A A A A A

God: [God's Grace]


EFESUS 2:8-9
[8] Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahamat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah,[9] iku dudu wohing panggawemu: aja ana wong kang gumunggung.

TITUS 2:11
Awitdene sih-rahmate Gusti Allah kang nylametake manungsa kabeh iku wus kababar.

RUM 11:6
Nanging manawa bab iku kalakone awit saka sih-rahmat, dadine wis ora marga saka panggawe maneh, sabab yen ora mangkono, kang diarani sih-rahmat iku wis dudu sih-rahmat maneh.

LELAKONE PARA RASUL 15:11
Kosokwangsulipun kita pitados, bilih kita badhe tampi karahayon margi saking sih-rahmatipun Gusti Yesus Kristus kadosdene sadherek-sadherek punika.”

IBRANI 4:16
Kang iku payo padha sowan kalawan kendel marang dhamparing sih-rahmat, supaya kita oleh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing mangsa kang becik.

LELAKONE PARA RASUL 20:32
Dene saiki kowe padha dakpasrahake marang Gusti lan pangandikaning sih-rahmate, kang kuwasa mbangun kowe lan ngganjar marang kowe bagean kang katamtokake tumrap kabeh wong kang wis kasucekake dening Panjenengane.

YAKOBUS 4:6
Nanging sih-rahmat kang diparingake marang kita iku ngluwihi iku. Marga saka iku Panjenengane ngandika: “Gusti Allah nglawan wong kang kumalungkung, nanging maringi sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”

EFESUS 1:7
Sabab iya ana ing Panjenengane marga saka rahe, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmate,

RUM 5:1-2
[1] Mulane kita kang wus padha kabenerake awit saka pracaya, kita padha urip kalawan rukun karo Gusti Allah marga dening Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.[2] Panjenengane iku kang njalari kita padha oleh dalan kang anjog ing sih-rahmat marga saka pracaya. Ana ing sih-rahmat iki dumunung kita sarta kita ngalembana sajroning pangarep-arep bakal tampa kamulyaning Allah.

TITUS 3:7
supaya kita, kang wus kabenerake dening sih-rahmate, padha wenang nampani urip langgeng, kayadene kang dadi pangarep-arep kita.

RUM 3:20-24
[20] Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.[21] Balik ing saikine, tanpa angger-anggering Toret, kaya kang kapratelakake ing kitab Toret lan kitab-kitabe para nabi, kabeneraning Allah iku wus kalairake,[22] yaiku kabeneraning Allah kang awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane.[23] Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah,[24] lan padha kabenerake kanthi lelahanan awit saka sih-rahmate lumantar panebuse Sang Kristus Yesus.

YOKANAN 1:17
Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.

2 TIMOTEUS 2:1
Mulane, he anakku, disantosa marga saka sih-rahmat kang ana ing Gusti Kristus Yesus.

2 TIMOTEUS 1:9
kang paring karahayon marang kita lan nimbali kita kalawan timbalan kang suci, ora adhedhasar panggawe kita, nanging adhedhasar karsa lan sih-rahmate piyambak, kang wus kaparingake marang kita ing sajroning Sang Kristus Yesus ing sadurunge purwaning jaman.

2 KORINTA 12:9
Nanging paring wangsulane Gusti marang aku: “Sih-rahmatingSun iku nyukupi marang sira, awit kuwasaningSun iku malah kasampurnakake ana ing sajroning kaapesan.” Awit saka iku aku luwih seneng ngegung-egungake kaapesanku, supaya panguwaose Sang Kristus dumunung ana ing aku.

RUM 3:24
lan padha kabenerake kanthi lelahanan awit saka sih-rahmate lumantar panebuse Sang Kristus Yesus.

LELAKONE PARA RASUL 20:24
Ananging aku sathithik bae ora ngetung marang nyawaku, angger aku bisa nutugake lakuku lan ngrampungake bubuhan kang kaparingake marang aku dening Gusti Yesus, iya iku nekseni bab Injile sih-rahmating Allah.

1 PETRUS 5:10
Dene Gusti Allah sumbering sakehe sih-rahmat, kang wis nimbali kowe kabeh ana in Sang Kristus marang kamulyane kang langgeng, bakal nyampurnakake, neguhake, nyantosakake sarta ngukuhake kowe, sawise kowe padha nandhang sangsara sawatara mangsa.

