A A A A A

Urip: [Pasa]


1 KORINTA 7:5
Kowe aja padha cegah-cinegah, kajaba kalawan padha sarujuke kanggo ing sawatara mangsa, supaya kowe bisa mligekake wektu kanggo ndedonga. Nanging sawise iku padha kumpula maneh, supaya Iblis aja nganti nggodha kowe, awit saka anggonmu ora kuwat nyegah.

2 SAMUEL 1:12
Karodene padha nangis, anggone padha nangis karo puwasa nganti tumeka suruping srengenge, marga saka Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan putrane, marga saka umate sang Yehuwah lan bangsa Israel, jalaran padha mati kapupu ing pedhang.

LELAKONE PARA RASUL 13:2
Ing sawijining dina, nalika lagi padha nindakake pangibadah marang Gusti sarta puwasa, Roh Suci ngandika: “Ingsun pijekna Barnabas lan Saulus, supaya padha nglakonana ayahan, kang wus Suntemtokake tumrap karone.”

LELAKONE PARA RASUL 14:23
Ana ing saben pasamuwan para rasul mau padha netepake pinituwa-pinituwa kanggo pasamuwan iku, lan sawise ndedonga lan puwasa, para pinituwa mau padha dicaosake marang Gusti, kang dadi sumbering pracayane.

DHANIEL 10:3
ora mangan pangan kang enak, cangkemku ora klebon daging lan anggur sarta aku ora nganggo lenga jebad nganti sapundhate telung minggu mau.

ESTER 4:16
“Sumangga sampeyan nglempakaken sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing Susan; kula sami sampeyan siyamaken, sampun nedha lan ngombe rinten dalu, ngantos tigang dinten dangunipun! Rinten kalayan dalu. Kula kaliyan para cethi kula ugi badhe siyam; dene sasampunipun, sanadyan kula nerak angger-anggeripun, Sang Prabu, kula badhe marak ing ngarsanipun Sang Prabu; manawi kula kapeksa pejah, kajengipun kula pejah.”

PANGENTASAN 34:28
Nabi Musa anggone ana ing kono kalawan Sang Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu. Anadene panjenengane nyerati sakehing tetembunganing prajanjian ana ing papan watu, yaiku Sabda Sepuluh.

YOEL 2:12
Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Nanging saiki uga, padha mratobata marang Ingsun kalawan gumolonging atinira, kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”

LUKAS 2:37
lan saiki wis randha, kang umure wolung puluh papat taun. Ora mengeng saka ing Padaleman Suci, rina wengi anggone ngabekti kalawan pasa lan ndedonga.

LUKAS 18:12
Kawula siyam kaping kalih saminggu. Sadaya pamedal kawula, kawula pisungsungaken sapradasanipun.

NEHEMYA 1:4
Bareng aku krungu pawarta mangkono iku, aku tumuli lungguh sarta nangis lan susah atiku nganti sawatara dina, karodene aku puwasa lan ndedongan ana ing ngarsane Gusti Allahe saindenging langit.

JABUR 69:10
margi anggen kawula ngandhemi padaleman Paduka punika nggesengaken kawula, sarta tembung-tembung panacad dhumateng Paduka sampun namani kawula.

JABUR 35:13-14
[13] Ewadene menggah kawula, nalika tiyang punika sami sakit, kawula mangangge bagor, kawula nyiksa badan kawula kaliyan siyam, tuwin pandonga kawula thukul malih wonten ing manah kawula,[14] kados-kados mitra kawula utawi sadherek kawula ingkang sakit, kados makaten tangkep kawula; kawula tansah nandhang sisah kados tiyang ingkang kapejahan biyungipun, lampah kawula tansah tumungkul kalayan mangangge bagor.

YOEL 2:12-13
[12] Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Nanging saiki uga, padha mratobata marang Ingsun kalawan gumolonging atinira, kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”[13] Atimu suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan, gedhe sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang.

LELAKONE PARA RASUL 13:3-4
[3] Mulane banjur padha puwasa lan ndedonga, sarta sawise ditumpangi tangan, karone padha dililani mangkat.[4] Sakarone, kang padha kautus dening Sang Roh Suci iku, nuli tindak menyang ing palabuhan Seleukia; saka ing kono padha layar menyang ing pulo Siprus.

