A A A A A

Good Character: [Self-Control]


1 KORINTA 9:25
Saben wong kang melu balapan, iku njaga dhirine ing samubarang prakara. Wong mau padha tumindak mangkono supaya oleha makutha kang kena ing rusak; balik kita padha ngarah bisaa oleh makutha kang langgeng.

1 KORINTA 10:13
Mulane para kekasihku, padha nyingkirana panyembahing brahala.

1 TESALONIKA 5:6
Awit saka iku prayogane kita aja turu kaya wong-wong liyane, nanging padha meleka lan sing waspada.

2 TIMOTEUS 1:7
Awit kang diparingake dening Gusti Allah marang kita iku dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulake kakuwatan, katresnan lan katertiban.

FILIPI 4:13
Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku.

WULANG BEBASAN 16:32
Wong kang sabar iku ngluwihi pahlawan, wong kang bisa ngereh awake, iku ngluwihi wong kang bisa ngrayud nagara.

WULANG BEBASAN 18:21
Pati lan urip padha kawengku ing ilat, sapa kang seneng mratak-mratakake, iku mesthi mangan wohe.

WULANG BEBASAN 25:28
Wong kang ora bisa ngendhaleni awake, iku kaya kutha kang rubuh temboke.

TITUS 1:8
nanging seneng aweh pamondhokan, seneng marang samubarang kang becik, wicaksana, adil, saleh, bisa ngendhaleni dhiri

YESAYA 55:10-11
[10] Sabab kayadene udan lan salju anggone tumurun sakal ing langit lan ora bali mrono, nanging banjur mbanyoni bumi, gawe subure lan njalari thukule tetuwuhan, aweh wiji marang kang nyebar lan roti marang wong kang gelem mangan,[11] iya mangkono pangandikaningSun kang miyos saka ing tutukingSun: ora bakal bali marang Ingsun kanthi nglaha, nanging iku bakal nindakake apa kang Sunkarsakake, sarta bakal oleh gawe tumrap apa bae kang Sundhawuhake.

RUM 12:1-2
[1] Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang sajati.[2] Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.

FILIPI 4:8-9
[8] Wasana, sadulur-sadulur, sabarang kang nyata, sabarang kang luhur, sabarang kang adil, sabarang kang suci, sabarang kang sinebut kautaman lan pantes dialem, iku kabeh padha pikiren.[9] Lan apa kang wus padha koksinau lan kang koktampani, lan kokrungu sarta kokdeleng ana ing aku, iku lakonana; temahan Gusti Allah etuking tentrem-rahayu bakal nunggal karo kowe kabeh.

YAKOBUS 1:19-21
[19] He para sadulur kang daktresnani, elinga marang bab iki: saben wong dienggal manawa ngrungokake, nanging disareh manawa calathu, mangkono uga ditamban manawa nepsu;[20] jalaran nepsune manungsa iku ora ndadekake kang bener ana ing ngarsane Allah.[21] Mulane padha biraten sarupaning rereged sarta piala kang kaliwat akeh lan tampanana kanthi legawaning ati pangandika kang katandur ing atimu, kang bisa nylametake nyawamu.

1 PETRUS 5:6-8
[6] Kang iku padha mendhaka ing sangisore astane Gusti Allah kang kuwat, supaya kowe padha linuhurake ing mangsa kang wis katemtokake.[7] Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane, sabab Panjenengane kang ngopeni kowe kabeh.[8] Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa.

1 KORINTA 9:24-27
[24] Apa kowe padha ora sumurup, yen wong kang melu ana ing pambalapan iku kabeh padha lumayu, nanging mung siji kang tampa ganjaran? Mulane padha lumayua amrih kowe bisaa tampa ganjaran.[25] Saben wong kang melu balapan, iku njaga dhirine ing samubarang prakara. Wong mau padha tumindak mangkono supaya oleha makutha kang kena ing rusak; balik kita padha ngarah bisaa oleh makutha kang langgeng.[26] Mulane anggonku lumayu iku ora tanpa tujuan, lan aku dudu jago jotos kang mung waton njotos bae.[27] Nanging aku nglatih badanku sarta dakreh ing sakabehe, supaya sawise ngabarake Injil marang wong liya, aja ngantia aku dhewe ditampik.

