A A A A A

Good Character: [Cleanliness]


YESAYA 1:16
Padha wisuha, resikana awakira, edohna panggawenira kang ala saka ing ngarsane paningalingSun. Marenana anggonira gawe piala,

JABUR 51:7
Pancen saestu, anggen kawula kalairaken punika nandhang duraka, sarta biyung kawula ngandhut kawula ing salebeting dosa.

1 YOKANAN 1:7-9
[7] Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang, dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa.[8] Saupama kita padha ngaku ora duwe dosa, dadi padha ngapusi awak kita dhewe lan ora kadunungan kayekten.[9] Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita.

YEHESKIEL 36:25
Sira bakal padha Sunesoki banyu bening, kang bakal ngresikake sira; Ingsun bakal ngresiki sakabehing kanajisanira lan sakehing brahalanira.

JABUR 51:10
Kawula pinarengana mireng kabingahan lan sukarena, saha balung ingkang sampun Paduka remuk, sageda surak-surak malih!

LELAKONE PARA RASUL 9:1-31
[1] Anadene Saulus atine isih kebak pangancam-ancam sarta pangigit-igit arep mateni para siswane Gusti, banjur seba marang ngarsane Imam Agung,[2] lan nyuwun layang kuwasa kang arep digawa menyang ing papan-papan pangibadah ing Damsyik, supaya samangsa mrangguli wong lanang utawa wong wadon kang padha nganut Margining Gusti, banjur bisa dicekel lan digawa menyang Yerusalem.[3] Sajrone lumaku iku, bareng wis cedhak karo kutha Damsyik, dumadakan nuli ana cahya cumlorot saka ing langit kang nglimputi dheweke.[4] Tumuli niba ing lemah sarta krungu swara kang mangandikani mangkene: “Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?”[5] Atur wangsulane Saulus: “Paduka punika sinten, Gusti?” Pangandikane Gusti: “Ingsun iki Yesus, kang sira kaniaya iku.[6] Nanging ngadega, lumebua ing kutha, ana ing kono sira bakal didhawuhi apa kang kudu sira lakoni.”[7] Anadene wong-wong kang dadi kanthining lakune, padha njenger, marga pancen padha krungu swara mau, nanging ora ndeleng wong siji-sijia.[8] Saulus banjur ngadeg lan ngelekake mripate, nanging ora bisa ndeleng apa-apa. Tumuli dituntun lumebu menyang ing kutha Damsyik.[9] Nganti telung dina lawase anggone ora bisa ndeleng sarta ora mangan lan ngombe.[10] Ing Damsyik ana sawijining siswane Gusti jenenge Ananias, iku didhawuhi dening Gusti ing sajroning wahyu: “Ananias!”[11] Unjuke: “Kawula, Gusti.” Dhawuhe Gusti: “Ngadega, menyanga ing lurung kang aran Lurung Kenceng, menyanga ing omahe Yudas, golekana wong kang saka ing kutha Tarsus kang jenenge Saulus, saiki lagi ndedonga,[12] lan sajroning wahyu weruh wong aran Ananias kang lumebu sarta numpangi tangan, supaya bisa ndeleng maneh.”[13] Ananias mangsuli, unjuke: “Gusti, kawula sampun mireng saking tiyang kathah bab tiyang punika, bilih kathah sanget piawon ingkang dipun tindakaken tumrap para suci kagungan Paduka ingkang wonten ing Yerusalem,[14] saha anggenipun mriki punika kalayan mundhi panguwaos saking para pangajenging imam kangge nyepengi sadaya tiyang ingkang nyebut asma Paduka.”[15] Ewadene Gusti ngandika: “Wis, sira mangkata, jalaran wong iki piranti pilihaningSun kanggo martakake asmaningSun marang bangsa-bangsa liya sarta para raja lan wong-wong Israel.[16] Ingsun Piyambak bakal nuduhake marang dheweke, sapira kehing kasangsaran, kang bakal kasandhang awit saka asmaningSun.”[17] Ananias tumuli mangkat mrono lan lumebu ing omah kono. Saulus banjur ditumpangi tangan sarta tembunge: “Saulus, sadulurku, Gusti Yesus, kang wus ngatingal marang kowe ana ing dalan kang kokliwati, iku ngutus aku marani kowe, supaya kowe bisa ndeleng maneh lan kapenuhan ing Roh Suci.”[18] Padha sanalika kaya-kaya banjur ana kang rupane memper sisik padha runtuh saka ing mripate, satemah bisa ndeleng maneh, banjur ngadeg sarta kabaptis.[19] [19a] Dene sawise mangan, kakuwatane nuli pulih. [19b] Saulus ana ing satengahing para siswa ing Damsyik sawatara dina.[20] Nalika iku dheweke iya martakake bab Gusti Yesus ana ing papan-papan pangibadah sarta pratela yen Gusti Yesus iku Putraning Allah.[21] Kabeh wong kang ngrungokake padha eram lan ngucap: “Apa iku dudu sing ana ing Yerusalem arep numpes wong kang nyebut jenenge Yesus iku, sarta tekane ing kene iku apa ora sumedya nyekeli wong-wong mau banjur diladekake marang ing ngarsane para pangareping imam?”[22] Nanging Saulus saya mundhak gedhe daya-prabawane lan gawe judheging wong-wong Yahudi kang manggon ing Damsyik, jalaran anggone aweh tandha-yekti, yen Gusti Yesus iku Sang Mesih.[23] Bareng wis sawatara dina wong Yahudi padha ngrantam arep mateni Saulus.[24] Nanging sedya kang ala iku kaweruhan dening Saulus. Rina wengi wong Yahudi padha jaga ing saketheng-sakethenging kutha, supaya bisa mateni Saulus.[25] Nanging ing wayah bengi banjur disambut dening para siswane kaudhunake saka ing baluwartining kutha kawadhahan ing kranjang.[26] Satekane ing Yerusalem Saulus banjur ngudi bisane nunggal karo para siswa, nanging kabeh padha wedi, awit padha ora ngandel, yen dheweke iku uga sawijining siswa.[27] Mung bae banjur ditampani dening Barnabas lan dilantarake marang ing ngarsane para rasul sarta padha dicaritani, bab anggone Saulus ana ing dalan dikatingali dening Gusti tuwin anggone diparingi pangandika apadene anggone memulang kalawan asmane Gusti kanthi kendel ana ing Damsyik.[28] Saulus lestari tetunggalan karo para rasul ana ing Yerusalem lan kanthi kendel memulang ing asmane Gusti,[29] apadene uga wawan gunem lan bebantahan karo para wong Yahudi kang basane Yunani, nanging iku padha ngarah mateni.[30] Mung bae, bareng bab iku kasumurupan dening para sadulur warganing pasamuwan, banjur padha ngaterake Saulus menyang Kaisarea lan saka ing kono mbiyantu anggone menyang ing Tarsus.[31] Anadene ing sawatara wektu pasamuwan ing satanah Yudea, Galilea lan Samaria kabeh kaanane tentrem, padha kabangun sarta padha wedi-asih marang ing Pangeran. Cacahe saya wuwuh akeh marga saka anggone kapitulungan sarta kalipur dening Sang Roh Suci.

