A A A A A

Urip: [Kewan]


PURWANING DUMADI 1:21
Gusti Allah nuli nitahake kewan segara kang gedhe-gedhe lan sawernaning makhluk urip kang pating krogel ana ing banyu, apadene sawernaning manuk kang mawa suwiwi. Sarta iku dipirsani Gusti Allah wus prayoga.

PURWANING DUMADI 1:30
Nanging sakehing sato-kewan ing bumi lan sakehing manuk ing awang-awang tuwin samubarang kang rumangkang ana ing bumi, kang kadunungan nyawa, iku Sunparingi tetuwuhan ijo kang dadi pakane.” Banjur iya kelakon mangkono.

YAKOBUS 3:7
Mungguh sakabehing buron alas, manuk, sarta kewan rumangkang lan kang ana ing sagara, iku kadadekake tutut lan wis kalakon didadekake tutut dening manungsa,

YEREMIA 8:7
Dalah manuk cangak ing awang-awang, ngreti mangsane, manuk drekuku, sriti lan bango padha kelingan mangsane bali, nanging umatingSun ora sumurup angger-anggere Sang Yehuwah.

AYUB 35:11
kang maringi kita akal-budi ngungkuli kewan ing bumi, lan kawicaksanan ngungkuli manuk ing awang-awang?

LUKAS 3:6
apadene sakabehing daging bakal weruh karahayon kang saka ing Pangeran.”

LUKAS 12:24
Padha delengen, manuk gagak iku ora padha nyebar lan ora derep apadene ora duwe gudhang utawa lumbung, ewasamono padha diparingi pangan dening Gusti Allah. Ajimu rak ngungkuli manuk-manuk iku banget!

MATEUS 6:26
Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?

WULANG BEBASAN 12:10
Wong bener mikir marang kabutuhane kewane, nanging piwelase wong duraka iku daksiya.

JABUR 104:21
Singa nem sami nggero-gero betah memangsan, lan ngadhang-adhang pakan saking Gusti Allah.

PURWANING DUMADI 2:19-20
[19] Nalika Sang Yehuwah Allah wus karya sarupane sato-kewan ing ara-ara lan sarupane manuk ing awang-awang saka lemah, banjur padha ditekakake ana ing sangarepe manungsa, karsane supaya pirsa kapriye anggone bakal njenengake, lan jeneng kang diwenehake manungsa marang sadhengah kang urip mau, iya iku dadia jenenge.[20] Mangkono dadine manungsa menehi jeneng marang sarupane sato-kewan lan manuk ing awang-awang apadene marang sarupane sato ing ara-ara; mung manungsa kang durung duwe rowang kang sembada dadi jodhone.

PURWANING DUMADI 9:2-3
[2] Sarupane sato-kewan ing bumi lan sarupane manuk ing awang-awang iku bakal padha wedi lan giris marang sira; iya sakabehe kang mobah-mosik ana ing bumi, dalah sarupane iwak ing sagara iku padha sira kuwasanana.[3] Sadhengah kang mobah-mosik kang urip iku dadia panganira. Iku kabeh wus Sunparingake marang sira; mangkono uga tetuwuhan kang ijo;

PURWANING DUMADI 1:24-28
[24] Gusti Allah tumuli ngandika: “Bumi iki metokna makhluk kang urip warna-warna, kewan ingon-ingon, kewan kang rumangkang, lan gumremet sarta kewan alasan warna-warna.” Banjur iya kelakon kaya mangkono.[25] Gusti Allah akarya sato-kewan alasan warna-warna, kewan ingon warna-warna, kewan kang gumremet ana ing bumi warna-warna. Sarta iku dipirsani dening Gusti Allah wus prayoga.[26] Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.”[27] Gusti Allah tumuli nitahake manungsa miturut gambare, anggone nitahake mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggone nitahake.[28] Tumuli padha diberkahi lan dipangandikani: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna. Iwak ing segara lan manuk ing awang-awang sarta sakabehing sato-kewan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.”

