A A A A A

Life: [Guilt]


IBRANI 10:22
Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kiat wus kaedusan kanthi banyu kang resik.

YAKOBUS 2:10
Jalaran sing sapa netepi sakehing angger-angger iku, mangka nglirwakake saprakara, dheweke iku kaluputan marang sakabehe.

IBRANI 10:2
Jalaran saupama mangkono, mesthi wong-wong padha ora nyaosake kurban-maneh, sabab kang padha nindakake pangibadah iku ora ngrumangsani dosa maneh awit wis padha karesikake sapisan kanggo salawas-lawase.

PANGANDHARING TORET 5:17
Sira aja memateni.

JABUR 32:1-6
[1] Anggitane Prabu Dawud. Kidung piwulang. Rahayu wong kang kaapura panerake, kang dosane kaaling-alingan![2] Rahayu wong kang durakane ora kaetang dening Yehuwah, sarta kang atine ora kadunungan cidra![3] Sadangunipun kawula kendel, balung kawula sami dados gapuk ing salebeting panggluruh kawula sadinten muput;[4] amargi rinten dalu asta Paduka awrat pametekipun dhateng kawula sungsum kawula ngantos garing, kadosdene ngeraking mangsa benter. (Selah)[5] Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka, kalepatan kawula boten kawula aling-alingi; tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,” Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula. (Selah)[6] Milanipun sakathahing tiyang mursid sami ndedonga dhumateng Paduka, mumpung taksih saged pinanggih; sanadyan wontena bena ageng, boten kebenan.

YEREMIA 51:5
Lah Israel lan Yehuda ora ditinggal dadi randha dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi, amarga nagarane wong Kasdim iku wis kebak kaluputan ana ing ngarsane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.

HOSEA 5:15
Ingsun bakal kondur menyang ing padalemaningSun, nganti wong-wong iku padha ngaku luput lan ngupaya wadananingSun. Ing sajroning karupekane padha kangen marang Ingsun:

KAIMAMAN 5:14-19
[14] Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:[15] “Manawa ana wong kang ora setya lan kang ora kalawan kajarag nglakoni dosa ing bab sawijining prakara kang suci kang sumaos marang Pangeran Yehuwah, iku nyaosna marang Sang Yehuwah kang minangka dhendhane arupa wedhus gibas lanang kang tanpa cacad saka ing panthane, kanggo kurban dhendha, diajeni manut sekel salaka, yaiku miturut sekel suci.[16] Prakara kang suci kang njalari dosane iku, kudu dilironi nganggo dipunjuli sapralimane, ditampakna marang imam. Dene imam ngolehna pirukun kanggo wong iku sarana wedhus kurban dhendha mau, temah bakal kaapura.[17] Manawa ana wong kang gawe dosa nerak salah sawijining bab kang dadi awisaning Pangeran Yehuwah, sanajan tanpa dirumangsani, iku dadine iya nglakoni kaluputan, lan kudu nanggung kaluputane dhewe.[18] Wong iku nggawaa wedhus gibas lanang siji kang tanpa cacad saka ing pepanthane kang wis ditetepake pangajine, diladekna marang imam. Dene imam ngolehna pirukun kanggo wong iku marga saka panggawene kang wus dilakoni kalawan ora kajarag lan ora kasumurupan mau, temah bakal kaapura.[19] Iku dadi kurban dhendha, awit wong iku pancen kaluputan marang Pangeran Yehuwah.”

KAIMAMAN 7:1-10
[1] “Iki pranatan bab kurban dhendha. Kurban iku sesaosan kang suci pinunjul.[2] Anggone nyembeleh kurban dhendha iku anaa ing panggonane nyembeleh kurban obaran, dene getihe kasiramna ing sakubenge misbyah.[3] Kang kasaosake yaiku: sakehing gajihe, buntute kang ana gajihe lan gajih kang nasabi jeroan,[4] ginjele karo pisan sagajihe, kang ana ing lempeng, apadene gembelaning atine dijupuk bareng karo ginjele.[5] Kabeh mau diobonga dening imam ana ing misbyah dadi kurban genenan konjuk marang Sang Yehuwah. Iku kurban dhendha.[6] Kang mangan iku wong lanang panunggalane para imam, pamangane ana ing panggonan kang suci, iku panduman kang suci pinunjul.[7] Kurban dhendha iku kapadhakna kaya kurban pangruwating dosa; pranatan siji kanggo karo-karone; iku dadi pandumane imam kang nganakake pirukun sarana kurban mau.[8] Mangkono uga imam kang nyaosake kurban obarane sadhengah wong, iya imam iku kang dhuwenana lulange kurban obaran kang kasaosake.[9] Saben kurban dhaharan kang kapanggang ana ing panggangan roti, lan sakabehe kang kaolah ana ing wajan lan kang dipanggang, iku dadia pandumane imam kang nyaosake.[10] Sadhengah kurban dhaharan kang diolah karo lenga utawa garingan iku dadi pandumane para anake Harun, kabeh oleh panduman.”