DHANIEL 9:3-5
[3] Aku banjur tumenga marang Pangeran Allah prelu ndedonga lan nyenyuwun kalawan puwasa lan manganggo bagor lan awu.[4] Awu nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah, Allahku kalawan ngakoni dosaku mangkene: “Dhuh Yehuwah ingkang mahaagung saha nggegirisi, ingkang netepi prajanjian tuwin sih-palimirma dhateng para tiyang ingkang sami tresna dhumateng Paduka sarta netepi pepaken Paduka.[5] Kawula sampun sami nglampahi dosa tuwin kalepatan, kawula sampun sami nglampahi duraka saha sampun sami mbalela, kawula sampun sami nyimpang saking pepaken saha pranatan Paduka;

2 SAMUEL 12:15-17
[15] Nabi Natan banjur kondur lan Sang Yehuwah nggebag putra kang miyos saka tilase somahe Uria, kang patutan karo Sang Prabu Dawud, temah gerah.[16] Sang Prabu Dawud nyenyuwun marang Gusti Allah kanggo kang putra iku, panjenengane nglampahi siyam kanthi tumemen lan bareng lumebet ing dalem sawengi natas tansah nggluntung ana ing jogan.[17] Para tuwa-tuwane abdi dalem ngarih-arih supaya Sang Prabu jumeneng saka ing jogan, nanging ora karsa; uga ora karsa kembul dhahar karo wong-wong iku.

1 PARA RAJA 21:25-27
[25] Sanyatane pancen durung tau ana wong kang kaya Sang Prabu Akhab anggone ndadekake sarirane dadi budhak kanthi patrap nglakoni apa kang ala ana ing paningale Pangeran Yehuwah, marga saka anggone wus diojok-ojoki dening Sang Putri Izebel, kang garwa.[26] Malah panjenengane wus nglampahi kang nistha banget, yaiku anggone ngetut buri para brahala, plek kaya kang dilakoni dening wong Amori kang wus kakesahake dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.[27] Bareng Sang Prabu Akhab midhanget pangandika iku, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan ngagem bagor sarta siyam. Malah anggone sare uga ngagem bagor, tuwin manawa lumampah alon-alonan.

LUKAS 4:2-4
[2] Ana ing kono lawase patang puluh dina lan banjur kagodha dening Iblis. Sajrone ana ig kono iku Panjenengane ora dhahar apa-apa sarta sawise iku kraos kerapan.[3] Iblis nuli matur marang Gusti Yesus: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela punika kadhawuhana dados roti.”[4] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae.”

EZRA 8:21-23
[21] Aku tumuli ngundhangake puwasa ana ing pinggire kali Ahawa kono, kareben aku padha ngesorake dhiri ana ing ngarsane Gusti Allah kita sarta nyuwun slameting lakuku marang Panjenengane tumrap aku kabeh, anak-anakku apadene tumrap sabarang darbekku kabeh.[22] Amarga aku isin saupama nyuwuna wadya-bala lan wadya-bala jaranan marang Sang Prabu kang rumeksa marang aku kabeh lan kang nanggulangi mungsuh ana ing dalan, mulane mangkono amarga aku wus padha matur marang Sang Prabu: “Astanipun Gusti Allah kawula punika ngayomi dhateng sakathahipun tiyang ingkang ngupadosi ing Panjenenganipun, murih wilujeng, nanging sakathahipun tiyang ingkang nyingkur Panjenenganipun punika sami dipun dhawahi ing pangwaos saha bebendunipun.”[23] Dadine aku banjur padha puwasa sarta padha ngunjukake bab iku marang Gusti Allah lan Gusti Allah uga nyembadani panyuwunku.

MATEUS 6:16-18
[16] “Anadene manawa kowe padha pasa, ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusake ulate, supaya wong-wong padha weruh yen lagi pasa. Satemene pituturKu marang kowe: iku wus padha tampa pituwase.[17] Nanging kowe manawa pasa, sirahmu lenganana lan raupa,[18] supaya anggonmu pasa aja katara wong, ngemungna kauningan ing Ramamu kang ana ing papan kang ora katon. Ing mengko Ramamu kang mirsa kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.”

