A A A A A

Good Character: [Sanctification]


2 TESALONIKA 2:13
Nanging aku kudu padha saos sokur marang Gusti Allah marga saka kowe kabeh, para sadulur, kang kinasihan ing Pangeran, amarga Gusti Allah wiwit sakawit wis milih kowe kabeh supaya slamet ana ing sajroning Roh, kang nucekake kowe lan ana ing sajroning kayekten kang wis padha kokandhemi.

2 TIMOTEUS 2:21
Wong kang nucekake awake saka ing piala, iku bakal dadi praboting omah kang wigati, disucekake, dianggep pantes dianggo ing lurahe lan dicawisake kanggo saben pagawean kang mulya.

LELAKONE PARA RASUL 26:18
supaya ngelekake mripate, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing panguwasaning Iblis lan ngungsi marang Gusti Allah, supaya padha oleh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadene banjur tampa warisan ana ing satengahe para kang wus kasucekake.

KOLOSE 2:11
Ana ing Panjenengane anggonmu padha katetakan, dudu tetak kang katindakake dening manungsa, nanging sarana supite Gusti Kristus kang awujud pangrucating badan kang kadosan,

KOLOSE 3:1-5
[1] Marga saka iku yen kowe wus padha ndherek katangekake kalawan Gusti Kristus, padha ngupayaa sabarang kang ana ing ngaluhur, ing papan pinarake Gusti Kristus ing satengene Gusti Allah.[2] Padha nggatekna prakara kang ana ing ngaluhur aja kang ana ing bumi.[3] Sabab kowe wus padha mati lan uripmu iku sinengker kalawan Gusti Kristus, ana ing Gusti Allah.[4] Yen Gusti Kristus kang dadi urip kita iku ing tembe ngatingal, kowe iya bakal padha ndherek ngaton kalawan Panjenengane ana ing kamulyan.[5] Mulane kowe padha matenana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku jina, tindak rusuh, hawa nepsu, kapencut, mangkono uga budi kethaha, kang dadi ewone panyembah brahala,

EFESUS 1:13
Ana ing Panjenengane kowe kabeh, -- awit kowe wus padha ngrungokake pangandikaning kayekten, yaiku Injiling karahayon -- iya ana ing Panjenengane kowe kabeh sawuse pracaya, uga padha kaecap ing Roh Suci kang kaprasetyakake iku.

PANGENTASAN 13:2
“Sakehe anak pambarep iku sira sengkera sumaos marang Ingsun; endi kang lair dhisik saka sadhengah kandhutan ana ing antarane wong Israel, dadia manungsa utawa kewan, iku kagunganingSun.”

PANGENTASAN 31:13
“Sira mratelakna pangandikaningSun marang wong Israel, mangkene: Poma sira padha netepana dina-dina SabatingSun, awit iku minangka pratandha ana ing antarane Ingsun lan sira, nganti turun-tumurun, supaya sira sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang nucekake sira kabeh.

GALATI 2:20
nanging kula gesang, namung kemawon sanes kula piyambak malih ingkang gesang, namung Sang Kristus ingkang gesang wonten ing kula. Wondene gesang kula ingkang kula sandhang ing daging sapunika, punika gesang margi saking pitados dhumateng Putraning Allah ingkang sampun ngasihi kula saha sampun masrahaken sariranipun kangge kula.

IBRANI 2:11
Jalaran Panjenengane kang nucekake, sarta kang padha kasucekake, iku asale saka Siji. Mulane Panjenengane iya ora lingsem nyebut sadulur marang wong-wong iku,

IBRANI 9:14
mendahane maneh rahe Gusti Kristus, kang marga dening Roh kang langgeng wus ngurbanake sarirane piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku rak mesthi bakal ngresiki rumangsaning ati kita saka pratingkah-pratingkah kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Gusti Allah kang asipat gesang?

