A A A A A

Good Character: [Honor]


1 PETRUS 2:17
Padha ngajenana wong kabeh, sadulur-sadulurmu padha tresnanana. Duwea wedi-asih marang Gusti Allah, ngurmatana Sang Nata Agung!

RUM 12:10
Kowe padha tresna-tinresnanana dikaya sadulur, lan dadia tuladha ing bab ajen-ingajenan.

1 TIMOTEUS 5:17
Para pinituwa kang becik pangrehe iku pantes diajeni tikel kaping pindho, luwih maneh kang kabubuhan kotbah lan memulang.

YOKANAN 5:23
supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.

YOKANAN 4:44
sabab Gusti Yesus wus nekseni piyambak yen kang jeneng nabi iku ora kajen ana ing nagarane dhewe.

1 TIMOTEUS 1:17
Ratune sakabehing jaman, Gusti Allah kang langgeng kawontenane, kang ora katingal, kang asipat tunggal, iku kacaosana hurmat lan kamulyakna ing salawase! Amin.

RUM 13:1-7
[1] Saben wong sumuyuda marang panguwasa kang mbawahake, sabab ora ana panguwasa kang asale ora saka Gusti Allah; lan para panguwasa kang ana iku padha katetepake dening Gusti Allah.[2] Mulane sing sapa mbalela marang pamarentah, ateges mbangkang marang pranatane Gusti Allah, lan sapa bae kang mbangkang, bakal nekakake paukuman marang awake dhewe.[3] Awit sing sapa tumindak becik, ora usah wedi marang pamarentah, kajaba yen nglakoni panggawe ala. Apa kowe kapengin padha urip tanpa nduweni rasa wedi marang panguwasa? Nglakonana apa kang becik, temah kowe bakal oleh pangaleme.[4] Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah, murih becikmu. Nanging manawa kowe nindakake piala, iya wedia. Marga ora tanpa gawe anggone ngasta pedhang. Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah kang malesake paukuman marang wong kang nglakoni piala.[5] Mulane kita prelu padha sumuyud, ora mung marga bebendune Gusti Allah bae, nanging iya marga saka rumangsaning ati kita uga.[6] Rak iya marga saka iku anggonmu padha asok pajeg. Ujer kang ngurus bab iku, iku padha dadi peladose Gusti Allah.[7] Mbayara marang wong akeh, apa bae kang kudu kokbayar; pajeg marang wong kang wenang nampani pajeg, beya marang wong kang wenang nampani beya; pakering marang wong kang darbe hak nampani pakering, lan pakurmatan marang wong kang darbe hak nampani pakurmatan.

RUM 2:7
yaiku wong kang ngantepi panggawe becik, tansah ngupaya kamulyan sarta kaluhuran lan kalanggengan, wong iku bakal padha kaparingan urip langgeng,

IBRANI 13:4
Nikah iku ajenana sarta aja njemberake paturon, sabab wong kang padha laku jina lan bandrek iku bakal dipatrapi dening Gusti Allah.

YOKANAN 12:26
Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padunungananKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama.

EFESUS 6:1-3
[1] He bocah-bocah, manut-mituruta marang wong tuwamu ana ing patunggilane Gusti, mangkono iku kang bener.[2] Sira ngajenana bapa-biyungira -- iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ana ing prasetya iki --[3] supaya sira slamet lan dawa umurira ana in donya.

EFESUS 6:2
Sira ngajenana bapa-biyungira -- iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ana ing prasetya iki --

YOKANAN 5:22-23
[22] Dene Sang Rama ora ngadili sapa bae, nanging pangandilan iku wus dipasrahake marang Sang Putra,[23] supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.

MATEUS 15:4
Sabab Gusti Allah ngandika: Sira ngajenana bapa biyungira; lan maneh: Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge kudu mati.

1 TESALONIKA 4:4
saben wong panunggalanmu ngalapa wong wadon siji dadi bojone dhewe sarta urip ing sajroning kasucen lan kasusilan,

2 PETRUS 1:17
Aku padha nyipati anggone Panjenengane tampa kaurmatan lan kamulyan saka Gusti Allah Sang Rama, nalika katedhakan swara saka Kang Mahaluhur, kang ngandika: “Iki PutraningSun kekasih, kang ndadekake keparenging panggalihingSun.”

