A A A A A

Good Character: [Patience]


1 KORINTA 13:4
Katresnan iku sabar; katresnan iku loma, ora kumeren, ora gumunggung lan kumenthus.

FILIPI 4:6
Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.

KOHELET 7:9
Aja age-age nepsu ing sajroning ati, awit nepsu iku lumengket ing atine wong gemblung.

RUM 12:12
Padha bungaha sajroning pangarep-arep, disabar sajroning karupekan, dimantep anggonmu ndedonga!

EFESUS 4:2
Ditansah andhap-asor, sareh lan sabar. Padha ngetokna katresnanmu kalawan tulung-tinulung.

GALATI 6:9
Aja nganti kita kemba anggon kita gawe kabecikan, awit manawa wus tekan ing kalamangsane, kita bakal ngeneni, anggere kita ora nganti kendho.

PURWANING DUMADI 29:20
Yakub anggone ngengeri Rakhel iku lawase pitung taun. Nanging samono mau dirasa kaya-kaya mung sawatara dina bae, marga saka tresnane marang Rakhel.

WULANG BEBASAN 15:18
Wong brangasan marakake grejegan, nanging wong sabar ngendhakake para padu.

YEREMIA 29:11
Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing besuke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

1 SAMUEL 13:8-14
[8] Panjenengane ngentosi pitung dina nganti tumeka ing wektu kang wus katemtokake dening Nabi Samuel. Nanging bareng Nabi Samuel ora rawuh ing Gilgal, balane wiwit padha buyar, ninggal panjenengane.[9] Mulane Sang Prabu Saul ngandika: “Kurbane obaran lan kurbane kaslametan iku ajokna mrene marang ngarsaningsun.” Sang Prabu banjur saos kurban obaran.[10] Lagi bae rampung ngaturake kurban obaran, Nabi Samuel rawuh. Sang Prabu Saul methuk ngaturake pambagya wilujeng.[11] Nanging Nabi Samuel ngandika: “Panjenengan dalem nindakaken punapa?” Wangsulane Sang Prabu: “Sarehne kula ningali rakyat sami buyar nilar kula lan panjenengan boten rawuh ing wanci ingkang sampun katemtokaken, mangka tiyang Filisti sampun ngempal wonten ing Mikhmas,[12] kula lajeng manah: Sadhela engkas wong Filisti nempuh aku ing Gilgal, mangka durung nyuwun sihkadarmane Sang Yehuwah, milanipun kula lajeng kamipurun ngaturaken kurban obaran.”[13] Pangandikane Nabi Samuel marang Sang Prabu Saul: “Tindak dalem punika boten wicaksana. Panjenengan dalem boten nuhoni dhawuhipun Sang Yehuwah, Gusti Allah dalem ingkang dipun dhawuhaken dhateng panjenengan dalem; amargi pancenipun Sang Yehuwah badhe nyantosakaken karajan dalem tumrap tiyang Israel ing salami-laminipun.[14] Nanging sapunika karajan dalem boten badhe lestantun. Sang Yehuwah sampun miji tiyang ingkang ndadosaken keparenging penggalihipun lan Panjenenganipun sampun nuding tiyang wau kajumenengaken ratu kangge umatipun, amargi panjenengan dalem boten netepi punapa ingkang dados dhawuhipun dhumateng panjenengan dalem.”