1 KORINTA 6:12-20
[12] Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang maedahi. Tumraping aku samubarang kabeh iku kalal, nanging awakku dakjaga aja nganti kawasesa dening sadhengaha apa bae.[13] Pangan iku kanggo ing weteng, lan weteng kanggo ing pangan: nanging sakarone bakal dilebur dening Gusti Allah. Badanmu iku ora kanggo laku jina, nanging kagem ing Gusti, lan Gusti kanggo ing badan.[14] Gusti Allah kang wus mungokake Gusti, iya bakal nangekake kita marga saka panguwaose.[15] Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi gegelitaning Sang Kristus? Kang iku gegelitaning Sang Kristus apa bakal dakjupuk, tuwin dakpasrahake marang laku jina? Babar pisan ora![16] Utawa, apa kowe ora sumurup, yen sing sapa rumaket marang wanita tunasusila, iku dadi nunggal sabadan? Rak ana pangandika mangkene: “Loro-lorone bakal dadi daging siji.”[17] Balik sing sapa rumaket ing Gusti, iku dadi nunggal saroh kalawan Panjenengane.[18] Padha ngedohana laku jina! Sarupaning dosa liyane kang dilakoni ing wong iku tumindake sajabaning badane. Nanging wong kang laku jina iku ateges dosa marang badane dhewe.[19] Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi padalemane Sang Roh Suci kang ana ing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingake marang kowe dening Gusti Allah, sarta yen awakmu iku dudu awakmu dhewe?[20] Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah srana badanmu!

2 PETRUS 1:3-11
[3] Marga saka panguwasane kaallahane, kita wis padha kaparingan samubarang kang prelu tumrap ing urip kang mursid, srana wanuh marang Panjenengane kang wis nimbali kita marga saka panguwaose kang mulya lan ngeram-eramake.[4] Kalawan patrap mangkono iku Panjenengane wis maringi marang kita prasetya-prasetya kang adi sarta pinunjul, supaya srana iku kowe padha bisa tunggal kodrat kaallahan lan ora kena ing dayaning hawa-nepsu kadonyan.[5] Iya marga saka iku kowe padha kudu mempeng anggonmu mbudidaya supaya pracayamu kawuwuhan ing kautaman sarta kautamanmu kawuwuhan ing kawruh,[6] tuwin kawruh kawuwuhan ing pambudidaya ngemudheni dhiri, pambudidaya ngemudheni dhiri kawuwuhan mugen, mugen kawuwuhan mursid,[7] mursid kawuwuhan tresna marang para sadulur, tresna marang sadulur kawuwuhan tresna marang wong kabeh.[8] Jalaran manawa kowe padha kadunungan iku mau kabeh nganti luber, kowe mesthi bakal dadi mempeng ing panggawe sarta banjur metu wohe anggonmu wanuh marang Gusti Yesus Kristus, Gusti kita iku.[9] Nanging sing sapa ora kadnungan iku mau kabeh, bakal dadi wuta sarta cethek panemune, jalaran wis lali manawa dosa-dosane kang dhisik wis dibirat.[10] Mulane para sadulur, tansaha mbudidaya supaya saya kukuh anggonmu katimbalan lan pinilih iku. Jalaran manawa nglakoni mangkono, kowe bakal padha ora tau kasandhung.[11] Kalawan mangkono iku, kowe bakal kaparingan wewenang sakatoge lumebu ing Kraton kang langgeng, yaiku Kratone Gusti lan Pamarta kita Gusti Yesus Kristus.

