A A A A A

Good Character: [Kindness]


1 KORINTA 13:4-7
[4] Katresnan iku sabar; katresnan iku loma, ora kumeren, ora gumunggung lan kumenthus.[5] Katresnan iku ora saru polahe lan ora golek kepenake awake dhewe. Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning liyan.[6] Katresnan iku ora bungah awit saka anane tumindak kang ora adil, nanging kayekten kang mbungahake.[7] Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang.

EFESUS 4:29
Aja nganti ana tembung reged kawetu saka ing tutukmu, nanging munga tembung kang becik kanggo mbangun, yen prelu, supaya kang krungu, oleha sih-rahmat.

MIKHA 6:8
He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik, lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe: kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apamaneh andhap-asor ana ing ngarsane Allahmu!”

KOLOSE 3:12
Mulane sarehne kowe wus padha dadi pepilihane Gusti Allah, kang wus kasucekake lan kinasihan, padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebuden lan sabar.

EFESUS 2:7
supaya ing jaman kang bakal kalakon Panjenengane ngatingalake marang kita anggone sugih sih-rahmat kang luber-luber cundhuk karo kasaenane marang kita ana ing Sang Kristus Yesus.

MATEUS 5:24
pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepe misbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik, sawuse banjur balia, nyaosna pisungsungmu.

RUM 2:4
Apa kowe arep ngremehake lubering kamirahan sarta sabar sarehe Gusti Allah? Apa kowe ora sumurup manawa kamirahane Gusti Allah iku nuntun kowe marang pamratobat?

GALATI 5:22
Dene wohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya,

JABUR 141:5
Tiyang mursid kajengipun nggebag saha ngukum kawula, punika katresnan; nanging lisahipun tiyang duraka sampun ngantos ngrengga sirah kawula. Saestu kawula tansah ndedonga nglawan pandamelipun awon.

YESAYA 54:8
Ing sajroning dukaningSun kang banget Ingsun wus ngaling-alingi wedananingSun marang sira sadhela, nanging marga saka sih-susetyaningSun kang langgeng Ingsun wus ngatingalake sih-piwelasingSun marang sira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusira.

WULANG BEBASAN 19:22
Wewatekan kang dikepengini tumraping wong iku kasetyan, luwih becik wong miskin tinimbang karo wong kang ngapusi.

1 PETRUS 4:8
Nanging kang prelu dhewe padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akeh banget.

2 PETRUS 1:5-7
[5] Iya marga saka iku kowe padha kudu mempeng anggonmu mbudidaya supaya pracayamu kawuwuhan ing kautaman sarta kautamanmu kawuwuhan ing kawruh,[6] tuwin kawruh kawuwuhan ing pambudidaya ngemudheni dhiri, pambudidaya ngemudheni dhiri kawuwuhan mugen, mugen kawuwuhan mursid,[7] mursid kawuwuhan tresna marang para sadulur, tresna marang sadulur kawuwuhan tresna marang wong kabeh.

ESTER 2:9
Bocah wadon iku becik banget mungguh ing pamawase lan nuwuhake sih-kamurahane, temah banjur enggal-enggal diwenehi geganda arum tuwin cadhong-cadhonge, lan bocah wadon pilihan pitu saka ing kadhaton, sarta banjur kaelih menyang panggonan kang becik dhewe ing kaputren kinanthenan bocah-bocah wadon mau.

EFESUS 4:32
Nanging kowe dipadha sumanak mungguh ing siji lan sijine, kebak ing sih katresnan lan apura-ingapuraa kayadene Gusti Allah ana ing Sang Kristus iya wus ngapura marang kowe kabeh.

GALATI 6:10
Awit saka iku mumpung kita kober, ayo padha gawe becik marang wong kabeh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya.

LUKAS 6:35
Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.

WULANG BEBASAN 31:26
Anggone ngangapake cangkeme kalawan kawicaksanan, lan ilate kadunungan piwulang kang alus.

1 PETRUS 3:9
Aja males ala marang piala, utawa pepisuh marang pepisuh, nanging kosok-baline, kowe padha mberkahana, amarga anggonmu padha katimbalan iku supaya tumindak mangkono, satemah kowe padha oleh barkah. Sabab:

RUT 2:20-21
[20] Sawuse mangkono Naomi kandha marang mantune: “Wong iku muga kaberkahana dening Sang Yehuwah, kang karsa ngatingalake sih-kamirahane marang kang isih urip, sarta kang wis padha mati.” Sarta maneh calathune Naomi marang Rut: “Wong iku isih kaprenah sanak karo kita, iku panunggalane kang wajib nebus kita.”[21] Rut wong Moab tumuli matur: “Malah inggih wonten dhawuhipun dhateng kula makaten: Kowe tetepa ngetutake batur-baturku bae, nganti tumeka sarampunge panenanku kabeh.”