EFESUS 2:4-9
[4] Nanging Gusti Allah kang sugih kawelasan, awit saka gedhening katresnan kang kaluberake marang kita,[5] wus nguripake kita bareng karo Sang Kristus, sanadyan ta kita wis padha mati, awit saka kaluputan-kaluputan kita -- marga saka sih-rahmat kowe padha kapitulungan rahayu --[6] lan ana ing Sang Kristus kita padha ditangekake lan uga diparingi papan bareng karo Panjenengane ana ing swarga,[7] supaya ing jaman kang bakal kalakon Panjenengane ngatingalake marang kita anggone sugih sih-rahmat kang luber-luber cundhuk karo kasaenane marang kita ana ing Sang Kristus Yesus.[8] Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahamat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah,[9] iku dudu wohing panggawemu: aja ana wong kang gumunggung.

RUM 2:8-10
[8] nanging wong kang mburu karepe dhewe, ora mbangun-turut marang kayekten, rumaket ing duraka, iku bakal padha kawales bebendu sarta deduka.[9] Sangsara lan rupeking ati bakal tumama marang angger wong kang gawe piala, kang dhisik wong Yahudi, lan samono uga wong Yunani,[10] nanging kamulyan, kaluhuran lan tentrem-rahayu bakal kaparingake marang sawiji-wijining wong kang nindakake kabecikan, dhisike wong Yahudi lan uga wong Yunani.

1 KORINTA 15:10
Nanging marga saka sih-rahmate Gusti Allah, aku dadi kaya ing sadadiku saiki iki, lan sih-rahmat kang kaparingake marang aku iku ora muspra. Sabab, aku wus nglakoni pagawean luwih akeh katimbang karo kancaku kabeh; mung bae dudu aku, nanging sih-rahmate Gusti Allah kang nunggil kalawan aku.

EFESUS 2:5
wus nguripake kita bareng karo Sang Kristus, sanadyan ta kita wis padha mati, awit saka kaluputan-kaluputan kita -- marga saka sih-rahmat kowe padha kapitulungan rahayu --

TITUS 2:11-12
[11] Awitdene sih-rahmate Gusti Allah kang nylametake manungsa kabeh iku wus kababar.[12] Iku merdi marang kita, supaya kita ninggal pamblasar lan kamelikan kadonyan sarta supaya kita duwea laku kang wicaksana, adil tuwin mursid ana ing donya samengko iki,

2 KORINTA 12:8-9
[8] Mungguh bab iku aku wus kaping telu ngaturake panyuwun marang Gusti, supaya kongkonane Iblis iku sumingkira saka aku.[9] Nanging paring wangsulane Gusti marang aku: “Sih-rahmatingSun iku nyukupi marang sira, awit kuwasaningSun iku malah kasampurnakake ana ing sajroning kaapesan.” Awit saka iku aku luwih seneng ngegung-egungake kaapesanku, supaya panguwaose Sang Kristus dumunung ana ing aku.

YOKANAN 1:14
Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.

EFESUS 4:7
Nanging sawiji-wijining panunggalan kita wus kaganjar sih-rahmat undha-usuk manut sapalimirmane Sang Kristus.

2 PETRUS 1:2
Sih-rahmat lan tentrem-rahayu ngluberana ing kowe kabeh, marga saka anggonmu padha wanuh marang Gusti Allah sarta marang Gusti Yesus, Gusti kita.

RUM 1:7
marang sakehe para sadulur kang manggon ing kutha Rum, iya para kekasihe Gusti Allah, kang katimbalan lan kadadekake suci. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus.

RUM 5:17
Sabab, yen marga saka panerake wong siji, si pati wus masesa marga saka wong siji iku, mendahane maneh wong kang wus padha nampani kaluberaning sih-rahmat sarta ganjaran kabeneran, mesthi bakal urip lan masesa marga dening wong siji, yaiku Gusti Yesus Kristus.

YOKANAN 1:16
Saka ing kasampurnane kita kabeh wus tampa ganjaran sih mawantu-wantu.