EFESUS 6:10-20
[10] Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane.[11] Padha sikepa praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa ndhahi gelar kajuligane Iblis;[12] awit kang kita tandhingi iku dudu daging lan getih, nanging para pamarentah, para panguwasa, para panggedhening jagad kang peteng iki, para rohing kadursilan kang ana ing langit.[13] Mulane padha nyandhaka praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa nyembadani samasa tekane dina kang ala iku lan tetep tangguh sawuse kowe ngrampungake sakabehe.[14] Mulane padha dipanggah, lambungmu sabukana ing kayekten lan ngrasuka kaadilan minangka kere,[15] sikilmu nganggoa trumpah cumadhangmu marang Injiling tentrem-rahayu;[16] sajrone mangkono iku padha nganggoa tamening pracaya, margane kowe bakal bisa nyirep sakehing panah geni saka si pangawak dursila,[17] karomaneh padha nampanana tetopong karahyon lan pedhang Roh, yaiku sabdaning Allah,[18] ing sajroning pandonga lan panyuwunmu kabeh. Padha tansah ndedongaa ana ing patunggilaning Roh, sarta padha meleka lan ditegen anggonmu padha nyenyuwun kanggo para suci;[19] uga kanggo aku, supaya manawa aku ngucap, diparingana tetembungan kang bener, lan supaya kanthi kendel anggonku nggiyarake kekeraning Injil,[20] kang dakladeni minangka utusan kang dirante. Padha ndedongaa, supaya aku bisa nglairake bab iku kalawan kendel, awit pancen kudu mangkono.

GALATI 5:13-26
[13] Para sadulur, kowe wus padha katimbalan, supaya mardika, nanging aja nganti kowe migunakake kamardikan iku dadi dhadhakan tumrap uriping daging, nanging padha laden-linadenana srana katresnan.[14] Sabab angger-anggering Toret kabeh iku kacakup ing pangandika siji iki, yaiku: “Sira tresnaa marang ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.”[15] Dene manawa kowe padha kerah-kerahan lan padha mangsa-minangsa, padha diawas, aja nganti kowe tumpes-tinumpes.[16] Karepku yaiku: Lakumu padha manuta marang Roh, lan aja nuruti kapencuting daging.[17] Awit pepenginane daging iku nyulayani marang Roh lan karsane Roh iku nyulayani marang daging -- awit sakarone padha lelawanan -- temahan kowe saben-saben ora nindakake apa kang kokkarepake.[18] Ananging manawa kowe padha masrahake awakmu supaya dituntun dening Roh, mesthi kowe padha ora kawengku ing angger-anggering Toret.[19] Dene pakartine daging wus cetha: laku jina, laku rusuh, nguja hawa nepsu,[20] nyembah brahala, sihir, sesatron, pasulayan, meri, brangasan, mung mikir awake dhewe, cidra, roh kang memecah,[21] drengki, mendem, jibar-jibur lan sapanunggalane. Tumrap sakabehe iku kowe dakelingake -- kaya kang wus daktindakake biyen -- manawa sapa kang nindakake bab-bab kang kaya mangkono iku, ora bakal oleh panduman Kratoning Gusti Allah.[22] Dene wohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya,[23] alusing bebuden, bisa ngemudheni dhiri. Ora ana angger-angger kang nglawan bab-bab kang mangkono iku.[24] Lan sapa kang dadi kagungane Sang Kristus Yesus, iku wus nyalib daging dalah sakabehing hawa nepsu lan pepenginane.[25] Manawa kita urip marga saka Roh, urip kita uga katuntun dening Roh[26] lan kita aja mendem drajat, aja padha tantang-tantangan, sarta aja jejailan.

TITUS 2:1-15
[1] Nanging kowe iku martakna apa kang cundhuk karo piwulang kang satuhu.[2] Para wong lanang kang tuwa iku padha diwaras ing budi, kajen, wicaksana sarta kadunungan pracaya, katresnan lan budi tumemen kang waras.[3] Mangkono uga para wong wadon kang wus tuwa, iku padha nelakna anggone dadi wong ngibadah, aja dhemen mitenah, aja karem ngombe anggur, nanging dibisa aweh piwulang kang becik[4] lan bisa merdi wong-wong wadon kang isih enom, supaya padha tresna marang kang lanang tuwin marang anak-anake,[5] wicaksana, alaku suci, sregep ngatur baleomahe, becik pambekane sarta sumuyud marang kang lanang, supaya Pangandikaning Allah aja nganti dialakake.[6] Mangkono uga para wong nonoman, padha pituturana, supaya padha bisa ngendhaleni awake dhewe ing sadhengah prakara[7] lan kowe dhewe dadia tuladha ing bab nindakake panggawe becik. Anggonmu memulang dikalawan jujur sarta tumemen.[8] Pamulangmu disalugu lan tanpa cacad, supaya wong kang nglawan dadia wirang, amarga ora ana kang tinemu kang kena digawe ngalakake marang kita.[9] Para batur sing padha sumuyud marang lurahe tumrap samubarang kabeh, padha gawea renane lan aja madoni,[10] aja slingkuh, nanging tansah nelakna anggone temen lan setya, supaya marga saka mangkono tumrap ing samubarang kabeh, padha ngluhurake piwulange Allah, Pamarta kita.[11] Awitdene sih-rahmate Gusti Allah kang nylametake manungsa kabeh iku wus kababar.[12] Iku merdi marang kita, supaya kita ninggal pamblasar lan kamelikan kadonyan sarta supaya kita duwea laku kang wicaksana, adil tuwin mursid ana ing donya samengko iki,[13] kalawan manganti-anti marang ing katetepane pangarep-arep kita, kang kebak ing karahayon lan ngatingalake kamulyaning Allah kang Mahaagung sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus,[14] kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem panjenenane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.[15] Iku kabeh wartak-wartakna, wong-wong padha pituturana lan surup-surupna kalawan pangaribawamu. Aja nganti ana wong kang ngremehake kowe.

