A A A A A

Life: [Family]


YOKANAN 15:12-13
[12] PapakonKu iku mangkene, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana, dikaya anggonKu wus nresnani kowe.[13] Ora ana katresnan kang gedhene ngluwihi katresnaning wong kang ngetohake nyawane kanggo nglabuhi mitra-mitrane.

1 TIMOTEUS 5:8
Dene manawa ana wong kang ora mikir marang kulawangsane, apamaneh brayate, iku wis nyingkur pracayane lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.

EFESUS 6:4
Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.

WULANG BEBASAN 27:10
Aja ninggal mitramu sarta mitrane bapakmu, lan ing dina karibedanmu aja marani ing omahe sadulurmu, becik nekani tangga kang cedhak katimbang sadulur kang adoh.

MATEUS 12:48-50
[48] Nanging kang munjuk diparingi wangsulan mangkene: “IbuKu sapa, lan sadulur-sadulurKu sapa?”[49] Banjur mulungake astane marang para sakabate sarta ngandika: “Iki ibuKu lan sadulur-sadulurKu!”[50] Sabab sing sapa nglakoni karsane RamaKu kang ana ing swarga, yaiku sadulurKu lanang utawa wadon lan ibuKu.”

MATEUS 19:18-19
[18] Unjuke wong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira aja memateni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapake paseksi goroh.[19] Sira ngajenana bapa-biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kayadene awakira dhewe.”

KOLOSE 3:13
Padha sabar-sinabarana kayadene Gusti Allah anggone wus ngapura kowe, kowe iya tumindaka mangkono uga.

GALATI 6:10
Awit saka iku mumpung kita kober, ayo padha gawe becik marang wong kabeh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya.

1 KORINTA 15:33-34
[33] Kowe aja padha kasasar: Sesrawungan kang ala iku ngrusak padatan kang becik.[34] Padha dieling maneh kang temenan lan aja gawe dosa maneh! Sabab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Gusti Allah. Bab iki daktuturake, supaya kowe padha rumangsa isin.

WULANG BEBASAN 18:24
Ana kanca kang marakake sangsara, nanging uga ana mitra kang rumakete ngungkuli sadulur.

JABUR 133:1
Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Saiba prayoga lan endahe, manawa para sadulur kang manggon saomah padha rukun.

WULANG BEBASAN 17:17
Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg bae katresnane, lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan.

WULANG BEBASAN 22:6
Wong anom iku gulawenthahen manut dalan kang laras tumrap dheweke, samangsa wus tuwa ora bakal nyleweng saka dalan iku.

PANGENTASAN 20:12
Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.

YUSAK 24:15
Nanging manawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara ing dina iki kowe padha miliha, sapa kang arep kokbekteni, apa allah kang dibekteni para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat, apa allahe wong Amori kang nagarane padha kokenggoni iki. Nanging mungguh ing aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah!”

WULANG BEBASAN 12:26
Wong bener iku nemu papan panggonane, nanging dalane wong duraka nasarake awake dhewe.

PANGANDHARING TORET 6:6-7
[6] Tembung-tembung kang diprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha gatekna,[7] lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu lan rembugen samangsa kowe lagi lungguhan ana ing omahmu, samangsa kowe pinuju lelungan lan samangsa lagi turon utawa samangsa kowe tangi.

YESAYA 49:15-16
[15] Apa wong wadon bisa lali marang bayine, nganti ora tresna marang wohing wetengane? Sanadyan iku lali marang anake, nanging Ingsun ora bakal kesupen marang sira.[16] Lah sira wus Sungambar ana ing epek-epeking astaningSun, tembok-tembokira iku tansah ana ing ngarsaningSun.

JABUR 103:17-18
[17] Nanging sih-susetyaning Pangeran Yehuwah, iku wiwit ing kalanggengan, nganti tekan ing kalanggengan, tumrap para wong kang ngabekti marang Panjenengane, apadene kaadilane tumrap para anak-putune,[18] tumrap para wong kang padha ngandhemi ing prasetyane lan kang eling marang dhawuhe, nedya diestokake.

WULANG BEBASAN 17:6
Makuthaning para wong tuwa iku anak-putune, lan kang minangka kaurmatane anak-anak iku para leluhure.

JABUR 127:3-5
[3] Lah anak-anak lanang iku pusaka peparinge Sang Yehuwah, wohing wetengan iku sawijining pituwas.[4] Kaya panah ana ing tangane wong prawira, kaya mangkono mungguh anak-anak nalika nome.[5] Begja wong kang endhonge dikebaki kalawan iku kabeh. Wong iku ora bakal nandhang wirang manawa rembugan karo mungsuh ana ing gapura.

WULANG BEBASAN 17:9
Wong kang nasabi kaluputan iku ngupaya sih, nanging sing sapa ngudhal-udhal prakara iku misahake pamitran.

WULANG BEBASAN 6:20
He anakku, pepakone bapakmu estokna, lan aja ninggal piwulange ibumu.

WULANG BEBASAN 27:6
Mitra iku anggone nggebug kanthi tujuan kang becik, nanging pangambunge wong sengit iku nganti kliwat wates.

1 KORINTA 15:33
Kowe aja padha kasasar: Sesrawungan kang ala iku ngrusak padatan kang becik.

WULANG BEBASAN 23:24
Bapakne wong kang bener iku bakal giyak-giyak, sarta sapa kang nglairake wong wicaksana iku bakal abungah-bungah.

1 PARA RAJA 8:57
Pangeran Yehuwah Allah kita, muga karsaa nunggil kalawan kita, kayadene wus nunggil kalawan leluhur kita, muga Panjenengane aja nganti nilar kita lan aja nganti negakake kita,

LUKAS 11:13
Dadi, yen kowe, sanadyan ala, padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, apamaneh Ramamu kang ana ing swarga mesthi bakal maringi Roh Suci marang kang padha nyenyuwun.”

WULANG BEBASAN 23:15
He anakku, manawa atimu wicaksana, iku iya ndadekake bungahing atiku.

JABUR 55:12-14
[12] saha kawontenan ingkang ngrerisak pinanggih ing wewengkonipun, panindhes lan para cidra jumedhul tanpa kendhat wonten ing alun-alunipun.[13] Saupami mengsah kawula ingkang ngawon-awon kawula, kawula taksih saged sabar. Saupami ingkang sengit dhateng kawula ingkang ngegungaken dhiri wonten ing ngajeng kawula, kawula taksih saged singidan.[14] Nanging kowe iku wong kang cedhak karo aku, kancaku lan wong kang dakpracaya.

WULANG BEBASAN 27:17
Wesi nglandhepake wesi, wong nglandhepake pepadhane.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981