mangka karepe pitutur iku katresnan kang jumedhul saka ing ati kang resik, saka swaraning batin kang murni lan saka pracaya kang tulus eklas. |
|
FILIPI 4:8 |
Wasana, sadulur-sadulur, sabarang kang nyata, sabarang kang luhur, sabarang kang adil, sabarang kang suci, sabarang kang sinebut kautaman lan pantes dialem, iku kabeh padha pikiren. |
|
EFESUS 5:18 |
Lan aja nganti kowe mendem anggur, awit anggur iku nuwuhake hawa-nepsu, nanging kapenuhana ing Roh, |
|
Javanese Bible 1981 |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981 |