A A A A A

Good Character: [Compassion]


KOLOSE 3:12
Mulane sarehne kowe wus padha dadi pepilihane Gusti Allah, kang wus kasucekake lan kinasihan, padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebuden lan sabar.

PANGENTASAN 33:19
Pangandikane Sang Yehuwah: “Sakehing kamulyaningSun bakal Sunlampahake ana ngarepira lan Ingsun bakal ngumandhangake asmane Pangeran Yehuwah ana ing ngarepira, Ingsun bakal paring sih-mirma lan melasi marang sapa kang Sunwelasi.”

YESAYA 30:18
Awit saka iku Pangeran Yehuwah ngantos-antos marang wektune anggone bakal ngatingalake katresnane marang kowe kabeh; mulane banjur jumeneng arep nandukake kawelasan marang kowe kabeh. Amarga Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang adil; rahayu sakehe wong kang nganti-anti marang Panjenengane!

YESAYA 49:10-13
[10] Mulane ora padha luwe utawa ngelak; ora bakal padha katempuh ing angin panas lan panasing srengenge kang sumelet, amarga padha katuntun dening Sang Paring Piwelas padha kagiring menyang ing sumber-sumber banyu.[11] Sakehing gunungingSun bakal Sundadekake dalan lan sakehing lurungingSun bakal Sunrata.[12] Lan ana wong kang padha teka saka ing adoh, saka ing lor lan saka ing kulon, tuwin ana kang saka ing tanah Sinim.”[13] Surak-suraka, he langit, giyak-giyaka, he bumi, lan padha bungah-bungaha kalawan surak-surak, he gunung-gunung! Amarga Pangeran Yehuwah nglipur umate lan asih marang para wong kang dadi kagungane kang padha katindhes.

YESAYA 54:10
Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalih lan tengger-tengger padha gonjing, nanging sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira tuwin prajanjian-karukunan peparingingSun ora bakal owah gingsir, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang paring sih-palimirma marang sira.

YESAYA 63:7
Kawula badhe mratelakaken sih-susetyanipun Pangeran Yehuwah, pakaryaning Sang Yehuwah ingkang misuwut, laras kaliyan sadaya ingkang katandukaken dening Pangeran Yehuwah dhumateng kita, tuwin kamirahanipun ingkang ageng dhumateng Banisrael ingkang tumandukipun laras kaliyan sih-piwelasipun tuwin cundhuk kaliyan sih-susetyanipun ingkang ageng.

YAKOBUS 5:11
Sajatine kita padha ngarani rahayu wong kang padha sabar mantep iku; kowe wus padha krungu bab sabar mantepe Rama Ayub, sarta wis padha sumurup apa kang ing wekasane kacawisake dening Pangeran kagem panjenengane, amarga Pangeran iku gedhe sih-palimirmane sarta welasan.

KIDUNG PANGADHUH 3:32
Amarga sanadyan Panjenengan maringi kaprihatinan, iya nuli paring palimirma, cundhuk karo sih-kadarmane.

JABUR 51:1
Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud,

JABUR 103:13
Kayadene bapa anggone duwe piwelas marang anak-anake, iya kaya mangkono Yehuwah anggone paring piwelas marang para wong kang ngabekti marang Panjenengane.

JABUR 116:5
Pangeran Yehuwah iku asih-mirma lan adil, Gusti Allah kita iku ambek welasan.

JABUR 119:77
Sih-palimirma Paduka mugi tumanduka dhateng kawula supados kawula gesang, awit angger-angger Paduka punika karemenan kawula.

JABUR 119:156
Dhuh Yehuwah, sih-piwelas Paduka punika luber, kawula mugi Paduka gesangaken laras kaliyan angger-angger Paduka.

JABUR 145:9
Kasaenanipun Sang Yehuwah punika nyrambahi tiyang sadaya saha sihrahmatipun ngluberi sadaya ingkang katitahaken dening Panjenenganipun.

RUM 9:15
Sabab Panjenengane wus ngandika marang Nabi Musa, mangkene: “Ingsun bakal melasi marang sapa bae kang Sunkarsakake Sunwelasi, sarta Ingsun bakal paring sih-kamirahan marang sapa bae kang Sunkarsakake Sunparingi sih-kamirahan.”

