A A A A A

Good Character: [Trust]


YESAYA 12:2
Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.”

YESAYA 26:3-4
[3] Ingkang manahipun santosa Paduka paringi tentrem rahayu, amargi pitados dhumateng Paduka.[4] Padha kumandela marang Sang Yehuwah ing salawase, awit Sang Yehuwah Allah iku gunung parang kang langgeng.

YESAYA 41:10
sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.

YEREMIA 29:11
Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing besuke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

YOKANAN 10:10
Maling iku tekane mung arep nyolong lan nyembeleh sarta nyirnakake; Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwea urip, kanthi kaluberan.

YOKANAN 14:1
“Atimu aja melang-melang; padha kumandela ing Allah; iya kumandela ing Aku uga.

YUSAK 1:9
Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.”

FILIPI 4:19
Gusti Allahku bakal nyekapi kabeh kabutuhanmu laras karo kasugihaning kamulyane ana ing Sang Kristus Yesus.

WULANG BEBASAN 29:25
Wedi marang wong, iku nggawa kala jiret, nanging sing sapa kumandel marang Pangeran Yehuwah iku kaayoman.

JABUR 9:10
Iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah dadi pangauban tumrap wong kang katindhes, dadi pangauban ing wektu karubedan.

JABUR 20:7
Saiki aku sumurup yen Sang Yehuwah paring kaunggulan marang kang dijebadi, lan paring wangsulan saka ing swargane kang suci kalawan kamenangan kang gumilang dening astane tengen.

JABUR 28:7
Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan tetamengku, atiku kumandel marang Panjenengane. Aku wus kapitulungan, mulane atiku bungah-bungah, sarta aku ngunjukake panuwun marang Panjenengane kalawan kekidungan.

JABUR 32:10
Wong duraka nandhang perih akeh, nanging kang kumandel marang Sang Yehuwah iku mesthi kinubengan ing sih-rahmat.

JABUR 37:5
Uripmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah sarta kumandela marang Panjenengane, Panjenengane kang bakal tumindak.

JABUR 46:10
kang ngendhakake peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi, kang mutung gandhewa sarta mapakake tumbak, kang ngobongi kareta perang kalawan geni.

JABUR 118:8
Becik ngungsi marang Pangeran Yehuwah katimbang karo ngandelake manungsa;

JABUR 143:8
Kawula ing wanci enjing mugi kawedharana sih-kadarman Paduka, awit kawula kumandel dhumateng Paduka! Kawula mugi Paduka tedahaken margi ingkang kedah kawula ambah, awit nyawa kawula tumenga dhumateng Paduka.

RUM 8:28
Saiki kita padha sumurup, yen Gusti Allah uga makarya ana ing samubarang kabeh, njalari becike wong kang padha tresna marang Panjenengane, yaiku para kang tinimbalan miturut ing pepesthening Allah.

RUM 15:13
Muga-muga Gusti Allah, etuking pangarep-arep, maringana ganjaran marang kowe kabeh sagunging kabungahan sarta tentrem-rahayu ing sajroning pracayamu, supaya kowe padha sugiha pangarep-arep marga saka sawabe Sang Roh Suci.

JABUR 56:3-4
[3] Mengsah-mengsah kawula sami ngidak-idak kawula sadinten muput, malah kathah tiyang ingkang nglawan kawula kalayan gumunggung.[4] Manawi kawula ajrih, kawula punika kumandel dhumateng Paduka;

JABUR 62:7-8
[7] Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku, kutha betengku, aku ora bakal gloyoran.[8] Ana ing Gusti Allah dununging kaslametan lan kamulyanku; peparangku lan kasantosanku, sarta pangayomanku iku Gusti Allah.

JABUR 91:1-2
[1] Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa,[2] iku bakal nyebut marang Yehuwah mangkene: “Pangungsen saha beteng kawula, Gusti Allah kawula ingkang kawula andelaken.”

JABUR 112:6-7
[6] sabab ora bakal gonjing ing salawase, wong kang mursid iku bakal pinengetan ing salawase,[7] ora wedi marang kabar kang ala, atine teteg, kumandel banget marang Pangeran Yehuwah,

1 YOKANAN 5:14-15
[14] Anadene anggon kita tatag ing pracaya marang Gusti Allah iku jalaran manawa kita padha nyuwun apa-apa marang Panjenengane, kang nyondhongi ing karsane, mesthi disembadani.[15] Mangka manawa kita padha sumurup yen Gusti Allah nyembadani marang panyuwun kita tumrap apa bae, dadine kita padha sumurup uga, yen kita wus tampa apa kang kita suwun marang Panjenengane.

JABUR 46:1-2
[1] Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Lagune: Alamot. Kidungan.[2] Gusti Allah iku dadi papan pangayoman lan karosan kita, nyata banget kang mitulungi sajroning karubedan.

WULANG BEBASAN 3:5-6
[5] Kumandela marang Pangeran Yehuwah klawan gumolonging atimu, lan aja sumendhe marang pangretenmu dhewe.[6] Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengane, temah Panjenengane bakal nglencengake dalanmu.

MATEUS 6:25-26
[25] Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kokpangan utawa kokombe, lan bab badanmu, apa kang bakal kokanggo. Ajine urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajine badan ngungkuli sandhangan?[26] Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?

YEREMIA 17:7-8
[7] Binerkahan wong kang kumandel marang Sang Yehuwah, lan pangarep-arepe marang Sang Yehuwah![8] Dheweke bakal kaya wit kang tinandur ana ing pinggiring banyu, kang oyod-oyode mrambat ing pinggiring kali, lan kang ora ngalami tekane panas sumelet, godhonge ajeg ijo, ora samar ing mangsa ngerak lan tanpa kendhat metokake woh.

YUSAK 1:5-9
[5] Sajegira urip bakal ora ana wong, kang bisa lestari ana ing ngarepira; kaya anggoningSun nunggil karo Musa, iya kaya mangkono anggoningSun bakal nunggil karo sira. Sira ora bakal Suntegakake lan Suntilar.[6] Sira disantosa lan diteguh atinira, amarga sira kang bakal nuntun bangsa iki supaya bisa ndarbeni nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos marang para leluhure, menawa bakal kaparingake marang dheweke kabeh.[7] Mung bae sira disantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nyleweng ngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendi bae paranira.[8] Sira aja lali ngrembug kitab Toret iki, sira gilut-giluta rina wengi, supaya tumindakira ngati-ati condhong karo kang tinulis ing kitab iku, amarga kanthi patrap mangkono lakunira mesthi bakal lestari sarta sira bakal oleh kabegjan.[9] Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.”

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981