PANGANDHARING TORET 23:12-14
[12] Ing sajabane pakemahan anaa panggonan, perlu kanggo bebuwang.[13] Ing antarane pirantimu anaa cethoke kanggo gawe cluwekan samangsa kowe arep bebuwang, lan kanggo ngurugi sesukermu iku.[14] Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, tansah tindak ana ing satengahing pakemahanmu prelu ngluwari kowe lan ngulungake mungsuhmu marang kowe; mulane pakemahanmu iku kudu suci, aja nganti Sang Yehuwah mirsa apa bae kang ora pantes ana ing antaramu, temah banjur mengker nilar kowe.”

WULANG BEBASAN 20:9
Sapa kang bisa ngucap: “Aku wus ngresiki atiku, wus lebur sakehing dosaku?”

FILIPI 4:8
Wasana, sadulur-sadulur, sabarang kang nyata, sabarang kang luhur, sabarang kang adil, sabarang kang suci, sabarang kang sinebut kautaman lan pantes dialem, iku kabeh padha pikiren.

JABUR 73:1
Masmur anggitane Asaf. Satemene Gusti Allah iku becik tumrap para wong kang mulus atine, lan kang resik atine.

WAHYU 1:5
sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhewe wungu saka ing antarane wong mati lan kang nguwaosi sakehing ratu ing bumi iki. Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang wus mbirat dosa kita kalawan rahe, --

2 KORINTA 7:1
Kang iku sarehne kiat kaparingan prasetya-prasetya mau, para kekasih, mulane payo kita padha nucekake badan kita saka sarupaning jejembering daging lan ing roh, lan kalawan mangkono kita nyampurnakake kasucen kita ing sajrone wedi-asih marang Gusti Allah.

KAIMAMAN 19:28
Sira aja nggaret-nggareti awakira marga kepaten lan sira aja gawe ciri-ciri ana ing badanira; Ingsun iki Yehuwah.

KAIMAMAN 20:13
Mangkono uga manawa wong lanang nunggal turu karo padha wong lanang patrape kaya karo wong wadon, dadi padha nglakoni pratingkah kang rusuh, iku sakaro-karone padha kaukuma pati; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.