WAHYU 5:12-13
[12] pangucape kalawan swara sora: “Sang Cempe ingkang sampun kapragat punika sembada nampeni panguwaos, lan kasugihan, sarta kawicaksanan, saha kakiyatan, tuwin kaurmatan, miwah kamulyan lan pangalembana.”[13] Aku banjur krungu sakehing makluk kang ana ing swarga lan ing bumi tuwin sangisoring bumi, sarta ing sagara, apadene kang urip ing jerone, padha ngucap: “Pangalembana lan kaurmatan, tuwin pamuji sarta kamulyan kagem Panjenenganipun ingkang lenggah ing dhampar saha Sang Cempe, ngantos salami-laminipun!”

WAHYU 7:12
kalawan munjuk: “Amin! Sakathahing puji lan kamulyan, sarta kawicaksanan tuwin panuwun, saha kaurmatan miwah panguwaos punapadene kasekten sayogya kadarbe ing Allah kita langgeng salami-laminipun! Amin!”

1 KORINTA 6:20
Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah srana badanmu!

EFESUS 6:2-3
[2] Sira ngajenana bapa-biyungira -- iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ana ing prasetya iki --[3] supaya sira slamet lan dawa umurira ana in donya.

WAHYU 4:9-11
[9] Anadene makluk mau saben-saben padha ngunjukake pamuji lan pakurmatan tuwin puji sokur marang Panjenengane kang lenggah ing dhampar lan kang gesang langgeng ing salawas-lawase,[10] para pinituwa patlikur mau banjur padha sumungkem ana ing ngarsane kang lenggah ing dhampar iku, sarta sujud marang Panjenengane kang gesang ing salawas-lawase. Sarta padha nyelehake makuthane ana ing sangarepe dhampar iku kalawan munjuk:[11] “Dhuh Pangeran saha Gusti Allah kawula, Paduka ingkang sayogya tampi pamuji sarta kaurmatan sarta panguwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan dumados.”

MARKUS 7:1-13
[1] Nuju ing sawijining dina ana wong Farisi sagrombolan lan ahli Toret sawatara teka saka ing Yerusalem, padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus.[2] Wong-wong mau padha nyumurupi sakabate Gusti Yesus sawatara anggone mangan nganggo tangan kang najis, yaiku ora wisuh dhisik.[3] Sabab wong Farisi iku kayadene wong-wong Yahudi liyane, sadurunge mangan, wisuh tangan dhisik, amarga padha nggondheli adat tata-carane para leluhure,[4] lan manawa mulih saka pasar, sadurunge mangan iya sesuci dhisik. Akeh ila-ila liyane maneh kang ditetepi, kayata: bab ngisahi tuwung, kendhi lan piranti-piranti tembaga.[5] Mulane wong-wong Farisi lan para ahli Toret mau banjur padha matur pitakon: “Punapaa dene sakabat-sakabat Panjenengan sami boten ngenut ila-ilaning para leluhur kita, dene sami nedha mawi tangan najis?”[6] Paring wangsulane: “Ceples temen pamecane Nabi Yesaya ing ngatase kowe, heh, wong lamis! Sabab wis katulisan: Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kalawan lambe, nanging atine ngedohi Ingsun.[7] TAnpa gawe anggone ngabekti marang Ingsun, dene kang diwulangake iku pepakoning manungsa.[8] Pepakoning Allah koklirwakake, lan netepi ila-ilaning manungsa.”[9] Panangadikane maneh mangkene: “Pinter banget kowe nyingkirake pepakoning Allah, supaya bisa netepi adat-tata-caramu dhewe.[10] marga ana dhawuhe Nabi Musa mangkene: Sira ngajenana bapa-biyungira, lan sing sapa ngipat-ipati bapa-biyunge kudu diukum pati.[11] Nanging kandhamu: Manawa ana wong kang matur bapakne utawa biyunge: Gadhahan kula ingkang kenging kangge ngrukti panjenengan, sampun kangge kurban -- inggih punika pisungsung kagem Gusti Allah, --[12] ing kono wong mau wis ora prelu nindakake apa-apa kanggo bapakne utawa biyunge.[13] Dadi pangandikaning Allah kokorakake, jalaran kowe wis netepi ila-ila. Lan isih akeh bab liyane kang kaya mangkono, kang koktindakake.”

