A A A A A

Watake Apik: [Ditampa]


1 KORINTA 5:11-13
[11] Nanging, anggonku nulis marang kowe iku mau mangkene: kowe aja nganti srawung karo wong, kang sanadyan wong mau ngaku sadulur, nyatane laku jina, cethil, nyembah brahala, gawene mitenah, seneng mendem utawa tukang ngapusi; kowe aja pisan-pisan mangan bebarengan karo wong kang kaya mangkono iku.[12] Sabab yen aku padha ngadili wong-wong kang ana sajabaning pasamuwan, iku aku migunakake wewenang apa? Kowe rak mung padha ngadili wong-wong kang ana ing sajroning pasamuwan ta?[13] Para wong kang padha ana ing sajabaning pasamuwan, iku bakal diadili dening Gusti Allah. Wong kang padha nandukake piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.

1 YOKANAN 1:9
Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita.

1 PETRUS 3:8-9
[8] Wasana kowe kabeh padha disaiyeg tunggal rasa, tresna marang para sadulur, ambek welasan, sarta andhap-asor.[9] Aja males ala marang piala, utawa pepisuh marang pepisuh, nanging kosok-baline, kowe padha mberkahana, amarga anggonmu padha katimbalan iku supaya tumindak mangkono, satemah kowe padha oleh barkah. Sabab:

YOKANAN 3:16
Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.

WULANG BEBASAN 13:20
Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana, nanging sapa kang kekancan karo wong gemblung iku nemu sangsara.

RUM 2:11
Sabab Gusti Allah ora pilih kasih.

RUM 5:8
Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.

RUM 8:31
Kang iku apa kang bakal kita gunem tumrap kabeh mau? Manawa Gusti Allah ana ing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita?

RUM 14:1-2
[1] Wong kang ringkih pracayane iku tampanana, lan aja ngrembug panemune.[2] Ana wong kang yakin, yen kena mangan sawernaning pangan, nanging wong kang ringkih pracayane mung mangan jejanganan bae.

IBRANI 10:24-25
[24] Sarta mara padha engon-ingengon, supaya padha atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawe utama.[25] Kita aja ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinane sawenehing wong, ananging payo padha eling-ingelingake, sarta ngarepake dinaning Gusti kang saya cedhak iki disaya mempeng anggon kita tumindak ing gawe.

YOKANAN 6:35-37
[35] Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki roti panguripan; sing sapa marani Aku, iku ora bakal luwe maneh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak maneh.[36] Nanging kowe wus padha Daktuturi: Sanadyan kowe wus padha ndeleng marang Aku, ewadene padha ora pracaya.[37] Kabeh kang diparingake marang Aku dening Sang Rama, iku bakal padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal Daktampik.

KOLOSE 3:12-14
[12] Mulane sarehne kowe wus padha dadi pepilihane Gusti Allah, kang wus kasucekake lan kinasihan, padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebuden lan sabar.[13] Padha sabar-sinabarana kayadene Gusti Allah anggone wus ngapura kowe, kowe iya tumindaka mangkono uga.[14] Lan kang ngungkuli sakabehe iku: nindakna katresnan, iku kang ngesuhi lan nyampurnakake.

MATEUS 5:38-42
[38] “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Mripat winales mripat, untu winales untu.[39] Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan.[40] Lan manawa ana wong kang arep prakaran karo kowe, sedyane ngepek klambimu, jubahmu pasrahna pisan.[41] Apadene manawa kowe dipeksa dikon ngiringake lakune wong samil, iringna nganti rong mil.[42] Yen ana wong njejaluk marang kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowe.”

MATEUS 25:34-40
[34] Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengene: Heh, para kang binerkahan dening RamaningSun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wis kacawisake marang sira wiwit dumadining jagad.[35] Awitdene nalika Ingsun kerapan, sira caosi dhahar; nalika Ingsun kasatan, sira caosi ngunjuk; nalika Ingsun lelana, sira caosi palereban;[36] nalika Ingsun kelukaran, sira caosi pangageman, nalika Ingsun gerah, sira tiliki; nalika Ingsun kinunjara, sira sowani.[37] Ing kono wong-wong kang mursid iku bakal padha munjuk: Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan lajeng kawula caosi dhahar, saha kasatan kawula caosi ngunjuk?[38] Kala punapa kawula sumerep Paduka lelana lajeng kawula caosi palereban, saha kelukaran kawula caosi pangageman?[39] Kala punapa kawula sumerep Paduka gerah utawi kinunjara, lajeng kawula sowani?[40] Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.

RUM 15:1-7
[1] Anadene kita kang padha santosa, wajib nyabari karingkihaning wong kang ora santosa, lan aja ngupaya kasenengan kita dhewe.[2] Siji-sijine panunggalan kita, nglegakna atine sapadha-padha, murih becike supaya kabangun.[3] Awit Sang Kristus uga ora ngupaya keparenge piyambak, nanging kaya kang katulisan, wiraose: “Tembung-tembung panacadipun tiyang ingkang sami nenacad Paduka, dhumawah dhateng kawula.”[4] Ujer samubarang kang katulisan ing sadurunge, iku katulisan minangka piwulang kanggo kita, supaya kita ngandhemana ing pangarep-arep kalawan sabar mantep sarta kalawan gondhelan panglipur kang saka ing Kitab Suci.[5] Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking sabar mantep sarta panglipur, karsaa maringi karukunan marang kowe, kaya kang dikarsakake dening Sang Kristus Yesus,[6] satemah kalawan saiyeg sarta tunggal swara, kowe padha ngluhurake Gusti Allah, lan Kang Ramane Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.[7] Mulane kowe padha tampan-tinampanana, padha kaya Sang Kristus anggone uga wus nampani kita, kagem kaluhurane Gusti Allah.

RUM 14:10-19
[10] Ananging kowe, yagene kok njeksani sadulurmu? Utawa yagene kowe kok ngremehake sadulurmu? Awit kita kabeh kudu padha seba ing ngarsaning dhampar pangadilane Gusti Allah.[11] Awit ana tulisan, wiraose: “Demi gesangingSun, mangkono pangandikaning Pangeran, kabeh dhengkul bakal padha sujud ana ing ngarsaningSun, sarta sakehe ilat bakal ngluhurake Gusti Allah.”[12] Dadine siji-sijine panunggalan kita iku bakal ngunjukake panjawab marang Gusti Allah bab prakarane dhewe-dhewe.[13] Mulane kita aja padha adil-ingadilan maneh! Nanging luwih becik kowe padha manuta wawasan iki: Kita aja gawe sesandhungan utawa serike sadulur kita.[14] Aku sumurup lan nemtokake ana ing Gusti Yesus, yen ora ana barang kang najis saka dhasare dhewe. Ya mung kanggo wong kang duwe panganggep, manawa ana barang kang najis, iku banjur dadi najis tumrap wong mau.[15] Awit yen kowe nglarakake atine sadulurmu marga saka apa kang kokpangan, lakumu wus ora awewaton katresnan maneh. Kowe aja gawe rusake sadulurmu marga saka panganmu, sabab Sang Kristus wus seda kanggo wong iku.[16] Apa kang becik, kang dadi duwekmu iku, aja nganti dadi jalaraning pangala-ala.[17] Sabab Kratone Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe, nanging bab kabeneran, tentrem-rahayu sarta suka-pirena marga dening Sang Roh Suci.[18] Awit sapa kang ngladeni Sang Kristus kanthi patrap mangkono, iku dadi keparenge Gusti Allah sarta kajen ing wong.[19] Mulane payo kita padha nggayuh marang apa kang ndadekake rukun sarta bangun-binangun.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981