IBRANI 10:10-14
[10] Iya marga karsane iki, kita wus disucekake sapisan kanggo salawas-lawase srana kurban sarirane Gusti Yesus Kristus.[11] Sabanjure saben imam ing sadina-dina ngimami sarta ambal-ambalan nyaosake kurban kang padha, kang babar pisan ora bisa mbirat dosa.[12] Nanging Panjenengane, sawuse misungsungake kurban siji bae marga saka dosa, banjur lenggah ana ing tengene Gusti Allah salawas-lawase,[13] sarta ing samengko Panjenengane mung ngantos-antos, nganti tumeka mungsuh-mungsuhe arep kadadekake ancik-anciking sampeyane.[14] Sabab srana kurban siji bae Panjenengane wus damel sampurnane para kang kasucekake ing salawas-lawase.

IBRANI 12:10-14
[10] Bapa kita matrapi kita mung sawatara mangsa miturut apa bae kang kaanggep becik, nanging Panjenengane anggone matrapi kita iku murih becike, supaya kita kapanduman kasucene.[11] Sarupaning patrapan iku samangsa lagi kaparingake pancen ora mbungahake, malah nyedhihake. Nanging sateruse banjur metokake wohing kayekten kang njalari tentrem marang wong-wong kang wis padha kalantehake ing bab iku.[12] Mulane kencengna tangan kang lemes sarta dhengkul kang keklok;[13] sarta jejegna lakune sikilmu, supaya kang pincang aja nganti kongsul, nanging dadi waras.[14] Padha ngudia rukun karo sakabehing wong, sarta ngaraha marang kasucen; jalaran tanpa kasucen siji bae ora ana kang bakal ndeleng Gusti Allah.

IBRANI 13:12
Iya iku sababe dene Gusti Yesus wus nandhang sangsara ana ing sajabaning saketheng prelu nucekake umat kagungane srana rahe piyambak.

1 KORINTA 1:2
marang pasamuwane Gusti Allah kang ana ing Korinta, yaiku para kang sinucekake ana ing Sang Kristus Yesus, sarta kang padha katimbalan dadi wong suci, dalah sakehe wong ing ngendi-endi, kang padha nyebut Asmane Gusti kita Yesus Kristus, yaiku Gustine wong-wong mau lan iya Gusti kita.

1 KORINTA 6:11
Lan sawenehing panunggalanmu biyen iya kaya mangkono iku, nanging kowe wus padha masrahake awakmu supaya diresiki, kowe wus padha kasucekake, wus padha kabenerake marga saka Asmane Gusti Yesus Kristus lan marga dening Rohe Allah kita.

1 YOKANAN 1:9
Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita.

1 YOKANAN 3:9
Saben wong kang laire saka ing Allah, iku ora nglakoni dosa maneh, amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batine, lan ora bisa gawe dosa, amarga laire saka ing Allah.

1 PETRUS 1:2
yaiku para pepilihan miturut ing rancanganing Allah, Rama kita sarta kang kasucekake dening Roh, supaya padha mituhua marang Fusti Yesus Kristus lan nampanana kepyuraning rahe. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe mawantu-wantu.

1 TESALONIKA 4:3
Amarga kang dadi karsane Gusti Allah iku: kasucenmu, yaiku supaya kowe padha nyingkiri laku jina;

1 TESALONIKA 5:23
Muga Gusti Allah kang kagungan tentrem-rahayu iku nucekake kowe ing sasampurnane lan muga roh, jiwa lan badanmu rineksa becik kalawan tanpa cacad, besuk rawuhe Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

2 KORINTA 5:17
Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar: kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka.

1 TESALONIKA 4:3
Amarga kang dadi karsane Gusti Allah iku: kasucenmu, yaiku supaya kowe padha nyingkiri laku jina;

1 TESALONIKA 5:23
Muga Gusti Allah kang kagungan tentrem-rahayu iku nucekake kowe ing sasampurnane lan muga roh, jiwa lan badanmu rineksa becik kalawan tanpa cacad, besuk rawuhe Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

2 KORINTA 5:17
Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar: kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka.

