A A A A A

Watake Apik: [Kandel]


LELAKONE PARA RASUL 4:29-31
[29] Dene sapunika, dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa nguningani ing pangancamipun dhateng kawula sadaya, saha para abdi Paduka mugi sami kaparingana kekendelan ing bab martosaken pangandika Paduka.[30] Mugi Paduka karsaa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa dene ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci.”[31] Nalika padha ndedonga iku, panggonane kumpulan banjur gonjing, sarta kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci, tuwin tumuli padha martakake pangandikaning Allah kalawan kendel.

2 KORINTA 3:12
Sarehne aku padha duwe pangarep-arep kang kaya mangkono, mulane aku padha tumindak kanthi kebak ing kakendelan,

LELAKONE PARA RASUL 14:3
Rasul Paulus lan Barnabas lereb ana ing kono nganti sawatara mangsa, padha memulang kanthi kendel, amarga padha kumandel marang Gusti. Dene Gusti nyantosakake pawarta bab sih-rahmate iku kalawan paring panguwasa marang karone, kanggo nganakake pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat.

LELAKONE PARA RASUL 13:46
Nanging Rasul Paulus lan Barnabas kanthi kendel mangandikani: “Pancen pangandikaning Allah iku kudu diwartakake marang kowe kabeh dhisik, nanging kowe padha nampik lan nganggep ora pantes tampa urip langgeng. Mulane aku banjur padha marani bangsa-bangsa liya.

LELAKONE PARA RASUL 19:8
Sajroning telung sasi Rasul Paulus rawuh ing papan pangibadah lan memulang kanthi tatag; sarana pirembagan-pirembagan mbudi-daya supaya padha kadunungan kayakinan bab Kratoning Allah.

FILEMON 1:8
Marga saka iku, sanadyan ana sajroning patunggilane Gusti Kristus, aku duwe wewenang mrentahi kowe, bab apa kang wajib koklakoni,

LELAKONE PARA RASUL 18:26
Anggone wiwit memulang kalawan kendel ana ing papan pangibadah. Nanging bareng Priskila lan Akwila krungu, Apolos banjur diajak menyang ing omahe sarta diwenehi katrangan kanthi cetha lan tliti bab Margining Allah.

MARKUS 15:43
Mulane Yusuf, wong Arimatea, warganing Pradata Agung kang kajen keringan, kang uga nganti-anti marang Kratoning Allah, banjur nekad sowan ngadhep marang ing ngarsane Sang Pilatus nyuwun layone Gusti Yesus.

LELAKONE PARA RASUL 28:31
Panjenengane martakake Kratoning Allah lan mulang bab Gusti Yesus Kristus kalawan tatag sarta ora ana kang mambengi.

LELAKONE PARA RASUL 4:29-30
[29] Dene sapunika, dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa nguningani ing pangancamipun dhateng kawula sadaya, saha para abdi Paduka mugi sami kaparingana kekendelan ing bab martosaken pangandika Paduka.[30] Mugi Paduka karsaa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa dene ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci.”

WULANG BEBASAN 28:1
Wong duraka mlayu sanadyan ora ana kang ngoyak-oyak, nanging wong bener rumangsa tentrem kaya singa nom.