PURWANING DUMADI 26:10
Nanging Sang Prabu Abimelekh ngandika: “Punapa ta ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula sadaya punika? Gampil sanget kalampahan wonten tiyang bangsa ngriki ingkang ngantos nilemi ingkang garwa, rak margi saking makaten panjenengan lajeng ndhatengaken kalepatan dhateng kula sadaya?”

WILANGAN 5:5-10
[5] Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:[6] “Sira ndhawuhana marang wong Israel: Manawa ana wong lanang utawa wong wadon, nglakoni dosa marang pepadhane, lan marga saka iku ngowahi kasetyane marang Pangeran Yehuwah, temah wong mau nandhang kaluputan,[7] iku ngakonana dosane kang wus dilakoni mau, banjur mbayara tebusane kabeh kawuwuhana sapralimane, kawenehna marang wong kang ditanduki kaluputan.[8] Nanging saupama wong iku wus ora duwe sanak kang wajib nampani tebusaning kaluputan mau, ing kono tebusan kaluputan kang kudu kabayar iku dadi kagungane Sang Yehuwah, lan dadi pandumaning imam; iku durung kalebu wedhus gibas lanang karukunan kang dianggo nganakake karukunan tumrap wong mau.[9] Mungguh pisungsung-pisungsung suci kang kapasrahake wong Israel marang imam iku, pisungsunge mligi dadia pandumaning imam.[10] Dene pisungsung suci, kang digawa dening wong, iku pandumane wong iku dhewe; mung apa kang kawenehake dening wong marang imam, iku dadi pandumane imam iku.”

KAIMAMAN 5:1-5
[1] Manawa ana wong gawe dosa, marga krungu wong ngipat-ipati, mangka awake dadi saksi, marga nyipati utawa ngerti, nanging ora gelem nglairake katrangan, iku kudu nanggung ing kaluputane dhewe.[2] Utawa saupama ana wong kang nggepok sadhengah kang najis, dadia bathanging sato alasan kang najis, utawa bathange kewan kang najis, apadene bathanging kewan rumangkang nlosor utawa gumremet kang najis, sanadyan ora rumangsa, iku iya najis lan kaluputan.[3] Utawa manawa ana wong kang nggepok sesukering manungsa, iya sadhengaha sesuker kang ndadekake najis, mangka ora rumangsa, nanging wasana banjur rumangsa, iku dadine kaluputan.[4] Utawa manawa ana wong nglairake supata tanpa dipikir anggone ngetokake tembung, dadia bab gawe ala utawa gawe becik, sumpah apa bae kang dilairaike tanpa dipikir iku, tanpa ngrumangsani, nanging wasana banjur rumangsa, iku dadine kaluputan ing salah sawijining bab mau.[5] Dadi manawa kelakon wong mau nganti kaluputan bab salah sawijining prakara, nuli ngakonana apa kang dadi dosane,

KAIMAMAN 5:15-16
[15] “Manawa ana wong kang ora setya lan kang ora kalawan kajarag nglakoni dosa ing bab sawijining prakara kang suci kang sumaos marang Pangeran Yehuwah, iku nyaosna marang Sang Yehuwah kang minangka dhendhane arupa wedhus gibas lanang kang tanpa cacad saka ing panthane, kanggo kurban dhendha, diajeni manut sekel salaka, yaiku miturut sekel suci.[16] Prakara kang suci kang njalari dosane iku, kudu dilironi nganggo dipunjuli sapralimane, ditampakna marang imam. Dene imam ngolehna pirukun kanggo wong iku sarana wedhus kurban dhendha mau, temah bakal kaapura.

