A A A A A

Life: [Job Loss]


1 PETRUS 5:7
Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane, sabab Panjenengane kang ngopeni kowe kabeh.

2 KORINTA 8:9
Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.

2 TIMOTEUS 2:15
Udinen, supaya kowe pantes ana ing ngarsaning Allah anggonmu dadi juru leladi kang ora usah isin, kang ngundhangake pangandikaning kayekten iku kalawan tanpa tedheng aling-aling.

YESAYA 41:10
sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.

YEREMIA 29:11
Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing besuke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

YOKANAN 16:33
AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem-rayahu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.”

YUSAK 1:9
Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.”

FILIPI 4:19
Gusti Allahku bakal nyekapi kabeh kabutuhanmu laras karo kasugihaning kamulyane ana ing Sang Kristus Yesus.

WULANG BEBASAN 30:8
Kaculikan saha doracara mugi Paduka tebihaken saking kawula, punapa malih sampun Paduka ganjar kamlaratan utawi kasugihan, namung kaparingana rejeki ingkang dados panduman kawula.

JABUR 27:14
Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah! Padha dipanggah lan ditatag atimu! Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah!

JABUR 37:25
Wiwit aku isih enom nganti saiki wis tuwa, aku durung tau nyumurupi wong mursid kategakake, utawa anak-putune padha luru-luru pangan;

JABUR 50:15
Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun, nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun.” (Selah)

JABUR 55:22
Lunyuning cangkeme ngungkuli mertega, nanging karepe arep nempuh perang; alusing tembunge ngluwihi lenga, nanging sakabehing mau pedhang ligan.

RUM 8:28
Saiki kita padha sumurup, yen Gusti Allah uga makarya ana ing samubarang kabeh, njalari becike wong kang padha tresna marang Panjenengane, yaiku para kang tinimbalan miturut ing pepesthening Allah.

FILIPI 4:6-7
[6] Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.[7] Temahan tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Sang Kristus.

YESAYA 43:18-19
[18] Mangkene pangandikane: “Aja padha ngeling-eling bab-bab kang wus kepungkur, lan aja mikir marang bab-bab kang wus kelakon dhek jaman kuna![19] Lah Ingsun karsa damel kang anyar, kang saiki wus tuwuh, apa sira durung sumurup? Malah Ingsun bakal karya dalan ana ing ara-ara samun lan kali-kali ana ing pasamunan.

YAKOBUS 1:2-4
[2] He, para sadulurku, anggepen sawijining kamulyan, manawa kowe padha kataman ing panyoba warna-warna,[3] jalaran kowe padha sumurup, manawa pandadaran tumrap pracaya iku nuwuhake sabar mantep.[4] Sarta sabar mantep iku kareben metokake woh kang sampurna, supaya kowe dadi sampurna lan mulus, sarta ora kekurangan sawiji apa.

MATEUS 6:28-33
[28] Mangkono maneh yagene kowe padha sumelang bab sandhang-panganggo? Padha nyawanga kembang bakung ing ara-ara anggone tumuwuh, ora nganggo nyambut-gawe lan ngantih.[29] Ewadene Aku pitutur marang kowe: Sanadyan Raja Suleman sajrone sagunging kaluhurane, pangagemane ora madhani salah sawijining kembang iku.[30] Mulane yen suket ing ara-ara kang dina iki isih ana, sesuk diobong, iku dipanganggoni nganti kaya mangkono dening Allah, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel![31] Awit saka iku aja padha sumelang lan calathu: Kang padha dakpangan apa? Utawa: Kang padha dakombe apa? Lan maneh: Kang padha daksandhang apa?[32] Awit iku kabeh diupaya dening para wong kapir; kowe aja mangkono, awit Ramamu ing swarga wus mirsa, yen iku mau kabeh dadi kabutuhanmu.[33] Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.

RUM 5:1-8
[1] Mulane kita kang wus padha kabenerake awit saka pracaya, kita padha urip kalawan rukun karo Gusti Allah marga dening Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.[2] Panjenengane iku kang njalari kita padha oleh dalan kang anjog ing sih-rahmat marga saka pracaya. Ana ing sih-rahmat iki dumunung kita sarta kita ngalembana sajroning pangarep-arep bakal tampa kamulyaning Allah.[3] Lan ora ngamungake iku bae. Malah kita iya padha ngalembana sajroning sangsara, awit kita padha sumurup manawa sangsara iku njalari mantep,[4] lan mantep iku njalari tanggon, tanggon nukulake pangarep-arep.[5] Dene pangarep-arep iku mesthi ora bakal ngapirani, awit sihe Gusti Allah wus kaesokake ing ati kita dening Sang Roh Suci, kang wus pinaringake marang kita.[6] Awitdene ing nalika kita isih padha apes, ana ing wektu kang pinesthi dening Gusti Allah, Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita para wong duraka.[7] Ujer ora gampang wong kok banjur gelem mati nglabuhi wong bener -- ewadene bokmanawa kanggo wong utama, bisa uga ana wong kang wani mati. --[8] Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.

