A A A A A

Life: [Exercise]


LUKAS 22:25
Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Ratu-ratune para bangsa iku mrentah marang kawulane lan kang padha nguwasani iku diarani pangayoman.

WAHYU 13:12
Sarta nindakake sakehe panguwasane kewan kang kapisan ana ing ngarepe. Iku marakake bumi lan sakabehe kang ngenggoni padha sujud marang kewan kang kapisan, kang wus waras tatune kang mbebayani mau.

MATEUS 20:25
Banjur padha ditimbali dening Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Kowe padha ngreti, yen kang padha ngasta peprentahaning bangsa-bangsa anggone nindakake peprentahan kalawan keras, sarta para panggedhe padha nindakake panguwasane kanthi kenceng.

MARKUS 10:42
Nanging banjur padha ditimbali Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Kowe padha ngreti, yen kang jeneng pamarentahing bangsa-bangsa iku masesani rakyate, lan para panggedhe padha kaampilan panguwasa ngereh marang rakyat mau.

YEREMIA 9:24
nanging sing sapa arep ngegungake, ngegungna kang mangkene: manawa dheweke ngreti lan wanuh marang Ingsun, manawa Ingsun iki Sang Yehuwah, kang nedahake kadarman, kaadilan lan kabeneran ana ing bumi; sanyata, iku kang ndadekake keparenging galihingSun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

KOLOSE 2:23
Pranatan-pranatan mau sanadyan ing semu kebak isi kawicaksanan, nganggo pangibadah rerekane dhewe, kayata: andhap-asor, nyiksa-awak, iku ora ana paedahe kajaba mung kanggo pamareming urip kadonyan.

IBRANI 5:14
Nanging pangan kang akas iku kanggo para wong diwasa, kang duwe pancadriya kang wis digladhi mbedakake kang becik sarta kang ala.

1 PETRUS 5:2
Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi.

YEHESKIEL 22:29
Para wong kang manggon ana ing nagara padha daksiya lan ngrerampas, nindhes wong sangsara lan mlarat, sarta memeres wong manca, dadi cengkah kalawan angger-angger.

MATEUS 8:9
Amargi kawula piyambak punika tiyang ingkang kereh lan inggih ngereh prajurit. Manawi kawula aken dhateng ingkang satunggal: Lungaa! lajeng kesah; utawi dhateng sanesipun: Mrenea! inggih lajeng dhateng. Tuwin dhateng rencang-tumbasan kawula: Iku lakonana! inggih lajeng dipun lampahi.”

1 TIMOTEUS 4:8
Nggegulang ing kajasmanen iku paedahe mung sathithik, nanging pangibadah iku maedahi tumrap samubarang kabeh, awit iku ngemot prajanjian kanggo urip ing saiki lan ing tembe.

1 KORINTA 6:19-20
[19] Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi padalemane Sang Roh Suci kang ana ing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingake marang kowe dening Gusti Allah, sarta yen awakmu iku dudu awakmu dhewe?[20] Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah srana badanmu!

FILIPI 4:13
Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku.

1 KORINTA 10:31
Kowe aja nganti padha gawe sandhungan, dadia marang wong Yahudi, dadia marang wong Yunani, apadene marang pasamuwane Gusti Allah.

2 TIMOTEUS 2:5
Olahragawan iku anggone bisa makuthaning kaunggulan mung manawa anggone main iku manut tatanan-tatananing olahraga.

1 TIMOTEUS 2:12
Wong wadon ora dakwenangake memulang sarta mengku marang kang lanang, nanging sing jatmika.

WULANG BEBASAN 31:17
Bangkekane disabuki karosan, lengene dikuwatake.

RUM 12:1
Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang sajati.

JABUR 131:1
Kidung jiyarah, anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, kawula boten gumunggung sarta boten mawas kanthi kumlungkung; kawula boten nggayuh dhateng bab-bab ingkang muluk-muluk, utawi bab-bab ingkang aneh tumrap kawula.

LELAKONE PARA RASUL 24:16
Awit saking punika kula tansah ngudi gesang kalayan raosing manah ingkang murni wonten ing ngarsaning Allah saha wonten ing ngajenging manungsa.