KAIMAMAN 4:2-3
[2] “Sira ndhawuhana marang wong Israel: Manawa ana wong kang nerak wewalere Pangeran Yehuwah ora klawan dijarag, dadi pancen nglakoni salah sawijining larangan mau,[3] lan saupama kang gawe dosa mau imam kang kajebadan, temah bangsane katut kaluputan, iku nyaosna sapi lanang nom siji kang tanpa cacad, minangka kurban pangruwating dosa konjuk marang Pangeran Yehuwah.

KAIMAMAN 4:13
Manawa kang gawe dosa ora kanthi kajarag iku sagolongane umat Israel kabeh, mangka pasamuwan ora rumangsa padha nglakoni salah sawijining bab kang dadi wewalere Pangeran Yehuwah, satemah padha dadi kaluputan,

KAIMAMAN 4:27
Manawa kang gawe dosa kang ora kajarag mau wong saka rakyat lumrah, nerak salah sawijining wewalere Pangeran Yehuwah, temah iku nandhang kaluputan,

JABUR 32:1-5
[1] Anggitane Prabu Dawud. Kidung piwulang. Rahayu wong kang kaapura panerake, kang dosane kaaling-alingan![2] Rahayu wong kang durakane ora kaetang dening Yehuwah, sarta kang atine ora kadunungan cidra![3] Sadangunipun kawula kendel, balung kawula sami dados gapuk ing salebeting panggluruh kawula sadinten muput;[4] amargi rinten dalu asta Paduka awrat pametekipun dhateng kawula sungsum kawula ngantos garing, kadosdene ngeraking mangsa benter. (Selah)[5] Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka, kalepatan kawula boten kawula aling-alingi; tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,” Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula. (Selah)

YESAYA 6:7
Mawa iku kasenggolake ing cangkemku kalawan pratela mangkene: “Delengen, lah iki wus nggepok lambemu, dadine kaluputanmu wus sirna lan dosamu wus kaapura.”

1 YOKANAN 1:9
Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita.

RUM 8:1
Kang iku saiki wis ora ana paukuman maneh tumrap wong kang padha ana ing Sang Kristus Yesus.

IBRANI 9:14
mendahane maneh rahe Gusti Kristus, kang marga dening Roh kang langgeng wus ngurbanake sarirane piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku rak mesthi bakal ngresiki rumangsaning ati kita saka pratingkah-pratingkah kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Gusti Allah kang asipat gesang?

JABUR 103:12
sapira dohe wetan saka ing kulon, iya samono anggone nebihake panerak kita saka ing kita.

2 KORINTA 5:17
Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar: kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka.

RUM 3:21-23
[21] Balik ing saikine, tanpa angger-anggering Toret, kaya kang kapratelakake ing kitab Toret lan kitab-kitabe para nabi, kabeneraning Allah iku wus kalairake,[22] yaiku kabeneraning Allah kang awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane.[23] Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah,

2 KORINTA 5:21
Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.

MIKHA 7:19
Panjenengane bakal paring kawelasan maneh marang kita, lan nglebur kaluputan-kaluputan kita, sarta mbucal sakehing dosa kita, menyang ing telenging sagara.

1 YOKANAN 3:19-20
[19] Mangkono iku anggon kita padha nyumurupi, yen asal kita saka ing kayekten. Mangkono uga ati kita bisa tentrem ana ing ngarsane Gusti Allah.[20] Amarga manawa kita padha kawelehake dening ati kita dhewe, Gusti Allah iku ngluwihi ati kita sata nguningani samubarang.

RUM 6:23
Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.

YESAYA 43:25
Ingsun, iya Ingsun iku Panjenengane kang ngicali dosaning pambalelanira marga saka Ingsun piyambak, lan Ingsun ora ngenget-enget marang dosanira.

WAHYU 12:10
Nuli aku krungu swara kang banter ana ing swarga, mangkene: “Samengko karahayon lan panguwasa tuwin paprentahaning Allah kita, lan panguwasane Sang Jebadane, wus kababar, marga si panggugat, kang rina-wengi nggugat para sadulur kita ana ing ngarsaning Allah kita, iku wus kauncalake mangisor.

2 KORINTA 7:10
Sabab kasusahan kang nyondhongi karsaning Allah iku nuwuhake pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawe getun, nanging kasusahan kang saka ing jagad iki nuwuhake pati.

