A A A A A

Urip: [Sepuh]


1 TIMOTEUS 5:8
Dene manawa ana wong kang ora mikir marang kulawangsane, apamaneh brayate, iku wis nyingkur pracayane lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.

2 KORINTA 4:16
Marga saka iku aku ora rumangsa semplah, malah sanadyan ta kamanungsanku kang lair sangsaya rusak, nanging kamanungsanku kang batin kaanyarake saben dina.

PANGANDHARING TORET 32:7
Elinga marang jaman kuna, gatekna taun-taune turun kang wus kepungkur, tekokna marang bapakmu, iku kang bakal nerangake marang kowe, lan marang para pinituwa, iku kang bakal ngandhani marang kowe.

PANGANDHARING TORET 34:7
Nalika seda Nabi Musa yuswane satus rong puluh taun, paningale durung blawur lan durung ilang kakiyatane.

KOHELET 7:10
Aja celathu: “Yagene jaman biyen iku kok luwih becik tinimbang karo jaman saiki?” Amarga pitakonmu iku ora adhedhasar kawicaksanan.

PANGENTASAN 20:12
Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.

PURWANING DUMADI 6:3
Ing kono pangandikane Sang Yehuwah: “RohingSun ora bakal salawase tetunggalan karo manungsa, amarga mung awujud daging, mulane ing sabanjure umure mung bakal kari satus rong puluh taun.”

PURWANING DUMADI 25:8
Rama Abraham tumuli seda, dene sedane iku nalika wus akeh yuswane, wus tuwuk sugenge, banjur kaklempakake karo para leluhure.

YESAYA 40:29
Panjenengane paring kakuwatan marang kang sayah lan paring tambahing karosan marang kang tanpa daya.

YESAYA 46:4
Nganti sira tuwa Ingsun iki tetep Panjenengane lan nganti rambutira putih anggoningSun nggendhong sira kabeh. Ingsun wus tumindak mangkono tuwin karsa terus nanggung sira kabeh; Ingsun karsa ngrembat lan nylametake sira.

AYUB 5:26
Anggonmu mudhun marang ing kluwat manawa kowe wus tuwa banget, kaya tumpukan gandum kang kasimpen marga wus wancine.

AYUB 12:12-20
[12] Apa dudu para wong tuwa kang padha kadunungan kawicaksanan, sarta wong kang wus akeh umure iku kang duwe pangreten?[13] Nanging Gusti Allah iku kang kagungan kawicaksanan lan pangwaos. Iya Panjenengane iku kang dadi etuking pangulir budi lan kawasisan.[14] Manawa panjenengane mbebongkar, ora ana kang bisa mbangun maneh. Manawa Panjenengane nangkep wong, ora ana kang bisa ngluwari.[15] Manawa Panjenengane mbendung banyu, banjur asat kabeh. Manawa Panjenengane marengake mili maneh, banjur ngelebi bumi.[16] Panjenengane ngasta pangwaos lan kaunggulan iya kang nguwaosi wong kang kesasar lan wong kang nasarake.[17] Panjenengane kang nggiring lan nglukari para mentri, sarta kang damel bodhoning para hakim.[18] Panjenengane kang nguculi blenggu kang dietrapake dening para raja, kang banjur padha tinalenan bangkekane kalawan tali pangiket.[19] Panjenengane kang nggiring lan nggledhah para imam, lan nggolingake wong kang santosa.[20] Panjenengane kang mbungkem cangkeme para wong kang dipracaya, sarta para wong tuwa padha diilangi nalare.

AYUB 32:7
Pangrasaku mangkene: Wong kang wus padha tuwa iku becike padha aweh pitutur, lan kang wus akeh cacahe taune iku padha ngandharake bab kawicaksanan.

YOEL 2:28
“Sawuse mangkono bakal kelakon, Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang manungsa kabeh, temahan anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit; para pinituwanira bakal padha oleh pangimpen, lan nom-nomanira padha ndeleng wahyu.

KAIMAMAN 19:32
Ana ing ngarepe wong uwanen sira ngadega, lan wong kang wus tuwa sira ajenana, sarta wedi asiha marang Allahira; Ingsun iki Yehuwah.

FILEMON 1:9
ewasamono ngelingi tumindaking katresnanmu iku, luwih prayoga yen aku nglairake panjaluk marang kowe mangkene: Aku Paulus kang wus ngancik tuwa, luwih-luwih saiki kinunjara marga saka Gusti Kristus Yesus,

JABUR 71:9
Samangsa kawula sampun sepuh, mugi sampun ngantos Paduka tampik, sampun ngantos nilar kawula manawi kakiyatan kawula sampun telas.

JABUR 71:18
dhuh Allah, ngantosa kawula sepuh sarta uwanen, kawula mugi sampun ngantos Paduka tilar, supados kawula saged nyriyosaken pangwaos Paduka dhumateng para turun samangke, sarta kasantosan Paduka dhateng sakathahipun tiyang ingkang badhe dhateng.

JABUR 73:26
Sanadyan daging lan manah kawula telas, sirna, ing salaminipun tetep Gusti Allah ingkang dados peparang saha panduman kawula.

JABUR 90:10-12
[10] Laminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun, dene manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun, saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggenipun nandhang rekaos lan sangsara, amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna.[11] Sinten ingkang sumerep karosaning bebendu Paduka, saha ajrih dhateng anggen Paduka duka?[12] Kawula mugi sami Paduka wulang ngetang dinten kawula ing saleresipun, supados sageda sami angsal manah ingkang wicaksana.