MATEUS 15:1-9
[1] Sawise iku banjur ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara saka ing Yerusalem kang padha sowan marang ngarsane Gusti Yesus sarta matur:[2] “Punapa sababipun, dene sakabat Panjenengan kok sami nerak adat-tatacaranipun para leluhur kita? Manawi badhe nedha kok sami boten wisuh tangan rumiyin?”[3] Nanging paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau; “Yagene kowe kok uga padha nerak angger-anggere Gusti Allah marga saka anane adat-tata-caramu dhewe?[4] Sabab Gusti Allah ngandika: Sira ngajenana bapa biyungira; lan maneh: Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge kudu mati.[5] Ewadene kandhamu: sing sapa kandha marang bapa utawa biyunge: Punapa ingkang dados gadhahan kula, ingkang kaginakaken kangge ngopeni panjenengan, punika sampun kangge kurban katur ing Pangeran,[6] wong iku banjur wis ora kawajiban ngajeni bapakne utawa biyunge maneh. Dadine kowe wis ngorakake pepakoning Allah marga saka adat-tata-caramu dhewe.[7] Heh, wong lamis, ceples temen pamecane Nabi Yesaya tumrap kowe:[8] Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kanthi lambene, dene atine adoh karo Ingsun.[9] Tanpa guna anggone padha ngabekti marang Ingsun, dene piwulang kang diajarake iku pepakoning manungsa.”

LUKAS 14:7-8
[7] Bareng Gusti Yesus mirsa dhayoh-dhayoh padha milih papan palinggihan ing ngarep dhewe, banjur padha dipangandikani pasemon mangkene:[8] “Manawa kowe diulemi jagong manten, kowe aja linggih ing ngarep dhewe, awit bokmanawa kang duwe gawe wis ngulemi wong kang luwih dhuwur pangkate tinimbang karo kowe,

2 KORINTA 6:8
nalika diaji-aji lan nalika diremehake; nalika diundhat-undhat utawa nalika dialem; nalika kadakwa dadi juru apus, nanging dipracaya,

WAHYU 5:13
Aku banjur krungu sakehing makluk kang ana ing swarga lan ing bumi tuwin sangisoring bumi, sarta ing sagara, apadene kang urip ing jerone, padha ngucap: “Pangalembana lan kaurmatan, tuwin pamuji sarta kamulyan kagem Panjenenganipun ingkang lenggah ing dhampar saha Sang Cempe, ngantos salami-laminipun!”

WAHYU 4:11
“Dhuh Pangeran saha Gusti Allah kawula, Paduka ingkang sayogya tampi pamuji sarta kaurmatan sarta panguwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan dumados.”

1 TIMOTEUS 6:16
Iya mung Panjenengane iku kang ora kena ing pati, kang akadhaton ana ing pepadhang, kang ora kena pinerakan, kang ora tau dineleng ing wong, jalaran pancen ora ana wong kang bisa ndeleng ing Panjenengane. Iya Panjenengane iku kang sayogya kagungan kaluhuran lan panguwaos kang langgeng! Amin.

IBRANI 5:4
Sarta ora ana wong kang ngalap drajat iku kanggo awake dhewe, nanging katimbalan dening Gusti Allah kaya kang wis kalakon tumrap Imam Agung Harun.

MATEUS 15:8
Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kanthi lambene, dene atine adoh karo Ingsun.

MATEUS 19:19
Sira ngajenana bapa-biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kayadene awakira dhewe.”

LUKAS 18:20
Mesthine kowe wis nyumurupi kabeh pepakone Gusti Allah: Sira aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, ngajenana bapa biyungira.”

MATEUS 13:57
Wong-wong mau temahan padha kesandhung ing bab Panjenangane. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kang jenenge nabi iku ana ing ngendi-endi kajen, kajaba ana ing papan asale lan ing omahe dhewe.”