2 KORINTA 1:3-4
[3] Pinujia Gusti Allah, kang Ramane Gusti kita Yesus Kristus, Rama kang kebak sih palimirma lan Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur,[4] kang nglipur aku kabeh ing sajroning kasusahanku, satemah aku bisa nglipur wong-wong kang nandhang sarupaning kasusahan kanthi panglipur peparinge Gusti Allah marangaku dhewe.

FILIPI 2:1-3
[1] Dadi sarehne ing sajroning Sang Kristus iku ana pepeling, ana panglipuring katresnan, ana patunggilaning Roh, ana sih-katresnan lan piwelas,[2] mulane padha ngganepana kabungahanku kalawan mangkene: dipadha sarujuk, tunggal katresnan, tunggal budi, tungal sedya,[3] sepi ing pamrih utawa pangalembana kang tanpa guna. Nanging kosokbaline kalawan andhap asor kang sji nganggepa marang sijine luwih utama tinimbang awake dhewe;

MATEUS 9:35-38
[35] Gusti Yesus tumuli tindak njajah kutha lan desa, paring piwulang ana ing papan-papan pangibadah sarta nggelarake Injil Kratoning Allah, apadene nyarasake sakabehing lelara lan memala.[36] Mirsa wong akeh iku, trenyuh banget panggalihe marga saka welas; awit wong-wong mau padha katon sayah lan ora kopen kaya wedhus kang ora ana pangone.[37] Banjur ngandika marang para sakabate: “Panene gedhe, nanging kang derep mung sathithik.[38] Mulane padha nyuwuna marang Kang Kangungan panen, supaya karsaa maringi wong derep kanggo panenane iku.”

JABUR 103:1-5
[1] Anggitane Prabu Dawud. Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah! Heh isining batinku kabeh, memujia marang asmane kang suci![2] Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah, lan aja lali marang sakehing kasaenane![3] Panjenengane kang ngapura sakehe kaluputanmu, lan maluyakake sakehe lelaramu.[4] Kang ngentas uripmu saka ing kubur, lan makuthani kowe kalawan kadarman lan kawelasan,[5] kang maregi kekarepanmu kalawan apa kang becik, temah kowe kaenomake maneh kaya manuk garudha.

MATEUS 20:29-34
[29] Nalika padha metu saka ing kutha Yerikho, Gusti Yesus kadherekake ing wong akeh banget.[30] Ana wong picak loro linggih ing pinggir dalan krungu yen Gusti Yesus langkung, banjur padha nguwuh-uwuh: “Gusti, mugi karsaa melasi kawula, dhuh Putranipun Sang Prabu Dawud!”[31] Nanging banjur padha disendhu ing wong akeh, dikon meneng. Ewasemono malah saya seru anggone padha nguwuh-uwuh, ature: “Dhuh, Gusti, mugi karsaa melasi kawula, dhuh Putranipun Sang Prabu Dawud!”[32] Gusti Yesus banjur kendel anggone tindak sarta nimbali wong-wong mau, sarta dipangandikani: “Kowe padha nyuwun Dakkapakake?”[33] Atur wangsulane: “Gusti, kawula nyuwun, supados mripat kawula saged ningali.”[34] Gusti Yesus trenyuh panggalihe marga saka welas, banjur ndumuki mripate wong-wong mau. Padha sanalika padha bisa ndeleng, tumuli padha ndherekake Gusti Yesus.

MATEUS 14:13-21
[13] Bareng Gusti Yesus midhanget pawarta iku, banjur tindak sumingkir saka ing kono, nitih prau, arep miyambak menyang ing panggonan kang samun. Nanging bareng wong akeh krungu bab iki, tumuli padha nusul, lumaku ing dharatan saka ing kutha-kuthane.[14] Nalika Gusti Yesus minggah ing dharatan, mirsa wong pirang-pirang, kang akeh banget cacahe, panggalihe trenyuh marga saka welase marang wong-wong mau. Sing padha lara banjur diwarasake.[15] Sorene para sakabate padha sowan ing ngarsane lan matur: “Panggenan punika samun tur sampun wiwit peteng. Tiyang kathah punika prayogi kadhawuhan kesah tumbas tedha dhateng ing dhusun-dhusun.”[16] Nanging Gusti Yesus ngandika: “Ora usah padha lunga, kowe bae padha menehana mangan.”[17] Unjuke para sakabat: “Punika namung wonten roti gangsal kaliyan ulam loh kalih.”[18] Dhawuhe Gusti Yesus: “Gawenen mrene, wenehna Aku.”[19] Wong akeh mau banjur padha didhawuhi linggih ana ing pasuketan. Lan sawise nampani roti lima karo iwak loro mau, Gusti Yesus banjur tumenga marang ing langit ndedonga nyuwun berkah, tumuli rotine dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat, lan para sakabat kang ngedum marang wong akeh mau.[20] Kabeh banjur padha mangan nganti wareg. Sawise mangkono cuwilan-cuwilan turahane diklumpukake dadi rolas wakul kebak,[21] sing melu mangan mau cacahe wong lanang kira-kira limang ewu, iku wong wadon lan bocah-bocah ora kapetung.

