2 KORINTA 8:21 |
Awit aku padha mrelokake kang utama, ora mung ana ing ngarsane Gusti bae, nanging uga ana in ngareping wong. |
|
2 TIMOTEUS 2:15 |
Udinen, supaya kowe pantes ana ing ngarsaning Allah anggonmu dadi juru leladi kang ora usah isin, kang ngundhangake pangandikaning kayekten iku kalawan tanpa tedheng aling-aling. |
|
KOLOSE 3:9 |
Aja nganti kowe padha goroh-ginorohan maneh, marga kowe wus padha ngrucat kamanungsan lawas sapratingkahe, |
|
EFESUS 4:25 |
Awit saka iku mbuwanga watek goroh lan ngucapa kang nyata marang ing pepadhaning sadulur siji lan sijine, awit kita padha-padha dadi gegelitaning badan siji. |
|
YAKOBUS 1:26 |
Saupama ana wong kang rumangsa ngibadah, mangka ora mekak ilate, iku ngapusi awake dhewe, lan pangibadahe tanpa guna. |
|
YAKOBUS 3:17 |
Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis. |
|
LUKAS 6:31 |
Apa kang kokkarepake tumrap kang tumanduk marang kowe, iku iya tandukna marang wong. |
|
MATEUS 5:8 |
Rahayu wong kang resik atine, awit iku bakal padha sumurup marang Allah. |
|
WULANG BEBASAN 10:9 |
Sing sapa resik kalakuane iku tentrem lakune, nanging kang tumindak mlinthat-mlinthut, bakal konangan. |
|
WULANG BEBASAN 11:3 |
Wong kang jujur iku katuntun dening katemenane, nanging wong cidra iku dirusak dening culikane. |
|
WULANG BEBASAN 12:17-22 |
[17] Wong kang nglairake kabeneran iku mratelakake apa kang adil, nanging seksi goroh nglairake kaculikan.[18] Ana wong kang dlodok-dlodok iku pangucape wus prasasat panyuduking pedhang, nanging ilate wong wicaksana nekakake kawarasan.[19] Lambe kang nglairake katemenan iku tetep ing salawase, nanging ilat cidra mung kanggo sakedhap netra.[20] Wong kang ngrancang piala iku atine ngandhut kaculikan, nanging wong kang mituturi bab karaharjan iku nemu kabungahan.[21] Wong bener ora bakal ketaman bilai apa bae, nanging wong duraka iku tansah sangsara.[22] Lambe kang cidra iku kanisthan tumrape Sang Yehuwah, nanging wong kang setya-tuhu iku ndadekake keparenge. |
|
WULANG BEBASAN 14:5 |
Seksi kang setya iku ora goroh, nanging kang ngucapake cidra iku seksi goroh. |
|
WULANG BEBASAN 21:3 |
Nindakake kabeneran lan kaadilan iku anggone gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah ngluwihi kurban. |
|
WULANG BEBASAN 24:26 |
Sing sapa mangsuli klawan patitis, iku nucup lambe. |
|
WULANG BEBASAN 28:18 |
Sing sapa lakune tanpa cacad, iku bakal kapitulungan, nanging kang plinthat-plinthut bakal tiba ing luwangan. |
|
JABUR 112:5 |
Begja wong kang kadunungan welas lan nyenyilihake, kang ngrampungake urusane kanthi samesthine, |
|
1 BABAD 29:17 |
Kawula sumerep, dhuh Allah kawula, bilih Paduka punika ndadar manah saha rena dhateng manah ingkang eklas, milanipun kawula inggih ngunjukaken punika sadaya kanthi manasuka saha kalayan legawaning manah; dene ing samangke, umat Paduka ingkang wonten ing ngriki kawula tingali sami ngunjukaken pisungsung manasuka kalayan senenging manah. |
|
YOKANAN 1:3 |
Samubarang kabeh dumadine dening Sang Sabda, lan samubarang kang dumadi ora ana sawiji-wijia kang ora didadekake dening Sang Sabda. |
|
YOKANAN 3:18 |
Sing sapa pracaya marang Panjenengane, iku ora bakal diukum, balik sing sapa ora pracaya, iku wus kapatrapan, amarga ora pracaya marang asmane Putraning Allah kang ontang-anting. |
|
FILIPI 4:8-9 |
[8] Wasana, sadulur-sadulur, sabarang kang nyata, sabarang kang luhur, sabarang kang adil, sabarang kang suci, sabarang kang sinebut kautaman lan pantes dialem, iku kabeh padha pikiren.[9] Lan apa kang wus padha koksinau lan kang koktampani, lan kokrungu sarta kokdeleng ana ing aku, iku lakonana; temahan Gusti Allah etuking tentrem-rahayu bakal nunggal karo kowe kabeh. |
|
1 PETRUS 3:10-12 |
[10] “Sing sapa arep nresnani urip sarta ngalami dina-dina kang becik, kudu mekak ilate, aja nganti kawetu kang ala sarta mekak lambene tumrap tetembungan kang cidra.[11] Wong iku nyingkirana piala sarta nglakonana kabecikan; wong iku kudu ngupaya katentreman sarta ngudi supaya bisa kagayuh.[12] Jalaran tingale Pangeran iku tumuju marang para wong mursid, sarta talingane nilingake marang pasambating wong-wong kang nyuwun pitulungan, nanging wadanane Pangeran iku nglawan marang wong kang padha nglakoni piala.” |
|
WULANG BEBASAN 6:16-20 |
[16] Nem prakara iki kang disengiti dening Pangeran Yehuwah, malah pitung prakara kang dadi jejember tumrap galihe;[17] iya iku mripat gumunggung, ilat cidra, tangan kang ngwutahake getihe wong kang ora salah;[18] ati kang ngrantam-rantam piala, sikil kang enggal-enggal marani piala,[19] seksi palsu, kang ngucapake ujar pagorohan, sarta kang njalari ecrahe sadulur.[20] He anakku, pepakone bapakmu estokna, lan aja ninggal piwulange ibumu. |
|
Javanese Bible 1981 |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981 |