IBRANI 4:16
Kang iku payo padha sowan kalawan kendel marang dhamparing sih-rahmat, supaya kita oleh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing mangsa kang becik.

RUM 8:31-39
[31] Kang iku apa kang bakal kita gunem tumrap kabeh mau? Manawa Gusti Allah ana ing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita?[32] Kang ora ngeman Kang Putra piyambak, nanging malah nganti dipasrahake kanggo kita kabeh, apa iya kalakon ora maringake samubarang kabeh marang kita bareng lan Panjenengane?[33] Sapa kang bakal nggugat para pepilihane Gusti Allah? Apa Gusti Allah kang mbenerake wong-wong mau? Sapa kang bakal matrapi paukuman?[34] Apa Sang Kristus Yesus kang wus seda? Malah luwih saka iku, apa kang wus kawungokake, kang lenggah ana ing satengene Gusti Allah, kang malah dadi pangemban kita?[35] Sapa kang bakal megatake kita saka ing sihe Sang Kristus? Apa panganiaya, apa rupeking ati, apa panguya-uya, apa kaluwen, apa kawudan, apa bebaya, apa pedhang?[36] Kaya kang wus katulisan: “Margi saking Paduka, kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah sadinten muput, kawula sami kaanggep kados menda sembelehan.”[37] Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita.[38] Sabab aku mesthekake, sanadyan pati utawa urip, para malaekat apa para panguwasa, kang saiki ana utawa kang bakal ana,[39] apa para panguwasa kang ana ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhengah titah liyane, ora bakal bisa megatake kita saka ing sihe Gusti Allah, kang ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.

RUM 3:26
Karsane yaiku kagem ngatingalake kaadilane ing jaman saiki, supaya tetelaa manawa Panjenengane iku bener, lan uga mbenerake wong kang pracaya marang Gusti Yesus.

RUM 14:23
Nanging sing sapa mangan kanthi mangu-mangu, iku ateges wis kaukum, awit anggone nindakake iku ora dilambari pracaya. Mangka samubarang kang ora kalambaran pracaya iku dosa.

YOKANAN 3:17
Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora supaya ngadili marang jagad, nanging supaya mitulungi rahayu marang jagad.

WULANG BEBASAN 16:4
Pangeran Yehuwah anggone nitahake samubarang iku kanthi tujuane dhewe-dhewe, malah wong duraka iku kapesthekake kanggo dinane bilai.

LELAKONE PARA RASUL 3:19
Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten,

1 YOKANAN 2:1
He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.

PURWANING DUMADI 20:6-16
[6] Gusti Allah tumuli ngandika maneh marang Sang Prabu Abimelekh sajroning pasupenan mau: “Ingsun mirsa yen anggonira mangkono iku metu saka ati kang jujur, lan iya Ingsun piyambak kang menggak marang sira supaya aja nganti gawe dosa marang Ingsun. Mulane sira ora Sunlilani nggepok wong wadon iku.[7] Mulane, wong wadon iku balekna marang somahe, awitdene Abraham iku nabi, sarta bakal ndongakake sira, supaya sira bisa lestari urip; nanging manawa wong wadon mau ora sira balekake, wruhanira yen sira mesthi bakal mati, sira lan kabeh wongira.”[8] Bareng esuk umun-umun Sang Abimelekh wungu sarta nimbali para abdine, dicaritani bab pangandika mau, temahan wong kabeh padha wedi banget.[9] Sang Prabu Abimelekh banjur utusan nimbali Rama Abraham, tumuli dipangandikani: “Punapa ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula punika lan kula kalepatan punapa dhateng panjenengan, dene panjenengan kok ndhatengaken dosa ageng dhateng kula lan kedhaton kula? Ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula punika boten pantes sanget.”[10] Sang Prabu Abimelekh ngandika marang Rama Abraham maneh: “Karsa panjenengan punapa, dene ngantos nglampahi kados makaten punika?”[11] Rama Abraham mangsuli ature: “Panginten kula, ing ngriki babar pisan boten wonten panembah dhateng Gusti Allah, pramila kula mesthi badhe dipun pejahi margi saking semah kula.[12] Kaliyan malih punika inggih sadherek kula sayektos, anakipun bapa kula, nanging sanes anakipun embok kula, lajeng dados semah kula.[13] Nalika kula dipun karsakaken dening Gusti Allah supados nilar bale griyanipun tiyang sepuh, kula lajeng nglembara, semah kula kula sanjangi makaten: Bok kowe nandukna katresnan marang aku mangkene: Ing saenggon-enggon kang bakal dakparani, kowe tutura tumrap aku mangkene: Punika sadherek kula!”[14] Sang Prabu Abimelekh tumuli mundhut wedhus lan sapi, batur tukon lanang lan wadon, padha diparingake marang Rama Abraham; apadene Ibu Sara kang garwa diwangsulake marang panjenengane.[15] Pangandikane Sang Prabu Abimelekh: “Lah tanah kula ngeblag wonten ing ngarsa panjenengan, sumangga kula aturi dedalem wonten ing pundi kemawon ingkang panjenengan karsakaken.”[16] Sarta banjur ngandika marang Ibu Sara: “Lah kula sampun nyaosi sadherek panjenengan sewu sekel selaka, minangka bukti tumrap ing kasucen panjenengan wonten ing ngajengipun sadaya tiyang, ingkang wonten ing wewengkon panjenengan, temah panjenengan lajeng kaleresaken ing sadaya prakawis.”