LUKAS 15:11-24
[11] Gusti Yesus ngandika maneh: “Ana wong duwe anak lanang loro.[12] Anak kang wuragil matur marang bapakne: “Bapak, keparenga kula nyuwun saperanganing barang darbek kita ingkang dados hak kula. Bapakne iya banjur mbage-bage barang darbeke, diwenehake marang sakarone.[13] Let sawatara dina kang wuragil mau banjur ngedoli bageane kabeh, sawise mangkono nuli lunga menyang nagara kang adoh. Ana ing kana barang darbeke diebreh-ebreh dianggo nguja kekarepane.[14] Bareng wis entek kabeh, ing tanah kono ana pailan kang nggegirisi, dheweke banjur wiwit nandhang kakurangan.[15] Tumuli lunga lan nyambut-gawe ana ing wewengkoning sawijining wong ing tanah kono, banjur dikon angon babi-babine ana ing pategalane.[16] Nuli kepengin ngiseni wetenge kalawan ampas pakan babi iku, nanging ora ana wong kang gelem menehi.[17] Banjur eling marang kaanane, mangkene panggagase: Buruhe bapakku pirang-pirang lan padha bisa mangan mubra-mubru, mangka aku ana ing kene mati kaliren.[18] Aku dakmulih menyang ing daleme bapakku lan matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng swarga lan dhumateng bapak,[19] kula sampun boten pantes kawastanan putranipun bapak malih; keparenga namung dados satunggaling berahipun bapak kemawon.[20] Banjur ngadeg lan mulih marani bapakne. Nalika isih adoh, bapakne wis ngawasake tekane, atine trenyuh banget marga saka welase. Tumuli diplayoni, banjur dirangkul lan diambungi.[21] Anake matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng ing swarga tuwin dhumateng bapak. Kula sampun boten pantes kawastanan putranipun bapak malih.[22] Nanging bapakne prentah marang batur-bature: Enggal jupukna jubah kang apik dhewe, nuli enggokna, drijine enggonana ali-ali lan enggonana sepatu sikile.[23] Banjur njupuka pedhet sing lemu, belehen. Ayo padha mangan lan seneng-seneng.[24] Sabab anakku iki wis mati, urip maneh, wis ilang, ketemu. Banjur padha wiwit sukan-sukan.

JABUR 37:7-9
[7] Kowe menenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan nganti-antia marang Sang Yehuwah, aja nepsu marga wong kang sekolehan uripe, sarta marga saka wong kang nglakoni culika.[8] Biraten nepsumu lan tinggalen panasing atimu iku, aja nepsu, iku mung nuntun marang panggawe ala.[9] Amarga wong laku ala mesthi bakal katumpes, nanging wong kang nganti-anti marang Sang Yehuwah iku bakal padha oleh warisan bumi.

RUM 8:24-30
[24] Sabab kita padha kapitulungan rahayu ana ing pangarep-arep. Nanging pangarep-arep kang kasat mripat iku dudu pangarep-arep maneh, marga kapriye bisane isih ngarep-arep tumrap barang kang wis katon?[25] Nanging manawa kita ngarep-arep marang apa kang ora kita deleng, dadi anggon kita padha ngarep-arep iku kalawan sabar mantep.[26] Mangkono uga Sang Roh iya mbiyantu kita ing sajroning kaapesan kita; awit kita padha ora sumurup apa kang sabenere kita suwun ana ing pandonga; nanging Sang Roh piyambak kang ndedonga kanggo kita marang Gusti Allah, kanthi pasambat kang ora kena winirasa.[27] Sarta Gusti Allah kang nitipriksa sajroning ati, mirsa karsane Sang Roh yaiku manawa anggone ndedonga kanggo para suci nyondhongi karsane Gusti Allah.[28] Saiki kita padha sumurup, yen Gusti Allah uga makarya ana ing samubarang kabeh, njalari becike wong kang padha tresna marang Panjenengane, yaiku para kang tinimbalan miturut ing pepesthening Allah.[29] Marga kabeh wong kang wus kapilih wiwit ing sakawit dening Panjenengane, iku iya katamtokake wiwit ing sakawit dadi madha rupa citrane Kang Putra, supaya Kang Putra iku dadi pembayun ana ing antarane sadulur akeh.[30] Sarta wong kang padha katamtokake wiwit ing sakawit iku iya padha katimbalan. Lan kang wus padha ditimbali, iku iya padha kabenerake. Apadene kang wus kabenerake, iku iya padha dimulyakake.

2 TESALONIKA 1:4-5
[4] satemah ana ing pasamuwan-pasamuwaning Allah aku kabeh padha mongkog ing bab anggonmu padha mantep sarta kumandel ana ing sajroning sakehe panganiaya lan panindhes, kang padha koksangga:[5] iku sawijining tandha-bukti bab adiling pangadilaning Allah, kang mratelakake yen kowe kabeh iku pantes dadi wargane Kratone Gusti Allah, kowe kang saiki padha nandhang sangsara marga saka Kraton iku.