TITUS 2:11-14
[11] Awitdene sih-rahmate Gusti Allah kang nylametake manungsa kabeh iku wus kababar.[12] Iku merdi marang kita, supaya kita ninggal pamblasar lan kamelikan kadonyan sarta supaya kita duwea laku kang wicaksana, adil tuwin mursid ana ing donya samengko iki,[13] kalawan manganti-anti marang ing katetepane pangarep-arep kita, kang kebak ing karahayon lan ngatingalake kamulyaning Allah kang Mahaagung sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus,[14] kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem panjenenane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.

RUM 5:2
Panjenengane iku kang njalari kita padha oleh dalan kang anjog ing sih-rahmat marga saka pracaya. Ana ing sih-rahmat iki dumunung kita sarta kita ngalembana sajroning pangarep-arep bakal tampa kamulyaning Allah.

2 KORINTA 6:1
Anadene aku iki ing sarehne padha dadi kanca tunggal ayahan, pituturku marang kowe kabeh, supaya aja nganti padha gawe muspraning sih-rahmate Gusti Allah, kang wus koktampani.

2 TESALONIKA 1:12
satemah asmane Gusti Yesus, Gusti kita, kaluhurake ana ing kowe kabeh lan kowe kabeh ana ing Panjenengane, miturut sih-rahmating Allah kita lan Gusti Yesus Kristus.

1 TIMOTEUS 1:13-16
[13] aku kang maune dadi wong kang ngala-ala, nganiaya lan ngrodaparipeksa, nanging aku wus karentahan sih-palimirmane, awit iku kabeh daklakoni marga saka ora ngreti, yaiku jalaran ora pracaya.[14] Malah sih-rahmate Gusti kita iku wus kaparingake marang aku nganti luber kalawan pracaya lan katresnan ing sajroning Sang Kristus Yesus.[15] Iki tembung kang satuhu lan wajib diugemi temenan, “Sang Kristus Yesus rawuh ing donya prelu mitulungi rahayu marang wong dosa,” lan panunggalane iku aku iki kang gedhe dhewe dosaku.[16] Nanging malah iya marga saka iku aku banjur karentahan palimirma, supaya Gusti Yesus Kristus nelakna katoging kasabarane ana ing aku, kang gedhe dhewe dosaku, sarta dadia pangilon tumrap wong kang bakal padha pracaya marang Panjenengane, satemah oleh urip langgeng.

RUM 6:23
Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.

RUM 3:23
Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah,

2 KORINTA 9:8
Lan Gusti Allah kuwaos ngluberake sawernaning sih-rahmat marang kowe kabeh, supaya kowe padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwihna anggonmu nglakoni sarupaning panggawe becik.

YAKOBUS 2:8
Nanging, manawa kowe netepi angger-angger kang utama kang katulis ing Kitab Suci: “Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe,” dadi sira tumindak becik.

1 YOKANAN 5:3
Amarga katresnan marang Gusti Allah iku wujude yaiku, yen kita padha netepi ing pepakone. Pepakon-pepakone iku ora abot,

2 PETRUS 3:9
Pangeran ora mblenjani janjine, sanadyan ana sawenehing wong kang ngarani mblenjani, nanging Panjenengane nyabari kowe, sabab karsane aja nganti ana wong kang nemu bilai, nanging supaya kabeh wong padha bali sarta mratobat.

LELAKONE PARA RASUL 2:38
Wangsulane Rasul Petrus: “Kula aturi sami mratobat sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun Gusti Yesus Kristus, amrih angsala pangapuntening dosa panjenengan, satemah panjenengan sami badhe nampeni peparing Roh Suci.

RUM 3:27
Yen mangkono, apa dhasare gumunggung? Ora ana. Banjur manut waton apa? Apa wewaton panggawe? Ora, nanging wewaton pracaya.

YAKOBUS 2:12
Calathua sarta tumindaka kaya wong kang bakal padha diadili miturut angger-anggering kamardikan.

RUM 7:12
Dadi angger-anggering Toret iku suci, lan pepakon iku iya suci, bener lan becik.

RUM 1:16
Ujer aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatane Gusti Allah kang ndadekake rahayu angger wong kang pracaya, luwih-luwih wong Yahudi, nanging uga wong Yunani.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981