YESAYA 53:10
Nanging Pangeran Yehuwah karsa ngremuk tuwin damel gerahe Panjenengane. Samangsa Panjenengane wus masrahake sarirane minangka kurban panebusing dosa, bakal mirsani tedhak turune, yuswane bakal panjang, sarta karsaning Yehuwah bakal tumindak sarana astane.

LUKAS 15:18-19
[18] Aku dakmulih menyang ing daleme bapakku lan matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng swarga lan dhumateng bapak,[19] kula sampun boten pantes kawastanan putranipun bapak malih; keparenga namung dados satunggaling berahipun bapak kemawon.

MATEUS 18:21-35
[21] Sawise iku Petrus nuli ngadhep ing ngarsane Gusti Yesus lan munjuk: “Gusti, manawi sadherek kawula gadhah kalepatan dhateng kawula, ngantos kaping pinten anggen kawula kedah ngapunten? Punapa ngantos kaping pitu?”[22] Paring wangsulane Gusti Yesus: “PituturKu marang kowe: Aja mung ping pitu, malah ngantia ping pitungpuluh ping pitu.[23] Sabab Kratoning Swarga iku upamane kaya sawijining ratu kang karsa etang-etangan karo abdine.[24] Bareng wiwit etang-etangan, ana siji kasebakake kang duwe utang saleksa talenta.[25] Sarehne wong iku ora bia ngesahi utange, Sang Nata banjur dhawuh, supaya wong iku dalah anak bojone lan sakabehe barang darbeke padha didoli kanggo nglunasi utange.[26] Abdi mau tumuli sumungkem sujud ana ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk: Dhuh, Gusti, mugi wontena kasabaran dalem dhateng kawula, sadaya sambutan kawula badhe kawula lunasi.[27] Sang Nata trenyuh ing galih marga saka welase marang abdi iku, mulane abdine banjur diluwari, utange dililakake.[28] Nanging saundure abdi mau banjur kapethuk karo abdi liyane kang utang marang dheweke satus dinar, tumuli dicekel lan ditekak gulune, calathune: Sauren utangmu![29] Kancane abdi mau banjur sumungkem kanthi ngucap: Kula aturi sabar rumiyin, sambutan kula badhe kula lunasi.[30] Nanging kang motangake rengkeng, malah kancane mau banjur kapasrahake marang pakunjaran nganti salunase utange.[31] Ndeleng kang mangkono iku kanca-kanca liyane padha sedhih banget. Bab iku kabeh banjur kalapurake marang gustine.[32] Sang Prabu nuli dhawuh nimbali wong mau sarta banjur dipangandikani: Heh, abdi kang ala, utangira kang semana kehe wis sunlilakake kabeh, marga sira matur memelas marang ingsun.[33] Apa kowe ora wajib melasi marang mitramu, kayadene aku iya wis melasi kowe?[34] Gustine duka banget. Abdi mau banjur kapasrahake marang algojo, nganti sapundhate utange kabeh.[35] Samono uga RamaKu kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumrap ing kowe, manawa kowe dhewe-dhewe ora gelem ngapura marang kaluputane sadulurmu kanthi terusing ati.”

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981