2 PETRUS 3:8
Mung bae para kekasih, kowe aja padha kelalen prakara siji iki, yaiku yen ing ngatase Pangeran sadina iku prasasat sewu taun sarta sewu taun prasasat sadina.

2 KORINTA 5:17
Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar: kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka.

MATEUS 23:25-28
[25] Bilai kowe, heh para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh kowe wong-wong lamis, sabab tuwung lan pinggan padha kokresiki jabane, mangka ing jerone kebak isi rampasan lan kamurkan.[26] Heh, wong Farisi kang picak, resikana dhisik jerone tuwung iku, jabane iya bakal dadi resik.[27] Bilai kowe, heh para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh, wong-wong lamis, sabab kowe iku padha kaya kuburan, sing dilabur putih; jabane pancen katon resik, nanging ing jerone kebak isi balung jrangkong lan rereged warna-warna.[28] Samono uga kowe, lairmu katon mursid ana ngareping wong, nanging ing batinmu kebak isi lelamis lan duraka.

LUKAS 6:31
Apa kang kokkarepake tumrap kang tumanduk marang kowe, iku iya tandukna marang wong.

1 KORINTA 10:13
Mulane para kekasihku, padha nyingkirana panyembahing brahala.

MATEUS 23:26
Heh, wong Farisi kang picak, resikana dhisik jerone tuwung iku, jabane iya bakal dadi resik.

MATEUS 5:8
Rahayu wong kang resik atine, awit iku bakal padha sumurup marang Allah.

PURWANING DUMADI 18:4
manawi kepareng wontena ingkang mendhetaken toya sakedhik, kagem wijik sampeyan, lajeng sami karsaa lenggah wonten ing sangandhaping wit-witan punika;

PANGENTASAN 19:14
Nabi Musa banjur tumedhak saka ing gunung murugi bangsa iku, padha didhawuhi supaya sesuci lan ngumbahi sandhangane.

PANGANDHARING TORET 23:12
Ing sajabane pakemahan anaa panggonan, perlu kanggo bebuwang.

RUM 5:8
Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.

1 TIMOTEUS 4:12
Aja nganti ana wong kang nyepelekake kowe, marga kowe isih enom. Kowe dadia tuladha tumrap para wong kang pracaya ing bab tembung-tembungmu, tindak-tandukmu, katresnanmu, kasetyanmu tuwin ing bab kasucenmu.

2 KORINTA 6:14-18
[14] Aja nganti kowe padha dadi rakitan kang ora timbang karo wong kang ora pracaya. Sabab kabeneran iku ana gegayutane apa karo duraka? Utawa kapriye bisane pepadhang tetunggalan karo pepeteng?[15] Apa ana jumbuhe Sang Kristus karo Belial iku? Panduman apa kang diduweni bebarengan dening wong kang pracaya lan ing wong kang ora pracaya?[16] Apa gegayutane padalemane Gusti Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemane Gusti Allah kang gesang kayadene kang dipangandikake dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau, lan gesang ana ing tengah-tengahe, lan Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal padha dadi umat ingSun.[17] Mulane: Sira padha metua saka ing wong iku, lan sira misaha, mangkono pangandikane Pangeran, lan aja padha nggepok senggol samubarang kang najis, tumuli sira bakal padha Suntarimah.[18] Lan Ingsun bakal dadi Ramanira, sarta sira bakal padha dadi putraningSun lanang lan wadon. Mangkono pangandikane Pangeran, Kang Mahakuwasa.”