IBRANI 11:13-16
[13] Iku mau kabeh sedane sajroning pracaya, durung nganti nampani apa kang kaprasetyakake, mung mirsani saka kadohan lan ngawe-awe saka kadohan, sarta padha ngaken manawa dadi wong manca sarta wong neneka ana ing bumi iki.[14] Jalaran wong kang ngucap mangkono iku nelakake, manawa padha kapengin ngupaya tanah wutah rah.[15] Mangka saupama padha ngengetana ing tanah wutah rah kang wus tinilar, padha kagungan wektu kang omber kanggo kondur.[16] Nanging saiki padha kapengin marang tanah wutah rah kang luwih becik, yaiku tanah wutah rah kaswargan. Mulane Gusti Allah ora lingsem sinebut Gusti Allahe, marga Panjenengane wus nyadhiyani kutha.

PURWANING DUMADI 29:20-28
[20] Yakub anggone ngengeri Rakhel iku lawase pitung taun. Nanging samono mau dirasa kaya-kaya mung sawatara dina bae, marga saka tresnane marang Rakhel.[21] Sawuse mangkono Yakub tumuli matur marang Pak Laban: “Calon semah kula panjenengan paringaken, sabab wekdal ingkang katemtokaken sampun telas, supados kula lajeng saged emah-emah kaliyan Rakhel.”[22] Pak Laban banjur nglumpukake wong ing panggonan kono sarta nganakake pista.[23] Nanging bareng bengi Lea anake kang tuwa kang ditemokake karo Yakub. Yakub iya banjur sapaturon karo Lea.[24] Karodene Pak Laban iya nggawani Zilpa abdine wadon marang Lea anake, dadi abdine.[25] Kacarita bareng esuk kasumurupan yen iku Lea. Yakub tumuli matur marang Pak Laban: “Kadospundi dene panjenengan nandukaken makaten dhateng kula? Anggen kula ngenger panjenengan punika rak supados kaangsalaken Rakhel, kenging punapa kula panjenengan apusi?”[26] Wangsulane Pak Laban: “Manut adat ing panggonanku kene, ora lumrah ngomah-omahake adhine ndhisiki mbakyune.[27] Srantekna pitung dina engkas anggonmu bebrayatan karo Lea, sawuse iku kowe iya dakwenehi sijine minangka opahe, anggere kowe saguh ngenger aku pitung taun maneh.”[28] Yakub iya banjur nglakoni mangkono, nutugake bebrayatane karo Lea nganti pitung dina; bareng wus ganep pitung dina tumuli iya diwenehi Rakhel anake, dadi somahe.

2 SAMUEL 5:4-5
[4] Sang Prabu Dawud yuswane telung puluh taun, nalika jumeneng ratu: patang puluh taun lawase anggone ngasta paprentahan.[5] Ana ing Hebron panjenengane ngereh Yehuda pitung taun nem sasi lan ana ing Yerusalem anggone ngratoni satlatahe Israel lan Yehuda kabeh lawase telung puluh telu taun.

JABUR 75:2
Kawula sami ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka, dhuh Allah, kawula sami ngunjukaken pamuji sokur, tiyang-tiyang ingkang nyebut asma Paduka sami nyariyosaken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi.

HABAKUK 2:3
Dene wahyu iku isih ngenteni mangsa kang kapesthekake, nanging enggal tumuju marang ing wekasane lan ora bakal nyidrani manawa randhat, etenana, marga iku mesthi bakal teka, ora bakal sumene.

RUM 5:2-4
[2] Panjenengane iku kang njalari kita padha oleh dalan kang anjog ing sih-rahmat marga saka pracaya. Ana ing sih-rahmat iki dumunung kita sarta kita ngalembana sajroning pangarep-arep bakal tampa kamulyaning Allah.[3] Lan ora ngamungake iku bae. Malah kita iya padha ngalembana sajroning sangsara, awit kita padha sumurup manawa sangsara iku njalari mantep,[4] lan mantep iku njalari tanggon, tanggon nukulake pangarep-arep.

WAHYU 6:9-11
[9] Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kalima, aku tumuli weruh sangisore misbyah ana nyawane para kang wus kapatenan marga saka pangandikane Gusti Allah lan marga saka paseksene.[10] Nyawa-nyawa mau padha nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Ngantos pinten laminipun malih, dhuh Sang Kristus ingkang Maha Suci sarta Sajati, anggen Paduka boten ngadili saha malesaken rah kawula dhateng tiyang ingkang manggen wonten ing bumi?”[11] Tumuli padha kaparingan jubah putih, sarta kadhawuhan, supaya lerem sawatara mangsa engkas nganti tumeka saganeping cacahe para kancane abdi lan sadulur-sadulure, kang iya bakal padha dipateni, kaya wong-wong mau.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981