YAKOBUS 3:1-18
[1] He para sadulurku, panunggalanmu aja akeh kang padha dadi guru, jalaran kita padha sumurup, manawa kita dadi guru, bakal padha diadili kalawan ukuran kang luwih abot.[2] Amarga kita kabeh padha kaluputan ing prakara akeh, sing sapa ora kaluputan ing tetembungane, iku wong sampurna, wis bisa ngereh marang saranduning badane kabeh.[3] Lah ta jaran iku padha kita etrapi kendhali ing cangkeme, satemah manut marang kita, kita bisa ngendhaleni badane kabeh.[4] Lan maneh coba pikiren bae, prau-prau kapal sanadyan gedhe banget sarta disurung ing angin kang banter, ewasamono kena kainger-ingerake sarana kemudhi kang cilik banget, manut ing sakarepe jurumudhine.[5] Mangkono uga ilat, sanadyan dadi perangane badan kang cilik, ewadene bisa ngumukake prakara-prakara kang gedhe. Lah, geni iku sanadyan mung sapelik bisa ngobong alas kang gedhe.[6] Ilat iku iya geni, prasasat jagading kadurakan sarta dununge ana ing antarane peranganing badan kita, dadi sawijining perangan kang bisa ngregedi badan sakojur sarta bisa ngobong rodhaning urip kita, dene ilat iku dhewe kasaladan dening geni naraka.[7] Mungguh sakabehing buron alas, manuk, sarta kewan rumangkang lan kang ana ing sagara, iku kadadekake tutut lan wis kalakon didadekake tutut dening manungsa,[8] nanging ora ana wong kang bisa gawe tututing ilat; iku piala kang kaya kewan galak, ora kena dikendhaleni sarta kebak wisa kang neniwasi.[9] Kalawan ilat kita memuji marang Gusti Allah, Rama kita, sarta kalawan ilat kita nyupatani manungsa, kang katitahake manut citraning Allah,[10] cangkem siji metokake berkah lan ipat-ipat. Bab iki, para sadulurku ora kena mangkono.[11] Apa ana sumber kang metokake banyu tawa lan pait saka tuk siji?[12] Para sadulurku, wit anjir apa iya bisa metu wohe jaitun utawa wit anggur metu wohe anjir? Mangkono uga sumber banyu asin ora bisa metokake banyu tawa.[13] Sapa panunggalanmu kang wicaksana sarta limpad ing budi? Iku nuduhna panggawene uripe kang utama kalawan kawicaksanan, kang tuwuh saka budi sareh.[14] Manawa sajroning atimu kowe padha nduweni rasa meri sarta mung mikir marang awakmu dhewe, kowe aja padha gumunggung sarta aja goroh nyulayani kayekten![15] Iku dudu kawicaksanan kang tumurun saka ing ngaluhur, nanging saka ing donya, saka ing hawa-nepsuning manungsa, saka setan-setan.[16] Sabab ing ngendi ana kameren sarta sipat mung mikir awake dhewe, ing kono ana rerusuh sarta sarupane panggawe ala.[17] Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.[18] Sarta mungguh wohing kayekten iku kasebarake sajrone tata rukun tumrap wong-wong kang olah tata rukun.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981