LELAKONE PARA RASUL 9:1-20
[1] Anadene Saulus atine isih kebak pangancam-ancam sarta pangigit-igit arep mateni para siswane Gusti, banjur seba marang ngarsane Imam Agung,[2] lan nyuwun layang kuwasa kang arep digawa menyang ing papan-papan pangibadah ing Damsyik, supaya samangsa mrangguli wong lanang utawa wong wadon kang padha nganut Margining Gusti, banjur bisa dicekel lan digawa menyang Yerusalem.[3] Sajrone lumaku iku, bareng wis cedhak karo kutha Damsyik, dumadakan nuli ana cahya cumlorot saka ing langit kang nglimputi dheweke.[4] Tumuli niba ing lemah sarta krungu swara kang mangandikani mangkene: “Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?”[5] Atur wangsulane Saulus: “Paduka punika sinten, Gusti?” Pangandikane Gusti: “Ingsun iki Yesus, kang sira kaniaya iku.[6] Nanging ngadega, lumebua ing kutha, ana ing kono sira bakal didhawuhi apa kang kudu sira lakoni.”[7] Anadene wong-wong kang dadi kanthining lakune, padha njenger, marga pancen padha krungu swara mau, nanging ora ndeleng wong siji-sijia.[8] Saulus banjur ngadeg lan ngelekake mripate, nanging ora bisa ndeleng apa-apa. Tumuli dituntun lumebu menyang ing kutha Damsyik.[9] Nganti telung dina lawase anggone ora bisa ndeleng sarta ora mangan lan ngombe.[10] Ing Damsyik ana sawijining siswane Gusti jenenge Ananias, iku didhawuhi dening Gusti ing sajroning wahyu: “Ananias!”[11] Unjuke: “Kawula, Gusti.” Dhawuhe Gusti: “Ngadega, menyanga ing lurung kang aran Lurung Kenceng, menyanga ing omahe Yudas, golekana wong kang saka ing kutha Tarsus kang jenenge Saulus, saiki lagi ndedonga,[12] lan sajroning wahyu weruh wong aran Ananias kang lumebu sarta numpangi tangan, supaya bisa ndeleng maneh.”[13] Ananias mangsuli, unjuke: “Gusti, kawula sampun mireng saking tiyang kathah bab tiyang punika, bilih kathah sanget piawon ingkang dipun tindakaken tumrap para suci kagungan Paduka ingkang wonten ing Yerusalem,[14] saha anggenipun mriki punika kalayan mundhi panguwaos saking para pangajenging imam kangge nyepengi sadaya tiyang ingkang nyebut asma Paduka.”[15] Ewadene Gusti ngandika: “Wis, sira mangkata, jalaran wong iki piranti pilihaningSun kanggo martakake asmaningSun marang bangsa-bangsa liya sarta para raja lan wong-wong Israel.[16] Ingsun Piyambak bakal nuduhake marang dheweke, sapira kehing kasangsaran, kang bakal kasandhang awit saka asmaningSun.”[17] Ananias tumuli mangkat mrono lan lumebu ing omah kono. Saulus banjur ditumpangi tangan sarta tembunge: “Saulus, sadulurku, Gusti Yesus, kang wus ngatingal marang kowe ana ing dalan kang kokliwati, iku ngutus aku marani kowe, supaya kowe bisa ndeleng maneh lan kapenuhan ing Roh Suci.”[18] Padha sanalika kaya-kaya banjur ana kang rupane memper sisik padha runtuh saka ing mripate, satemah bisa ndeleng maneh, banjur ngadeg sarta kabaptis.[19] [19a] Dene sawise mangan, kakuwatane nuli pulih. [19b] Saulus ana ing satengahing para siswa ing Damsyik sawatara dina.[20] Nalika iku dheweke iya martakake bab Gusti Yesus ana ing papan-papan pangibadah sarta pratela yen Gusti Yesus iku Putraning Allah.

1 KORINTA 15:29
Yen ora mangkono, apa paedahe nglakoni kabaptis marga saka wong mati? Manawa babar pisan ora ana wong mati katangekake, sabab apa dene padha gelem kabaptis marga saka wong mati iku?

KAIMAMAN 18:22
Sira aja padha awor turu karo padha wong lanang apatrap kaya karo wong wadon, iku pratingkah rusuh.

RUM 1:26-27
[26] Mulane Gusti Allah ngulungake wong-wong mau marang hawa-nepsu kang gawe wirang, sabab sing wadon padha nglironi cara awor turu nganggo patrap nyulayani kodrat.[27] Mangkono uga kang lanang padha ninggal patrap sapaturon kang lumrah karo kang wadon, nanging kalawan ati kang ngangsa-angsa duwe kekarepan marang pepadhane, satemah nindakake kanisthan karo padha lanang, mulane padha nampani piwales kang murwat tumrap pamblasare iku ana ing awake dhewe.

1 KORINTA 14:40
Nanging samubarang kabeh iku tumindaka kalawan patut lan tumata.

MATEUS 7:18-23
[18] Wit kang becik ora bisa metokake woh kang ala, lan wit kang geringen ora bisa metokake woh kang becik.[19] Sarupane wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungake ing geni.[20] Dadine wong-wong mau bakal katitik saka wohe.[21] Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni sakarsane RamaKu kang ana ing swarga.[22] Ing dina wekasan bakal akeh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula boten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka?[23] Ing wektu iku bakal padha dakblakani mangkene: Aku durung tau wanuh karo kowe. Padha sumingkira saka ing ngarepKu, heh, wong kang padha gawe duraka.”

YOKANAN 5:39-40
[39] Kowe padha niti priksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka Panjenengane kowe nduweni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku nekseni ing bab Aku,[40] suprandene kowe padha lumuh marani Aku supaya nduwenana urip iku.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981