A A A A A

Life: [Infertility]


1 SAMUEL 2:21
Lan Sang Yehuwah nggalih marang Hana, satemah ngandhut lan nglairake anak lanang telu lan wadon loro maneh. Ing wektu samana wong anom Samuel saya mundhak gedhe ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

PANGANDHARING TORET 7:14
Anggonmu binarkahan iku bakal ngluwihi sakehe para bangsa, bakal ora ana panunggalanmu kang gabug, dadia lanang utawa wadon, dalah kewanmu iya ora ana kang majer.

PANGANDHARING TORET 8:2
Karomaneh kowe elinga, anggonmu wus dilakokake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan sajrone patang puluh taun iki, karsane ndadekake andhap-asormu lan nyoba marang kowe, supaya tetelaa apa kang ana ing sajrone atimu, yaiku apa kowe netepi pepakene apa ora.

PURWANING DUMADI 1:28
Tumuli padha diberkahi lan dipangandikani: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna. Iwak ing segara lan manuk ing awang-awang sarta sakabehing sato-kewan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.”

PURWANING DUMADI 25:21
Anadene Rama Iskak iku ndongakake garwane marang Sang Yehuwah, amarga kang garwa iku gabug; lan Sang Yehuwah nyembadani panyuwune, temahan Ibu Ribkah garwane banjur nggarbini.

IBRANI 11:11
Marga saka pracaya, dalah Ibu Sara kaparingan kakiyatan nedhakake putra-wayah, sanadyan wus lungse ing yuswa; amarga ngugemi manawa kang maringi prasetya iku setya.

1 KORINTA 3:16
Apa kowe padha ora sumurup, yen kowe iku padha dadi padalemaning Allah, kang sarta Rohe Gusti Allah iya dedalem ana ing kowe?

YAKOBUS 1:17
Angger peparing kang becik sarta ganjaran kang sampurna iku saka ing luhur, tumurun saka ing Ramane sakehing pepadhang, kang ora owah gingsir utawa ora ana empering pamalike.

YOKANAN 16:33
AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem-rayahu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.”

JABUR 113:9
Wong kang gabug dilungguhake ing omah, dadi ibune bocah-bocah, mulane kebak kabungahan. Haleluya!

JABUR 127:3
Lah anak-anak lanang iku pusaka peparinge Sang Yehuwah, wohing wetengan iku sawijining pituwas.

JABUR 128:3
Rabimu bakal dadi kaya wit anggur kang subur ana ing jerone omahmu; lan anak-anakmu kaya trubusaning wit jaitun kang ngupengi mejamu.

JABUR 139:13
Awit Paduka piyambak ingkang mangun ginjel kawula, Paduka ingkang nenun kawula wonten ing guwagarbanipun biyung kawula.

JABUR 147:3
Panjenengane mulihake wong kang pepes atine, padha diblebedi tatune.

MARKUS 11:24
Mulane Aku pitutur marang kowe: Apa bae kang koksuwun lan kokdongakake, padha ngandela yen kowe wus kaparingan, dadi iku mesthi iya bakal kaparingake marang kowe.

FILIPI 4:13
Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku.

RUM 12:12
Padha bungaha sajroning pangarep-arep, disabar sajroning karupekan, dimantep anggonmu ndedonga!

LUKAS 1:36-37
[36] Lah Elisabet, sanakmu, kang wis tuwa iku, iya lagi ngandhut anak lanang, dene saprene wis nem sasi, mangka wis diarani gabug.[37] Amarga tumraping Allah ora ana barang kang mokal.”

RUM 5:3-5
[3] Lan ora ngamungake iku bae. Malah kita iya padha ngalembana sajroning sangsara, awit kita padha sumurup manawa sangsara iku njalari mantep,[4] lan mantep iku njalari tanggon, tanggon nukulake pangarep-arep.[5] Dene pangarep-arep iku mesthi ora bakal ngapirani, awit sihe Gusti Allah wus kaesokake ing ati kita dening Sang Roh Suci, kang wus pinaringake marang kita.