2 KORINTA 12:21
Aku sumelang manawa aku teka maneh, Allahku bakal ngesorake aku ana ing ngarepmu, sarta aku bakal ngrudatin awit dening wong akeh kang ing wektu kapungkur padha nglakoni dosa lan aku bakal susah banget, marga anane wong akeh, kang dhek biyen padha nglakoni dosa mangka durung mratobat, ninggal panggawe kang jember, laku jina lan pamblunthah kang padha dilakoni.

YOKANAN 17:17-19
[17] Mugi sami Paduka sucekaken ing salebeting kayektosan; pangandika Paduka inggih punika kayektosan.[18] Kadosdene Paduka sampun ngutus Kawula dhateng ing jagad, makaten ugi Kawula inggih kengkenan tiyang-tiyang punika dhateng jagad;[19] sarta Kawula nucekaken badan Kawula kangge tiyang-tiyang punika, supados ugi sami kasucekna wonten ing kayektosan.

FILIPI 1:6
Tumraping iku aku yakin banget, manawa Panjenengane, kang miwiti pakaryan becik ana ing antaramu, iku bakal mbacutake nganti tumeka ing wekasane ing dinane Sang Kristus Yesus.

FILIPI 2:13
awit iya Gusti Allah kang manut sakeparenge, nuwuhake iya kekarepan, iya panggawe ana ing kowe.

RUM 6:6
Amarga kita padha sumurup yen kamanungsan kita kang lawas iku wus ndherek sinalib, supaya awak kita dununging dosa kita iki sirna panguwasane, lan kita padha ora ngawula marang dosa maneh.

RUM 15:16
yaiku manawa aku kepareng dadi peladose Sang Kristus Yesus kanggo bangsa-bangsa saliyane bangsa Yahudi ing bab ngabarake Injile Gusti Allah, supaya bangsa-bangsa mau bisaa katampi ing Gusti Allah, minangka pisungsung kang dadi keparenge, kang kasucekake dening Roh Suci.

2 PETRUS 1:2-4
[2] Sih-rahmat lan tentrem-rahayu ngluberana ing kowe kabeh, marga saka anggonmu padha wanuh marang Gusti Allah sarta marang Gusti Yesus, Gusti kita.[3] Marga saka panguwasane kaallahane, kita wis padha kaparingan samubarang kang prelu tumrap ing urip kang mursid, srana wanuh marang Panjenengane kang wis nimbali kita marga saka panguwaose kang mulya lan ngeram-eramake.[4] Kalawan patrap mangkono iku Panjenengane wis maringi marang kita prasetya-prasetya kang adi sarta pinunjul, supaya srana iku kowe padha bisa tunggal kodrat kaallahan lan ora kena ing dayaning hawa-nepsu kadonyan.

1 TESALONIKA 4:3-5
[3] Amarga kang dadi karsane Gusti Allah iku: kasucenmu, yaiku supaya kowe padha nyingkiri laku jina;[4] saben wong panunggalanmu ngalapa wong wadon siji dadi bojone dhewe sarta urip ing sajroning kasucen lan kasusilan,[5] ora marga saka derenging hawa-nepsu, kayadene tumindaking won kang ora wanuh marang Gusti Allah,

YOKANAN 15:1-4
[1] “Aku iki wit anggur kang sajati, sarta RamaKu iku kang among tani.[2] Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohe, dipagas lan kang metu wohe, diresiki, supaya mundhaka akeh wohe.[3] Kowe iku wus padha resik awit saka pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe.[4] Kowe tetepa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowe. Padha kaya pang ora bisa metu wohe saka awake dhewe, manawa ora tetep dumunung ana ing wit anggur, mangkono uga kowe ora bisa metokake woh manawa ora tetep dumunung ana ing Aku.