RUT 3:10
Pangucape Boas: “He anakku engger! Kowe binerkahana dening Sang Yehuwah. Katresnanmu kang saiki iki ngluwihi kang dhisik, amarga kang koktutburi dudu wong nom-noman kang miskin utawa kang sugih.

NEHEMYA 9:17
Dene sami lumuh mirengaken tuwin boten ngengeti dhateng kaelokan ingkang Paduka tindakaken wonten ing satengahipun; sami ngakenaken githokipun, malah sami nekad badhe mangsuli pangawulanipun wonten ing tanah Mesir. Nanging Paduka punika Gusti Allah ingkang sugih pangapunten, asihdarma tuwin ambek welasan, sabar saha agung sihsusetyanipun. Paduka boten karsa negakaken para leluhur kawula wau.

JABUR 31:21
Punika sami Paduka singidaken wonten ing pangayomaning wadana Paduka, margi saking wontenipun sekuthoning tiyang; sami Paduka ayomi wonten ing pamondhokan supados lepat saking padudonipun ilat kathah.

JABUR 117:1-2
[1] He sakehing bangsa, padha ngluhurna Pangeran Yehuwah, padha ngalembanaa Panjenengane, he sakehing suku bangsa![2] Awit sih-kadarmane iku ngedab-edabi tumrap kita, sarta kasetyane Sang Yehuwah iku langgeng ing salawas-lawase. Haleluya!

JABUR 119:76
Mugi-mugi sih-susetya Paduka punika dadosa panglipur kawula, kados prasetya Paduka dhateng ingkang abdi.

YESAYA 54:10
Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalih lan tengger-tengger padha gonjing, nanging sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira tuwin prajanjian-karukunan peparingingSun ora bakal owah gingsir, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang paring sih-palimirma marang sira.

YEREMIA 2:2
“Mangkata ngandhanana wong saisining Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun kengetan marang katresnanira ing wektu nom-nomanira, marang katresnanira nalika sira dadi temanten, anggonira ngetutwuri Ingsun ana ing ara-ara samun, ing tanah kang ora ana tetuwuhane.

YOEL 2:13
Atimu suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan, gedhe sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang.

YUNUS 4:2-3
[2] Tumuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, rak sampun makaten pangraos kawula, nalika kawula taksih wonten ing nagari kawula? Inggih punika sababipun, kawula nunten lumajeng dhateng Tarsis; awitdene kawula sumerep, bilih Paduka punika Gusti Allah ingkang asih-mirma tuwin welasan, ingkang ageng kasabaranipun, ingkang luber kadarmanipun saha ingkang apiduwung ing ngatasipun bilai ingkang badhe kadhawahaken.[3] Ingkang punika, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mundhut nyawa kawula, margi langkung sae kawula pejah tinimbang kaliyan gesang.”

LELAKONE PARA RASUL 28:2
Wong pribumi ing pulo kono becik banget tangkep marang aku kabeh. Padha gawe totor gedhe sarta banjur ngajak aku kabeh mrono, jalaran wis wiwit udan, lan hawane adhem.

PURWANING DUMADI 24:14
mugi keparenga kalampahan kados makaten: pundi lare estri ingkang kawula tembungi: Bok junmu kokdhingklukake, aku dakngombe, mangka lajeng mangsuli: Sumangga kula aturi ngunjuk, malah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni pisan; supados inggih punika ingkang Paduka calonaken kangge abdi Paduka Iskak. Makaten anggen kawula badhe sumerep bilih Paduka sampun paring sih dhateng bendara kawula.”

YUSAK 2:12
Ingkang punika panjenengan mugi karsaa supaos atas asmanipun Sang Yehuwah, sarehning kula sampun nandukaken kasaenan dhumateng panjenengan, panjenengan ugi badhe males kasaenan dhateng kulawarga kula saha kula mugi panjenengan paringi pratandha ingkang kenging kapitados,

2 KORINTA 6:6
ing kasucening ati, ing kawruh, kasabaran, lan kadarman; ing Sang Roh Suci lang ing sih katresnan kang salugu;

TITUS 3:4
Nanging bareng kamurahaning Allah, Pamarta kita, sarta katresnane marang manungsa kababar,

PURWANING DUMADI 24:12
Abdi mau tumuli matur: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun bendara kawula Abraham, ing dinten punika kawula mugi Paduka parengaken saged ngrampungi damel, sarta mugi karsaa paring sih kamirahan dhateng bendara kawula Abraham.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981