MATEUS 15:29-39
[29] Gusti Yesus sawise jengkar saka ing tlatah kono, banjur tindak menyang ing pinggiring sagara Galilea lan minggah redi, tumuli lenggah ing kono.[30] Banjur ana wong akeh kang padha gumrudug mrono nyowanake lumpuh, wong pincang, wong picak, wong bisu lan liya-liyane akeh, padha kasowanake ing ngarsane Gusti Yesus, kabeh banjur padha diwarasake.[31] Temahan wong akeh padha kaeraman ndeleng wong bisu padha caturan, wong pincang padha waras, wong lumpuh padha lumaku, wong picak bisa ndeleng, lan kabeh banjur padha ngluhurake Allahe Israel.[32] Sawise iku Gusti Yesus tumuli nimbali para sakabate, padha dipangandikani mangkene: “AtiKu trenyuh banget saka welasKu marang wong akeh iki. Wis telung dina anggone padha ngetutake Aku, mangka wis ora ana kang dipangan. Aku ora bisa akon mulih wong-wong iku, amarga lagi padha kaluwen, gek-gek padha ambruk ana ing dalan.”[33] Para sakabate padha munjuk: “Kadospundi anggen kawula sami saged angsal roti wonten ing papan ingkang samun makaten, ingkang ngantos saged damel tuwuking tiyang ingkang samanten kathahipun punika?”[34] Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe padha duwe roti pira?” “Pitu,” atur wangsulane para sakabat, “sarta wonten ulam alit-alit sawatawis.”[35] Gusti Yesus banjur dhawuh marang wong akeh iku, supaya padha lungguh ing lemah.[36] Sawise mangkono Panjenengane banjur mundhut roti pitu lan iwak-iwak mau lan sawise caos sokur, banjur padha dicuwil-cuwil lan diparingake marang para sakabat, sarta para sakabat padha ngedum marang wong akeh.[37] Tumuli kabeh padha mangan nganti wareg. Sawise mangkono turahane diklumpukake, nganti dadi pitung kranjang kebak.[38] Anadene kang padha melu mangan iku kang lanang, kajaba wong wadon lan bocah-bocah, cacahe patang ewu.[39] Sawise iku Gusti Yesus nuli dhawuh marang wong akeh, supaya padha mulih. Panjenengane banjur nitih prau tindak menyang ing tlatah Magadan.

MATEUS 6:30-44
[30] Mulane yen suket ing ara-ara kang dina iki isih ana, sesuk diobong, iku dipanganggoni nganti kaya mangkono dening Allah, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel![31] Awit saka iku aja padha sumelang lan calathu: Kang padha dakpangan apa? Utawa: Kang padha dakombe apa? Lan maneh: Kang padha daksandhang apa?[32] Awit iku kabeh diupaya dening para wong kapir; kowe aja mangkono, awit Ramamu ing swarga wus mirsa, yen iku mau kabeh dadi kabutuhanmu.[33] Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.[34] Mulane aja padha sumelang ing bab dina sesuk, amarga dina sesuk iku kadunungan kasusahan dhewe. Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina.”[35] “Aja padha netepake alaning wong, supaya kowe iku aja katetepake alamu.[36] Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi ala-beciking wong, yaiku kang bakal dianggo ngukumi ala-becikmu. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowe.[37] Kapriye dene kowe weruh tatal kang ana ing mripate sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhewe, kowe kok ora weruh?[38] Kapriye dene kowe kok bisa kandha karo sadulurmu: Coba, tatal sing ana ing mripatmu iku dakilangane, mangka mripatmu dhewe ana glondhonge?[39] Heh, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowe bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripate sadulurmu.”[40] “Bareng kang suci aja kokwenehake marang asu, lan mutyaramu aja kokuncalake marang ngarepe babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyempal-nyempal kowe.”[41] “Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golek-goleka, temah bakal oleh. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan.[42] Sabab saben wong kang nyuwun, bakal tampa, sing golek bakal oleh lan sing thothok-thothok iku bakal kawenganan lawang.[43] Apa ana panunggalanmu kang dijaluki roti anake, kok menehi watu,[44] utawa yen dijaluki iwak, kok menehi ula?