RUM 6:1-23
[1] Yen mangkono, apa ta sing bakal kita gunem? Apa kita kepareng padha ndlarung ing sajroning dosa, supaya wuwuha gedhene sih-rahmat?[2] Babar pisan ora! Kita rak wis mati tumraping dosa, kapriye anggon kita isih padha bisa urip ing sajroning dosa mau?[3] Apa kowe padha ora sumurup, yen kita kang wus padha kabaptis ana ing Sang Kristus, iku ateges wus padha kabaptis ana ing sedane?[4] Dadi kita wus padha ndherek kakubur kalawan Panjenengane, sarana baptis ing pati mau, supaya padha kayadene Sang Kristus wus kawungokake saka ing antarane wong mati dening kamulyaning Sang Rama, mangkono uga kita bakal urip ana ing sajroning urip kang anyar.[5] Sabab yen kita wus padha nunggal kalawan apa kang padha karo sedane, kita iya bakal padha nunggal kalawan apa kang padha karo wungune.[6] Amarga kita padha sumurup yen kamanungsan kita kang lawas iku wus ndherek sinalib, supaya awak kita dununging dosa kita iki sirna panguwasane, lan kita padha ora ngawula marang dosa maneh.[7] Sabab, sapa sing wis mati, iku wus luwar saka ing dosa.[8] Dadi yen kita wus padha ndherek kalawan Sang Kristus kita padha pracaya yen iya bakal padha urip kalawan Panjenengane uga.[9] Amarga kita padha sumurup, yen Sang Kristus sawuse kawungokake saka ing antarane wong mati, ora seda maneh: si pati wis ora nguwasani Panjenengane maneh.[10] Awit sedane iku, seda tumrap ing dosa, mung sapisan kanggo salawase; lan gesange iku gesang lumados marang Gusti Allah.[11] Samono uga anggonmu mawas iya mangkenea: kowe wus padha mati tumraping dosa, nanging kowe padha urip lumados marang Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus.[12] Mulane si dosa aja nganti nguwasani badanu kang kena ing pati iku maneh, supaya kowe aja nganti nuruti pepenginane maneh.[13] Sarta kowe aja masrahake gegelitaning badanmu marang si dosa kanggo gegamaning duraka, nanging badanmu saosna marang Gusti Allah, kaya wong kang maune mati, nanging saiki urip. Sarta gegelitaning badanmu iku saosna marang Gusti Allah, minangka gegamaning kabeneran.[14] Sabab si dosa ora bakal nguwasani kowe maneh, marga kowe padha ora kawengku ing angger-anggering Toret, nanging kawengku ing sih-rahmat.[15] Tumuli kapriye? Apa kita banjur padha nglakoni dosa marga ora kawengku ing angger-anggering Toret, ananging kawengku ing sih-rahmat? Babar pisan ora![16] Apa kowe padha ora sumurup, manawa masrahake awakmu marang sawijining wong dadi abdi kang mituhu iku, ateges kowe dadi bature wong iku, sing kudu kokpituhu, embuh ing bab dosa kang nggendeng kowe marang pati, embuh pamituhu kang nuntun kowe marang kabeneran?[17] Nanging sokur marang Gusti Allah! Ing maune kowe iku dadi bature si dosa, nanging ing saiki kanthi gumolonging atimu kowe wus padha mituhu marang piwulang kang kaluntakake marang kowe.[18] Kowe wis padha kaluwaran saka ing dosa lan dadi abdining kabeneran.[19] Bab iki dakpituturake cara manungsa awit saka karingkihanmu. Sabab kayadene kowe wus masrahake gegelitaning badanmu dadi baturing rereged lan duraka tumuju marang duraka, mangkono uga kowe saiki kudu masrahake gegelitaning badanmu dadi abdining kabeneran kang tumuju ing kasucen.[20] Sabab nalika kowe padha dadi kawulaning dosa, kowe padha ora kawengku ing kabeneran.[21] Lan apa oleh-olehanmu? Kabeh iku njalari kowe saiki banjur padha rumangsa isin amarga wekasane iku pati.[22] Nanging saiki bareng kowe wus padha kauwalake saka ing dosa lan bareng kowe wus padha dadi abdining Allah, kowe padha ngundhuh woh kang nuntun kowe marang kasucen sarta wekasane iku urip kang langgeng.[23] Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981