JABUR 91:16
bakal Sunwaregi kalawan umur dawa, lan karahayoningSun bakal Suntedahake marang dheweke.”

WULANG BEBASAN 17:6
Makuthaning para wong tuwa iku anak-putune, lan kang minangka kaurmatane anak-anak iku para leluhure.

WULANG BEBASAN 20:29
Kang minangka rerenggane wong nomnoman iku karosane, lan kang dadi kaendahane wong tuwa iku uwane.

WULANG BEBASAN 23:22
Rungokna pituture bapakmu kang nganakake kowe, lan aja nyepelekake biyungmu samangsa wus tuwa.

JABUR 37:35
Aku weruh sawijining wong duraka kang agung-gumunggung; kang mekar kaya wit eres ing Libanon.

1 BABAD 29:28
Sang Nata banjur seda, yaiku bareng wus pethak remane, wus sepuh ing yuswa, sugenge kebak kasugihan lan kamulyan; Pangeran Suleman kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

1 PARA RAJA 3:14
Lan manawa lakunira metu ing dalan kang Suntedahake lan lestari manut sakehing katetepan lan parentahingSun, padha kaya ramanira Dawud, Ingsun bakal paring tambahing umurira.”

JABUR 103:5
kang maregi kekarepanmu kalawan apa kang becik, temah kowe kaenomake maneh kaya manuk garudha.

TITUS 2:3
Mangkono uga para wong wadon kang wus tuwa, iku padha nelakna anggone dadi wong ngibadah, aja dhemen mitenah, aja karem ngombe anggur, nanging dibisa aweh piwulang kang becik

1 TIMOTEUS 5:1-2
[1] Aja tumindak keras marang wong kang wis tuwa, nangin elingna kayadene marang bapa; wong nomnoman padha elingna kayadene sadulurmu,[2] para wong wadon kang wis tuwa kayadene ibu, para wong wadon kang isih enom kayadene adhimu, kalawan ati kang resik.

JABUR 71:8-9
[8] Cangkem kawula kebak pamuji dhumateng Paduka, sadinten-dinten Paduka kawula luhuraken.[9] Samangsa kawula sampun sepuh, mugi sampun ngantos Paduka tampik, sampun ngantos nilar kawula manawi kakiyatan kawula sampun telas.

FILIPI 3:20-21
[20] Sabab kita iki wargane Kratoning Swarga lan saka kono uga kita nganti-anti Gusti Yesus Kristus kang dadi Juru Slamet,[21] kang bakal nyantuni badan kita kang nistha iki, temahan dadi madha rupa karo sarirane kang mulya, manut panguwaose kang bisa nelukake samubarang kabeh marang Panjenenane.

YESAYA 46:3-4
[3] “Padha rungokna Ingsun, he para turune Yakub, he sakehe turune Israel kang isih kari, he para wong kang Sungendhong wiwit ing wetengan, he para wong kang Sunbopong wiwit ana ing sajroning guwa-garba.[4] Nganti sira tuwa Ingsun iki tetep Panjenengane lan nganti rambutira putih anggoningSun nggendhong sira kabeh. Ingsun wus tumindak mangkono tuwin karsa terus nanggung sira kabeh; Ingsun karsa ngrembat lan nylametake sira.

JABUR 92:12-15
[12] mripat kawula nyawang satru kawula, kuping kawula mireng bab para tiyang awon ingkang sami gumregah nglawan kawula.[13] Wong mursid bakal ngrembaka kaya wit kurma, sarta thukul subur kaya wit eres ing Libanon;[14] para kang katandur ana ing padalemaning Yehuwah, bakal padha ngrembaka ana ing plataraning Allah kita,[15] sanadyan wus tuwa isih padha metu wohe, padha dadi lemu lan seger,

KOHELET 12:1-7
[1] Elinga marang kang nitahake kowe ing sajrone isih anom, sadurunge satekane dina-dina kang ala lan taun-taun, kang kokkandhakake mangkene: “Ing nalika iku aku ora duwe kasenengan!”,[2] yaiku sadurunge srengenge lan pepadhang, rembulan lan lintang-lintang dadi peteng, sarta sawuse udah mendhunge padha bali maneh,[3] ing nalika kang tunggu omah padha gumeter lan wong-wong kang rosa padha mbungkuk, tuwin para wong wadon kang nggiling padha leren amarga cacahe suda, sarta kang padha ndeleng saka ing cendhela padha dadi lamur kabeh,[4] apamaneh lawang-lawang ing sapinggiring dalan padha mineb, swarane panggilingan dadi lirih, swarane dadi kaya pangocehing manuk, tuwin sakehing pasindhen wadon padha dadi lirih swarane,[5] wong-wong uga padha dadi wedi marang unggah-unggahan; lan ing dedalan ana kang memedeni, wit saked akembang, walange lakune ngrekasa kalawan nyeret awake, tuwin kekarepan mangan ora kena kagugah maneh -- amarga manungsa lunga menyang ing omahe kang langgeng, apadene para juru nangis padha kluyuran ana ing dedalan,[6] sadurunge rante selaka kapedhot lan damar emas kapecah, sadurunge klenthing karemuk ana ing sacedhaking sumber sarta kerekaning timba karusak ana ing sadhuwure sumur,[7] apadene lebu bali dadi lemah kaya ing sakawit lan roh bali marang ing ngarsaning Allah kang maringake.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981