A A A A A

Good Character: [Contentment]


MATEUS 6:25-33
[25] Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kokpangan utawa kokombe, lan bab badanmu, apa kang bakal kokanggo. Ajine urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajine badan ngungkuli sandhangan?[26] Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?[27] Sapa ta panunggalanmu kang bisa nyambungi umure saasta bae marga saka sumelang?[28] Mangkono maneh yagene kowe padha sumelang bab sandhang-panganggo? Padha nyawanga kembang bakung ing ara-ara anggone tumuwuh, ora nganggo nyambut-gawe lan ngantih.[29] Ewadene Aku pitutur marang kowe: Sanadyan Raja Suleman sajrone sagunging kaluhurane, pangagemane ora madhani salah sawijining kembang iku.[30] Mulane yen suket ing ara-ara kang dina iki isih ana, sesuk diobong, iku dipanganggoni nganti kaya mangkono dening Allah, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel![31] Awit saka iku aja padha sumelang lan calathu: Kang padha dakpangan apa? Utawa: Kang padha dakombe apa? Lan maneh: Kang padha daksandhang apa?[32] Awit iku kabeh diupaya dening para wong kapir; kowe aja mangkono, awit Ramamu ing swarga wus mirsa, yen iku mau kabeh dadi kabutuhanmu.[33] Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.

2 KORINTA 11:23-25
[23] Apa wong-wong iku abdine Sang Kristus? -- calathuku iki kaya wong gemblung -- aku luwih maneh![24] Aku digebugi dening wong Yahudi kaping patang puluh kurang siji nganti ambal kaping lima,[25] aku disapu ambal kaping telu, aku dibenturi watu apisan, kaping telu aku nunggang prau kerem, sadina sawengi aku kompal-kampul ana ing tengah sagara.

FILIPI 4:12-13
[12] Aku ngreti kacingkrangan iku apa lan iya ngreti kaluberan iku apa. Ing sadhengah bab lan ing sadhengah prakara ora ana kang winadi tumrap aku; ing bab kawaregan, ing bab kaluwen, ing bab kaluberan apa ing bab kekurangan.[13] Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku.

IBRANI 13:5
Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”

1 TIMOTEUS 6:6-7
[6] Pancen pangibadah iku manawa dikantheni pamarem, aweh kauntungan gedhe.[7] Sabab kita ora nggawa apa-apa menyang ing donya lan uga ora bisa nggawa apa-apa lunga.

LUKAS 12:15
Banjur ngandika marang wong akeh: “Sing padha awas, wekanana sakabehing budi kethaha, sabab sanadyan wong duwe bandha nganti akeh banget, uripe wong iku ora gumantung marang kasugihane iku.”

2 KORINTA 12:10
Mulane aku seneng lan rila ana ing kaapesanku, ing sajroning kasiksa, ing karibedan, ing panguya-uya lan karupekan marga saka Sang Kristus. Awit yen aku apes, iku aku kuwat.

JABUR 37:3-4
[3] Kumandela marang Pangeran Yehuwah lan nindakna kabecikan, tetepa pamanggonmu ana ing nagara sarta tumindaka kang setya,[4] lan bungaha marga saka Sang Yehuwah, dadi kowe mesthi diparingi pepenginaning atimu.

1 TIMOTEUS 6:10-11
[10] Amarga kang dadi witing sakehing piala iku ambek karem bandha. Sabab marga saka anggone mburu dhuwit sawenehing wong padha nyimpang saka ing pracaya sarta nyiksa awake dhewe kalawan kasusahan warna-warna.[11] Nanging kowe, heh, manungsaning Allah, ngedohana iku kabeh, ngaraha marang kaadilan, kamursidan, kasetyan, katresnan, kasabaran lan budi sareh.

WULANG BEBASAN 16:8
Luwih becik pametu sathithik klawan kabeneran, tinimbang pametu akeh tanpa kaadilan.

WULANG BEBASAN 28:6
Becik wong miskin kang watake resik, tinimbang wong culika, sanadyana sugih.

KOHELET 3:13
Dene saben wong bisa mangan, ngombe lan ngrasakake kasenengan ing sajroning kangelane kabeh, iku uga peparinge Gusti Allah.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981