A A A A A

Good Character: [Discipline]


2 TIMOTEUS 1:7
Awit kang diparingake dening Gusti Allah marang kita iku dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulake kakuwatan, katresnan lan katertiban.

EFESUS 6:4
Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.

WULANG BEBASAN 10:17
Sapa kang nampani pamerdi iku ngener marang ing dalaning urip, nanging kang nglirwakake marang pameleh iku kesasar.

WULANG BEBASAN 12:1
Sing sapa dhemen diperdi iku seneng marang kawruh, nanging sing sapa nampik pameleh iku bodho.

WULANG BEBASAN 13:1
Anak kang wicaksana ngrungokake marang pamerdine bapakne nanging wong ambek memoyok ora ngrewes marang pameleh.

WULANG BEBASAN 13:24
Sapa kang ora migunakake gitik, iku sengit marang anake, mangka kang asih marang anake iku aweh pamerdi ing kalamangsane.

WULANG BEBASAN 22:6
Wong anom iku gulawenthahen manut dalan kang laras tumrap dheweke, samangsa wus tuwa ora bakal nyleweng saka dalan iku.

WULANG BEBASAN 22:15
Kabodhoan iku tumempel ing atine wong anom, nanging gitiking pamerdi kang bakal ngilangake iku.

WULANG BEBASAN 29:15-17
[15] Gebug lan pameleh ngolehake kawicaksanan, nanging anak kang ditogake bae iku gawe wirange biyunge.[16] Yen cacahe wong duraka mundhak, panerak iya saya akeh, nanging para wong bener bakal padha nyipati ambruke.[17] Anakmu gulawenthahen, temah bakal ndadekake ayeming atimu, malah aweh kabungahan marang nyawamu.

WAHYU 3:19
Sapa wong kang Sunkasihi iku Sunwelehake lan Sunrangket; marga saka iku sing sumarah lan mratobata!

TITUS 1:8
nanging seneng aweh pamondhokan, seneng marang samubarang kang becik, wicaksana, adil, saleh, bisa ngendhaleni dhiri

WULANG BEBASAN 23:13-14
[13] Aja nglirwakake pamerdi marang anak, iku manawa kokgitik nganggo penjalin ora ndadekake patine.[14] Kowe nggitik nganggo penjalin, nanging kowe ngentasake nyawane saka ing jagade wong mati.

IBRANI 12:10-11
[10] Bapa kita matrapi kita mung sawatara mangsa miturut apa bae kang kaanggep becik, nanging Panjenengane anggone matrapi kita iku murih becike, supaya kita kapanduman kasucene.[11] Sarupaning patrapan iku samangsa lagi kaparingake pancen ora mbungahake, malah nyedhihake. Nanging sateruse banjur metokake wohing kayekten kang njalari tentrem marang wong-wong kang wis padha kalantehake ing bab iku.

AYUB 5:17-18
[17] Sanyatane rahayu wong kang winelehake dening Allah; mulane aja nampik pamerdine Kang Mahakuwasa.[18] Awit Gusti Allah kang natoni, nanging kang mblebed uga; iya natoni, nanging astane nyarasake.

WULANG BEBASAN 3:11-12
[11] He anakku, aja nampik marang pamerdine Sang Yehuwah, lan aja bosen marang pepengete,[12] awitdene Pangeran Yehuwah iku matrapi sapa wong kang disihi, iya kaya bapa anggone matrapi marang anak kang ditresnani.

PANGANDHARING TORET 8:5-6
[5] Mulane kowe mangretia kang temenan, yen Sang Yehuwah, Gusti Allahmu anggone mulang marang kowe kaya pamulange wong tuwa marang anake.[6] Kang iku padha netepana pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan lumakua ana ing dalan kang ditedahake sarta wedi-asiha marang Panjenengane;

1 KORINTA 9:25-27
[25] Saben wong kang melu balapan, iku njaga dhirine ing samubarang prakara. Wong mau padha tumindak mangkono supaya oleha makutha kang kena ing rusak; balik kita padha ngarah bisaa oleh makutha kang langgeng.[26] Mulane anggonku lumayu iku ora tanpa tujuan, lan aku dudu jago jotos kang mung waton njotos bae.[27] Nanging aku nglatih badanku sarta dakreh ing sakabehe, supaya sawise ngabarake Injil marang wong liya, aja ngantia aku dhewe ditampik.