LUKAS 1:13-21
[13] Nanging malaekat mau banjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia, awit pandongamu wis kabul, lan Elisabet, bojomu, bakal nglairake anakmu lanang, iku jenengna Yokanan.[14] Iku bakal ndadekake bungah lan renamu, apadene akeh wong kang bakal bungah marga saka laire bocah mau.[15] Mulane mangkono awit iku bakal pinunjul ana ing ngarsaning Pangeran, lan bakal ora ngombe anggur utawa liya-liyane kang mendemi, sarta bakal kapenuhan ing Roh Suci wiwit saka ing guwagarbane ibune.[16] Apadene bakal njalari akeh wong Israel padha mratobat marang Pangeran, Allahe,[17] tuwin bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran kanthi roh lan panguwasane Elia, supaya bisaa mbalekake atine para bapa marang para anak, sarta nuntun wong mursal marang kamursidan, dadine nyawisake umat kang sembada tumrap ing Pangeran!”[18] Zakharia banjur munjuk marang malaekat mau: “Kadospundi anggen kawula saged mangretos, bilih bab punika saestu badhe kalampahan? Sabab kawula sampun sepuh, saha semah kawula sampun lungse ing wanci.”[19] Paring wangsulane malaekat: “Aku iki Gabriel sing ngladosi Gusti Allah lan aku diutus ndhawuhi kowe, sarta nglantarake pawarta kabungahan iki marang kowe.[20] Lah, kowe bakal bisu lan ora bisa caturan nganti tekan titimangsa kalakone iku kabeh, amarga kowe ora ngandel marang kandhaku kang mesthi bakal kalakon ing wektu kang wis katamtokake.”[21] Kacarita wong akeh, kang padha ngenteni Imam Zakharia, padha gumun, dene suwe temen anggone ana ing Padaleman Suci.

JABUR 112:1-10
[1] Haleluya! Rahayu wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, kang banget kasengsem marang sakehing pepakone,[2] anak-putune bakal santosa ana ing bumi, turune wong bener bakal diberkahi,[3] omahe kanggonan bandha lan kasugihan, sarta kautamane iku tetep ing salawas-lawase.[4] Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang, tresna welasan lan adil.[5] Begja wong kang kadunungan welas lan nyenyilihake, kang ngrampungake urusane kanthi samesthine,[6] sabab ora bakal gonjing ing salawase, wong kang mursid iku bakal pinengetan ing salawase,[7] ora wedi marang kabar kang ala, atine teteg, kumandel banget marang Pangeran Yehuwah,[8] atine santosa, ora kadunungan wedi, temah nganggep remeh marang para satrune.[9] Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin, kamursidane tetep ing salawas-lawase, sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan.[10] Wong duraka padha ndeleng, banjur lara atine, nggeget untu banjur luluh; pepenginane wong duraka iku tumuju marang ing karusakan.

