A A A A A

Watake Apik: [Akuntabilitas]


RUM 14:12
Dadine siji-sijine panunggalan kita iku bakal ngunjukake panjawab marang Gusti Allah bab prakarane dhewe-dhewe.

RUM 1:20
Awitdene kang ora katingal ana ing Gusti Allah, iya iku kakiyatane kang langgeng lan kaallahane, iku wiwit dumadine jagad bisa kasumurupan saka ing pakaryane, satemah wong-wong padha ora bisa diarani tanpa kaluputan.

WULANG BEBASAN 27:17
Wesi nglandhepake wesi, wong nglandhepake pepadhane.

YAKOBUS 5:16
Kang iku padha akon-ingakonana dosamu sarta padha donga-dinongakna supaya kowe padha waluya. Pandongane wong mursid, kang kaaturake kalawan kayakinan iku gedhe banget dayane.

RUM 2:12
Ujer kabeh wong kang gawe dosa kalawan sepi ing angger-anggering Toret iku bakal padha sirna iya kalawan sepi ing angger-anggering Toret; lan kabeh wong kang padha dosa ing sajrone kawengku ing angger-anggering Toret, iku bakal padha diadili sarana angger-anggering Toret.

LUKAS 12:47-48
[47] Anadene abdi kang ngreti marang karsane bendarane, mangka ora cecawis utawa ora nindakake apa kang dikarsakake dening bendarane, iku bakal digebugi marambah-rambah.[48] Nanging sing ora ngreti marang karsane bendarane, mangka banjur nindakake apa kang kagolong kena ing ukuman gebug, iku bakal tampa paukuman gebug, sawatara. Saben wong kang kaparingan akeh, iku bakal kapundhutan akeh, sarta kang dipracaya akeh, bakal kapundhutan luwih dening akeh.”

1 TESALONIKA 5:11
Mulane kowe padha eling-ingelingna lan bangun-binanguna, kayadene kang pancen padha koklakoni iku.

YAKOBUS 4:17
Dadi sing sapa mangreti ing bab panggawe becik, mangka ora nglakoni, iku dadi lan dosane.

RUM 4:15
Amarga angger-anggering Toret iku nekakake bebendu, nanging ing ngendi ora ana angger-anggering Toret, ing kono iya ora ana panerak.

1 TIMOTEUS 1:10
wong kang laku jina, kang laku jindik, kang nyulik wong, wong dora cara, wong kang nerak supata, lan sabanjure samubarang kabeh kang cengkah kalawan piwulang kang bener,

MATEUS 12:36
Nanging Aku pitutur marang kowe: Saben tembung kang tanpa guna, kang diucapake dening wong, iku besuk ing dina pangadilan mesthi kudu kapratelakake tanggung jawabe.

LUKAS 12:48
Nanging sing ora ngreti marang karsane bendarane, mangka banjur nindakake apa kang kagolong kena ing ukuman gebug, iku bakal tampa paukuman gebug, sawatara. Saben wong kang kaparingan akeh, iku bakal kapundhutan akeh, sarta kang dipracaya akeh, bakal kapundhutan luwih dening akeh.”

YEHESKIEL 18:20
Wong kang nglakoni dosa, iku kang kudu mati. Anak ora bakal melu nanggung kaluputane bapakne lan bapa ora bakal melu nanggung kaluputane anake. Wong mursid bakal tampa berkahing kamursidane lan wong duraka bakal nanggung durakane dhewe.

EFESUS 5:21
lan diandhap-asor ing antarane siji lans ijine ana ing sajrone wedi asih marang Sang Kristus.

IBRANI 10:25
Kita aja ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinane sawenehing wong, ananging payo padha eling-ingelingake, sarta ngarepake dinaning Gusti kang saya cedhak iki disaya mempeng anggon kita tumindak ing gawe.

YEHESKIEL 33:8
Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: He, wong duraka, sira mesthi mati -- sira ora kandha apa-apa kanggo ngelingake wong duraka iku supaya mratobat, -- wong iku mati marga saka kaluputane, nanging Ingsun mundhut tanggung-jawab bab nyawane marang sira.

MATEUS 12:36-37
[36] Nanging Aku pitutur marang kowe: Saben tembung kang tanpa guna, kang diucapake dening wong, iku besuk ing dina pangadilan mesthi kudu kapratelakake tanggung jawabe.[37] Awit anggonmu bakal kabenerake iku adhedhasar tembungmu lan anggonmu bakal kapatrapan paukuman iku iya adhedhasar tembungmu.”

GALATI 6:1-2
[1] Para sadulur, yen ana wong kang tinemu nglakoni panerak, kowe kang kasukman, kudu nuntun wong iku marang dalan kang bener kalawan budi kang sareh, karo njaga awakmu dhewe, supaya kowe uga aja kena ing pacoban.[2] Padha tuung-tinulungana ing bot-repot! Iya kaya mangkono iku anggonmu netepi ing angger-anggering Sang Kristus.

IBRANI 10:24
Sarta mara padha engon-ingengon, supaya padha atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawe utama.

JABUR 51:5
Amargi kawula ngrumaosi panerak kawula, saha dosa kawula tansah wonten ing ngajeng kawula.

1 YOKANAN 2:2
Lan Panjenengane iku kang dadi pangruwate dosa kita, lan ora ngemungake dosa kita bae, nanging malah iya dosane wong sajagad kabeh.

2 KORINTA 5:10
Sabab kita kabeh kudu padha ngadhep ana ing ngarsane dhamparing pangadilane Sang Kristus, prelu nampani ganjaran kang cundhuk karo kang padha kita lakoni dhewe-dhewe sajrone urip iki, dadia kang becik, dadia kang ala.