1 TIMOTEUS 4:7
Nanging gugontuhon tuwin dongenge si nini-nini iku dohana. Nggegulanga ing pangibadah.

IBRANI 12:2-11
[2] Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Gusti Yesus, kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah.[3] Padha tansah elinga marang Panjenengane kang mantep anggone nahanake pambantahe para wong dosa kang nganti samono iku marang Panjenengane, supaya kowe aja nganti padha lesu sarta semplah.[4] Anggonmu perang nanggulangi dosa iku durung nganti padha ngwutahake getih.[5] Sarta apa kowe wus padha lali marang pitutur kang kadhawuhake marang kowe kaya marang para putra: “He anakku, aja nyepelekake panggulawenthahe Gusti Allah, sarta aja padha nglokro manawa kowe dielingake;[6] amarga Gusti Allah matrapi marang kang ditresnani, sarta nggebagi kang kaanggep putra.”[7] Manawa kowe padha ngalami dipatrapi, dadi kowe karengkuh putrane Gusti Allah. Endi ta ana anak kang ora tau dipatrapi dening bapakne?[8] Nanging manawa kowe ora tau dipatrapi, kang kudu kasandhang ing saben wong, dadi kowe dudu putra, nanging anak jadah.[9] Sabanjure; saka bapa kita kang sabenere, kita wus kapatrapan, mangka iku padha kita eringi, mendahane maneh manawa kita oraa kudu sumuyud marang Ramane sakabehing roh, supaya kita kepareng urip?[10] Bapa kita matrapi kita mung sawatara mangsa miturut apa bae kang kaanggep becik, nanging Panjenengane anggone matrapi kita iku murih becike, supaya kita kapanduman kasucene.[11] Sarupaning patrapan iku samangsa lagi kaparingake pancen ora mbungahake, malah nyedhihake. Nanging sateruse banjur metokake wohing kayekten kang njalari tentrem marang wong-wong kang wis padha kalantehake ing bab iku.

1 PETRUS 2:14
iya marang para wakile kang kadhawuhan ngukum wong kang nindakake piala sarta ngalembana wong kang gawe becik.

1 PETRUS 2:1
Marga saka iku padha mbirata sakehing piala sarta sarupane para-cidra, sarta lamis lan drengki, apadene sakehing pamitenah.

KOHELET 1:13
kencenging atiku sumedya mriksa lan naliti kalawan kawicaksanan marang samubarang kabeh kang kalakon ana ing sangisoring langit. Iku pagawean kang angel kang diparingake dening Gusti Allah marang para anaking manungsa, supaya bisaa gawe kesele awake dhewe.

KOHELET 3:10
Aku wus ndeleng pagawean kang diparingake dening Gusti Allah marang para anaking manungsa, supaya padha gawea keseling awake.

1 KORINTA 6:19
Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi padalemane Sang Roh Suci kang ana ing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingake marang kowe dening Gusti Allah, sarta yen awakmu iku dudu awakmu dhewe?

3 YOKANAN 1:2
He kekasihku, pandongaku muga kowe ginanjara slamet lan bagas kawarasan ing sakabehe, dikaya nyawamu iya slamet.

1 KORINTA 9:24-27
[24] Apa kowe padha ora sumurup, yen wong kang melu ana ing pambalapan iku kabeh padha lumayu, nanging mung siji kang tampa ganjaran? Mulane padha lumayua amrih kowe bisaa tampa ganjaran.[25] Saben wong kang melu balapan, iku njaga dhirine ing samubarang prakara. Wong mau padha tumindak mangkono supaya oleha makutha kang kena ing rusak; balik kita padha ngarah bisaa oleh makutha kang langgeng.[26] Mulane anggonku lumayu iku ora tanpa tujuan, lan aku dudu jago jotos kang mung waton njotos bae.[27] Nanging aku nglatih badanku sarta dakreh ing sakabehe, supaya sawise ngabarake Injil marang wong liya, aja ngantia aku dhewe ditampik.

1 SAMUEL 16:7
Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”

JABUR 104:9
Watesipun Paduka tetepaken, boten badhe dipun langkahi, boten badhe wangsul ngelebi bumi.

PURWANING DUMADI 6:12
Bareng Gusti Allah mirsani bumi, nyata-nyata yen iku wus rusak banget, awit sarupane titah wus padha mblasar lakune ana ing bumi.

PURWANING DUMADI 7:20
Gunung-gunung mau kungkulan banyu kang saya wuwuh iku nganti limalas asta, temahan padha kasasaban,

PURWANING DUMADI 8:5
Banyune tansah saya suda-suda nganti tekan sasi sapuluh. Bareng sasi sapuluh tanggal sapisan, pucake gunung-gunung wiwit padha katon.

PURWANING DUMADI 9:11
Ingsun nganakake prasetyaningSun karo sira, yen sabanjure bakal ora kelakon maneh makhluk kang urip katumpes dening banjir, lan bakal ora ana banjir gedhe maneh kang nyirnakake bumi.”

1 PETRUS 3:3-4
[3] Kang dadi pepaesmu aja cara lair, yaiku sarana nglabang rambut, manganggo mas-masan utawa kanthi manganggo kang endah,[4] nanging pepaesmu iku yaiku kamanungsaning batin kang ora katon kang apepaes kang ora bisa rusak, kang asale saka roh kang sareh, tentrem, kang pangaji banget ana ing ngarsaning Allah.

2 TIMOTEUS 4:7
Aku wus mungkasi tetandhingan kang utama, aku wus nyandhak garis wekasan, aku wus ngantepi ing pracaya.

1 KORINTA 9:26-27
[26] Mulane anggonku lumayu iku ora tanpa tujuan, lan aku dudu jago jotos kang mung waton njotos bae.[27] Nanging aku nglatih badanku sarta dakreh ing sakabehe, supaya sawise ngabarake Injil marang wong liya, aja ngantia aku dhewe ditampik.

YESAYA 40:31
nanging wong kang padha nganti-anti marang Pangeran Yehuwah kaparingan kakuwatan anyar: padha mabur mumbul kaya manuk garudha kalawan kakuwataning swiwine; padha lumayu lan ora nganti lesu, padha lumaku nanging ora sayah.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981