AYUB 1:1-22
[1] Ing tanah Us ana sawijining wong jenenge Ayub; Ayub iku jujur lan mursid tuwin ngabekti marang Gusti Allah sarta nyingkiri piala.[2] Anake lanang pitu, kang wadon telu;[3] raja kayane kang awujud wedhus pitung ewu, unta telung ewu, sapi limang atus rakit, kuldi wadon limang atus; bature akeh banget, mulane kasugihane ngungkuli wong satanah wetan kabeh.[4] Anake kang lanang iku saben-saben padha nganakake pista giliran ana ing omahe dhewe-dhewe, dene sadulure wadon telu-telune padha diundang diajak mangan lan ngombe bebarengan.[5] Anadene saben dinaning pista wus kapungkur, Ayub banjur nglumpukake anak-anake prelu padha disucekake; esuke, isih umun-umun, Ayub wus tangi, banjur nyaosake kurban obaran, cacahe miturut sapira kehing anake iku, awit ujare mangkene: “Bokmanawa anakku padha kena ing dosa lan nyupatani Gusti Allah ing sajroning atine.” Kaya mangkono iku ajeg katindakake dening Ayub.[6] Nuju ing sawijining dina para putraning Allah padha seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah; nuli Iblis iya seba bebarengan.[7] Ing kono Sang Yehuwah ngandika marang Iblis: “Sira saka ing ngendi?” Unjuk wangsulane Iblis marang Sang Yehuwah: “Saweg saking mider ndlajahi bumi.”[8] Pangeran Yehuwah banjur ndangu marang Iblis: “Apa sira nggatekake abdiningSun Ayub? Awitdene ig salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala.”[9] Unjuk wangsulane Iblis marang Pangeran Yehuwah: “Punapa tanpa pituwas Ayub anggenipun ngabekti dhumateng Gusti Allah?[10] Piyambakipun tuwin griya dalasan sadaya barang darbekipun, punapa boten Paduka pageri kemput? Punapa ingkang katindakaken sampun Paduka berkahi saha barang darbekipun saya wewah wonten ing nagari ngriku.[11] Nanging saupami Paduka ngagagaken asta nempuh dhateng sadaya barang darbekipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa Paduka.”[12] Dhawuhe Sang Yehuwah marang Iblis: “Lah apa sadarbeke wus ana ing tanganira, mung bae aja nggepok marang awake!” Iblis banjur mundur saka ing ngarsane Sang Yehuwah.[13] Kacarita nuju ing sawijining dina, nalika anake Ayub lanang lan wadon padha mangan lan ngombe anggur ana ing omahe kang pambarep,[14] nuli ana kongkonan kan teka ing ngarepe Ayub sarta nggawa pawarta mangkene: “Kala wau nalika lembu saweg kadamel mluku, sarta kuldi-kuldi estri sami nyenggut ing sakiwa tengenipun,[15] lajeng wonten tiyang Syeba dhateng sami nempuh, lembu kaliyan kuldi sami karebat saha para rencang sami dipun pejahi kaliyan landheping pedhang, namung kula piyambak ingkang saged oncat ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”[16] Sajrone wong iku isih matur, ana wong teka maneh sarta matur: “Latunipun Gusti Allah dhawah saking langit lajeng nyamber dhateng menda dalah rencang-rencang, sadaya telas sami kamangsa ing latu, namung kula piyambak ingkang saged oncat, ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”[17] Sajrone wong iku isih matur, ana wong teka maneh lan matur: “Tiyang Kasdim sami dhateng, wonten tigang bregada, lajeng nempuh dhateng unta sami karebat, saha rencang-rencang dipun pejahi kaliyan landheping pedhang, namung kula piyambak ingkang saged oncat, ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”[18] Sajrone wong iku isih matur, ana wong teka maneh lan matur: “Putra panjenengan jaler estri saweg sami dhaharan saha ngunjuk wonten ing griyaning sadherekipun pambajeng,[19] dumadakan wonten angin prahara dhateng saking pasamunan ingkang lajeng nempuh griya wau ing pojok-pojokipun sekawan; griyanipun rebah njugrugi para tiyang anem wau, temah sami pejah sadaya, namung kula piyambak ingkang saged oncat ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”[20] Ing kono Ayub banjur nyuwek-nyuwek jubahe, cukur rambut sarta sumungkem sujud ing bumi,[21] pangucape: “Wuda anggonku metu saka ing guwagarbane embokku, iya wuda anggonku bali mrana. Pangeran Yehuwah kang paring, Pangeran Yehuwah kang mundhut; pinujia asmane Sang Yehuwah!”[22] Sajrone iku mau kabeh Ayub ora nganti gawe dosa, sarta ora nacad pisan-pisan marang Gusti Allah.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981