MARKUS 6:4
Tumuli Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Nabi iku ana ing ngendi-endi diajeni, kajaba ana ing panggonan asale lan ing antarane kulawangsane sarta ana ing omahe dhewe.”

YOKANAN 12:23-26
[23] Ananging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Wus tekan wektune Putrane Manungsa kaluhurake.[24] Satemen-temene pituturKu marang kowe: Manawa wiji gandum ora tumiba ing lemah, lan mati, mesthi tetep saelas bae; nanging manawa wiji iku mati, bakal metokake woh akeh.[25] Sapa kang nresnani nyawane, iku bakal kelangan nyawane, nanging sapa kang ora nresnani nyawane ana ing donya iki, iku kang bakal ngrumati nyawane kanggo urip kang langgeng.[26] Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padunungananKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama.

IBRANI 2:9
Nanging Panjenengane, kang sawatara mangsa didadekake luwih asor sathithik tinimbang para malaekat, yaiku Gusti Yesus, kita sumurup, kang jalaran anggone nglampahi sangsara seda, banjur kamakuthan kamulyan lan kaurmatan, supaya marga saka sih-rahmate Gusti Allah, Panjenengane nglampahi seda iku kanggo manungsa kabeh.

PANGENTASAN 20:12
Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.

YESAYA 29:13
Sarta Pangeran wus ngandika mangkene: “Ing sarehne bangsa iki sowan kalawan cangkeme lan ngluhurake Ingsun kalawan lambene, mangka atine ngedohi Ingsun, tuwin anggone ngabekti marang Ingsun iku mung marga saka prentahing manungsa kang diapalake,

1 SAMUEL 2:30
Mulane -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel -- lah Ingsun wus paring prajanji: Kulawarganira lan golonganira bakal urip ana ing ngarsaningSun ing salawase, nanging saiki -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --: prakara iku adoh banget saka Ingsun! Amarga sapa kang ngajeni Ingsun, bakal Sunajeni, nanging sing sapa ngremehake Ingsun bakal inganggep asor.

WULANG BEBASAN 3:9
Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu;

PANGANDHARING TORET 5:16
Sira ngajenana bapa-biyungira, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah Allahira, maran sira, supaya dawaa umurira lan supaya diganjara slamet ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira.

WULANG BEBASAN 21:21
Wong kang ngudi marang kabeneran lan katresnan, bakal nemu urip, kabeneran lan kaurmatan.

WULANG BEBASAN 22:4
Andhap-asor lan pangabekti marang Sang Yehuwah iku diganjar, kasugihan, kaluhuran lan urip.

WULANG BEBASAN 14:31
Sing sapa nindhes wong apes, iku ngremehake marang Kang Nitahake, nanging sapa kang welas marang wong miskin, iku ngurmati Panjenengane.

JABUR 8:5-6
[5] manungsa punika punapa ta, dene Paduka engeti? Punapa ta anaking manungsa punika, dene Paduka galih?[6] Ewadene Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang kaliyan titah ing swarga, sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan.

WULANG BEBASAN 29:23
Watek angkuh njalari asoring awak, nanging kang andhap-asor iku oleh pangalem.

MALEAKHI 1:6
Anak iku ngajeni bapakne, lan abdi iku ngajeni bendarane. Manawa Ingsun iku jumeneng Rama, endi pakurmatan kang marang Ingsun iku? Sarta manawa Ingsun iki dadi bendara, endi rasa wedi kang marang Ingsun iku? -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang kowe kabeh, -- he, para imam kang ngremehake asmaningSun? Nanging sira padha munjuk pitakon: “Kanthi patrap kadospundi anggen kawula ngremehaken asma Paduka?”

1 TIMOTEUS 5:3
Para randha kang pancen randha temenan iku padha ajenana.

1 TIMOTEUS 6:1
Kabeh wong kang nyangga gawening batur-tukon, iku ngajenana marang lurahe kaanggepa yen wus samesthine kudu kinurmatan, supaya asmaning Allah lan piwulang kita aja nganti kaalakake.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981