PURWANING DUMADI 18:23-32
[23] Rama Abraham banjur nyelak sarta matur: “Punapa Paduka badhe numpes tiyang mursid sesarengan kaliyan tiyang duraka?[24] Bokmanawi ing salebeting nagari ngriku wonten tiyangipun seket ingkang mursid; punapa inggih badhe Paduka tumpes?” Punapa Paduka boten ngeman dhateng panggenan punika, sabab ing ngriku wonten tiyangipun seket ingkang mursid?[25] Mugi tebiha saking Paduka tindak ingkang kados makaten punika; mejahi tiyang mursid tunggil kaliyan tiyang duraka, temah tiyang mursid kados-kados sami kaliyan tiyang duraka! Ingkang makaten wau mugi tebiha saking Paduka! Punapa Hakiming jagad boten nindakaken kaadilan?”[26] Pangandikane Sang Yehuwah: “Manawa ing sajroning nagara Sodom Ingsun manggih wong seket kang mursid, mesthi sapanggonan kono kabeh Sunparingi pangapura marga saka wong seket mau.”[27] Rama Abraham mungsuli, unjuke: “Kawula kamipurun munjuk wonten ing ngarsa Paduka, sanadyan kawula punika namung lebu tuwin awu.[28] Bokmanawi tiyangipun seket ingkang mursid wau wonten kirangipun gangsal, punapa margi saking tiyang gangsal punika Paduka badhe numpes sanagari sadaya?” Pangandikane sang Yehuwah: “Mesthi ora Suntumpes, yen Ingsun manggih wong patang puluh lima kang mursid.”[29] Rama Abraham nyambeti atur maneh, unjuke: “Bokmanawi ing ngriku namung kapanggih kawandasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi bakal Sunwurungake marga saka wong patang puluh iku.”[30] Rama Abraham munjuk maneh: “Paduka mugi sampun ngantos duka, manawi kawula munjuk sapisan malih: Bokmanawi ing ngriku namung pinanggih tiyang tigang dasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi bakal Sunwurungake, manawa ing kono Ingsun manggih wong telung puluh.”[31] Rama Abraham isih meksa munjuk maneh: “Kawula kamipurun munjuk wonten ngarsa Paduka, bokmanawi ing ngriku namung wonten tiyang kalih dasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi ora Suntumpes marga saka wong rong puluh iku.”[32] Rama Abraham munjuk maneh: “Paduka mugi sampun ngantos duka, kawula badhe munjuk sapisan malih: Bokmanawi ing ngriku namung pinanggih sadasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi bakal ora Suntumpes marga saka wong sepuluh iku.”

JABUR 138:3
Sareng kawula sesambat, Paduka lajeng nyembadani kawula, Paduka mewahi kasantosan wonten ing manah kawula.

EFESUS 3:12
Ana ing Panjenengane kita oleh kakendelan lan dalan sowan menyang ing ngarsane Gusti Allah kalawan sumendhe babar pisan marga saka pracaya kita marang Panjenengane.

YOKANAN 4:17
Unjuke wong wadon: “Kula boten gadhah semah.” Pangandikane Gusti Yesus: “Bener kandhamu, yen kowe ora duwe bojo iku.

IBRANI 10:19
Kang iku para sadulur, srana rahe Gusti Yesus ing samengko kita bisa lumebu ing papan pasucen kanthi kebak ing kakendelan,

IBRANI 4:16
Kang iku payo padha sowan kalawan kendel marang dhamparing sih-rahmat, supaya kita oleh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing mangsa kang becik.

IBRANI 13:6
Marga saka iku kanthi yakin kita bisa ngucap: “Gusti Allah kang mitulungi aku. Aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku?”

EFESUS 6:19-20
[19] uga kanggo aku, supaya manawa aku ngucap, diparingana tetembungan kang bener, lan supaya kanthi kendel anggonku nggiyarake kekeraning Injil,[20] kang dakladeni minangka utusan kang dirante. Padha ndedongaa, supaya aku bisa nglairake bab iku kalawan kendel, awit pancen kudu mangkono.

LELAKONE PARA RASUL 4:13
Bareng parepatan nguningani kakendelane Rasul Petrus lan Rasul Yokanan mangka mirsa, yen karone iku wong lumrah lan dudu wong pasinaon, banjur padha kaeraman, sarta padha ora pangling, yen loro-lorone iku padha dadi pandhereke Gusti Yesus.

1 TIMOTEUS 3:13
Amarga wong-wong kang becik anggone leladi iku oleh kalungguhan kang becik satemah marga saka anggone pracaya marang Gusti Kristus Yesus bisa aweh paseksen kalawan kendel.

1 TESALONIKA 2:2
Ananging sanadyan ing maune, kaya kang wus padha koksumurupi, aku padha dikaniaya lan disiya-siya ana ing kutha Filipi, ewadene marga saka pitulunganing Allah kita, aku kabeh padha oleh kakendelan anggonku padha ngabarake Injiling Allah marang kowe kabeh ana ing sajroning pakewuh kang abot.

FILIPI 1:20
Amarga kang banget dakpengini lan dakarep-arep, yaiku yen tumraping samubarang kabeh aku ora bakal kawirangan, nanging kayaa sing uwis-uwis, mangkono uga saiki, Sang Kristus kanthi cetha kaluhurake ana ing badanku, dadia srana uripku, utawa srana patiku.

2 TIMOTEUS 1:7
Awit kang diparingake dening Gusti Allah marang kita iku dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulake kakuwatan, katresnan lan katertiban.