2 KORINTA 4:17-18
[17] Awitdene sangsaraku kang entheng saiki iki, iku ngolehake kamulyan marang aku kang ngluwihi samubarang kabeh, banget anggone ngungkuli kasangsaranku.[18] Marga kang dakgatekake dudu kang katon, nanging kang ora katon, awit kang katon iku anane sawatara mangsa, mangka kang ora katon iku langgeng.

EFESUS 4:25
Awit saka iku mbuwanga watek goroh lan ngucapa kang nyata marang ing pepadhaning sadulur siji lan sijine, awit kita padha-padha dadi gegelitaning badan siji.

GALATI 6:2
Padha tuung-tinulungana ing bot-repot! Iya kaya mangkono iku anggonmu netepi ing angger-anggering Sang Kristus.

LELAKONE PARA RASUL 14:17
nanging Panjenenganipun inggih tansah ngatingalaken kamirahanipun, inggih punika anggenipun maringi jawah sarta mangsa mirah dhateng panjenengan sadaya saking ing langit, sarta panggalih panjenengan tinuwukan ing tedha lan kabingahan.”

2 KORINTA 2:6
Wong kang kaya mangkono iku wus cukup kaelikake dening wong akeh ing antaramu,

1 SAMUEL 16:7
Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”

1 KORINTA 1:10
Ewadene kowe padha dakpituturi, para sadulur, marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.

2 PARA RAJA 12:4-5
[4] Sang Prabu Yoas ngandika marang para imam: “Kabeh dhuwit kang digawa menyang ing padalemaning Sang Yehuwah minangka pisungsung suci, yaiku dhuwit kang lebune kanggo cacah jiwa, dhuwit tebusan jiwa manut tatanan katetepan kang wus tumindak kanggo saben wong, lan kabeh kang digawa lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah, marga saka prentuling atine wong,[5] iku kareben ditampani dening para imam dhewe, siji-sijine saka ing pitepungane, lan iku dianggoa ndandani apa kang rusak ing padaleman kono, ing ngendi bae tinemu ana kang rusak.”

JABUR 82:1
Masmur anggitane Asaf. Gusti Allah jumeneng ana ing parepatan ilahi, ana ing satengahing para allah Panjenengane nindakake pangadilan:

JABUR 82:6
Ingsun wus ngandika mangkene: “Sira kabeh iku allah, lan padha dadi putrane Kang Mahaluhur. --

AYUB 1:6-12
[6] Nuju ing sawijining dina para putraning Allah padha seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah; nuli Iblis iya seba bebarengan.[7] Ing kono Sang Yehuwah ngandika marang Iblis: “Sira saka ing ngendi?” Unjuk wangsulane Iblis marang Sang Yehuwah: “Saweg saking mider ndlajahi bumi.”[8] Pangeran Yehuwah banjur ndangu marang Iblis: “Apa sira nggatekake abdiningSun Ayub? Awitdene ig salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala.”[9] Unjuk wangsulane Iblis marang Pangeran Yehuwah: “Punapa tanpa pituwas Ayub anggenipun ngabekti dhumateng Gusti Allah?[10] Piyambakipun tuwin griya dalasan sadaya barang darbekipun, punapa boten Paduka pageri kemput? Punapa ingkang katindakaken sampun Paduka berkahi saha barang darbekipun saya wewah wonten ing nagari ngriku.[11] Nanging saupami Paduka ngagagaken asta nempuh dhateng sadaya barang darbekipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa Paduka.”[12] Dhawuhe Sang Yehuwah marang Iblis: “Lah apa sadarbeke wus ana ing tanganira, mung bae aja nggepok marang awake!” Iblis banjur mundur saka ing ngarsane Sang Yehuwah.

AYUB 2:1-7
[1] Nuju ing sawijining dina, para putraning Allah padha seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Iblis nuli iya seba uga ana ing satengahe para putra mau.[2] Pandangune Sang Yehuwah marang Iblis: “Sira saka ing ngendi?” Atur wangsulane Iblis marang Sang Yehuwah: “Saweg saking mider ndlajahi bumi.”[3] Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Iblis: “Sira apa iya nggatekake marang abdiningSun Ayub? Awit ing salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala, sarta tetep anggone ngantepi ing katemenane, sanadyan sira wus ngojok-ojoki Ingsun supaya Ayub Suntumpes tanpa sabab.”[4] Iblis banjur ngunjuki wangsulan marang Sang Yehuwah: “Kulit gegentosing kulit; punapa sadarbekipun tiyang mesthi dipun tombokaken supados kapitulungan gesang.[5] Nanging saupami Paduka ngagagaken asta saha nggepok balung sarta dagingipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa paduka.”[6] Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Iblis: “Lah Ayub iku wus ana ing tanganira, nanging owelen uripe!”[7] Samundure Iblis saka ing ngarsane Sang Yehuwah, Ayub tumuli diebyuki ing memala barang wiwit ing tlapakane nganti tekan ing embun-embunane.

1 BABAD 28:8
Mulane saiki, kanthi kasumurupan ing Israel kabeh, iya pasamuwaning Sang Yehuwah iki, sarta kalawan kapiyarsakake dening Gusti Allah kita, ingsun mangandikani sira kabeh: Sira padha netepana lan marsudia marang sakehe dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, supaya sira padha lestaria ngenggoni nagara kang becik iki lan marisake marang anak-putunira ing sapungkurira nganti ing salawas-lawase.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981