YESAYA 54:1-17
[1] Surak-suraka, he wong gabug kang ora tau nglairake jabang bayi! Bungaha kalawan sumyak-sumyak lan giyak-giyaka, he sira kang ora tau nglarani! Amarga kang ditinggal dening sing lanang iku bakal duwe anak kehe ngungkuli anake wong kang padha bebojoan, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.[2] Ambakna papanig tarubira, jerengen tendhaning papan padununganira, sira aja ngeman papan; tali-talining tarubira dawanana sarta pathok-pathokira kapasanga kang kukuh![3] Amarga sira bakal tangkar-tumangkar ngiwa nengen, turunira bakal padha ndarbeni papaning para bangsa, tuwin bakal padha ngenggoni kutha-kutha kang sepi.[4] Sira aja wedi, awit ora bakal kawirangan, lan aja rumangsa isin, sabab sira ora bakal nandhang wirang. Amarga sira bakal lali marang kawiranganing nom-nomanira, tuwin ora bakal eling maneh marang nisthane anggonira dadi randha.[5] Amarga kang dadi somahira iku Panjenengane kang nitahake sira, kang asma pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah; kang jumeneng Panebusira yaiku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang sinebut Gusti Allahe salumahing bumi.[6] Awit kayadene wong wadon kang ditinggal lan kang susah atine anggonira katimbalan maneh dening Sang Yehuwah; garwa jaka-lara rak ora bakal tetep katampik? Mangkono pangandikane Gusti Allahira.[7] Mung sadhela anggoningSun nilar sira, nanging marga saka sih-piwelasingSun kang linuwih sira Sunpundhut maneh.[8] Ing sajroning dukaningSun kang banget Ingsun wus ngaling-alingi wedananingSun marang sira sadhela, nanging marga saka sih-susetyaningSun kang langgeng Ingsun wus ngatingalake sih-piwelasingSun marang sira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusira.[9] Kaanan iku tumrap Ingsun kaya ing jamane Nuh: kayadene anggoningSun wus supaos marang dheweke manawa banyu ora bakal nutupi bumi maneh, mangkono uga Ingsun iya wus supaos manawa Ingsun ora bakal duka maneh marang sira lan ora bakal mbendoni sira maneh.[10] Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalih lan tengger-tengger padha gonjing, nanging sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira tuwin prajanjian-karukunan peparingingSun ora bakal owah gingsir, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang paring sih-palimirma marang sira.[11] He wong kang katindhes, kang katempuh ing prahara, kang ora oleh panglipur! Lah Ingsun bakal masang tetalesira kalawan watu item tuwin dhasar-dhasarira kalawan sesotya manila.[12] AnggoningSun yasa ndhuwuring tembok-tembokira kalawan sesotya dlima, gapura-gapuranira kalawan sesotya manikem abang sarta kabeh tembok-tembok wates kalawan watu adi.[13] Anakira kabeh bakal padha dadi siswaning Yehuwah, tuwin bakal kadunungan karahayon gedhe;[14] sira bakal kajejegake ing kabeneran. Sira bakal ingedohake saka ing panganiaya, mulane sira ora susah wedi maneh, tuwin sira bakal adoh saka ing pagiris, sabab iku ora bakal nekani sira.[15] Manawa ana wong kang nempuh sira, iku ora saka Ingsun; sapa bae kang nempuh sira, iku bakal ambruk marga nglawan sira.[16] Lah Ingsun kang nitahake pandhe kang ngububi geni tuwin ngrampungkae gegaman manut kabisane, nanging uga Ingsun kang nitahake juru panumpes kang Sunagem numpes.[17] Saben gegaman kang digembleng arep kanggo nglawan sira ora bakal bisa tumama, sarta saben wong kang nandukake pandakwa marang sira ana ing pangadilan bakal sira buktekake manawa salah. Iya iki kang bakal dadi pandumane para abdine Pangeran Yehuwah tuwin kabeneran peparingingSun, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