LUKAS 15:11-32
[11] Gusti Yesus ngandika maneh: “Ana wong duwe anak lanang loro.[12] Anak kang wuragil matur marang bapakne: “Bapak, keparenga kula nyuwun saperanganing barang darbek kita ingkang dados hak kula. Bapakne iya banjur mbage-bage barang darbeke, diwenehake marang sakarone.[13] Let sawatara dina kang wuragil mau banjur ngedoli bageane kabeh, sawise mangkono nuli lunga menyang nagara kang adoh. Ana ing kana barang darbeke diebreh-ebreh dianggo nguja kekarepane.[14] Bareng wis entek kabeh, ing tanah kono ana pailan kang nggegirisi, dheweke banjur wiwit nandhang kakurangan.[15] Tumuli lunga lan nyambut-gawe ana ing wewengkoning sawijining wong ing tanah kono, banjur dikon angon babi-babine ana ing pategalane.[16] Nuli kepengin ngiseni wetenge kalawan ampas pakan babi iku, nanging ora ana wong kang gelem menehi.[17] Banjur eling marang kaanane, mangkene panggagase: Buruhe bapakku pirang-pirang lan padha bisa mangan mubra-mubru, mangka aku ana ing kene mati kaliren.[18] Aku dakmulih menyang ing daleme bapakku lan matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng swarga lan dhumateng bapak,[19] kula sampun boten pantes kawastanan putranipun bapak malih; keparenga namung dados satunggaling berahipun bapak kemawon.[20] Banjur ngadeg lan mulih marani bapakne. Nalika isih adoh, bapakne wis ngawasake tekane, atine trenyuh banget marga saka welase. Tumuli diplayoni, banjur dirangkul lan diambungi.[21] Anake matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng ing swarga tuwin dhumateng bapak. Kula sampun boten pantes kawastanan putranipun bapak malih.[22] Nanging bapakne prentah marang batur-bature: Enggal jupukna jubah kang apik dhewe, nuli enggokna, drijine enggonana ali-ali lan enggonana sepatu sikile.[23] Banjur njupuka pedhet sing lemu, belehen. Ayo padha mangan lan seneng-seneng.[24] Sabab anakku iki wis mati, urip maneh, wis ilang, ketemu. Banjur padha wiwit sukan-sukan.[25] Nanging anake pambarep lagi ana ing pategalan. Bareng mulih lan wis cedhak karo omahe, krungu swaraning suling lan wong kang padha tetembangan jejogedan.[26] Banjur ngundang salah sawijining batur lan ditakoni, apa tegese iku kabeh.[27] Ature batur: Punika ingkang rayi rawuh, dene ingkang rama sampun dhawuh mragat pedhet ingkang lema, amargi kepanggih malih kaliyan putranipun kanthi wilujeng.[28] Anak pambarep mau temah nepsu lan ora gelem lumebu ing omah. Bapakne nuli metu lan ngrerepa.[29] Nanging diwangsuli mangkene: Sampun mataun-taun anggen kula ngladosi bapak lan boten nate nerak wewaleripun bapak, nanging bapak boten nate maringi cempe satunggal kemawon, kangge bingah-bingah kaliyan kanca-kanca kula.[30] Nanging sareng putranipun bapak ingkang ngebreh-ebreh raja-darbekipun bapak, kadamel mblunthah kaliyan sundel-sundel, saweg kemawon dhateng, bapak lajeng mragat pedhet leman kangge piyambakipun.[31] Bapakne calathu: Anakku, engger, kowe iku salawase nunggal karo aku, lan apa saduwekku iku duwekmu.[32] Aku kabeh wis samesthine kudu padha bungah-bungah lan seneng-seneng, jalaran adhimu wis mati urip maneh, wis ilang ketemu.”

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981