1 KORINTA 16:13
Padha meleka! Dibakuh ing pangandel! Dipadha lanang, disantosa!

WULANG BEBASAN 14:26
Ing sajroning wedi-asih marang Sang Yehuwah iku tinemu katentreman kang gedhe, malah Pangeran Yehuwah iya dadi pangayoman tumrap para putrane.

JABUR 27:14
Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah! Padha dipanggah lan ditatag atimu! Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah!

RUM 1:16
Ujer aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatane Gusti Allah kang ndadekake rahayu angger wong kang pracaya, luwih-luwih wong Yahudi, nanging uga wong Yunani.

1 BABAD 28:20
Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Pangeran Suleman, kang putra: “Disantosa lan ditatag atinira, lan nindakna iku; sira aja sumelang lan aja nglokro, sabab Pangeran Yehuwah Allah, Gusti Allahingsun, nunggil kalawan sira. Panjenengane ora bakal negakake lan nilar sira nganti sarampunging sakehe pagawean kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah.

1 KORINTA 15:58
Mulane para sadulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah di sregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi ora muspra.

EFESUS 6:10
Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane.

YESAYA 54:4
Sira aja wedi, awit ora bakal kawirangan, lan aja rumangsa isin, sabab sira ora bakal nandhang wirang. Amarga sira bakal lali marang kawiranganing nom-nomanira, tuwin ora bakal eling maneh marang nisthane anggonira dadi randha.

YOKANAN 14:27
Kowe padha Daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem-rahayuKu Dakwenehake marang kowe, lan apa kang Dakwenehake iku ora kaya pawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang lan aja giris.

MARKUS 5:36
Nanging Gusti Yesus ora karsa maelu marang pawarta mau, lan banjur ngandika marang lurah papan pangibadah: “Aja wedi, kumandela bae!”

FILIPI 1:28
kalawan ora wedi babar pisan marang mungsuhmu. Iku mau kabeh tumraping mungsuh-mungsuhmu dadi ngalamating karusakan, nanging tumrap kowe kabeh dadi ngalamating karahayon, lan iku tekane saka Gusti Allah.

YOKANAN 7:26
Lah kok kanthi saenake bae pangucape, sarta wong-wong ora padha madoni apa-apa. Apa kirane para panggedhe kita iya wus ngreti manawa Dheweke iku Sang Kristus temenan?

LELAKONE PARA RASUL 5:29
Rasul Petrus lan para rasul banjur padha mangsuli, ature: “Kita kedah langkung mbangun turut dhumateng Gusti Allah katimbang dhateng manungsa.

YUSAK 1:7
Mung bae sira disantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nyleweng ngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendi bae paranira.

YEHESKIEL 3:9
Atinira Sunteguhake kayadene inten, kang atose ngungkuli watu; sira aja wedi marang wong-wong iku lan aja gumeter ndeleng raine, awit iku jinis kang awatek mbalela.”

LELAKONE PARA RASUL 9:29
apadene uga wawan gunem lan bebantahan karo para wong Yahudi kang basane Yunani, nanging iku padha ngarah mateni.

FILIPI 1:1
Saka Paulus lan Timoteus abdi-abdine Sang Kristus Yesus marang sakehing para suci ana ing sajroning Sang Kristus Yesus kang ana ing kutha Filipi lan para juru pamomong sarta para juru pamulasara.

1 TIMOTEUS 3:1
Iki tembung kang satuhu, “Manawa wong kapengin nggayuh marang kalungguhan pamomong, iku kapengin nindakake pagawean kang adi.”

1 KORINTA 3:12
Embuh anggone mbangun ing sadhuwure iku mau migunakake emas, salaka, watu adi, kayu, suket garing utawa damen,

IBRANI 10:1
Ing sajroning angger-anggering Toret iku mung kamot wewayangan bae bab karahayon kang bakal ana, sarta dudu wujuding karahayon iku dhewe. Marga saka iku kalawan kurban kang padha, kang saben taun lumintu dikurbanake, angger-anggering Toret ora bakal gawe sampurnane wong kang padha nindakake.

1 PETRUS 5:10
Dene Gusti Allah sumbering sakehe sih-rahmat, kang wis nimbali kowe kabeh ana in Sang Kristus marang kamulyane kang langgeng, bakal nyampurnakake, neguhake, nyantosakake sarta ngukuhake kowe, sawise kowe padha nandhang sangsara sawatara mangsa.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981