1 SAMUEL 1:1-28
[1] Ana sawijining wong ing Ramataim-Zofim, ing pagunungan Efraim, jenenge Elkana bin Yeroham bin Elihu bin Tokhu bin Zuf, wong Efraim.[2] Elkana iku bojone loro: kang siji jenenge Hana, sijine Penina. Penina iku anak-anak, nanging Hana ora.[3] Wong iku saben taun lelungan saka ing kuthane arep munggah manembah lan saos kurban marang Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi ing Silo. Kang dadi imaming Sang Yehuwah ana ing kono yaiku putrane Imam Eli, Hofni lan Pinehas.[4] Nuju ing sawijining dina Elkana saos kurban, Penina bojone, anak-anake lanang-wadon padha diwenehi saduman.[5] Sanadyan Hana dikasihi, uga mung oleh saduman, awit Sang Yehuwah ora maringi anak marang dheweke.[6] Nanging marune tansah nglarakake atine kareben nepsu, amarga Sang Yehuwah nutup guwagarbane.[7] Kaya mengkono kang kelakon saben taun, saben Hana munggah menyang ing padalemane Sang Yehuwah, Penina nglarakake atine, Hana temah nangis lan emoh mangan.[8] Elkana, somahe nuli mituturi mangkene: “Hana, yagene kowe nangis lan apa sebabe kowe emoh mangan? Ajine awakku apa ora ngungkuli anak lanang sepuluh?”[9] Nuju ing sawijining dina sabubare padha mangan lan ngombe ana ing Silo, Hana banjur ngadeg, nalika Imam Eli pinuju lenggah ana ing kursi sandhing pipining lawang ing padalemane suci Sang Yehuwah,[10] lan kalawan ati kang sedhih Hana nyenyuwun marang Sang Yehuwah, kambi nangis senggrak-senggruk.[11] Banjur nglairake ujar, unjuke: “Dhuh Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, manawi Paduka nggalih dhateng karibedanipun abdi Paduka lan karsa ngengeti kawula saha boten kasupen dhateng abdi Paduka, nanging maringi anak jaler dhateng abdi Paduka punika, kawula badhe ngaturaken lare punika dhateng Sang Yehuwah sajeging gesangipun saha sirahipun boten badhe kagepok ing lading panyukuran.”[12] Nalika wong wadon iku ngganter ndedonga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Imam Eli namatake cangkeme wong wadon iku,[13] lan sarehne Hana anggone ngucap iku sajroning atine, tuwin mung lambene bae kang umak-umik lan ora keprungu suwarane, Imam Eli ngira manawa wong iku mendem.[14] Imam Eli banjur ngandika: “Nganti sapira suwene anggonmu tumindak kaya wong mendem? Maria anggonmu mendem!”[15] Nanging Hana mangsuli: “Boten dhuh Rama, kula satunggiling tiyang estri ingkang saweg nandhang sisah sanget; kula boten ngombe anggur utawi minuman ingkang mendemi, nanging ngesokaken isining manah kawula wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.[16] Sampun nganggep abdi panjenengan punika tiyang estri awon, margi saking sangeting bebeg saha sakiting manah kula ngantos wicanten dangu makaten.”[17] Wangsulane Imam Eli: “Mundura kanthi tentrem rahayu, lan muga-muga Gusti Allahe Israel minangkani panyuwunmu.”[18] Sawuse iku wong wadon mau matur: “Mugi abdi panjenengan angsala sih piwelas wonten ing ngarsa panjenengan.” Wong wadon mau tumuli metu, banjur gelem mangan lan ulate ora suntrut maneh.[19] Esuke wayah umun-umun padha tangi nuli manembah ana ing ngarsane Sang Yehuwah, wasana banjur padha bali mulih menyang ing Rama. Nalika Elkana nunggal turu karo Hana, bojone, diengeti dening Sang Yehuwah.[20] Sawuse setaun Hana ngandhut lan nglairake bayi lanang, kang dijenengake Samuel, amarga pangucape: “Iku olehku nyuwun marang Sang Yehuwah.”[21] Elkana, kang lanang mau, nuli munggah dalah sakulawargane nyaosake kurban sembelehan taunan lan ngluwari nadare marang Sang Yehuwah.[22] Nanging Hana ora melu, awit pangucape marang kang lanang: “Benjing manawi larenipun sampun kasapih, kula badhe ngeteraken piyambak, dene lare punika sageda ngadhep wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah lan tetepa wonten ing ngrika ing sajegipun gesang.”[23] Wangsulane Elkana bojone, marang Hana: “Lakonana apa kang kokanggep becik, asoa ing omah bae nganti anakmu koksapih; Sang Yehuwah muga netepana ing prasetyane.” Dadine wong wadon iku kari ana ing omah lan nusoni anake, nganti tumeka wayahe disapih.[24] Sawuse wong wadon iku nyapih anake, anake iku banjur diajak, kanthi nggawa sapi lanang kang umur telung taun, glepung saefa, lan anggur saimpes, iku banjur disaosake menyang ing padalemane Sang Yehuwah, ing Silo. Ing wektu semana bocahe isih cilik banget.[25] Sapine banjur disembeleh lan bocahe nuli disaosake marang ing ngarsane Imam Eli.[26] Ature Hana: “Kula nuwun Rama, kula keparenga matur, demi kasungengan panjenengan, kula punika tiyang estri ingkang kala rumiyin ngadhep wonten ing ngarsa panjenengan ngriki nyenyuwun dhumateng Sang Yehuwah.[27] Ingkang kula suwun inggih lare punika, dene Sang Yehuwah sampun nyembadani panyuwun kula dhateng Panjenenganipun.[28] Pramila lare punika kula saosaken dhateng Sang Yehuwah; sajegipun gesang mangsa boronga Sang Yehuwah.” Tumuli padha sujud manembah marang Sang Yehuwah ana ing kono.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981