YESAYA 58:3-7
[3] “Punapa sababipun dene kawula sami siyam Paduka kok ugi boten nggatosaken? Punapa sababipun dene kawula sami ngesoraken badan Paduka kok boten karsa nguningani?” Ing nalikane sira pasa nyatane sira isih tetep ngurus urusanira, tuwin sira padha ngerasi sakehing buruhira.[4] Sanyatane anggonira padha pasa iku kalawan padu lan regejegan sarta kalawan ngantemi tanpa reringa. Manawa anggonira pasa kaya saiki iki swaranira bakal ora kapirengake saka ing ngaluhur.[5] Lah apa pasa kang kaya mangkene iki kang Sunkarsakake, tuwin nganakake dina kanggo ngesorake badan, manawa sira ndhingkluk kaya glagah lan njereng bagor sarta awu sira anggo lemek turu? Apa iku kang sira arani pasa, nganakake dina kang dadi keparenge Pangeran Yehuwah?[6] Dudu! Pasa kang Sunkarsakake iku, yaiku manawa sira nguculi blengguning ambek siya, lan ngudhari tali-talining pasangan, manawa sira ngluwari wong kang kinaniaya tuwin mutungi sakehing pasangan,[7] manawa sira nyuwil-nyuwil rotinira kanggo wong keluwen sarta ngajak menyang ing omahira wong kang tuna wisma, lan manawa sira sumurup wong kang kawudan, banjur sira wenehi panganggon tuwin ora nyingkiri sadulurira dhewe!

YUNUS 3:5-9
[5] Wong Niniwe iku padha ngandel marang Gusti Allah, mulane tumuli padha ngundhangake puwasa lan manganggo bagor, wiwit kang diwasa tumeka bocah-bocah.[6] Prakara iku bareng kapiyarsa dening Sang Nata ing Niniwe, panjenengane tumuli tedhak saka ing dhampar, ngrucat pangagemaning kaprabon, sarta mangagem bagor tuwin banjur lenggah nglosod ing awu.[7] Atas saka dhawuhe Sang Prabu lan para panggedhene, banjur kaundhangake lan kadhawuhake ana ing Niniwe mangkene: “Manungsa lan sato-kewan, iya sapi lan wedhus, aja ana kang mangan apa-apa, aja ana kang diengon, sarta aja ana kang ngombe banyu.[8] Manungsa lan sato-kewan kudu padha manganggo bagor, sarta banjur padha sambat-sambata marang Gusti Allah, karo siji-sijine padha mratobata, ninggala pokale kang ala lan mbuwanga tindak panganiaya kang dilakoni.[9] Sapa ngreti, mbokmanawa Gusti Allah banjur santun panggalihe sarta apiduwung tuwin karsa nyirep bebendune kang mulad-mulad iku, satemah kita ora sida katumpes.”

LUKAS 18:1-12
[1] Gusti Yesus paring pasemon marang para sakabate, kang wose supaya tansah padha ndedonga, aja nganti bosen.[2] Pangandikane: “Ing sawijining kutha ana hakim kang ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong.[3] Ing kutha kono ana randha kang pijer marani hakim mau lan matur: Kula mugi panjenengan rencangi anggen kula prakawisan kaliyan lawan kula.[4] Hakim mau sawatara lawase ora gelem, nanging wasana banjur nggagas mangkene: Sanadyan aku ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong siji-sijia,[5] mung bae sarehne randha iki tansah ngrubedi aku, prayogane dakolehne adil bae, supaya aja pijer teka lan wekasane aku diamuk.”[6] Gusti banjur ngandika: “Padha wigatekna apa kang dikandhakake dening hakim kang ambek sawenang-wenang iku![7] Apa Gusti Allah ora bakal maringi adil marang para pepilihane kang rina wengi padha sesambat marang Panjenengane? Lan apa Panjenengane anggone arep paring pitulungan diundur-undur?[8] Aku pitutur marang kowe: Panjenengane bakal enggal maringi adil. Nanging manawa Putraning Manungsa rawuh, apa bakal manggih pangandel ana ing bumi?”[9] Lan marang wong sawatara kang nganggep awake dhewe sampurna sarta ngremehake marang wong liya, Panjenengane paring pasemon mangkene:[10] “Ana wong loro padha mlebu ing Padaleman Suci arep ndedonga; kang siji wong Farisi, sijine juru-mupu-beya.[11] Wong Farisi iku ngadeg lan ndedonga sajroning atine mangkene: Dhuh Allah, kawula ngunjukaken genging panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula boten sami kaliyan tiyang-tiyang sanes, sanes rampog, sanes tiyang ingkang tumindak sawenang-wenang, sanes tiyang ingkang lampah jina saha boten kados juru-mupu-beya punika.[12] Kawula siyam kaping kalih saminggu. Sadaya pamedal kawula, kawula pisungsungaken sapradasanipun.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981