WULANG BEBASAN 6:6-8
[6] He wong kesed, maranana semut, lakune titenana lan dadia pinter.[7] Sanadyan semut iku ora ana kang mimpin, ora ana kang ngatur lan ora ana kang manggedheni,[8] iya padha keklumpuk rejeki ing mangsa panas, lan tandho pangan ing mangsa panen.

JABUR 8:6-9
[6] Ewadene Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang kaliyan titah ing swarga, sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan.[7] Paduka kuwaosaken mengku yeyasaning asta Paduka, samukawis sadaya Paduka paringaken wonten ing sangandhaping tlapakanipun:[8] sakathahipun menda tuwin lembu, ugi sato-kewan ing ara-ara,[9] peksi ing awang-awang saha ulam ing saganten, saha samukawis ingkang langkung ing margining saganten.

AYUB 12:7-10
[7] Nanging takona ta marang kewan, iku mesthi padha mangretekake kowe, sarta takona ta marang manuk ing awang-awang, mesthi kowe disumurupake,[8] utawa tutura marang bumi, iku mesthi bakal aweh piwulang marang kowe, dalasan iwak ing sagara bakal carita marang kowe.[9] Panunggalane iku kabeh sapa kang ora sumurup, manawa astane Gusti Allah kang nindakake iku;[10] manawa nyawane kabeh kang kumelip lan napase saben manungsa iku dumunung ana ing astane?

YESAYA 11:6-9
[6] Asu ajag bakal manggon bebarengan karo wedhus gembel lan macan tutul bakal mlegung ana ing sandhinging wedhus. Pedhet lan anak singa bakal nyenggut bebarengan, tuwin bakal kagiring ing bocah cilik.[7] Sapi lan bruwang bakal nyenggut bebarengan lan anak-anake bakal plegungan tunggal enggon, dene singa bakal mangan dami kaya sapi.[8] Bocah suson bakal dolanan ing sacedhake rong ula bedhudhak, tuwin bocah sapihan bakal rogoh-rogoh ing ronging ula mandi.[9] Ora ana kang bakal nglakoni ala ana tumindak ora becik ana ing sawewengkone gunungingSun kang suci, amarga saindenging bumi kapenuhan ing kawruh bab Sang Yehuwah, kayadene banyuning sagara kang nasabi dhasare.

KOHELET 3:18-21
[18] Osikku ing sajroning ati mangkene: “Anadene para anaking manungsa, iku bakal kauji dening Gusti Allah lan bakal kaparingan sumurup, manawa dheweke kabeh iku lugune kewan.”[19] Amarga pepesthen tumrap manungsa iku padha karo kang tumrap kewan, sakaro-karone padha tinemune; kang siji mati, sijine iya mangkono. Sakarone padha-padha ambekan, lan manungsa iku ora ngluwihi kewan, amarga samubarang kabeh iku tanpa paedah.[20] Sakarone marani panggonan kang padha; sakarone dumadi saka lebu lan sakarone bali menyang ing lebu.[21] Sapa kang sumurup, manawa ambekaning manungsa iku munggah mandhuwur, dene ambekaning kewan mudhun mangisor, menyang ing bumi.

JABUR 148:7-12
[7] Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah ana ing bumi, he ula-ula naga lan saindenging samodra agung;[8] he geni lan udan es, salju lan pedhut, angin prahara kang nindakake sabdane;[9] he gunung-gunung lan sakehing tetengger, sakehe karang-kitri lan sakehing wit eres;[10] he para kewan alasan lan sakehing kewan, kewan kang gumremet lan manuk-manuk kang mawa swiwi.[11] He para raja ing bumi lan sakehing bangsa, para panggedhe lan sakehe peprentahan ing jagad,[12] he para jaka lan para prawan, para wong tuwa lan wong anom!

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981