2 KORINTA 7:9-11
[9] nanging saiki aku bungah, ora marga anggonmu wus sedhih, nanging marga kasedhihanmu iku njalari kowe mratobat: sabab anggonmu padha sedhih iku nyondhongi ing karsane Gusti Allah, temahan sathithik bae kowe ora dakrugekake.[10] Sabab kasusahan kang nyondhongi karsaning Allah iku nuwuhake pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawe getun, nanging kasusahan kang saka ing jagad iki nuwuhake pati.[11] Sabab padha gatekna: kasedhihan kang nyondongi karsaning Allah iku malah marakake kowe padha temen banget, malah nuwuhake panjawab, gela, wedi, kasregepan, pameleh! Ing bab iku kabeh kowe wus padha nelakake manawa ora kaluputan ing prakara iku.

JABUR 94:12-14
[12] Dhuh Yehuwah, rahayu tiyang ingkang Paduka perdi, ingkang Paduka wulang saking angger-angger Paduka,[13] supados kenginga kadamel nentremaken manahipun ing salebetipun nandhang karibedan, ngantos dumugi wekdalipun tiyang duraka kadhudhukaken luwangan.[14] Dene Pangeran Yehuwah ora negakake umate, lan ora bakal nilar marang umat kagungane.

IBRANI 12:5-9
[5] Sarta apa kowe wus padha lali marang pitutur kang kadhawuhake marang kowe kaya marang para putra: “He anakku, aja nyepelekake panggulawenthahe Gusti Allah, sarta aja padha nglokro manawa kowe dielingake;[6] amarga Gusti Allah matrapi marang kang ditresnani, sarta nggebagi kang kaanggep putra.”[7] Manawa kowe padha ngalami dipatrapi, dadi kowe karengkuh putrane Gusti Allah. Endi ta ana anak kang ora tau dipatrapi dening bapakne?[8] Nanging manawa kowe ora tau dipatrapi, kang kudu kasandhang ing saben wong, dadi kowe dudu putra, nanging anak jadah.[9] Sabanjure; saka bapa kita kang sabenere, kita wus kapatrapan, mangka iku padha kita eringi, mendahane maneh manawa kita oraa kudu sumuyud marang Ramane sakabehing roh, supaya kita kepareng urip?

EFESUS 6:1-9
[1] He bocah-bocah, manut-mituruta marang wong tuwamu ana ing patunggilane Gusti, mangkono iku kang bener.[2] Sira ngajenana bapa-biyungira -- iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ana ing prasetya iki --[3] supaya sira slamet lan dawa umurira ana in donya.[4] Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.[5] He para abdi, manut-mituruta marang bendaramu kang ana ing donya kanthi wedi lan geter sarta kalawan tulusing ati, padha kaya anggonmu manut-miturut marang Sang Kristus,[6] aja mung manawa ana ing ngarepe bae kanggo nyenengake atining wong, nanging dikaya abdine Sang Kristus kang kalawan gumolonging ati nindakake karsane Gusti Allah,[7] lan kang kanthi lila legawa anggone leladi kaya marang Gusti lan ora marang manungsa.[8] Kowe padha sumurup, manawa saben wong, apa batur tukon, apa wong mardika, yen wis nindakake kabecikan, bakal tampa piwales saka Gusti.[9] Lan kowe para bendara, dikaya mangkono uga pangrengkuhmu marang para baturmu lan aja nganggo ancaman. Elinga, manawa Gutine lan Gustimu ana ing swarga, lan Panjenengane iku ora pilih kasih.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981